Ijol


sketch_sep_2014_006_gg baru_low
Pasar Gang Baru karya Gunawan Wibisono http://lekgunsketchbook.blogspot.co.id/

“Pak, kancani nang Pengampon.”

“Lapo?”

“Golek wedak.”

“Gak kurang adoh?”

“Halah, nang kono luwih murah.”

“Luwih murah lek adoh yo podo ae.”

Males krungu saurane bojone, Wiji sing mau seneng langsung mrengut. Wong wedok iku ngalih karo mbedodok atine.

“Nesu, ngunu ae nesu,” omonge Diman ndelok bojone ngalih.

Ora nyauri, Wiji bablas mlebu kamar. Wong wedok iku gelo atine. Njaluk tulung lek ora diiyani malah atek diceramahi nggari atine lara.

“Ayo.”

Diman sing marani bojone nang kamar nyeluk karo ngadeg nang tengah lawang kamar. Sing diceluk meneng ae, kadung ceklek atine. Diman ambekan rodo dowo, wong lanang iku nyedeki bojone.

“Sido gak? Tak tinggal turu lho ngko.”

Ora nyauri, ora nyawang bojone, Wiji malah nyandak seprei, dicopoti.

“Lah, ngunu ae kate kendat. Ojo nggawe seprei.”

Wiji sik meneng ae. Seprei, sarung bantal karo guling dicopoti kabeh.

“Hahaha, iyo aku salah. Sepurane. Ngunu ae nesu. Ayo gek ndang, tak terno.”

Wis kadung mangkel, isin lek diiyani, Wiji sik ae umek lek ringkes-ringkes. Kaet ae kate ngalih karo nggowo seprei, tangane digondeli bojone.

“Ojo koyok arek cilik, ngunu ae nesu.”

“Bahno.”

Sing jenenge Wiji masio tukang ngomel ning jarang nesu temenan. Mung lek kadung ora penak atine, wis kadung mangkel, yo ora gelem mbalik, kudu diterusno. Koyo iki mau. Wis kadung kenek atine, masio dirayu yo ora mempan. Wong wedok iku budal nang mburi, umbah-umbah. Seprei sing sakjane durung wayahe ganti dikumbahi.

Diman dudu ora ngerti modele bojone, ning yo wis kadung. Jawane ngunu yo mung ngandani, ning sing dikandani lagi ora enak atine. Kaet wingi-wingi Wiji pingin tuku wedak nang Pengampon, mesisan golek liyane. Polahe nang kono tunggale akeh, dadi luwih murah. Wong wedok sing kebutuhane dandan luwih akeh timbang wong lanang paling seneng lek kon nang nggon koyok Pengampon. Ndeloki lipen warna-warni, lulur, sabun, minyak wangi, rasane nggarai marem, masio yo ora kabeh iso dituku.

“Awak,” omonge Diman lirih.

Lek wis kadung nesu ngko lek diterusno malah nangis, Diman milih gletakan. Wong lanang iku ngenteni atine bojone ayem dhisik. Dheweke dudu ora gemes, ning timbang malah dadi perkoro mending ditinggal merem diluk cek podo ayeme.

Jam rolas kurang sepuluh menit Diman nglilir. Wong lanang iku tingak-tinguk. Bojone ora ono nang kamar. Anake lanang yo ora ono suwarane. Mari lungguh sediluk, ngumpulno nyawane, Diman ngoleki anak bojone. Sepi, ora ono uwong nang omah. Ndelok jam, Diman kaet sadar lek dheweke turu lumayan suwi. Rong jam-an. Libur kerjo ancen enak dingge turu. Seprei sing mau diringkesi bojone wis dipepe.

“Sandale gak onok,” omonge Diman karo awake dhewe.

Lagi mbingungi nggoleki bojone, moro-moro emake teko.

“Telo goreng,” omonge emake karo ngelungno piring isi telo goreng anget.

“Tomin nang omahe sampeyan, Mak?”

“Iyo, kae karo Rendi dolenan.”

“Emake?”

“Metu. Koen turu, pamit nang omah iku mau.”

Diman manthuk-manthuk. Mari emake mulih, Diman nyandak telo goreng anget gaweane emake. Wis ngerti modele bojone, lek kadung nduwe karep ora dituruti yo budal dhewe. Jam siji kurang seprapat bojone mulih. Diman sing asline gemes ngempet cek ora komentar. Didelok bojone wis sumringah.

“Mak e…”

Ngerti emake wis mulih, Tomin sing mau dolanan karo kancane melu mulih. Arek lanang sing kekeselan iku ngantuk.

“Wis maem?”

Tomin manthuk. Wiji ngendong anake. Arek cilik iku manut ae digendong emake.

“Kecut. Adus ya?”

“Emoh.”

“Isuh ae, reged iku sikile.”

Ora nyauri Tomin manut ae digowo emake nang jeding. Wiji ngresiki anake. Klambine dicopoti, disalini. Ora let suwi arek lanang iku merem, turu.

“Sik lara atine?”

Diman nyedeki bojone sing lagi ngeloni anake nang kamar. Ora nyauri, Wiji epok-epok merem.

“Wis oleh urung wedake?”

“Gak.”

“Gak nemu?”

“Gak tuku.”

“Lha iku mau metu, golek opo?”

“Golek pacar.”

Masio merem, Wiji sik gelem nyauri bojone.

“Mosok onok sing gelem he…he…he…”

Diman mesam-mesem cengengesan. Dipikir bojone mau wis metu tuku wedak, tibake ora sido budal.

“Saiki ta? Mumpung Tomin turu.”

“Gah, ngantuk.”

“Wou, sik nesu. Mbok ojo nesuan, diguyoni ngunu ae nesu.”

Males nyauri bojone, Wiji nerusno lek merem.

“Yo wis lek gak gelem, malah utuh duitku. Padahal iki mau lek dingge tuku kutang loro yo iso.”

Wiji sing mau merem langsung melek. Wong wedok iku nyawang bojone sing lungguh nang pinggir kasur.

“Sido gak?”

Wiji sik meneng.

“Ndang salin, tak omongno Emak cek ditunggoni Tomin.”

Akhire lanang wedok iku budal nang Pengampon. Ora melu mlebu, Diman milih lungguh nang parkiran. Ngenteni bojone nang njobo. Setengah jam Wiji umek nang njero teko make up. Dudu mergo bingung milih ning ngantri.

“Uwis?”

Wiji manthuk.

“Sik ya, enteni kene, diluk.”

“Sampeyan kate nang ndi?”

“Kae, tak ngeterno mbak e kae,” omonge Diman karo nyawang arek wedok sing lagi lungguh nang ngarep toko.

Wiji mrengut, wong wedok iku mangkel digodani maneh.

“Ijol mbak kae ae yo, ketoke gak nesuan. Ayu sisan.”

“Ho oh, ijol mbak e kae ae. Aku tak mulih dhewe, ngojek,” saure Wiji karo nyandak helm.

