Uncategorized

Antri


Anak Warung Nasi karya Djoko Pekik http://archive.ivaa-online.org/

“Kok awakmu suwi gak ketok, Ji, nang ndi ae?”

Wiji sing lagek numpak sepeda nang embong dibengoki tonggo sebelah gang omahe. Wong wedok iku langsung ngendekno lek mancal sepedae. Sing mbengoki jenenge Yu Mi.

“Kate nang ndi?”

“Tuku lawuh, Yu.”

“Lha iyo, kok suwi men gak ketok awakmu. Mari lungo ta?”

“Mosok sih, Yu. Aku nang omah kok. Ancen gak metu-metu sih, wong sik pandemi.”

“Halah, pandemi opo. Delok kae wes podho rame.”

“Saiki lak an.”

“Gak, kaet wingi-wingi yo ngene kok. Temenan gak mari lungo ta awakmu?”

“Enggak, ndok omah aku.”

“Oalah, yo aku sing gak eruh berarti. Lha iki kate nang ndi?”

“Iki Tomin njaluk soto. Kate tak tukokno soto pojokan kono.”

“Sotone Cak Di ta? Ruame lho kono. Yo ancen murah sih, ning lek jareku yo gak patio enak. Biasa.”

“Ho oh, Yu. Golek sing cedek ae. Ngenteni sing lewat yo yahmene gurung onok.”

Wiji pamit. Wong wedok iku nerusno lek nyepeda nang warung soto. Bener omonge Yu Mi, warunge Cak Di wis rame. Warung soto iki sing paling cedek omah, sing buka paling isuk. Biasane yo ono sing lewat ider ning Tomin ora kanten, njaluk ndang ditukokno. Nang warung sing tuku mangan nang nggon podho lungguh, sing mbungkus ketok ngadeg antri.

Wiji njagang sepedae trus melu antrian. Kiro-kiro ono wong sepuluhan. Lumayan batine. Mari Wiji ngantri nang mburine ono wong tuku teko. Wong wedok umur rong puluhan nggendong arek cilik umur telung taunan. Ora koyo Wiji sing antri, wong wedok iku langsung maju nyedek nggon bakule. Nang njero ati Wiji mbatin, lho opo ora melu antri. Wiji nyawang wong wedok iku, sing disawang meneng ae nang samping wong antri sing wis ngarep dewe.

Batine Wiji bek. Maksude iku kate ndusel ora melu antri, dheweke takok nang awake dewe. Wiji nyawang maneh wong wedok sing ora antri nang mburi iku. Sing disawang nyawang balik trus nyawang nggon liyo. Rasane kudu nesu, ning Wiji ngempet. Dudu modele Wiji lek gawe rame-rame, masio dheweke yo gelo kok ono wong sing sak karepe dhewe. Lek didelok ngunu saiki raine Wiji mungkin bakal ketok lek dheweke protes, ning mergo maskeran dadi ora ono sing eruh.

“Selak kebelet pipis ta?”

Sing ditakoni gedheg.

“Lara?”

Gedheg.

“Wong omah onok sing lara nemen trus njaluk soto?”

“Mboten.”

“Yo sukur. Iku anakmu sehat, gak lagi lara kan?”

“Mboten.”

Wiji sing mau meneng, mung umek karo batine dhewe krungu rame-rame nang ngarepe langsung clingukan. Wong wedok sing ora ngantri mau lagi diomeli karo wong wedok sing yo lagi antri.

“Lha iyo, wong yo gak lagi lara. Podho-podho lagi butuhe kok kate nyrobot ae. Iku sing mburi lho antri meneng ae.”

Mbak Denik, wong sing lagi ngomeli wong wedok sing ora gelem antri iku, suwarane krungu sak warung. Ora banter nemen sakjane, ning warunge yo ora gede dadi podho krungu.

“Aku kesusu, Mbak.”

Wong wedok sing diomeli Mbak Denik mergo kate nyrobot antrian ketok abang raine.

“Lha mbok pikir sing antri sakmunu dawane iku wong nganggur kabeh? Gak nduwe gawean, gak nduwe urusan? Kabeh yo nduwe urusane dhewe-dhewe ning yo antri. Sak karepe dhewe ae.”

Dibalesi, Mbak Denik selot banter lek ngomel. Wong wedok sing tibake mau wis antri nang ngarepe Wiji rodok adoh iku mangkel ono wong kaet teko njaluk didhisikno.

“Pun, Mbak. Niki njenengan riyen,” bakule melu omong.

“Lho yo ancen wayahku,” saure Mbak Denik, “Kae lho sing mburi sakno.”

“Nggih, mangke kulo melu urutan,” bakule ngomong maneh.

Ora pingin rame-rame nang warunge, bakule ngode wong wedok sing nyrobot iku kon mundur melu antri.

“Mbarang-mbarang ki melu aturan. Jelas-jelas kancane podho ngadeg antri kok iso-isone nyrobot.”

Selot akeh sing merhatikno, ndeloki, Mbak Denik selot akeh protese. Masio liyane ora melu omong, koyo Wiji, ning nang njero ati podho seneng. Ancen koyo ngunu iku ora oleh dijarno, masio akeh sing males rame. Isin disawangi wong akeh, akhire wong wedok sing kate nyrobot antrian ngalih. Ora ngalih nang mburine Wiji ning ngalih ora sido tuku.

“Soto gak enak ae, emploken kono.”

Masio omonge lirih ning sing nang sandinge podho krungu.

“Woo, ancen wong gak ngerti tata krama. Lek gak enak lapo yoan mau rene.”

Mbak Denik selot mangkel. Bakule sing melu krungu yo malih mangkel ning meneng ae. Wiji sing mung ndelok ora omong opo-opo. Wong wedok iku rodo kaget ning nang njero ati lego ono sing wani protes koyo Mbak Denik.

Mari wong wedok iku ora ketok saka warung, wong-wong nang warung langsung podho rasan-rasan.

“Ancen wong aneh.”

Uncategorized

Klambi Abang Kembang-Kembang


Diman lagek ae lungguh. Wong lanang iku mari mulih kerjo. Ora ndang adus, koyok biasane wong lanang iku milih leyeh-leyeh nang teras, ngisis. Rokoke pating kebul. Masio rodok ngurangi ning wong lanang iku ora iso lek kon mandeg blas. Lambene pait. Kadang yo kepikiran pingin mandeg, opo maneh gawean sik seret ngene iki. Jatah rokok iso dingge liyane, ning angel.

