language · Uncategorized

Sinau Moco


lukisan-tema-humanisme-realisme
Judul lukisan: Membaca Bersama Kakek (pinjam gambar)

“Huhuhu…huhuhu…”

“Uwis, meneng!”

“Hu…hu…hu…”

“Meneng!”

Wiji lagek mepe klambi pas tanggane, Sumi, karo anake lewat ngarep omah.

“Lha lapo iku isuk-isuk wis tangisan?”

“Opo maneh, lek gak nangis sedino ae lak gatel lambene arek iki,” Sumi sik ae ngomel.

Anake sing sik nangis diseret tangane.

“Wis ganteng ngunu kok nangis, eman iku wedake,” omonge Wiji karo mlaku nang ngarep nyedeki tanggane iku.

“Jegeg aku, Ji. Ben isuk mesti koyok ngene.”

“Lha lapo sih? Dianu kancane ta?”

“Gak.”

“Lha trus?”

“Kaet tangi iku wis ndrenginging ae, tekan sekolahan selot banter nangise.”

Wiji ngelus-elus arek cilik sing umbele ndleweran iku. Sumi wis meneng lek ngomel.

“Wedi ngunu ta sekolah?”

“Ho oh koyoke.”

“Ditakoni apik-apik, sopo ngerti tau dianu kancane.”

“Uwis. Gak kok jarene.”

Arek cilik sing mau nangis iku wis rada tenang. Lambene maju-maju, nadahi umbele cek ora dleweran.

“Arek iki gurung iso moco. Lha pikirku wingi yo ngko lek sekolah kan diajari. Lha kok malah koyok ngene ae ben dino. Ngerti ngene tak jarno nang omah ae.”

“Sik ta lah. Rendy iki lak sik kelas siji.”

“Iyo, kaet mlebu seminggu.”

“Maksude nangis ae iku mergo wedi sekolah polahe gurung iso moco?”

Sumi manthuk.

“Kelas siji iku kudu wis iso moco. Wingi kan tes masuke moco, asline ancen gak mlebu tapi bapake tak kon nyogok. Pikirku sik cilik ndang mlebu sekolah, cek ndang pinter. Malah saiki koyok ngene.”

Wiji ngrungokno Sumi karo gedheg-gedheg. Mari tanggane pamit, wong wedok iku mikir. Tomin wis umur telung taun setengah, ora suwi maneh yo mlebu TK.

“Pak.”

“Opo?”

“Tomin kae mari ngene lak sekolah. Iku gurung iso opo-opo. Kudu ndang diajari sithik-sithik cek gak kaget.”

“Diajari opo? TK lak mung dolenan karo nyanyi thok. Yo cek diajari gurune suk.”

“Wou, sampeyan iku yok opo. TK ki saiki yo wis diajari moco karo nulis barang. Mlebu SD ki tes e kudu iso moco tulis.”

Diman neleh rokoke. Wong lanang sing mari mulih kerjo iku nyawang bojone.

“Yo sik keciliken. TK ki seneng-seneng, ngko SD kae kaet diajari moco nulis. Iku ae yo sithik-sithik.”

“Lha iku lak jamanmu, jaman sepur lempung. Saiki ki gak koyok ngunu, Pak. Kae anake Sumi ben dino nangis ae mergo gurung iso moco nulis. Wedi sekolah, isin be’e diilok-ilokno kancane. Tomin kudu mulai diajari, Pak.”

“Yo sakno, arek sik sak munu kok.”

“Luwih sakno ndi karo lek gak iso opo-opo trus diilok-ilokno kancane?”

“Luwih sakno aku, ben dino mbok omeli ae.”

Wiji nyebek. Diman nerusno lek rokokan. Anake, Tomin, dolanan nang omahe tanggane, durung mulih.

“Pokoke kudu diajari, sithik-sithik.”