“Hahaha gak gak, arek lucu ngene mosok tak ijolno, eman-eman,” omonge Diman karo mbenakno montore.

Tukang parkir sing krungu omongane Wiji karo Diman melu ngguyu.

“Kae akeh ragate, Mas, ngentek-ngenteki,” omonge tukang parkir nang Diman.

“Iki yo ngentek-ngenteki, Mas, ngentek-ngenteki sego.”

Diman karo tukang parkir ngguyu bareng, mung Wiji sing mecucu karo helman.

Advertisements

Tanggal Limolas


d3d38d59d7d78bc9c8893c667d0ebb90
Ilustrasi diambil dari Pinterest

Mari garapan omah beres, Wiji budal adus. Ora mung adus, wong wedok iku umbah-umbah sisan. Wis dadi kebiasaan, adus brarti umbah-umbah. Klambi sing mau digawe langsung diucek bareng karo klambi regedan bojo karo anake. Howo panas wis biasa, ning isuk iki Wiji ngroso ora koyo biasane. Kesumuken wong wedok karmas, cek seger.

Kumbahan wis beres, wis dipepe. Anake sing wis ngganteng melu bapake. Dino iki Diman ora budal kerjo. Wong lanang iku kate nang kelurahan, ngancani emake sing kate ngurus surat lemah. Mari mangan karo anake, Diman ngenakno lungguh karo ngopi. Tomin dolanan montor-montoran nang sandinge. Ora suwi, arek cilik iku diceluk kancane.

“Ojo nang embong lek dolenan, nang teras ae.”

Tomin manthuk karo mlayu. Mari anake ngalih, Diman ngetokno rokok. Wiji sing kaet soko mburi omah mlebu karo sik bebetan anduk. Wong wedok iku mlebu kamar. Ndelok bojone, Diman melu mlebu kamar. Nang kamar Wiji lagi lungguh karo ngadep kipas. Wong wedok iku lagi nggaringno rambute.

“Segere,” omonge Diman.

Wong lanang iku mesam-mesem karo nyawang bojone.

“Makane adus cek seger.”

“Adusi,” omonge Diman ngalem.

Ora nyauri bojone, Wiji ngusek-usek rambute. Diman sing mau ngadeg nang mburine pindah lungguh pinggir kasur.

“Mak hehehehe…”

“Lapo?”

Diman sik mesam-mesem. Wiji pancet ngadep kipas, ora nyawang bojone.

“Sumuk,” omonge Diman.

“Adus kono.”

“Ngko ae.”

Ora mung mesam-mesem, Diman saiki nyawili lengene bojone.

“Opo sih.”

Lek mau Wiji ora nyawang bojone, sik umek karo rambute, saiki wong wedok iku noleh. Diman mesem. Wiji nyebek. Diman kedep-kedep.

“Emoh.”

“Wou. Gelem no.”

“Adus kono lho.”

Risih dijawili bojone, Wiji mbenakno lek lungguh, ngadoh.

“Aduse ngko ae, sisan.”

“Emoh, aku wis adus ngene kok.”

“Ngko adus maneh, karo aku hehehe…”

Diman sik ae kate nyekel lengene bojone, moro-moro anake mlebu. Tomin njaluk duit, kate tuku es krim. Diman ngrogoh clonone, wong lanang iku ngelungno duit rong ewuan nang anake. Seneng dikei duit bapake, arek lanang iku mlayu metu maneh. Wiji sing wis mari lek ngaringno rambute ngadeg. Wong wedok iku marani lemari, kate njupuk klambi. Diman sing mau lungguh melu ngadeg.

“Man…Man!”

Durung Diman nyekel bojone, soko njobo suwarane emake mbengoki jenenge. Wong lanang iku glagepan trus metu. Wiji mung mesem trus klamben.

“Malah rung adus. Gek ndang. Jam piro iki?”

“Sik yahmene.”

“Yo kudu isuk-isuk, selak Pak Lurahe lungo ngko.”

Ora mbantah, wong lanang iku bablas nang jeding, adus. Wiji sing wis mari lek klamben metu nemoni moro tuwane.

“Sarapan, Mak.”

“Uwis. Bojomu wis tak kandani isuk ae lek budal, malah rung adus.”

Wiji mung mesem ngrungokno moro tuwane ngomeli bojone.

“Kopi ta, Mak?”

“Nggak usah, ngko ae.”

Mangkel ngenteni anake, moro tuwane Wiji pamit mulih.

“Kon ndang-ndang iku ngko, tak enteni omah.”

Wiji manthuk. Ora let suwi bojone metu soko jeding. Wong lanang iku wis mari lek adus. Wis ngerti emake ngomel, Diman ora suwi-suwi lek klamben.

“Dienteni mak nang omah.”

“Ho oh. Enteni ya, diluk thok.”

“Enteni opo?”

Ora nyauri, Diman mung mesam-mesem. Raine Wiji abang ireng ndelok bojone mesam-mesem ora jelas. Wong wedok iku isin-isin dhewe.

“Mene njupuke.”

Jenenge ngurus surat, sedinoan Diman karo emake wira-wiri. Ora mung wira-wiri, ngentenine yo suwi. Jam siji wong lanang karo emake iku kaet mulih.

“Sik yahmene kok yo gak digarap sisan, sik jam siji.”

“Yo akeh garapane.”

“Akeh opo, wong yo mung ngobrol ngunu.”

Emake Diman sik ae ngomel. Wong wedok iku mangkel mene sik kon mbalik maneh. Mari ngeterno emake, Diman mulih.

“Kate nang ndi?”

“Senin iki, pengajian.”

Tekan omah, mari mangan, Wiji malah kate lungo. Diman nyawang bojone sing lagi dandan nang ngarep koco lemari. Wong lanang iku akhire gletakan.

“Mulih jam piro?”

“Rahasia.”

“Rahasia opo,” omonge mangkel.

“Lha yo koyok biasane. Jam papatan.”

Diman nyawang jam dinding. Jam setengah loro. Wong lanang sing kekeselen iku merem.

“Assalamualaikum…” omonge Wiji alon nang kupinge bojone.

“Woo…”

Diman sing kaget kate nyandak tangane bojone, ning Wiji wis dhisik endo. Wong wedok iku mesem karo ngalih. Diman nyawang bojone karo mesem. Ora suwi wong lanang iku turu.

“Enak!”

Tomin sing oleh jajan soko emake kesenengen. Jenenge wong wedok nduwe anak cilik, oleh jajan nang pengajian sing diilingi yo anake. Jajan kardusan sing dibagekno ora dipangan ning digowo mulih dingge anake. Sedinoan ora kerjo, Diman sing ditinggal bojone pengajian kaet ae tangi pas meh magrib. Mari melek wong lanang iku ora ndang budal adus. Anak bojone wis ngenteni kate mangan.

“Mangan sik,” omonge Diman ndelok Wiji kate protes dheweke ora adus sik.