Lagi enak-enak rokokan karo nglamun, bojone mecungul nggowo kopi. Ora atek omong, Wiji neleh gelas kopi ning sandinge bojone. Wangi. Wong wedok iku kaet ae adus, ambune seger langsung mlebu nang irunge Diman.

“Lapo?”

Ora disauri.

“Lapo sampeyan iki? Kesurupan mbuh,” omonge Wiji mangkel.

Diman gragapan. Wong lanang sing mau enak-enak lek rokokan iku kaget ndelok bojone. Dicandak kopine trus disruput. Mari ngunu disawang maneh bojone sing sik ngadeg nang ngarepe.

“Wooo…kesurupan temenan mbuh ngko,” omonge Wiji karo ngalih, mlebu omah.


Diman wis ganteng. Kaet mulih kerjo wong lanang iku ndang-ndang budal adus. Ngko mari isya’ wong lanang iku kate dolan nang kosane Wiji. Rodok dredegan mergo iki pertama dheweke oleh moro dolan. Kaet wingi-wingi taren kate dolan ora diolehi. Disawang raine nang koco, wis apik.

“Wis maem?”

Diman meneng ae. Wiji sing lungguh nang ngarepe dadi bingung. Kaet wingi ora diolehi dolan, bareng diolehi malah meneng ae, ditakoni yo ora disauri. Wiji sing mau yo dredegan malih mangkel. Batine wong lanang nang ngarepe iku gelo, nyesel wis dolan. Akhire wong loro iku mung lungguh meneng-menengan.

“Sego goreng!”

Lagi meneng-menengan, ono bakul sego goreng lewat. Wiji sing keluwen lan dinengno ae karo Diman akhire nyeluk bakul sing lewat. Timbang dicangar mending tinggal mangan, batine. Wong wedok iku ngadeg, nyedeki bakul. Masio Diman mau meneng ae, Wiji langsung inisiatif meseno pisan. Didelok soko raine ketoke yo durung mangan, pikire Wiji. Mari pesen Wiji mbalik maneh. Diman sik meneng ae, mung kadang nyawang karo mesem.

“Ojo-ojo arek iki gak bek,” Wiji mung mbatin.

Ora atek suwi, sego goreng pesenane Wiji dadi. Karo bapak bakule langsung diterno.

“Maem sik,” omonge Wiji nang Diman.

Diman sing kaet mau koyok ora nang nggon kaget, ning langsung manthuk. Wong lanang iku bingung dhewe, tapi yo terus melu-melu Wiji mangan sego goreng. Wong yo ancen luwe. Sengojo ora mangan cek iso mangan wong loro.

Ora suwi piring loro podho enteke. Wiji mbalekno piring nang bapake karo mbayar. Diman sing kaet sadar melu mlaku nyusul. Kate dibayar sego gorenge ning Wiji ora gelem. Wis dibayar dhisikan. Akhire wong loro iku mbalik lungguh maneh.

“Tak njupuk ngombe sik,” pamite Wiji nang Diman.

Diman mung manthuk. Ditinggal Wiji mlebu kamare, Diman sing wis wareg mulai sadar. Kaet mau ora ngomong blas koyok wong goblok mesam-mesem ae. Dredeg, ditambah durung mangan, ketambahan ndelok Wiji sing ketok selot ayu nang matane. Wis biasa ndelok Wiji pas bukaan karo bubaran pabrik, seragaman. Bengi iki ndelok Wiji ora atek seragam, klamben abang kembang-kembang sak dengkul, ketok seger.

“Dimimik,” omonge Wiji pas wis mbalik nggowo gelas.

Diman manthuk. Masio wis sadar lek tingkahe ora koyok biasane, Diman sik ae angel omong. Wong lanang iku mung akeh mesem. Wiji ndelok jam nang dinding teras, meh jam songo. Diman sing paham siap-siap kate pamit.

“Wis bengi. Sesuk rene maneh oleh?” omonge nang Wiji.

“Lek meneng ae yo nang omah ae,” saure Wiji.

Diman ngukuri gundule, isin.

“Gak oleh rene?” takone.

“Pokok adus yo oleh. Karo omong-omong barang, mosok lek SMS banter ketemu malah gak omong blas.”

“Hehehehe…”

Diman akhire pamit. Masio nyasat ora ono sing diomongno, wong loro iku podho senenge. Wiji sing mau mikir Diman ora seneng karo dheweke mergo meneng ae, saiki wis lego pas Diman ngomong pingin dolan maneh. Diman sing kaet mau meneng ae wis tekad sesuk kudu iso biasa, biasa koyo lek pas ngobrol nang SMS.

“Klambimu apik,” omonge Diman nang Wiji pas wis kate mulih.

Wiji nyawang klambine.

“Suwun,” omonge.

Nang kamar, Diman getun kok mau koyok wong goblok pas karo Wiji. Wis meneng ae, cengengesan ora jelas, ora sido ngajak mangan nang njobo malah mangan dibayari, wong lanang iku ngoblok-ngoblokno awake dhewe. Dicandak hp-ne trus ngetik SMS.

Awakmu pantes atek klambi iku, ayu.

Biasane elek? balese Wiji nang SMS.

Enggak, ayu yoan. Selot ayu maksude.

Masio mau pas ketemu akeh menenge, wong loro iku nerusno nang SMS. Nganti bengi, nganti salah siji keturon.

“Pak!”

“Gusti! Lapo sih?”

“Kok lapo? Sampeyan kaet mau tak celuki meneng ae kok. Wis surup iki lho, nglamun ae. Sawanen ta sampeyan iki?”

Diman sing kaet mau nang teras rokokan karo ngopi kaet sadar. Pas bojone moro ngelungno kopi Wiji nggawe klambi abang kembang-kembang, klambi sing digawe pas biyen pertama apel nang kosane. Wong lanang iku akhire mung mesam-mesem karo mlaku mlebu.

“Malah cengengesan, kesambet temenan iki,” omele Wiji.

Masio digodani bojone Diman meneng ae. Wong lanang iku seneng. Dheweke seneng ndelok bojone sing nggawe klambi abang kembang-kembang, klambi sing nggarai dheweke selot tresno nang Wiji.

Uncategorized

Luluran


Ilustrasi lukisan Basoeki Abdullah “Bidadari Mandi”

“Yo anggep ae nyangoni ponakan, Mak.”

Wiji meneng. Wong wedok iku ora nduwe niat kate nyauri bojone. Kaet isuk lek dijak omong bojone mung nyaurine lek ora iyo, yo ora. Males ngomong. Sebabe ora liya mergo Wiji ora sengojo moco WA dingge bojone. Wong wedok iku lagi nyekel HP, kate ndelok tugase Tomin. Ndilalah pas WA soko Neti mlebu.

