art · language

Sekolah


djoko-pekik-two-squatting-men
Two Squatting Men lukisan Djoko Pekik

Lha yok opo, Man, ngelu ndasku lek ben dino bojoku mung muring ae isone.”

Diman ora nyauri. Wong lanang iku mung ngrungokno karo nyedot rokoke.

Aku ki guduk gak pingin nyenengno anak bojo, ning lek ngene carane kan aku sing isin karo makku.”

Yo njajal golek cara liyo,” saure Diman.

Uwis. Buntet utekku. Gajiku ben sasi ki yo wis mancep. Mung ngerti tulisane, ning langsung amblas. Gak atek sesuk-sesuk.”

Awan, wayahe leren, Diman ketekan koncone nang nggon kerjoane. Konco jaman sekolah sing saiki wis dadi pegawai.

Sawangane ae pacakanku necis, ngalor ngidul mobilan, ning njerone ambyar.”

Koncone Diman sing jenenge Bambang iku ketok emosi. Diluk-diluk disedot rokoke.

Lha opo wis gak onok sing iso disekolahno liyane nyelang sertifikat?”

Bambang nyawang embong. Wong lanang umur telung puluh tahun iku ora langsung nyauri.

Wis mancep kabeh,” saure lirih.

Diman nyandak wedang kopine, disruput alon.

Sepurane lho, Man. Aku ki mung mumet, butuh konco ngobrol.”

Halah, sante ae. Wong aku isone yo mung ngrungokno, gak iso ngewangi.”

Kadang ngunu aku iri ambek awakmu. Urip gak mekso, sak onoke. Bojo karo anak yo trimo.”

Kabeh ki yo mung sawang sinawang,” saure Diman.

Bojoku ben Minggu njaluk piknik. Lha lek mung gelem cedek-cedekan, ndok pasar malem opo bonbin ae gak popo. Iki mesti njaluk luar kota, lek gak ngemol. Ngunu lek piknik temenan, wong butuhe mung pota-poto, dingge pamer thok.”

Nganti jam sijian sing jenenge Bambang rung balik nang kantore. Wong lanang iku lagi ngelu. Kate crito nang konco kantore yo ora mungkin, kondisine saiki wis akeh sing ngerti malah dadi rasan-rasan sak kantor. Bambang sing pegawai, nduwe anak loro umur patang tahun karo setahun. Bojone ibu rumah tangga, ora kerjo.

Wingi kae rasane embuh. Pas montoran pingin rasane tak bablasno.”

Lah, sing sabar. Pikiren anak bojomu, ojo nekad.”

Judheg aku. Ben dino ki mesti onok sing nagih. Kerjo gak iso tenang, isin thok rasane. Pingin metu ning ngko yo malah selot mumet gak nduwe bayaran.”

Yo lek menurutku ancen mending ndang diberesi. Ngunu iku lak mbungani terus soale.”

Sirku yo ngunu. Ning kabeh ki kan gak onok sing atas namaku. Mobil yo sik nyicil. Bojoku njaluk aku nyelang sertifikat nang Makku, disekolahno nang bank. Ning gurung sampek atiku ngomong nang Emak.”

Wong lanang loro iku meneng bareng. Jenenge wong omah-omah, duwit salah siji masalah sing kerep nggarai mumet. Bojone Bambang, nduwe pinjaman online. Mulane mung satus mangatus. Suwi-suwi silihane wani sampek jutaan. Saiki lanang wedok iku mumet mergo ben dina ditagihi. Ora mung nagihi nang Bambang karo bojone, lek nagih wis tekan dulur karo konco-koncone lewat telepon, SMS karo WA.

Nyelang wong liyo aku yo wis gak nduwe rai. Wingi, kaet wingi iki, bosku ditelpon karo debt collectore. Ngawur, karo bosku yo sampek dipisuh-pisuhi ngunu sing nagih saking mangkele mergo kurang ajar. Yo aku sing isin. Wis ping piro ae lekku njaluk sepuro.”

Kok iso tekan bosmu barang?” takone Diman.

Lha wong bojoku ngawur kok. Nyelang ki gak mung sak nggon. Nang HP-ku iki yo onok, digawe dingge utang online.”

Woalah. Trus ngunu iku wong-wong sing mbok kenal ditelponi siji-siji?”

Iyo. Sing nang kontakku kene ki onok sing di-SMS, onok sing ditelpon. Ngisin-ngisine wis.”

Diman manthuk-manthuk. Kaet iki Diman ngerti ono pinjaman online sampek kaya ngunu lek nagih.

Wis tahu nyekolahno sertifikat ta?” takone Bambang nang Diman.

Hahaha yo jelas uwis. Saiki yo sik sekolah. Dingge mbangun omah lak yo tak sekolahno sertifikat lemahe,” saure Diman karo mesem.

Pirang tahun?”

Limo. Iki sik oleh rung tahunan ketoke.”

Ning awakmu enak, lemahe lak soko wong tuwamu. Perkakas yo iso gawe dhewe.”

Ho oh. Lumayan wingi sak gurunge rabi aku karo bojoku nduwe tabungan, ditambahi karo Emakku dingge lemah iku.”

Lumayan nemen iku. Tabunganku entek dingge resepsi.”

Kopine,” omonge Diman nang Bambang.

Bambang manthuk. Masio durung nemu solusi dingge masalahe, ning wong lanang iku wis rodo lego atine. Bambang sengojo pamit nang bos e awan iki. Wong lanang iku butuh konco ngobrol sing ora nggarai dheweke selot isin.

2 thoughts on “Sekolah

Leave a comment