Poso


quit-smoking-sketch
Comic Sketch of Quit Smoking from pencilshades.wordpress.com

“Pak, tangi.”

“Hmmm…”

“Pak…”

“Diluk engkas.”

“Yo selak azan.”

Sing jenenge Diman ancen paling angel dikon tangi. Bolak-balik diceluki bojone mung ham hem ae ora ndang tangi.

“Ngko gak komanan ngrokok mbuh.”

Wiji sing wes nyiapno panganan dingge saur akhire budal dhisik nang mejo makan. Wong wedok iku langsung telap-telep mangan.

“Jam piro iki?”

“Setengah limo,” saure Wiji sak kenek e.

“Wooo, ditakoni temenan kok.”

Karo sik setengah merem, Diman melu lungguh. Wong lanang iku nyandak gelas nang ngarepe.

“Kopine keri, iku sing rodok manis sik.”

Krungu omongane bojone, tangane Diman langsung pindah njupuk sigaran semangka nang mangkok. Wong lanang wedok iku akhire podo anteng mangan. Mari mangan, sik ono wektu, Diman ngenteni subuh karo ngentekno kopi rokoke. Matane sing mau angel melek saiki wes padang, ombo. Bojone sing kaet korah-korah saiki wes ganti nyandak kumbahan.

“Turu neh ae, sik peteng ngene.”

“Peteng apane, wes rame ngene kok.”

“Yo rame suwaramu. Iku sik jam limo.”

“Sisan, mumpung sik wareg.”

Lek bojone budal mlungker maneh, ngeloni anake sing sik turu, Wiji nerusno lek tandang pengawean omah. Wong wedok iku marekno kumbahane, mepe klambi trus nyapu-nyapu ngresiki omah.

“Mak, maem.”

“Tangane diresiki sik, isuh sik.”

Tomin mlayu nang pawon. Arek cilik iku ngisuhi tangane trus mlayu mlebu maneh marani emake.

“Mak e gak maem?”

“Poso.”

“Aku yo poso.”

“Ho oh.”

Tomin sing wes biasa maem dewe lungguh anteng nang kursi. Wiji wes nyiapno panganan dingge anake sing sik durung melu poso iku.

“Mak e gawe es?”

“Ho oh, ngko sore tapi.”

“Caiki ae.”

“Yo ngko ae, sik isuk ngene kok.”

“Aku uwun.”

“Iyo, ngko.”

“Caiki.”

“Maem buahe ae ya?”

“Kalo cirup.”

“Ho oh, dikei sirup.”

Krungu saurane emake, matane Tomin blalak-blalak kesenengen. Wayahe poso ngene, emake mesti nyiapno buah-buahan nang kulkas sing biasa digae es dingge buko. Wiji njupukno sigaran buah sisa saur mau, diwadahi mangkok trus dikei susu karo sirup.

“Segel.”

“Mak gelem?”

“Poso.”

“Aku gelem.”

Tomin nerusno lek mangan. Wiji sing wes mari mberesi omah mbuka-mbuka majalah lawas. Wong wedok iku lagi nggoleki resep masakan. Poso ngene pengawean wes diberesi kaet isuk dadi awan akeh nganggure. Ngoleki resep trus dingge blajar masak panganan anyar. Nang panggone kerjo, Diman koyo biasa nggarap kerjoane.Poso ngene pesenan perkakas luwih akeh timbang sasi-sasi liyane. Wong-wong akeh sing podo pingin nganyari perkakas omah.

“Leren sik, Man.”

“Ho oh,” saure Diman karo sik umek nang gaweane.

Lek lagi rame ngene, Diman biasa diewangi koncone. Kadang Arif, kadang Mukti. Dino iki Diman diewangi Mukti.

“Lha Arif ki kapan balike?”

“Gak ngerti, wingi sih ngomong mulih telung dino.”

“Bablas mesti kae, gak ngerti lagi akeh gawean ngene.”

“Yo gak popo, lagi kangen omah be’e.”

“Mikir kangen sih kangen, ning lek butuhe wes cukup.”

Diman mesem. Wong lanang iku maklum lek koncone ngomel. Garapan lagi akeh, kabeh njaluk cepet, njaluk didhisikno mergo pingin ndang nganyari, ning tenagane kurang. Masio posoan, lek wes ngene iki mesti ora iso mulih cepet tapi malah nglembur.

“Poso ta?”

Diman ora nyauri, mung mesem.

“Iki mau digawekno bojoku gedang goreng. Be’e gelem.”

Mukti mbuka wadah panganan sing digowo soko omah. Diman mung nyawang sediluk trus balik kerjo maneh.

“Sepurane, kaet teko. Emakku awake gak enak, njaluk ditunggoni.”

Ora krungu suwara wong teko, moro-moro Arif njebus. Mukti sing lagi ngenakno mangan gedang goreng karo Diman sing lungguh nggarap gawean langsung noleh, nyawang.

“Emakmu opo gendakanmu?” takone Mukti nggudo.

Arif ngukuri gundule karo mesam-mesem cengengesan. Ora ndang nyandak gawean, wong lanang iku melu lungguh sandinge Mukti trus nyomot gedang goreng.

“Enak.”

“Yo jelas enak, gratis.”

Arif cengengesan maneh. Mari sak emplokan, wong lanang umur wolu likur taun iku ngetokno rokok soko kantong celonone. Ora suwi dheweke wes ngenakno nyedoti rokok.

“Leren sik, Mas,” omonge Arif nang Diman.

“Woo arek gak sopan. Diman iku poso, malah pamer rokok.”

“Lha sampeyan dewe, mangan gedang goreng nang ngarepe,” omonge Arif ora gelem kalah.

“Wong lanang poso ki sing abot guduk panganan, tapi rokok.”

“Mosok ngunu. Iyo ta, Mas?” takone Arif karo cengengesan nang Diman.

Diman sing mau mung meneng ae akhire melu nyedek. Wong lanang iku ngelap kringete.

“Sik onok rokoke?” takone nang Arif.

Ora nyauri, wes paham, Arif langsung ngetokno rokok soko bungkuse trus dikekno Diman. Wong lanang telu iku saiki lagi ngenakno leren karo rokokan.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s