Rabi Maneh


11848834_1674979776119662_1414900558_n

scontent.cdninstagram.com

 

“Mak, aku tak rabi maneh yo?”

Wiji sing lagek metani anake lanang ora langsung nyauri. Wong wedok iku nerusno lek ngutek-utek rambute anake.

“Mak…”

“Alasane opo?”

Diman sing mau ngadeg nang sandinge bojone lungguh, njejeri bojo karo anake.

“Umpomo panganan ngunu lek ben dino lodeh lak yo ngunu, masio enak sih, ho oh enak kok, tapi kan yo, yok opo yo…”

“Lha yok opo lho?”

“Ndi, Mak, atu ae cing mithes?”

Tomin, anake, njaluk tumo sing mari dicekel emake.

“Tak akoni gak onok wong wedok sing koyok awakmu, tapi yo iku mau…”

“Yo wis ngomong ae lho. Jujur.”

“Gak nesu?”

“Gak.”

“Bosen hehehe…anu tapi ojo nesu lho hehehe. Oleh?”

“Wis nemu ta?”

“Uwis.”

“Yo wis kono gek budhal.”

“Awakmu gak nesu? Ikhlas?”

“Iyo, sante ae.”

“I love you, Mak. Awakmu tenang ae, aku gak bakal lali karo awakmu, karo Tomin. Opo ae sing mbok jaluk tak tukokno.”

“Yoh.”

“Aku budhal sik ya.”

“Ho oh, ati-ati.”

Diman sing kesenengen ngambung pipine bojone. Anake sing lagek dipetani yo diambungi. Mari ngunu wong lanang sing wis dandan jos iku njupuk sepeda motore, budhal marani pacar anyare.

“Pak’e nungo nang ndi, Mak?”

“Golek kodok.”

Wis sesasi Diman nduwe bojo loro. Wong lanangiku ben dino wira-wiri. Sedino nang omahe bojo tuwo, sedino nang sing anyar. Lek biyen Diman angel adus, saiki ora usah dikongkon wis sregep. Lek biasane wong lanang mari oleh bojo anyar lali karo sing lawas, ora ngunu ngge Diman. Ben nang omah lor, omahe karo Wiji, wong lanang iku mesti nggowo gawan. Panganan, sandangan, dolanan, opo ae digawakno dingge anak bojone.

Lek Wiji karo anake seneng, mergo dioleh-olehi terus, bojo enome Diman senep. Wong wedok sing rupane ayu iku ora seneng lek bojone mulih nang omah lor, opo maneh nggowo gawan akeh.

“Mas, awakku gak enak.”

“Masuk angin ta? Opo kekeselen?”

“Embuh, kaet mau isuk muneg-muneg ae, kudu mutah.”

“Ngombe teh anget kono, masuk angin paling.”

“Sampeyan nang omah ae ya, iki rasane ngliyeng, koyok kate semaput.”

“Lah, iki wayahe ngalor.”

“Halah, pisan ae. Ngelu iki sirahku. Ngko lek semaput gak onok sing ngerti yok opo?”

Diman ngukuri gundule. Wis janjine nang Wiji bakal adil. Sedino-sedino jatahe.

“Mas…”

Dirayu bojone enom, Diman selot bingung. Wong lanang iku nyandak henpon terus SMS bojone tuwo, ngomong lek ora iso moro.

Iyo. Mene dobel lho ya, iki Tomin njaluk sepur-sepuran.

Diman mesem moco balesane bojone. Beres. Ora usah kakean rayuan karo alasan, wong lanang iku iso nunggoni bojo enome.

“Mas, ayo mlaku-mlaku. Aku pingin golek angin.”

Lek wingi alasan awake ora penak, saiki bojo enome Diman alasan pingin dolan.

“Lah mene ae, ojo saiki.”

“Wong pingine saiki kok. Lagian iki aku kudu mutah terus, ojo-ojo wis isi iki, Mas.”

Diman nyawang bojo enome.

Mene tak gawakno kutang, telu. Karo sepur-sepurane Tomin. Sumpah.

Diman akhire SMS Wiji, njaluk ijin ora iso moro ngalor maneh.

“Mak, Pak’e gak mulih?”

“Sik, kodoke ucul maneh.”

“Kodok dingge opo, Mak?”

“Yo diingu.”

“Dingge opo?”

“Disawang-sawang, kan lucu iku.”

“Aku gak ceneng. Aku nginggu sapi ae ya, Mak, opo wedhus.”

“Ho oh, iso didol.”

“Iso dimaem.”

“Ho oh.”

Diman sing wis pitung dino ora mulih, bengi iki siap-siap ngalor. Bojone kaet sore mrengut ae. Wis bola-bali wong wedok iku ngrayu Diman, ning bojone wis ora iso dirayu.

“Yo gantian tho. Kan wis ngerti lek aku nduwe anak bojo.”

“Emoh. Aku ki lagi gak enak awak.”

“Ngombe obat, gek turu.”

“Emoh.”

Ora mung ngrayu, bojone enom wis ngancam ning mergo Diman wis kangen anake, wong lanang iku pancet budhal. Bojone sing mangkel akhire mung nangis nang kamar.

“Asik, anyal!”

“Apik?”

“Ho oh.”

Ngerti bapake mulih nggowo sepur-sepuran, Tomin kesenengen. Arek lanang iku langsung dolanan karo sepur-sepurane.

“Nyoh, iki ngge awakmu.”

“Jare pitu?”

“Gak sempat nambah iku mau, kesusu. Telu dhisik, mene tak tambahi kurange. Opo tuku dhewe, ngko tak kei duwite.”

Wiji mesem.

“Pijeti.”

“Halah, teko-teko kok njaluk pijet.”

“Awakku lara kabeh iki.”

“Kakean kelon.”

“Hehehe, gak. Kesel kerjo yo, ngge nukokno kutangmu iku. Pijeti, Mak.”

Kekeselen dolanan, Tomin akhire keturon karo ngeloni sepur-sepurane. Bapak emake sing mau guyonan karo pijet-pijetan yo wis merem.

“Mak, maem.”

“Yo sik, gurung mateng.”

Diman sing kaet tangi metu soko kamar. Wong lanang iku mesam-mesem karo ngukuri gundule. Kopi nang nduwur mejo dicandak terus disruput.

“Mak, aku kate ngomong.”

“Yo ngomong ae.”

“Aku tak rabi maneh ya?” takone karo mesam-mesem.

Wiji sing lagi ngirisi brambang nang pawon nyedeki bojone.

“Baleni, gak krungu.”

“Aku tak rabi maneh ya hehehe…”

Krungu omongane bojone, Wiji langsung nguncalno peso sing dicekel nang nduwur mejo. Diman sing mau cengengesan langsung meneng, kaget.

“Hahaha, guyon yo…gak temenan iku mau hahahahaha…”

Wiji mendelik. Diman ngukuri gundule.

“Akting iku mau, latian. Mene kate melu ludruk ngge agustusan. Sopo yoan sing kate rabi maneh hahahahaha…”

Bojone sik ae mendelik-mendelik. Karo cengengesan Diman ngadeg terus mlebu nang jeding.

“Kok gak koyok nang ngipi,” omonge alon karo ngising.

2 thoughts on “Rabi Maneh

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s