Wis wareg. Wis enak awake, Diman nyandak anduk.

“Anake dikeloni sik,” omonge Diman nang bojone karo mesem.

Wiji meneng ae, ora nyauri. Wong wedok iku ngancani anake sing lagek dolanan karo ndelok tipi. Jam setengah songo Tomin lagek merem. Wiji mbenakno kasure, dingge ndeleh anake.

“Kate nang ndi?” takone Diman pas Wiji kate metu soko kamar.

“Ngancing lawang.”

“Aku ae.”

Diman sing mau wis gletakan, ngadeg trus ngunci lawang.

“Kate nang ndi maneh?” takone Diman pas mari ngunci lawang ndelok Wiji metu soko kamar.

“Ganti soptek.”

Krungu omongane bojone Diman mung meneng, ketengengen. Ndelok bojone matung, Wiji mesem karo nduduhno barang cilik sing dicekel nang tangane.

“Kapan?”

“Mau sore.”

Ora omong maneh, Diman mlebu nang kamar trus ngletak. Mari bojone mbalik nang kamar wong lanang iku meneng ae.

“Iki tanggal piro?”

“Tanggal limolas.”

Diman ambekan rodo dowo trus merem. Wiji mung mesem nyawang bojone.

Utang


3a03fa5dedc3de1ccfcd0694f322c6b3
Lukisan ibu dan anak dari Google

“Makane urip ki gak usah kakean gaya.”

“Sampeyan yo melu ngrasakno kok.”

“Iyo, ngrasakno mumete!”

Isuk-isuk tonggo sebelah omahe Diman wis rame. Perkorone, Suti karo bojone lagi tukaran. Wong lanang wedok sing omah-omah meh sepuluh taun iku masio ora ketok soko njobo ning suwarane krungu banter nang tonggo kiwo tengen. Ora mung suwara banter, suwara piring karo gelas dibanting yo krungu.

“Mak e…”

Tomin sing wedi krungu suwara banter langsung njaluk gendong emake.

“Pak, tak nang pasar.”

Diman manthuk. Wong lanang iku paham, bojone pingin nggowo anake ngalih cek ora krungu wong tukaran. Diman sing lagek tangi ora metu, wong lanang iku milih mlebu jeding, adus.

“Nangis-nangiso, gak urus. Wong wedok gak iso ngatur omah yo koyok ngene. Senengane utang, gak mikir bojone jungkir walik lek kerjo.”

Jenenge tukaran, suwi-suwi yo mesti ono sing nangis. Mangkel, kesel, lara ati, campur rasane, akhire yo mung iso nangis.

“Isone mung nyalahno, gak mikir angele ngobengno duit. Mbok pikir duit sing mbok kei cukup dingge anak-anakmu?”

“Yo cukup ae lek koen iso ngatur. Tuku sing penting-penting. Kere kok kakean gaya. Saiki kakean utang, sopo sing mumet?”

Ora mung Suti, anak-anake sing sik cilik melu nangis. Arek sing kudune wis budal sekolah iku malah mung melu tangisan nang omah. Perkorone Deni, anake sing mbarep, kelas 3 SD njaluk duit dingge mbayar sekolah. Ora nduwe duit, Suti njaluk nang bojone. Parjo sing lagek ae mulih, ora nduwe duit, dijaluki karo diomeli bojone akhire muntap, ngamuk.

Diman kaet ae mari adus. Bojone sik durung mulih soko pasar. Tonggo sebelah wis ora ono suwarane. Diman nyandak gelas kopi nang duwur mejo sing wis disiapno bojone. Mari ngentekno telo goreng loro, wong lanang iku budal kerjo.

“Wis ganteng ngene kok nangis. Uwis.”

Wiji ngelapi pipine Deni. Arek lanang sing emak bapake mari tukaran iku mlaku budal sekolah. Isin ora nduwe duit dingge mbayar sekolah, isin bapak emake mari tukaran, arek lanang umur sangang taun iku nangis. Tomin sing nang gendongane emake nyebek-nyebek lambene. Arek lanang iku melu sedih ndelok Deni.

“Cukup?”

Wiji ngelungno duit rong puluh ewu dingge Deni. Arek lanang iku langsung nyawang Wiji. Duit nang tangane Wiji ora ditampani, Deni malah mung mlongo.

“Gak popo, iki.”

Wiji ngomong alon karo nglebokno duit nang sak klambine Deni. Deni sik meneng ae, ning saiki arek lanang iku manthuk. Luh e sik netes nang pipi. Wiji nggeret jarik sing dingge nggendong anake, dilap luh arek nang ngarepe iku.

“Uwis, ngko telat,” omonge maneh.

“Suwun, Lik,” omonge Deni nang Wiji.

“Ho oh.”

Oleh duit, Deni langsung mlayu nang sekolahane. Wiji ndelok soko mburi karo mesem. Tomin sing mau kate melu nangis seneng ndelok Deni mlayu. Arek lanang iku kroncalan nang gendongan.

“Sekolah?”

“Emoh.”

Wiji sing mau mari soko pasar ketemu Deni nang dalan. Ora tuku sayur, wong wis mari lek masak. Wong wedok iku mung nukokno anake jajan. Yo ora suwi, mergo pikirane nang sebelah omah. Ora wani nakoni, mergo ora pingin ngurusi rumah tanggane uwong. Wiji mung kepikiran anak-anake Suti. Ora pisan pindo Suti tukaran rame karo bojone. Urip nang kampung, omah mepet-mepet wis biasa lek krungu koyo ngunu.

Anak telu, sing loro wis sekolah, sing kerjo mung bojone yo ancen abot. Wiji kerep di-curhati Suti. Lek didelok yo Suti ora tau tuku sing aneh-aneh, paling banter kredit klambi. Jenenge wong wedok, kadang rodo angel ngerem lek ono klambi model anyar. Opo maneh ditawani iso dikredit.

“Mak.”

Wiji glagepan. Wong wedok iku kaget.

“Sampeyan kok nang omah?”

“Ho oh, kangen.”

“Mbelgedes.”

Wiji sing kaet mlebu omah kaget bojone nang omah.

“Gak kerjo?”

“Kudu ngising iki mau, mulih maneh.”

“Wis maem?”

“Iku mau ngemplok telo.”

“Maem sik, wis mateng segone.”

Diman njupuk Tomin soko gendongane bojone. Wiji njupuk piring trus njupukno sego dingge bojone.

Gelang


Karya Basuki Adullah
Lukisan karya Basoeki Abdullah

“Anyar maneh gelange.”

“Halah, mung cilik-cilikan iki.”

“Cilik lek akeh ngunu yo abot.”

“Bapake Caca mari oleh rapelan.”

Minggu isuk mari senam bareng nang Balai RT Wiji karo ibu-ibu ora langsung mulih ning sik ngumpul ngobrol. Jenenge senam ora mung dingge olahraga ning yo dingge guyub. Jajanan, ombe-ombean wis disiapno karo sing oleh giliran. Sing nduwe bisnis, bakulan, nyangking dagangane. Sing klambi opo mas-masane anyar yo wayahe ditokno kabeh.