Ora aneh-aneh sakjane. Neti mung ngomong maturnuwun nang Diman mergo wis disilihi duwit. Wiji sing biasane ora tahu ndeloki WA dingge bojone akhire moco. Dudu WA-ne sing garai Wiji gelo, ning kenyataan lek bojone ora ngomong. Wong wedok iku nelongso, rumangsa dudu sing golek duwit, dheweke sadar ora iso nglarang bojone. Ora ono niat nglarang yoan asline, Wiji ndewe lek disilihi duwit tanggane utowo koncone kerep ora tego.

“Iku wingi nyilih sewu, Mak. Jare lek nunggak maneh, montore dijabel. Iku montore dingge ngojek bojone.”

Wiji sik meneng.

“Aku gak niat nyilihi, wong awake dhewe yo lagi koyok ngene. Sakno…”

Diman sik njelasno.

“Tak kei telung atus, Mak, ko duwit bayaran wingi…”

Wiji sik ae umek karo lek nglempiti klambi. Ora usah dijelasno wong wedok iku yo ngerti karepe bojone, wis paham, ning atine sik lara mergo dheweke ngertine dudu soko bojone. Rasane koyok ora dianggep bojo, ora iso dijak omong.

Sampek bojone budal kerjo Wiji sik meneng. Diman wis njaluk sepuro, ning Wiji sik males omong. Nang kerjoan Diman malih melu meneng. Ora getun mergo ngewei duwit nang Neti, ning mergo lapo kok dheweke ora ngomong nang bojone.

“Mak e nang ndi?” takone Diman nang anake pas mulih kerjo.

“Adus,” saure Tomin.

Diman lungguh nang teras. Bojone lagi adus, mugo-mugo wis enak atine. Biasane yo ora suwi lek nesu. Wong lanang iku wis rencana gek ndang adus cek bojone ora selot nesu. Ditunggu-tunggu sing adus ora metu-metu. Diman sing mau nang teras ganti lungguh nang pawon, cedek jeding.

Biasane paling suwi yo sepuluh menit. Suwi maneh lek karo ngising. Iki dirungok-rungokno yo rame, bola-bali grujukan. Ning ora pingin ngganggu bojone, Diman anteng lek lungguh ngenteni. Meh setengah jam bojone lagek metu. Rambute teles, mari kramas. Awake dianduki, Wangine sabun karo shampo, seger. Ndelok bojone metu soko jeding, Diman mesem. Sing dimesemi meneng ae, bablas mlebu kamar.

“Adus ae lah,” omonge Diman lirih.

Masio ora diaruhi bojone, ning ndelok rupane Wiji, Diman mikir bojone wis ora nesu. Malah wis adus kramas resik ngunu iku, mbayangno thok ae Diman mesem-mesem dhewe, seneng.

“Maem, Mak.”

“Kene karo Pak e ae.”

Wayahe mangan, Diman ndang-ndang nyandak anake. Wong lanang iku lagi pingin ngerah atine bojone. Biasane adus aras-arasen, iki mau dheweke wis adus resik. Rodok suwi sisan, melu-melu bojone. Lek biasane njupuk klambi sak-sak e, iki mau milih kaos sing rodok apik. Alon-alon mergo ora pingin ngrusak tatanan klambi nang lemari. Sarunge sing digawe mau bengi digowo nang mburi, ganti sing rodok anyar.

Bojone sik meneng ae, ning saiki raine wis enak. Ora mrengut, malah ketok koyok mesem, seneng atine. Diman sing melu seneng ora nakon, timbang ngko salah omong. Wong lanang iku kegowo seneng ndelok bojone sing seger.

“Biasane ngunu, wis gak nesu ning isin lek omong soale kadung nesu,” batine Diman.

Sing penting wis ora nesu. Aman, pikire. Jam songo anake wis merem. Sakjane Diman wis kaet isya gemes karo Tomin. Anake iku ngajaki dolanan ae ora ndang turu. Bojone kaet mau nang kamar, embuh lapo. Pikire diurusi sik anake, cek ndang merem, ngko gek ngurusi emake.

Mari anake merem, Diman nyusul bojone. Bojone durung turu, mari mberesi mejo riase. Masio wis kaet magrib mau lek adus, ambune sik wangi. Irunge Diman sing wis gletakan sik ngendus-endus. Ora mung adus kramas, mesti iki atek luluran karo creambath barang. Alhamdulillah, batine Diman. Wong lanang iku mesem-mesem dhewe karo ngenteni bojone mapan.

“Lapo?”

“Hehehe…”

Diman ngelus-elus rambute bojone sing dowo. Diambungi rambute bojone, enak ambune.

“Merem,” omonge Wiji nang bojone.

“Kok merem sih, wis wangi ngene hehehe.”

“Wis bengi, ngantuk aku,” saure Wiji.

“Sik yahmene hehehe…”

Diman sik ae cengengesan nggudo bojone. Sing digudo mung mesem karo merem. Atine wis ora lara, malah seneng.

“Madep rene ta,” omonge Diman nang bojone.

“Aku lagi wayahe,” saure Wiji.

“Heh?” Diman kaget.

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku nerusno lek merem, turu.

Diman lungguh. Disawang bojone sing merem karo mesem.

“Lha lapo atek kramas barang? Lapo atek luluran barang?” takone Diman nang bojone.

“Lha opo gak oleh? Wong adus resik kok gak oleh,” saure Wiji karo pancet merem.

Diman sik ketengengen. Wong lanang iku ora iso omong opo-opo. Akhire melu ngletak maneh.

“Awak,” omonge lirih karo melu merem.

Uncategorized

Undangan


Ilustrasi dijupuk soko freepik.com Group of friends celebrating birthday, jumping out of gift box with confetti and balloons. Vector illustration for surprise party, celebration, festive event, presents, fun, friendship concept

“Mak, oleh undangan.”

Lagi resik-resik omah, Wiji dikageti anake sing mlayu nyedeki karo nyekel kertas nang tangane.

“Undangan opo? Ko sopo?” takone nang anake.

“Ulang taun.”

“Heh?”

Umur sakmene, oleh undangan ulang tahun rasane aneh. Dudu ora ono, ning biasane ora ditulis ulang taun. Yo koyo ngundang slametan, mengeti neton. Wiji mbuka kertas sing dilungno anake. Diwoco alon-alon undangan ulang tahun sing wernone pink iku.

