Uncategorized

Kumis


style rambut bun dan jenggot

“Banyune gek diangkat, wes umup iku.”

“Kumkumanmu kae dicandak, rusak kain lek kesuwen ngekum ngunu iku.”

Embuh wis ping piro ae emake Wiji ngomel, ning sing diomeli meneng ae. Ora koyo biasae lek diomeli prengat-prengut, iki malah ketok mesam-mesem.

“Woo, panas arek iki.”

Kaet tangi isuk, Wiji sing biasane langsung keluwen, isuk iki ketok seger rupane. Arek wedok iku raup trus moro nang pawon, lungguh nang amben ngancani emake sing umek masak. Dina Minggu, sekolah libur. Ujian akhir yo wis mari, garek ngenteni hasile. Wiji wis ora tahu dibengoki emake kon sinau. Ora perlu dibengoki kon ndang budal sekolah. Pengaweane saiki lek isuk ngewangi emake. Kadang ngewangi bapake sing dodolan pithik nang pasar.

“Gek diulek iku sambele.”

Ora nyauri Wiji langsung nyandak ulekan. Dudu mung menenge anake sing nggarai emake Wiji ngroso aneh ning rupane anake sing kaet mau mesam-mesem dewe.

“Sate wedhus enak ketoke iki, rek.”

“Ndi, Mak?”

“Lek ngomongno panganan ae langsung nyaut. Koen ki lapo?”

Wiji cengengesan, isin. Digudo emake, ketemon lek lagi seneng atine arek wedok iku langsung abang raine.

“Mak, radione kae kok suwara gak enak yo. Grak-grok ngunu. Biasane kan nggak ngunu ya, Mak?”

Emake Wiji ora langsung nyauri. Nduwe anak sing wis prawan, emake Wiji ngerti opo sing lagek dirasakno anake.

“Wis dicek bapakmu ta?”

“Jare Pak e gpp. Tapi suwarane gak koyok ngunu biasane.”

“Yo jajal digowo nang tukang servis kono, be’e iso didandani.”

“Ho oh.”

Mari nyauri emake, Wiji mesam-mesem maneh. Arek wedok iku ora iso ndelekno roso seneng atine. Emake mung gedheg.

Mari ngewangi emake, Wiji mangan trus adus. Sik rung mari lek seneng atine, arek wedok iku mesam-mesem nang ngarep koco.

“Apane sing rusak, Dek?”

Tukang servis sing diparani Wiji ora patio adoh saka omahe. Wiji sing biasa mlaku lek marani bapake nang pasar mesti nglewati.

“Dek?”

Wiji sing mau meneng ae glagelap diceluk.

“Opo, Mas?”

“Radione opo’o?”

“Ouh, anu, suwarane gak enak.”

Wiji mesem. Arek lanang sing ngadek nang ngarepe ndemoki radione.

“…pun ada bayanganmu, ke mana pun ada bayanganmu… “

Radio sing disetel tukang servis, dingge njajal suwarane langsung nyanyi banter.

“Ngene iki?”

Wiji manthuk.

“Mungkin kamarmu sing kurang apik sinyale, Dek. Jajal rodok duwur lek neleh radione. Iki gak popo.”

“Ouh. Piro, Mas?”

“Gak usah, gak rusak iki.”

“Atiku sing rusak, Mas.”

“Apane, Dek?”

Wiji sing ora sengojo nyauri langsung kaget. Untung suwarane lirih dadi tukang servise ora krungu opo sing diomongno.

“Suwun ya, Mas.”

Wiji nampani radio karo mesem.

“Iyo. Wis gak sekolah ta iki?”

“Ho oh, garek pengumuman.”

“Ouh. Kate nerusno opo kerjo?”

“Gurung ngerti. Ketoke kerjo ae.”

Lagi mulai omong-omongan, ono wong moro nggowo tipi. Tukang servis sing mau ngobrol karo Wiji ganti ngomong nang pelanggane. Wiji sing wis ora nduwe keperluan maneh akhire mulih. Ning mergo ora ati-ati, arek wedok iku lali lek posisine luwi duwur timbang dalan. Arek wedok iku njlungup sak radione.

“Ati-ati, ngko tibo.”

Wong lanang sing kaet teko nggowo tipi servisan langsung nulungi Wiji. Tukang servis sing ngadeg nang mburi mejo mung iso ndelok.

“Yo wis tibo iki,” saure Wiji karo mrengut.

“Gak popo ta, Dek?” takone tukang servis.

Wiji gedheg. Arek wedok iku ngresiki sikil karo rok e sing reged. Larane ora sepiroo, isine iku. Ora suwi-suwi, Wiji langsung mulih. Arek wedok sing kisinan iku setengah mlayu cek ndang tekan omahe. Nang omah arek wedok iku langsung mlebu kamar. Radione diteleh nang kasur. Lek kaet isuk arek wedok iku mesam-mesem, saiki arek wedok iku ketok mrengut.

“Gak ngerti opo’o, Mas, sakjoke kenal sampeyan rasane aku pingin sayang.”

“Kok iso?”

“Embuh. Mungkin iki jenenge cinta.”

“Hahaha iso ae.”

“Temenan, Mas. Ndelok kumismu, eh, ndelok sampeyan, rasane aku ingin mencintaimu.”

“Hahahaha awakmu kok lucu sih, Dek.”

“Mas, bolehkah aku sayang?”

“Gak oleh, Dek, sik cilik!”

Wiji sing mari kisinan ndekem nang kamar tibake keturon. Emake sing kate nglebokno klambine anake nang lemari lungguh nyanding anake sing lagi nglindur.

“Prawan yahmene turu, gak ilok. Raup kono.”

 

One thought on “Kumis

Leave a comment