“Enake, Rek. Bapake Doni kae rapelan opo sing diarepno, rapelan cicilan iyo.”

“Hahaha isok ae sampeyan iki. Ngene ki yo kudu ngrayu, lek gak yo gak ditukokno.”

“Ngrayu ae gampang, penting onok sing iso mbrodol. Aku kate ngrayu sampek lambeku dower paling banter ulune sing brodol.”

Ibu-ibu podo ngguyu krungu omongane Ida, ibuke Doni. Wong wedok umur telung puluhan sing awake gede duwur iku crito karo nyebek-nyebek.

“Ning ben dino kan wareg pentol.”

“Pentol alot ae.”

“Alot ae sampeyan iso subur ngene kok, opo maneh lek gak a lot.”

Kate arek-arek, bapak-bapak opo ibu-ibu lek wis kumpul yo iso tekan ngendi-endi omongane. Kesel mari senam, kemeng cangkeme mamah jajan, selot guyub lek ditambahi crito-crito sing kerepe curhatan rumah tangga.

“Mbok koyok Wiji kae, nrimoan.”

Ngerti jenenge disebut, Wiji sing lagi ngombe noleh.

“Yo Wiji kae enak, bojone mbeneh kok. Kabeh bayaran dikekno. Masalah akeh sithik kan garek lek ngatur.”

“Lha iyo, bojoku lek koyok Diman kae aku yo trimo. Wong jalukane gak tau aneh-aneh. Sregep kerjo. Gak tau omben opo main.”

Ora nyauri, Wiji mung mesem thok. Wong wedok iku ora pingin melu mbahas, opo maneh mbahas rumah tanggane. Dijarno ae tonggo-tonggone iku omong opo ae.

“Ning kan anake sik cilik, gurung sekolah. Suk lek wis mlebu sekolah yo embuh, siap-siap ae.”

“Melu asuransi ae lho, Ji. Mumpung Tomin sik sakmunu gak popo diasuransekno. Iso milih kok sesasine piro.”

Wiji sing mau mung ngadeg rodo adoh akhire melu lungguh. Masio ora melu-melu mbahas ning wong wedok iku ngrungokno. Dudu ora seneng melu ngobrol, ning perkoro njero rumah tangga cukup disimpen dewe karo bojone.

“Caca yo wis tak daftarno. Ben sasi mangatus. Mlebu SD ngko oleh. Trus mlebu SMP, SMA, lumayan kok.”

“Yo iku lek onok duite, olehe ajeg.”

“Dodolan bakso opo gak ajeg duite?”

“Ajeg pentole hahahaha…”

Senam mung sak jam, njajan karo ngobrole iso jam-jaman. Jam sepuluh ibu-ibu wis podo buyar, mulih dewe-dewe. Wiji sing mau disusul Tomin yo wis nang omah. Mari ngenteni kringete garing, wong wedok iku adus.

“Pak…”

“Hmmm…”

Ora langsung ngomong, Wiji malah meneng. Diman sing ngenakno nonton tipi karo gletakan akhire noleh nang bojone sing lungguh nang sandinge.”

“Lapo?”

“Gak popo.”

“Gak popo kok nyeluk. Kangen?”

Wiji nyebek. Wong wedok iku lagi nimbang-nimbang sido ngomong opo ora.

“Gak usah takok ayu opo gak, masio gak patio ayu wong yo wis kadung tak pilih.”

Mangkel krungu omongane bojone, Wiji nyiwit pinggule bojone, nggarai wong lanang iku ngaduh.

“Malah njiwit. Lek nganggur kene pijeti, ngko tak opahi.”

“Opahi opo?”

“Ambung.”

“Males.”

Tomin wis merem nang kasur. Arek lanang iku kekeselen sedinoan dolanan.

“Opahi gelang ya?”

Ora banter, Wiji ngomong koyok wong lagi mbisiki, lirih. Masio Diman lagi ndelok sinetron ning omongane bojone mlebu nang kupinge, krungu.

“Gelang karet? Lha dingge opo katene. Kate maen karo arek-arek ta?”

“Lha lapo njaluk gelang karet, padakno Tomin ae.”

Diman nyawang bojone. Sing disawang isin trus nyawang tipi.

“Gelang emas?”

Ora nyawang bojone, Wiji mung manthuk.

“Gampang. Njaluk piro?”

“Siji ae.”

“Mosok mung siji, telu gelem?”

Wiji manthuk.

“Yo suk. Pijeti sik ya.”

Ora nyauri, Wiji langsung mijeti bojone. Diman sing kesenengen, keenakan, mesam-mesem. Bojone iku lek mijeti enak, kuat tenogone dadi kroso nang awak.

“Yo ngene. Lek koyok ngene terus ojo o njaluk gelang emas, njaluk kutang emas yo tak tukokno.”

“Telu?”

“Limolas yo oleh,” saure Diman.

Gemes karo bojone, tangane Wiji sing mau mijeti pundake bojone saiki pindah nang lambene bojone sing lagek mesam-mesem iku.

“Lambene kiwir-kiwir lek ngomong,” omonge karo ngremet lambene bojone.

Ora nesu, Diman malah ngguyu. Wong lanang wedok iku akhire ngguyu bareng.

 

 

Monopoli


 

Pertarungan maut - Heno Airlangga, 90cm x 138cm, Rp. 12.300.000 - 2014
Pertarungan Maut karya Heno Airlangga

“Iki anakku!”

“Aku sing nduwe hak, areke sik bayi Sampeyan gak iso ngopeni.”

“Gak urusan karo pengadilan, anakku melu aku!”

Dini karo Ari sing wis ora iso bareng maneh akhire milih pisah. Bola-bali sidang nang pengadilan, ben ketemu sik ae tukaran. Koyo awan iki mau, mari sidang sing wis mutusno wong loro iku pisah, Ari sik ora trimo hak asuh anake dimenangno Dini.

“Sing sabar tho, sakno anakmu. Bayi sik butuh ibuke.”

Dulur-dulure melu ngewangi nenangno.

“Ibuke koyok ngunu lek anakku melu kate dadi opo? Opo gak melu dadi lonte sisan ngko!”

“Lek aku lonte trus sampeyan opo? Aku kerjo isuk bengi dingge anak, sampeyan yo melu mangan. Dadi bojo gak onok tanggung jawabe, kerjone mung omben karo main, ngunu sik rumongso suci?”

“Uwis, uwis, mandeg kabeh. Wis pisah, gak usah ngundat-undat sing wingi-wingi. Saiki sing penting anake kopen, diurusi.”

“Aku gak lilo anakku mangan duwit hasil..”

“Hasil opo? Aku bayaran mergo kerjo temenan, sampeyan kate makani anakmu atek opo, heh?”