“Oalah, iki Zahra sing ulang tahun. Guduk dingge mak e, dingge sampeyan,” omonge Wiji nang anake.

“Aku?”

“Ho oh. Sesuk Zahra ulang tahun, sampeyan diundang kon nang omahe jam 9 isuk.”

“Ulang taun nyapo, Mak?”

“Ulang taun ki memperingati hari lair, ngko ndungo ngunu, ndungakno sing ulang taun cek sehat, pinter, bahagia.”

“Memperingati ki opo, Mak? Slametan? Oleh berkat?”

“Yo koyok slametan, biasane tiup lilin karo nyanyi trus maem-maem. Ngko sampeyan nggowo kado, dikekno sing ulang taun.”

“Asik. Tumbas kado, Mak.”

“Ho oh, sik. Tak marekno lek resik-resik.”

“Asik. Ditumbasno klambi, Mak?”

“Heh? Ngge sopo? Sampeyan nggawe klambimu dhewe, sik akeh kae. Dingge Zahra ngko digelokno nang toko ngarep pasar kae, sik.”

Wis kesenengen, mbayangno kate moro nang acara ulang taun, Tomin joget-joget. Arek lanang iku seneng. Biyen cilikane yo wis tahu oleh undangan ulang taun, ning lali, sik keciliken. Mari lek resik-resik, Wiji adus. Wong wedok iku ngajak anake nang pasar golek kado. Zahra sik umur telung taun, luwih cilik timbang Tomin. Wiji ngejak anake milih dolanan dingge kado.

“Dibungkus, Mak?”

“Ho oh, dibungkus dhewe ngko nang omah.”

Isuk-isuk Tomin wis njaluk didusi emake. Arek lanang iku wis ora kanten pingin ndang budal nang omahe Zahra. Wiji karo bojone mung gedheg-gedheg ndelok anake. Mulih soko omahe Zahra, Tomin sik ketok seneng. Arek lanang iku mbayangno lek dheweke sing ulang taun. Nganti sore, pas bapake mulih kerjo, Tomin langsung ngomong.

“Aku sesuk ulang taun ya, Pak.”

“Lha sesuk tanggal piro? Sampeyan gak wayahe ulang taun kok.”

“Yo sembarang, sing penting nggawe jajan trus tumbas roti dikei lilin.”

“Yo gak ngunu. Ulang taun yo kudu pas hari laire. Sampeyan sik suwi, telung sasi maneh.”

“Ho oh, Mak?” ora percoyo omongane bapake, Tomin nakok nang emake.

“Ho oh, bulan Agustus sampeyan ulang taune.”

“Suk ulang taun ya, Mak.”

Wiji ora nyauri, wong wedok iku mung manthuk.

“Jajane enak, rotine enak. Aku suk yo ditumbasne ngene ya, Mak. Rotine sing gedi, liline akeh.”

“Gedi-gedi ngko gak entek,” saute bapake.

“Kan dibagi-bagi, dipotongi trus dimaem bareng. Entek ya, Mak?”

“Ho oh,” saure Wiji.

“Pak e gak ulang taun?”

“Enggak, wis gede kok,” saure Diman.

“Lek wis gede nggak ulang taun?”

“Enggak.”

“Lapo?” Tomin sik takon ae.

“Isin,” saure Diman.

“Mak e yo gak ulang taun? Isin yoan?”

Bingung nyauri anake, Wiji mung manthuk.

“Mak e kan ayu, gak usah isin. Ulang taun ae, Mak,” omonge Tomin.

“Woo, lek ayu kudu ulang taun?” takone Diman nang anake.

“Ho oh no. Macak koyok Zahra mau, bengesan. Mak e yo nduwe benges. mesti ayu.”

Diman ngguyu banter, Wiji mung mesem krungu omongane anake.

“Yo, Mak, yo. Ulang taun ya?”

“Ho oh. Dikei kado ya mak e suk,” omonge Wiji nang anake.

“Aku sik cilik kok, Pak e sing numbasno kado. Ya, Pak?”

“Mak e ben dino wis tak kei kado,” saure Diman.

“Opo?” takone Tomin.

Wiji nyawang bojone. Wong wedok iku wedi lek bojone nyauri sing ora nggenah nang anake.

“Hehehe rahasia. Wis maem gurung?” takone Diman nang anake, nylimur.

Sik seneng, Tomin wis lali ora pingin nakok-nakok maneh. Arek iku sik nyekeli kardus jajan soko omahe Zahra mau.

“Ulang taun aku dikado lho, Pak,” omonge Wiji nang bojone lirih.

“Wis tuwek ki pantese pendak, guduk ulang taun. Kadone dungo hahahaha,” saure Diman karo ngguyu.

Wiji sing krungu saurane bojone langsung mangkel.

language

Resign


              Sakdurunge kerjo nggarap kayu koyok saiki, gawe mejo, kursi, lemari, sak onoke, Diman tau kerjo dadi kuli bangunan. Wong lanang iku yo tau kerjo nang pabrik. Sing terakhir iki sing nggarai dheweke iso ketemu Wiji, bojone.

              “Leren sik, Man, rokokan kene lho.”

              “Wis mari iki.”

              “Sik kurang mang menit, lapo kesusu?”

              Istirahat nang pabrik karyawan dikei wektu sak jam mulai jam rolas nganti jam siji. Lek Jumat, istirahate maju, jam setengah rolas nganti jam setengah siji. Sabtu mlebu setengah hari, nganti jam setengah loro. Minggu karo tanggal abang libur.

              “Rajin-rajin yo dingge opo, Man, gak bakalan diundakno gajine.”

              Pabrik nggone Diman kerjo nggarap pesenan wesi, macem-macem. Mulai soko wesi tiang dingge nyuplai pabrik liyane nganti peralatan rumah tangga. Karyawane lumayan akeh, meh satusan. Wayahe istirahat mesti rame. Ora kabeh iso istirahat bareng, kadang digawe shif, ning jam mlebu karo mulihe pancet podho.

              “Lha iyo. Kate rajin, kate males yo gajine podho. Wis limang taun nang kene yo ngene-ngene ae.”

              “Yo metu ae, Cak, lek gak pingin ngene-ngene ae.”

              “Ho oh. Aku wis kaet kapan iko mikir kate metu, golek gawean liyo, ning gurung oleh.”

              “Dodolan ae, usaha dhewe. Lek melu uwong ngko yo ngene ae. Bedo nggon, sisteme podo ae. Jenenge buruh, mesti kalahe.”

              “Kapan iko jare wis rame kate diundakno gajine. Wis podho protes, ning sampek saiki gak onok suwarane maneh.”