Mari omong, Wiji mlebu nang pawon. Wong wedok iku wis tekad, anake lanang kudu mulai diajari moco nulis. Wiji ora pingin anake dadi guyonan, opo maneh sampek wedi sekolah. Wiji pingin anake gelem sekolah, iso sekolah duwur, ora koyok dheweke karo bojone.

“Mak’e lapo?”

“Noto klambi. Kate ngewangi ta?”

Mari masak, ngurusi omah, Wiji ngetokno klambi saka lemari. Anake sing kaet mangan moro, ndeloki.

“Didol?”

“Gak. Lha lak udo aku ngko lek klambine didol. Iku diitung kutange mak’e.”

“Iti?’ omonge Tomin karo nyandak kutange emake nang nduwur kasur.

“Ho oh. Diitung onok piro iku, ojo-ojo onok sing ilang.”

Tomin munggah nang kasur. Wiji sing mbongkari klambi ndewekno antara njeroan, daster karo klambi liyane. Tomin lungguh anteng, ngematno emake.

“Siji, lolo, telu, limo…”

“Papat sik.”

“Papat, siji, lolo, telu… ”

“Lah. Siji, loro, telu, papat, trus limo.”

“Siji, lolo, telu, limo…”

“Papat. Mari telu trus papat sik.”

Tomin manthuk-manthuk. Arek cilik iku mbaleni ngitungi kutange emake. Wiji nglempiti klambi karo mesam-mesem.

“Pak’e lapo?”

“Moco koran, cek pinter.”

Jumat isuk pas ora kerjo, Diman sing mari diomongi bojone lungguhan nang teras. Kopi wis disiapno bojone. Pas anake tangi, metu nggoleki, wong lanang iku langsung epok-epok moco koran.

“Pak’e ico moco?”

“Iso lah, Pak’e kan pinter. Koyok sampeyan,” omonge Diman karo mesem.

“Aku yo ico.”

“Kene moco bareng. Iku mejo karo kursi belajare digowo rene.”

Ora mung nyiapno akting, Diman yo nggawekno mejo kursi khusus dingge anake sinau. Mejo kursi sing digawe saka kayu siso kerjoane dicat warna-warni cek anake seneng lan sregep sinau. Tomin nggeret kursi karo mejone. Bapak karo anak iku saiki adep-adepan, moco koran.

“Sapi papa ada ada. Wedhus lima anak apa….”

Diman cekikikan. Wong lanang iku seneng ngrungokno anake moco. Tomin sing durung iso moco iku sukur ae muni, sak metune.

“Bapak-bapak, ibu tibu manana nana…”

“Wouh, blajar karo Pak’e yo.”

Wiji sing krungu suwarane anake langsung metu. Wong wedok iku metu karo nggowo gedang goreng nang piring. Diman sing ngerti bojone moro langsung kedep-kedep karo mesem.

“Emak kambing matan lumput…”

“Bapake kambing mangan opo?”

“Mangan nasi.”

Wiji mesem, Diman melu-melu mesem.

“Maem sik, ngko moco maneh,” omonge Wiji karo neleh piring nang mejone Tomin.

Arek lanang iku langsung mandeg lek moco, nyandak gedang goreng siji. Diman nglempet korane, nyurup kopine trus melu njupuk gedang.

“Yo ngunu apik, alon-alon lek ngajari.”

Diman cengengesan.

“Tapi yo mene ditontok dhisik, korane kuwalik opo gak.”

“Loh, wis tak tontok iku mau, bener kok.”

“Bener opo, wong gambare omah ae ngguling ngunu kok.”

“Mosok ta?”

Wiji nyebek. Diman ngukuri gundule.

“Mak, ngko K-E-L-O-N ya?”

“Gah.”

“Wou…bayarane.”

“M-A-L-E-S.”

“Gak oleh ngunu iku, minimal A-M-B-U-N-G lah.”

“Preketek!”

Diman mesam-mesem. Wiji mlebu njero omah. Tomin sik ngenakno ngentekno gedang goreng nang tangane.

***

Leave a comment