Mumet ndelok anake karo mantan mantune sik gembrahan ae, emake Ari nglemesi. Wong wedok umur seketan iku me ae tibo lek ora digondeli tonggone. Ndelok emake semaput, Ari sing mau emosi iso rodo anteng.

Masio ora ndelok langsung kedadean rame-ramene Ari karo Dini, Diman karo Wiji wis ngerti perkorone. Dini yo kerep dolan nang omae Diman mergo pingin curhat.

“Lambene iku kurang ajar, Mas, aku ngene-ngene sik nduwe harga diri. Kerjo yo ngenah gak adol awak.”

“Iyo, jenenge wong emosi. Gak usah disauri, sing penting saiki pikiren anakmu.”

“Anak tak gowo gak oleh, lha de’e kerjo ae gak.”

Diman ambekan dowo. Wiji mung meneng ngrungokno.

“Maksudku awakmu tenango dhisik, mbalik kerjo, ngko lek kabe wis tenang lagek dijak omong maneh.”

“Kate tak culik ae.”

“Mbok sing sabar. Anake dhewe kok diculik. Diparani gak popo, diinguk yo wis kewajiban, ning ojo grusa-grusu.”

“Iyo, Dek, lek emosine wis mudun kabeh ngko lak onok dalane,” saiki Wiji melu ngomong.

Dini ngelap luh nang pipine. Raine ketok kuyu. Wong wedok sing sik enom iku ketok luwih tuwo soko umur asline. Kesel kerjo, kesel mikir rumah tanggane sing wis ora iso dislametno maneh, mikir anake sing digowo bojone.

“Mak, antuk.”

“Yo kene bobok.”

Bengi, Tomin sing kesel dolanan marani emake nang kamar. Arek lanang iku ngantuk. Dikeloni emake, ora suwi Tomin merem. Mari anake merem, Wiji ora melu turu. Wong wedok iku mberesi klambi.

“Pak, mene lek sampeyan utowo aku gak iso bareng maneh, embuh opo ae sebabe, ojo sampek rebutan anak yo.”

“Woo, yo gak lah.”

“Sampeyan ojo ngomong kasar, opo maneh main kasar, nang ngarepe Tomin.”

“Lho kan kene lek main lampune mesti mati.”

“Pak!”

Diman cengengesan. Wong lanang iku manthuk-manthuk.

“Pokoke yok opo carane anak ojo nganti dadi korban.”

“Jelas. Cukup aku ae sing dari korbanmu.”

“Kok korbanku?”

“Loh lha iyo tho? Aku tau lapo? Wong mesti awakmu sing nesu-nesu, sing nganoni aku he…he…he…”

“Lek dijak omong serius ki yo sing serius,” Wiji mangkel bojone malah guyon terus.

Diman lungguh nang pinggir kasur nyanding bojone. Wong lanang iku ngelus-elus pundake Wiji.

“Tenang ae, gak usah mikir sing enggak-enggak.”

Wiji mesem.

“Ehmm, iki lek misale aku rabi maneh yo gak perlu rame-rame kan?”

“Sampeyan kate poligami?”

“Lho kok emosi, jare kudu tenang. Misale lho iki mau, contoh.”

Males nyauri bojone, Wiji langsung nyandak lengene Diman trus dicakot. Wong lanang iku langsung girap-girap kelaran.

“Iki iso dilaporno pulisi ngene iki. Untung aku ki wonge sabar. “

“Poligami, ngurus bojo siji ae sik ngene-ngene kok. Mending kono monopolian, be e oleh perusahaan opo hotel,” omele Wiji.

“Ho oh, sopo ngerti oleh perusahaan listrik trus tak ngge nyetrum bojoku,” omonge Diman karo mapan turu.

***

 

Prahara


lukisan-wanita-sedih
sumber: Google

 

 

“Yo aku ki kesel, Mas. Kaet mulih kerjo wis mbok jak gelut.”

“Mbok pikir aku gak kesel? Mbok pikir aku ndok omah ki meneng ae ngunu ta?”

Dini mbanting tas e nang nduwur kasur. Wong wedok umur rong puluhan iku lungguh pinggir kasur. Bojone sing umure ora bedo adoh iku ngadeg nang ngarepe.

“Kaet kerjo ae wes sombong. Rumongso kuasa, gak ngajeni bojo.”

“Yo lek njaluk diajeni yo kerjo o, golek duwit, ngopeni anak bojo gak mung rono-rene nggendong doro.”

Jenenge rumah tangga, kate sik anyar opo lawas yo mesti ono cobaane. Dini, adik sepupune Diman, sing durung ono rong taun rabi karo Ari, pacare. Wong loro iku wis nduwe anak siji, umur sangang sasi. Dini karo Ari konco sekolah, pacaran kaet kelas telu SMA. Lulus setaun trus rabi. Ari sing awale kerjo nang supermarket wis me setaun ora kerjo mergo kecelakaan pas budal kerjo. Sikile puklek. Patang sasi Ari ora iso mlaku jejeg. Patang sasi ora kerjo, Ari malah keterusan  masio sikile wis mari. Dini sing isin njaluki duwit wong tuwane akhire rong sasi wingi mulai njajal golek kerjoan.

Anak wedoke wis umur pitung sasi, wis iso disapih. Dasare luwes, ayu sisan, Dini gampang golek kerjoan. Dini dijak koncone kerjo dadi SPG kosmetik nang mal. Ben dino budal kerjo, anake nang omah dititipno moro tuwane. Ari kaet ora kerjo nduwe hobi anyar, adu doro. Wong lanang iku saben dino yo metu karo konco-koncone.

“Aku wis kesel, Mas. Lara atiku.”

Sore iki Dini dolan nang omahe Diman, curhat. Diman nyawang adik sepupune iku, pipine abang. Dini sing lungguh nang ngarepe wis ora iso ngempet luh, nangis.

“Diombe sik, Dek,” omonge Wiji nang adik ipene iku.

“Wis gak gelem kerjo, malah saiki main tangan, Mas. Lara nang pipi iki gak onok apa-apane timbang lara ndok atiku, Mas.”

Wiji melu lungguh, nyanding Dini, ning wong wedok iku ora melu ngomong.

“Aku pingin cerai ae, Mas.”

“Yo sabar sik,” omonge Diman.

“Sabar yok opo maneh, Mas? Mulih kerjo kesel-kesel mesti dijak gelut. Ari ki cemburuan. Lha aku ki kerjo cek anake iso ngombe susu, cek de’e iso mangan. Opo gak isin njaluk Emak terus, njaluk moro tuwo.”

Wiji ngelungno tisu dingge Dini. Podo wedoke, ngerti rasane.

“Dijak ngobrol ning ojo pas podo kesele. Jajal golek wektu sing tepak.”

“Karo Ari saiki gak iso ngomong apik, Mas, kabeh salah. Ngomong opo ae nangkepe mesti negatif. Pingin diajeni tapi kelakuane koyok ngunu.”