              “Halah, iku lak akal-akalane grupe Nardi kae. Pas onok butuhe ae kene dijak protes, ning gak tau ngerti hasile.”

              Obrolan wayah istirahat ora tau adoh soko ngomongno gaji. Kerjo wis taunan, uripe pancet ngunu-ngunu ae. Diman dhewe sik kaet telung taunan nang pabrik iku. Durung patio suwi dibanding konco-koncone sing akeh-akeh wis luwih soko limang taun.

              “Buosen aku, Man, ngene ae.”

              “Lha pingine yok opo?”

              “Embuh, aku yo bingung. Kate usaha gurung onok modal, ning lek ngene terus gak cukup. Mosok ben sasi nombok.”

              Sore wayahe mulih kerjo, Diman karo koncone cangkruk nang parkiran. Leren karo rokokan, ngenteni rodok mari kesel.

              “Yo lek usaha mesti butuh modal, Cak.”

              “Awakmu yok opo?”

              “Aku yo gak suwi nang kene, Cak. Pingin kerjo dhewe yoan.”

              “Usaha opo?”

              “Nukang paling. Dodolan aku gak bakat. Lek nukang sithik-sithik aku iso, biyen tau melu nang mebel.”

              “Yok opo maneh. Protes yo gak onok gunane, ngene terus yo kene sing njleput.”

              “Halah, kene ki mung buruh kate njaluk opo maneh. Wis untung onok gawean, ngene-ngene yo iso makani anak bojo.”

              Lagi ngobrol karo koncone, Nardi moro teko nyedeki Diman sing mangkring nang nduwur motor rokokan.

              “Untung gak untung. Garapan selot akeh mosok gaji semene-mene ae. Pabrik lak yo selot gedhe, untunge yo selot akeh.”

              “Selot gedhe yo kebutuhan selot akeh. Timbang nganggur, sakno anak bojo.”

              “Lha koen ngomong ngunu enak, oleh bagian…”

              “Bagian opo?”

              “Wis…wis.”

              Kroso lek suasanane ora penak, Diman langsung ngendekno obrolan. Wong lanang iku ngajak koncone mulih. Kerjo nang pabrik, akeh uwong ngene, mesti akeh kepinginane, karepe.

              “Lek gak cocok yo metu, gak usah kakean cangkem.”

              Sakdurunge ngalih, Nardi ngomong rodok banter nang Diman karo kancane. Nardi dudu buruh biasa, wong lanang iku melu serikat nang pabrike. Biyen-biyen dheweke sing mesti mbelani koncone, ngajak rapat mbahas kebutuhan karyawan lan tuntutane.

              “Lek wis ditabok duwit yo ngunu iku dadine, lali konco,” omonge koncone Diman lirih.
              “Wis, ayo mulih.”

              Awale mung soko lambe, protes. Suwi-suwi selot rame, ono sing ngejak mogok. Diman sing dikenal akeh konco, dijak rembukan mbahas masalah konco-koncone sing pingin protes.

              “Perwakilan ae, Man.”

              “Guduk gak gelem aku, Cak, ning aku yo wong anyar itungane. Luwih apik lek Cak Trimo kae, wonge yo kalem.”

              “Yo lek kalem malah gak dirungokno ngko.”

              “Lho, kan butuhe kene menyampaikan. Justru wong koyok Cak Trimo kae apik, bosone apik, ngerti masalahe. Lek mung pingin geger ngko yo dadine gak apik, sakno arek-arek yoan.”

              Wis seminggu nang pabrik rame. Cak Trimo akhire dipilih dadi perwakilan. Nardi protes. Kudune dheweke sing maju, ning konco-koncone wis ora ono sing percoyo.

              “Mogoko kene sing kalah. Gak mlebu, gaji dipotong. Gak diundakno, malah entek, ajur.”

              “Makane gak usah kakean petengseng. Kabeh ki lagi angel saiki. Wis ta lah, disyukuri ae sik iso kerjo.”

              Selot ruwit, ora ono perubahan. Protes yo ora ditanggepi. Meneng ae yo ora kuat, akhire mung garai podho males kerjo.

              “Wong garek kerjo ae, ndadak kakean cangkem. Wis syukur gak dipecat. Sik nduwe gawean, oleh gaji. Metu yo gurung ngarah oleh gawean. Kere ae kakean polah.”

              Ono sing setuju, ono sing ora. Ono sing protes, ono sing trimo. Kabeh milih dhewe-dhewe, disesuaikno karo karep lan kebutuhane dhewe-dhewe.

              “Diman sido resign, metu?”

              “Ho oh.”

              “Halah, kate kerjo dadi opo yoan. Sok idealis. Idealis iku lek wis sugih. Kere kok idealis.”

art · language

Salah Jaman


radio
Ilustrasi diambil dari Google

“Iki sopo, Pak?”

“Lha sopo lho.”

Tomin nyawangi foto sing dicekel. Foto sing wis burek iku diemat-emati.

“Sopo ya, iki?” takone maneh, saiki arek lanang iku nakoni awake dhewe.

“Mirip sopo?” takone Diman maneh nang anake.

Tomin gel-gelo. Foto sing disawang gambare arek wedok. Rambute sak pundak, awake cilik, ora patio duwur yo ora endek, Kulite coklat rodo gosong.

“Elek yo, Pak.”

Diman sing lagek nyruput kopine meh ae slalapen. Wong lanang iku ngelap kopi sing muncrat soko lambene.

“Hahaha ojo banter-banter.”

“Lapo, Pak?”

“Gak popo, ngko krungu sing nduwe poto hihihihi…” omonge Diman karo sik ngguyu.

Tomin sing durung nemu sopo uwong sing nang foto selot penasaran. Arek lanang iku neleh foto nang krenjang sepedae trus budal dolan.

“Pak, radioku mati.”

Wiji sing mau nang mburi moro mecungul nang ngarep omah.

“Yo wis kesel iku. Leren sik,” saure Diman.

“Gurung ditontok kok wes komentar,” Wiji protes.

“Yo wis jelas. Wong ben dino mbok keloni ngunu, mumet iku.”

“Halah. Tontoken diluk ae lho, Pak.”

Wiji sing wis nyekel radione, mekso bojone mbenakno radione sing suwarane grak-grok, ora apik koyo biasane.

“Pijeti, sik.”

“Nang ndi-mdi ki kerjo sik kaet njaluk bayaran. Dicek ae gurung wis njaluk upah,” Wiji protes nang bojone.

Diman nyawang bojone sing sik nyekel radio. Radio transistor lawas, bentuke kotak, wernone ireng. Radio tinggalane emake Wiji. Jaman semono, Wiji sik urip nang ndeso karo bapak emake, radio iku wis dadi kesayangane. Biyen cilikane Wiji, emake biasa ngrungokno sandiwara radio. Masak, umbah-umbah, lapo ae kegiatan nang omah, radio ora tahu mati.

Sak uwise emake ora ono, radio digowo Wiji. Masio ta ono TV, DVD player, ning suwara radio ora iso ditandingi. Ngrungokno penyiare ngoceh karo ngenteni lagu-lagu sing diputer rasane nostalgia. Wiji eling emake, jaman sik nang ndeso, ayem atine.

Ning mau isuk radione iku moro grak-grok suarane. Radio sing wis ora atek baterei dicolokno listrik  iku  suarane ora resik.

“Yo sik, mari adus.”

Bengi mari mangan, Wiji, Diman karo anake nyenuk nang ngarep TV. Diman sing mau wis njanjeni bojone kate ngecek radio wis umek karo perkakase.

“Umur iki,” omonge Diman nang bojone.

“Yo dibenakno sik, Pak.”

“Yo iso ae, tapi ojo lali bayarane.”

“Iyo-iyo, tak idek-idek sampek sak kesele.”

“Pijeti, gah aku mbok idek-idek. Koyok awake cilik ae. Mari kesel gak, selot ambyar awakku ngko.”

Wiji mesem. Opo ae sing penting radione iso muni apik maneh. Tomin sing turu-turu nang kursi ngenakno ngombe susune sing diadahi botol.

“Mak, iki sopo?”

Arek lanang iku moro eling karo foto sing kaet isuk dicekeli, digowo wira-miri sepedaan.

“Wouh, ko ndi iki?”

Wiji kaget ndelok foto sinh dicekel anake.

“Lemari,” saure Tomin.

“Ojo dingge dolenan iki, rusak ngko,” omonge Wiji maneh karo njaluk foto soko anake.

“Sopo iki, Mak. Ireng,” omonge Tomin.

Wiji menteleng. Diman ngempet ngguyu.

“Mbuh sopo iku,” saure Wiji.

“Nden-nden sawah,” saure Diman.

Wiji nyebek.

“Ojo dingge dolenan iki, disimpen,” omonge Wiji maneh nang anake.

“Nden-nden sawah opo, Mak?”

“Takono Pakmu kae,” omonge Wiji karo ngalih.

Wiji nyawangi foto sing dingge dolanan anake. Wong wedok iku mesem, ngempet ngguyu. Lek dieling-eling foto iku dijupuk kiro-kiro pas awake umur telulas taunan, jaman SMP. Wiji sing sik urip nang ndeso, biasa dolan nang kali, lapangan, sawah, tegalan, ngluthus ae pokoke.

Ora ono jenenge mulih sekolah trus ndekem nang omah. Konco-koncone mesti wis ngumpul, siap ngajak dolan. Ora kaget lek rupane buluk, ireng, merhgo ancen durung brai, durung ngerti macak.

91.6 Widuri FM kembali bersama Sentot akan menemani malam Jumat pendengar setia program Horor Bersamamu…

“Wis iso, Pak?”

Wiji sing krungu suara radio langsung mlayu metu.

“Yo jelas iso, aku kok. Ndang kene pijeti.”

Ora nyauri bojone, Wiji langsung njupuk radio nang tangane bojone. Wong wedok iku ketok seneng.

“Lah, malah ngalih. Pijeti kene sik,” omonge Diman nang bojone sing malah siap-siap mlebu kamar.

“Sik, apik iki acarane.”

Wiji ngalih, ora peduli bojone sing protes.

“Lho kan, mbujuk.”

Wiji mapan nang kasur. Wong wedok iku neleh radio nang mejo samping kasur. Malam Jumat wayahe kisah-kisah horor senengane. Diman sing ora trimo melu mlebu.

“Woo, malah ngenakno awake dhewe,” omonge karo melu mapan.

“”Apik iki, Pak. Crito demit pabrik gulo kae lho.”

“Awakmu ki kok aneh. Diden-deni kok malah seneng. TV onok, DVD yo nduwe, sik ae ngeloni radio.”

“Yo bedo. Rungokno ae ta. Crito ngene iki lek sampeyan nontok nang pilem wis jelas kate lapo, ngunu-ngunu ae critane. Lek nang radio ngene, mung suara lak iso mrinding.”

“Aku yo mrinding sanding awakmu.”

Wiji ngabluk lengene bojone.

“Karo mijeti lak iso sih, wong yo mung dirungokno.”

“Yo bedo ngko rasane. Sik ta lah, sak jam thok ae lho.”

“Ancen salah jaman awakmu iku,”

art · language

Gawean Omah


unnamed (3)
Ilustrasi: Lukisan “Ayah & Anaknya” 1936 karya Affandi

 

“Mak e nang ndi?”

“Umbah-umbah,” saure Tomin.

Diman kaet ae mulih kerjo. Wong lanang iku leyeh-leyeh nang kursi karo ngipasi awake atek majalah sing ono nang nduwur mejo. Ora isuk, ora sore, hawane pancet panas, sumuk.

“Pak, ndelok sepur yuk?”

Tomin sing mau sepedaan ngubengi omah, nyedeki bapake. Arek lanang iku ora mudun saka sepedae.

“Pak e kesel, mene ae.”

“Lungguh ae kesel?”

“Woo…yo saiki lungguh, mau yo gak.”

“Aku sepedaan gak kesel.”

Diman nyawang anake. Disawang omahe dolanane anake pating slengkrah.

“Lek sepedaan nang njobo. Dolanane diberesi,” omonge Diman nang anake.

Tomin ora nyauri. Kaet isuk wis sepedaan karo kancane, mulih omah yo sik sepedaan nang njero. Omah ora ombo, dilewati sepeda masio cilik yo ketabrak-tabrak perkakase.

“Mak e kesel ngko.”

“Gak. Mak e kuat,” saure Tomin.

“Lek Mak e kesel, nesu, ngko segomu dientekno mbuh. Gak iso maem sampeyan.”

Tomin nyawang bapake. Arek lanang iku mikir. Mari nyawang bapake, Tomin nyawang dolanane. Diman seneng, batine mari ngene anake trus beres-beres dolanane.

“Gak,” saure Tomin karo mancal sepedae.

“Wooo…anak…”

“Anak opo?”

Durung Diman mari nerusno lek ngomong, bojone mecungul.