“Yo njajal kapan-kapan tak omong karo Ari, ning ki perkoro rumah tangga. Masio aku Masmu, aku wong njobo.”

Mari kesel lek nangis, lego wis iso curhat, Dini pamit mulih. Nang omah bojone ora ketok. Anake sing mau dititipno moro tuwane dijupuk. Bayi wedok iku wis angkler lek turu.

“Koyok ngunu kelakuanmu saiki? Gak eling lek nduwe bojo, heh?”

“Sabar, Mas.”

“Gak usah melu-melu koen. Koen ngerti aku sopo? Aku bojone Dini. Gendakanmu iki sik nduwe bojo!”

Mulih kerjo kebengen, Dini ora oleh angkot. Wong wedok iku dibarengi konco kerjone, Danang. Ndilalah pas mandeg ngarep omah bojone kaet teko. Ndelok Dini dibonceng wong lanang sing ora dikenal, Ari langsung ngamuk.

“Iki koncoku, Mas, konco kerjo.”

“Gak usah kakean alasan. Saiki wis wani nggowo lanangan, wis gak nduwe isin maneh, gak wedi karo bojo?”

Rame-rame nang ngarep omah, bapak emake Ari metu, tonggo-tonggo yo podo melu nginguk. Ndelok Ari emosi, tonggo sing lanang ngewangi nenangno. Danang akhire dikon mulih. Dini sing isin, lara ati, mung iso nangis. Bengi iku Dini ngadahi klambine, lungo.

“Minggat-minggato ning anakku ojo digowo. Gak sudi aku nduwe bojo koyok koen!”

Dini sing mau wis nggendong anake karo ngembol tas akhire rebutan anak. Bayi sing mau wis turu karo embahe iku langsung tangi, nangis. Kalah karo bojone sing kalap, akhire Dini trimo ngalah anake dicekel bojone. Sesuk-sesuk dibaleni maneh pikire. Sing penting dheweke wis ora nang omah iku maneh. Dini mlayu karo nangis.

“Dasar lonte!”

Ari sing dicekeli tonggone sik ae mbengok.

 

Eli


BASOEKI ABDULLAH, Lady with Kebaya, 113cm X 76cm, Oil on canvas (Rp.50jt-Rp.70jt)-masterpiece
Lady with Kebaya karya Basoeki Abdullah

 

Sing jenenge wong omah-omah mesti ono gudane. Ora mung perkoro duit, sifat sing bedo, kadang perkoro masa lalu sing uwes iso nggarai tukaran. Sak durunge karo Wiji, Diman yo tau seneng arek. Mulai jaman sik sekolah nganti wis kerjo. Ning jenenge mantan, paling kerep diundat-undat nang rumah tangga yo sing keri dhewe.

Wiji dudu model wong wedok sing pingin ngerti utowo mbahas mbarang-mbarang sing uwes. Kenal mantane Diman mergo ora sengojo ketemu. Jenenge Eli. Pawakane apik, kulite putih. Sing ngerti Eli mesti podho setuju lek wong wedok iku ayu. Ora mung ayu, Eli yo alus wonge. Lek ngomong ora tau banter, tata karma dijogo.

“Tambah ayu, Rek.”

Dino iki Diman ora mulih mangan awan. Wong lanang iku mau diparani uwong sing njaluk diukurno kamare mergo kate pesen lemari. Wiji sing ora ngerti lek bojone ora ono nang nggon kerjoane nggawakno panganan mergo bojone ora mulih. Ora ketemu bojone, Wiji mug ketemu Arip karo wog wedok sing jenenge Eli.

“Guduk koen lho, Ji, Mbak iki. Hehehe…” Arip cengengesan.

“Ketoke kok aku tau ngerti sampeyan yo, Mbak,” wong wedok sing jenenge Eli iku nyawang Wiji karo ngeling-eling.

“Yo iki bojone Diman, El,” omonge Arip.

“Oalah, pantes, koyok tau ngerti ngunu. Sehat, Mbak?”

Eli ngelungno tangan nyalami Wiji. Wiji sing durung dong langsung nyalami.

“Iki Eli, Ji, mantane bojone.”

Wiji manthuk-mathuk. Diman ora tau crito nang dheweke perkoro Eli iki. Kaet pacaran Wiji ora tau nakok, ora penting. Dicritani yo dirungokno, ora yo uwis.

“Kene lungguh sik, lapo podho ngadeg ngunu.”

Arip ngadeg trus ngresiki sofa lawas sing biasa dingge lungguhan. Eli karo Wiji ora omong opo-opo, langsung lungguh. Wiji sing mau niate mung ngeterno sego trus mulih akhire ngobrol.

“Mung mantan lho, Mbak, ojo mikir sing enggak-enggak. Iki mau yo gak sengojo, lagi nyambangi dulur.”

“Mantan terindah,” Arip nyaut.

“Hush, gak koyok ngunu ah.”

“Yo wajar sih,” Arip nyauri karo cengengesan.

Sing jenenge Arip wis suwi melu kerjo Diman. Koncoan wis suwi, dadi ngerti biyene Diman. Karo Wiji, Arip yo ora tau sungkan. Wis biasa ngablak sak karepe lek ngobrol. Wiji dudu wong sing pinter basa-basi ning wong wedok iku pinter ndelikno perasaan. Masio Arip terus nggudani, ngelemi Eli, Wiji mung mesem. Eli sing dielem ketok lek seneng, opo sing biyen tau dirasakno karo Diman, nang Diman, awan iki rasane koyo sing winginane.

“Mbak, sepurane, tak tinggal sik yo. Iki mau anake gurung maem, ngko ngoleki.”

“Oh ho oh, Mbak. Iki yo kate mbalik.”

“Lapo kesusu? Gurung ketemu Diman. Mari ngene mbalik wonge, iku mau lagi ngukur lemari.”

Ora suwi-suwi, mari njaluk sepuro ora iso ngancani, Wiji pamit mulih. Eli sing ancen pingin ketemu Diman akhire ngenteni. Karo ngenteni Eli ngobrol karo Arip.

“Mak, anduke ndi?”

Ora nyauri, Wiji sing lagek ae ngentasi pemehan bablas mlebu kamar.

“Gulone entek?”

Bengi pas lagi ngopi Diman sing biasane wis cocok karo kopi gaweane bojone nakok mergo kopine pait. Sore nganti bengi sakmarine mulih kerjo Diman ora krungu bojone nyuworo. Ora koyo biasane sing rame. Bengi wayahe turu, mari nepakno anake Wiji yo sik meneng.

“Poso?”

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku sik umek nglempiti klambi.

“Syarate dukun?”

Wiji sik ora nyauri.

Jenenge wong wedok lek biasane rame trus anteng, meneng, iku luwih medeni. Podho koyo sing dirasa Diman saiki. Ndelok bojone meneng ae, Diman rodo wedi.

“Mene nang Kyai ta, Mak?”