“Anakmu hehehe…”

Wiji ngelungno gelas kopi. Wong wedok sing lagek umbah-umbah nang mburi iku krungu suwarane bojone trus langsung nggawekno kopi.

“Wis mari lek umbah-umbah?” takone Diman.

“Uwis. Kate ngewangi ta takok-takok?”

Jenenge Wiji lek kesel gawane pingin ngomel. Diman nyruput kopine.

“Jelas gak,” saure Diman mari nyruput kopi.

Gelas kopine diteleh nang nduwur mejo.

“Umbah-umbah ki pisan ae cek gak kesel,” omonge Diman nang bojone sing saiki melu lungguh, nang ngarepe.

“Yo sampeyan karo  anakmu gak usah ganti klambi. Pisan ae.”

Salah maneh, batine Diman. Ancen wong kesel ki ora usah ditakoni. Ning lek meneng ae ngko jarene ora peduli. Ditakoni yo nyaurine ngejak gelut.

“Sepedaan nang njobo kono lho. Iku dolenanmu pating slengkrah, diberesi,” bengoke Wiji nang anake.

Sing dibengoki ora nyauri. Malah nerusno lek sepedaan tekan pawon.

“Iku ngko lek sampek nabrak gelas opo piring, tak a…”

“Tak ambung?”

Diman ndisiki omongane bojone sing nyeneni anake.

“Ojo dibelani,” saure Wiji.

Diman mesem. Omahe lek ora rame, rasane koyo ono sing ilang. Masio mulih kerjo kesel, wayahe leren, wis biasa krungu bojone karo anake bengok-bengok.

“Mene aku kate melu Mbak Tri, Pak. Ngancani blonjo.”

“Nang mal?”

“Gak, nang pasar. Kate slametan.”

“Emang pasare wis buka?”

“Uwis. Pokok maskeran, ngko dicek suhune sik lek kate mlebu, lek panas gak oleh.”

“Lha bathukmu opo gak ben dino panas? Ngko gek gak oleh mlebu.”

“Panas lek gak nduuwe duwit,” saure Wiji.

“Woo yo aman lek ngunu. Duwite sik akeh kan?”

Diman ngguyoni bojone. Sing diguyoni mung nyebek.

“Min, mandeg,” Wiji mbengoki anake maneh.

“Sik ta, Mak,” saure Tomin.

“Ayo adus.”

“Cupangmu nang ndi?” takoni Diman nang anake.

“Mati,” saure Wiji.

“Gak mati, semaput,” ganti Tomin sing nyauri.

“Semaput opo, wong ngambang ae ngunu kaet mau, gak obah blas.”

“Heh, wis mati?” takone Diman.

“Yok opo gak mati wong botole diubek-ubek ae kok,” Wiji nyauri.

Tomin meneng ae. Arek lanang iku mudun soko sepedae. Iwak cupang sing ditukokno bapake wingi nane wis ora obah. Sik nang botol, ning meneng ae.

“Gak tak ubek, Pak. Tak jak sepedaan.”

“Yo bener iku, cek melu sehat ya.”

“Ho oh, cek oleh sinar matahari, berjemur.”

“Iwak kok djjak berjemur, yo kepanasen,” Wiji protes. “Ayo, adus.”

Wiji nyandak anake, arek lanang iku digendong dijak adus. Diman sing sik ngeluh boyok nerusno lek leyeh-leyeh.

“Pak, tak tinggal sik. Ojo lali pesenku mau.”

Isuk-isuk Wiji wis dandan ayu. Wong wedok iku dijak blonjo nang pasar karo tonggone, kon ewang-ewang. Anake sik turu. Diman sing wis melek, ning sik aras-arasen tangi ora nyauri.

“Pak,” baleni Wiji.

“Ho oh,” saure Diman karo ngantuk.

Masio ninggal lungo isuk-isuk, omahe Wiji wis resik kabeh. Masak, kumbahan wis mari.

“Pak, maem.”

Ditinggal emake, Tomin ora rewel. Arek lanang iku nang omah karo bapake sing dino iki libur, ora kerjo.

“Sik, Pak e sik repot iki.”

“Maem sik, Pak, gek kerjo.”

“Ho oh, diluk ae. Ndang njupuk dhewe, maem kene.”

Dipeseni bojone kon setriko, Diman diumeki anake sing njaluk mangan.

“Njupukno, Pak, dulang.”

“Woo, lha biasa maem dhewe.”

“Emoh.”

Tomin ora gelem mangan dhewe. Arek lanang sing rung adus iku njaluk didulang bapake sing lagi umek nyetriko klambi sak tumpuk. Diman neleh setrikone. Wong lanang iku budal nang mejo njupukno sego dingge anake.

“Dulang, Pak.”

“Yo gak iso, kekenyos setriko ngko.”

“Iso, gendong.”

“Malah njaluk gendong.”

Jenenge arek cilik. Masio wis biasa mangan dhewe, lek kadung kumat karepe yo mbarang-mbarang njaluk diladeni.

“Nuk kene lho, sanding Pak e.”

“Emoh, gendong.”

Ora kenek dikandani, Diman akhire nggendong anake. Wong lanang iku njupuk jarit soko lemari.

“Ak…” Tomin mangap, njaluk didulang. “Setiko, Pak, seneni Mak e ngko sampeyan.,” omonge ngelingno bapake.

“Lha yo sampeyan iki, Pak e sik repot malah njaluk dulang karo gendong.”

“Mak e ae iso.”

Diman ora nyauri.

“Ji! Wiji!”

Yu Paerah, tonggone Diman, moro teko nang omah, nggoleki Wiji.

“Lagi blonjo, Lik, ngancani Tri.”

“Enake Rek, Wiji, dolen-dolen anake ditinggal nang omah karo bapake. Kapan aku iso koyok ngene iki, ninggal omah sak karepe, kabeh wis resik diurusi bojo.” omonge Yu Paerah ndelok Diman setriko karo ndulang anake.

“Ak, Pak,” njaluke Tomin nang bapake.

art · language

Resepsi


02-59-27-1535359797
Ilustrasi lukisan “Pengantin Baru” karya Kusdono

Wis omah-omah limang tahunan, Wiji karo Diman kerep dadi jujukan arek-arek enom sing kate rabi karo sing anyaran rabi. Ora mergo wis dianggep pengalaman, wong itungane yo sik rung suwi, anak sik siji. Dudu uga mergo dianggep anyar, sik eling jaman kate rabi. Iku ngunu mergo Wiji Diman ketok ayem, anteng.