“Lha lapo?”

“Aku wedi lek awakmu kesurupan.”

Ngerti lek digudani, Wiji sing mau wis nyauri saiki meneng maneh. Klambi sing wis dilempiti dilebokno lemari. Diman ngukuri gundule.

“Wis maem gurung iku mau, kok ketok cilik awakmu.”

Wiji sing siap-siap kate mapan turu sik meneng.

“Mangan sate enak ketoke iki.”

Dipancing karo panganan Wiji sing biasane seneng saiki ora obah. Wong wedok iku malah mlungker, merem. Ngomong ora digape, digudani ora nesu, Diman selot bingung.

“Arek kok lemu ngene sih, nggemesno.”

Ora mung nggudani, Diman ndemoki wetenge bojone.

“Ya ampun, ombone wetenge, iso dingge parkiran iki hehehe…”

Jenenge Diman, pingine ngrayu malah nggudani.

“Wong ayu ki akeh, ning sing kuat mangan iso diitung. Opo maneh jaman saiki, kei wedak lak langsung ayu, ning dijak mangan sithik ae wis kudu mutah, kewaregen. Gak koyok arek lemu siji iki. Ayu sih gak patio, ning ngene, pinter. Pinter masak, pinter resik-resik omah, pinter mangan, pinter turu, akeh wis.”

“Turu, mbrebeki ae.”

Wiji sing mau meneng, akhire gelem nyauri.

“Woo, gegere iso ngomong. Gak mung pinter mangan, tibake yo sakti. Pantes aku kok sayang ck…ck…ck.”

Wiji sing turu nyingkuri bojone, sing mau meneng ae, saiki wis iso mesem. Masio ta ora dirayu sing apik, ning wong wedok iku wis enakan atine. Diman sing ngroso bojone wis ora nesu langsung ngrangkul Wiji soko mburi.

“Oh babi gulingku, wedhus ngentutanku, belahan boko…eh jiwaku.”

Diman ngambung gundule bojone soko mburi. Sing diambung meneng ae ning seneng. Nang njobo bakul duk-duk karo sate saut-sautan.

 

Lungguh


20-Tari-Tayub
Tari Tayub karya Suyadi “Pak Raden”

“Rodok rono.”

Ora nyauri, Wiji langsung nggeser bokonge. Sore iki Wiji Diman lagi mangan bareng. Ora adep-adepan, Diman milih lungguh nang sandinge Wiji.

“Hahahaha…”

Diman mesem. Ndelok Wiji ngguyu jegagakan wong lanang iku melu seneng. Lek malem minggu wingi mung mangan bareng, bengi iki ganti nonton ludruk.

“Hahahahaha…”

Wiji ngguyu maneh. Awake wong wedok iku nganti goyang-goyang saking kekele lek ngguyu. Diman sing lungguh nang sandinge melu ngguyu maneh. Ora nang kursi, nonton ludruk bengi iki mung trimo nang nduwur koran. Ludruk keliling sing lek malem minggu sok manggung nang pasar malem.

“Mbok maju.”

“Gak, kene ae.”

Kemeng lungguh, Diman milih slonjor. Ning ora lurus karo lungguhe Wiji, wong lanang iku milih rodok mundur. Wiji sing kesenengen nonton ludruk ora ngerti lek kaet mau sing jenenge Diman mung mesam-mesem dhewe.

Ludruk wis mari, ning penonton durung buyar. Sik onok biduan sing nyanyi. Lagune bebas, sak njaluke penonton. Lek mau Wiji ngguyu terus, saiki wong wedok iku wis mulai anteng. Dheweke meneng, ngrungokno suworo penyanyi sing empuk. Nang mburine, Diman yo meneng.

“Lapo?”

“Apane?”

“Kok meneng ae?”

“Gak popo, kan ngrungokno.”

Diman mesem. Mari nyawang diluk, Wiji mbalik nyawang penyanyi nang ngarepe.

“Lapo mesam-mesem?”

Wiji sing mau wis meneng moro-moro noleh nang Diman sing lagi nyekeli rambute.

“Gak oleh mesem?”

Wiji ora nyauri, wong wedok iku mung nyawang Diman sing sik mesem karo nyekeli rambute.

“Wangi, aku seneng.”

Mari disauri ngunu, Wiji ora nyawang Diman maneh. Wedi lek pacare nesu, Diman sing mau lungguhe rodok mundur langsung maju, njejeri. Tangane wis ora nyekeli rambute Wiji.

“Nesu?”

“Gak. Lha lapo?”

“He…he…he…” Diman cengengesan.

“Sampeyan iku sing nesu paling, lapo lungguhe nang mburi ngunu mau.”

“Gak, gak nesu. Enak ngene, aku seneng. Cek iso ngambu rambutmu.”

Wiji ambekan rodo dowo trus mbalik nyawang penyanyi sing sik nuruti penonton. Ngerti Wiji ora nesu, Diman mundur maneh. Nang lapangan, lampu ora patio padang, masio akeh uwong ning malem minggu ngene Diman ora dhewe. Akeh penonton sing koyo dheweke karo Wiji, lagi pacaran. Wong lanang sing kesenengen iku mbalik maneh dolanan rambute Wiji.

Pas wong loro iku wis rabi, kebiasaane Diman sik digowo. Manten anyar ora bedo karo wong pacaran, sik seneng-senenge. Lek mangan bareng, Diman mesti milih nang sandinge Wiji, ora nang ngarepe. Nang acara opo ae, Diman luwih seneng lek iso nang sandinge Wiji karo rodo mundur sithik. Lek pas pacaran malem minggu metu, mari rabi malem minggu ora mesti metu. Wong loro iku kadang mung milih nonton tipi bareng.

Koyo malem minggu iki, mari mangan Wiji karo Diman milih glesotan nang ngarep tipi, ndelok sinetron. Hawa sing biasa sumuk, rodo adem mergo udan. Jam setengah wolu ning rasane wis bengi nemen, nggarai wong ngantuk.

“Arek kok jahat.”

Wiji ngomentari pemain sinetron nang tipi. Diman sing mung melu-melu nonton ora komentar. Wong lanang iku luwih seneng nyekeli rambute bojone.

“Ngunu iku gak usah dikonco, tinggal lungo ae.”

Wiji sik ae komentar. Ndelok bojone ngomel dhewe, Diman mung mesem. Lek mau Diman nyekeli rambut karo diambungi, saiki tangane wis ganti cekelan.

“Mas.”

“Opo?”

“Keri.”

“Hehehehe…” Diman mung cengengesan diprotes bojone.

“Lek aku wis tak gibeng arek koyok ngunu, mbencekno.”

Selot gemes, Wiji ngomel karo ngremeti tangane dhewe. Ndelok sinetron ancen garai mangkel dhewe. Ceritone jahat-jahat.

“Mas!”

Lek mau mbengoki tipi, saiki Wiji mbengoki bojone maneh.

“Lha aku dolanan opo?”

Diman malah ganti takok pas diprotes mergo ngganggu Wiji sing asik nonton tipi.

“Turu ae yuk, timbang ndelok tipi nesu-nesu dhewe ngunu.”

“Emoh.”

Ora gelem ninggal tipi, Wiji sik ae mentelengi sinetron sing nggarai dheweke mangkel dhewe. Diman yo ora melu ngalih, wong lanang iku pancet lungguh karo nggudani bojone.

Sttttttt…

“Ngentut?”

Ora  noleh nang bojone, Wiji mung manthuk. Diman sing kaget mergo moro-moro mambu bosok langsung nutup irunge karo ngadeg.

“Lek ngentut ki ngalih, ambune koyok ngene.”

Lek mau ngguya-ngguyu dhewe, saiki ganti Diman ngomel-ngomel.

“Salahe dhewe lapo lungguh kono,” omonge Wiji karo matane sik mentelengi tipi.

Mangkel dientuti bojone trus yo ora rumongso salah, Diman sing wis ngadeg nyeklekno tipi. Adegan sinetron sing lagi seru langsung ilang, wong tipine dipateni.

“Mas!”

Wiji mbengok banter. Diman mlayu mlebu kamar, turu.

 

PKI


Seated Lady, Sudarso
Seated Lady by Sudarso

Jenenge kerjo dewe, dudu pegawai, kudu siap lek duit sing iso diolehno ora mesti. Koyo opo sing lagi dirasakno Diman saiki. Dadi tukang gawe perkakas omah, kadang akeh pesenan, kadang yo sepi. Wis rong minggu iki Diman ora oleh garapan. Ben dino saiki kerjone ngramuti kayu-kayu siso mejo kursi garapane. Serbitan digawe mejo, kursi, truk-trukan dingge anake. Sing rodo apik digawe rak, bipet cilik-cilikan, trus dipajang, didol. Be’e ono sing butuh.

Seje karo Diman sing kerjone ora patio akeh mergo sepi, Wiji pancet garapane. Ngurus omah ora podo karo wong kerjo. Gawean ora tau entek, mesti onoke. Ning wong wedok sing wis omah-omang meh telung taun iku wis ngerti resikone nduwe bojo dudu pegawai. Ora sambat, wong wedok iku nglakoni opo sing dadi kewajibane.

“Maem sik, Pak.”

Lek pas garapan akeh, Diman kerjo nang bengkele sing ora adoh soko omah. Ning lek lagi sepi ngene wong lanang iku milih kerjo nang omah. Kayu-kayu pilihane wis diusungi kaet wingi-wingi. Sengojo digowo mulih cek iso digarap nang omah karo momong anake.

Nduwe lemah, masio ora sepiroo, sing ditanduri sayuran ancen iso ngewangi ngisi piring. Isuk iki wong wedok iku masak terong. Dingge bojone, teronge dijangan lodeh. Dingge anak lanange, teronge digoreng tepung. Kriuk-kriuk, masio dudu pitik, Tomin seneng. Mari mangan bareng, Diman nerusno gaweane. Tomin sing wis wareg melu bapake nang samping omah.

“Apik iki, cocok dingge awakmu.”

Wiji nyawang klambi sing dicekel Wiwit, tanggane. Ora nyauri, Wiji mung gedheg alon.

“Utang lho gak popo. Koyok biasa, ping telu.”

“Wiji mosok tau utang. Langsung lunas lek tuku.”

Awan pas lagi nang warung sebelah tuku gulo, ono bakul klambi mubeng sing lagi nawakno dagangan.

“Iki dastere anyar-anyar, kulakan ko Solo aku. Adem wis lek digawe, enak.”

“Piro?”

“Sewidak.”

“Halah, larangmen.”

“Iki kaine seje. Demoken ta, alus ngene. Iki gak nggarai sumuk.”

“Kabeh daster yo gak nggarai sumuk.”

“Woo…yo gak. Sing biasane kae kaine kan sumuk, kaku. Iki alus, jajalen ta lek gak percoyo.”

Ora suwi-suwi. Mari disusuki, Wiji pamit mulih. Dudu ora seneng ndelok bakulan ngunu iku, ning wong wedok iku wedi pingin. Mending ndang mulih.

“Mak, eek.”

“Karo Pak’e, sik dondom iki.”

“Emoh.”

Ora gelem dikancani bapake, akhire Wiji neleh dom karo benange. Wong wedok iku ngetutno anake sing wis mlayu dhisikan nang WC.

“Wouh, PKI!”

Wiji sing wis mari ngurusi anake sing ngising mbalik nang mejone maneh. Wong wedok sing lagi dondom iku kaget pas bojone moro-moro mbengok nang sanding.

“Ngaget-ngageti ae,” omele.

“Bahaya iki.”

“Kecubles matane yo bahaya.”

“Terlarang iki,” Diman sik ae komentar. “Ati-ati lho, Mak.”

Mesti aneh-aneh, pikire Wiji. Oran gurus bojone, Wiji nerusno lek dondom.

“Ck…ck…ck, iki lek pulisi ngerti ngunu mbuh lho iki.”

“Opo sih?”

“PKI.”

“PKI opo, wong dondom ngene kok.”

“Lha iyo, PKI iku, Penjahit Kutang Indonesia.”

Mari ngomong Diman ngguyu-ngguyu dhewe. Wiji sing mangkel mung nyebek sediluk. Ora ngalih, Diman malah lungguh sanding bojone.

“Tumben gak njaluk tuku.”

“Iki yo sik iso digawe.”

“Lek wis molor yo gak tepak.”

“Makane didondomi, cek tepak.”

Diman nyawang bojone. Wong lanang iku kroso ora enak atine, ora penak karo bojone. Diman ngerti bojone iku paling seneng karo gombal sing jenenge kutang. Timbang klambi, bojone iku luwih kerep njaluk ditukokno kutang.

“Kae onok duit lek pingin tuku,” omonge.

“Gak. Iki mung mbenakno sithik, sik apik iki.”

“Aku gak pingin awakmu ditangkep pulisi, Mak.”

Wiji nyawang bojone. Wong wedok iku bingung.

“PKI saiki terlarang, onok undang-undange.”

“Embuh.”

Dipikir bojone kate ngomong temenan, tibake sik nggudo. Ndelok bojone mangkel digudani, Diman mesem kesenengen.

“Pak,” Wiji sing mau mangkel ning terus dondom moro-moro nyelehno dondomane.

“Opo?”

“Temenan kate nukokno kutang?”

Diman sing mau nawani, bareng ditakoni temenan ora langsung nyauri. Wong lanang iku ganti nyawang bojone. Lanang wedok iku akhire sawang-sawangan.

“Bahaya iki, luwih bahaya timbang PKI. Gak trimo terlarang, Mak, iki haram hukume.”

Mari ngomong, Diman langsung ngadeg, ngalih.

“Mbelgedes,” saure Wiji karo mecucu.

***