“Milih nabung dingge tuku omah dhisik, opo resepsi sik, Mas?”

“Yo iku tergantung awakmu wong loro. Kesepakatane yok opo.”

“Lek aku pingini dingge nyicil omah sik, Mas. Koyok sampeyan iku, enak wis nang omahe dhewe.”

“Lho, aku biyen yo tahu ngekos.”

“Mosok?”

“Iyo, setahunan.”

“Ngekos yo gak popo sih, pokok gak bareng morotuwo. Males aku, Mas. Ngko kate mbangkong-mbangkong sungkan hahaha…”

Diman mesem. Sing ngene iki iso dipahami. Masio podo wong tuwone, ning ora gampang urip melu moro tuwo. Dudu wedi, ning sungkan mesti ono.

“Ning timbang ngekos ki yo eman. Lek dingge nyicil omah sisan kan mayan. Dila rung gelem, pingin resepsi. Lha saiki gedunge ae piro, gurung katering karo macake. Akeh.”

Diman ora langsung nyauri. Bab ngene iki ora mung perkoro bener salah, ning yok opo omongan wong loro sing kate omah-omah, sing nglakoni.

“Sampeyan biyen resepsi, Mas?”

“Syukuran, yo podo ngundang uwong.”

“Gak nang gedung kan?”

“Gak. Nang omahe Wiji ae.”

“Nah, iku. Pinginku ngunu ae. Gak kesel, gak kakean duwit.”

“Yo gak langsung dipadakno ngunu. Diomongno wong loro, enake karo karepe yok opo. Keluarga sisan kan ngko yo urun, seenggake rembugane.”

“Iyo sih.”

Deni, arek lanang sing kaet mau nongkrong nang nggon kerjoane Diman manthuk-manthuk. Rencanane Deni kate rabi karo Dila, konco kerjone sing dipacari kaet telung tahun kepungkur.

“Lha kapan iku acarane?” takone Diman.

“Besar, Mas.”

“Nem sasian ngkas yo.”

“Ho oh, makane iku mumet iki.”

Diman mesem maneh. Bab cilik sing ora sepele. Wong rabi ora butuh cinta thok. Ngko mari rabi manggon nang ndi, resepsi opo ora, sing kerjo loro-lorone opo salah siji, kabeh kudu diomongno, disepakati.

“Lapo, Den? Calon manten kon ruwet raine hahaha…”

Arip sing kaet teko, saka tuku rokok, langsung melu ngomong.

“Rapat,” saure Deni sak keneke.

“Rabi gak usah kakean dipikir, dilakoni ae.”

“Rabi kok gak oleh dipikir, yo mesti mikir lah,” saure Deni.

“Lek mbok pikir malah gak kedadean ngko, gak sido. Ruwet.”

“Yo gak ngunu. Yo kudu dipikir ning ojo nemen-nemen cek gak stres,” saure Diman.

“Mikir gak nemen ki yok opo, Mas? Mikir yo mesti nemen, trus mumet, trus stres. Sing bener yo gak usah dipikir blas, langsung dilakoni hahaha…” Arip nyauri maneh.

Deni meneng ae, ning arek lanang iku ketok ora setuju.

“Ki, rokokan sik,” omonge Arip maneh karo ngelungno rokok.

Ora mikir, ora mumet, ning yo pancet buyar. Arif jelas ora iso didadekno conto. Masio ancen ketoke seneng terus, ning Deni yo ora pingin koyo Arif. Wong lanang iku wis pisah karo bojone. Wis ora rahasia maneh lek Arif yo kerep ganti gandengan. Deni wis ngroso cocok karo Dila, areke ayu, pinter, kenal apik yoan.

Ora salah lek Dila pingin resepsi. Kerjo kantoran, konco akeh. Durung konco sekolah, kuliah, konco-koncone bapak ibuke. Ning lek eling biayane sing ora sithik, Deni yo eman-eman. Biaya resepsi iso dingge nyicil omah. Lek gelem golek rodo njero malah lumayan, nyicilo ora kesuwen.

“Sing penting ojo mung dibatin. Setuju gak setuju diomongno, digoleki dalan tengahe.”

Diman sing mau meneng, melu ngomong. Dheweke yo ora setuju pikirane Arif. Nang omah, Diman karo Wiji wis biasa ngomong opo ae. Apik elek diomongno cek ora ngganjel. Meneng ae yo ora nggarai masalahe mari. Ora tukaran dudu berarti rumah tanggane apik ae, ora ono masalah. Kadang ono wong sing ancen ora seneng gembrah, sukur iya iyo ning ngempet. Pisan pindo ora diroso, suwi-suwi yo pancet ora trimo.

“Sing penting rabi dhisik. Resepsi lek ancen pingine Dila karo keluargane ngunu yo resepsi ae. Kan wong wedok sing nanggung resepsi,” omonge Arif maneh.

“Yo gak iso ngunu, Mas. Lha mosok kene gak ewang-ewang. Isin.”

“Lha lapo isin? Ngko mari rabi kan yo awakmu sing ngopeni bojomu. Nukokno omah, mobil. Resepsi yo cek keluarga wedok sing nanggung.”

Ora oleh pencerahan, Deni akhire meneng. Arek lanang iku nyandak rokok. Diman mung nyawang diluk trus balik nerusno garapane.

“Pak, nyuwun duwit.”

Tomin moro-moro mecunggul nang nggon kerjoan. Arek lanang cilik iku ora mudun, pancet nang nduwur sepedae.

“Woh, anyar e sepedae,” omonge Deni ndelok Tomin parkir nang ngarep, ngoleki bapake.

“Ho oh no. Pak e!”

Tomin mbengok maneh. Diman sing diceluk ngadeg, nginguk anake.

“Dingge opo?”

“Tumbas jajan.”

“Mak e nang ndi?”

“Lungo.”

Diman ngrogoh sak e, ngetokno duwit sewu trus dilungno anake.

“Mak e golek bapak maneh?” takone Arif ngguyoni Tomin.

“Gak. Golek sate,” saure Tomin karo mancal sepedae, ngalih.

art · language

Cupang


betta-fighting-fish-psychedelic-wallpaper-preview

 

Mari wingi nggegeri sepeda, isuk iki Tomin ganti ribut njaluk iwak. Dudu iwak lawuh, ning iwak urip. Dudu ora nduwe, nang omah sing ancen ono kolam cilik wis akeh iwak. Ono nila, ono iwak cilik-cilik werno abang senengane Tomin.

“Guduk iku, Pak, sing buntute dowo.”

Tomin ngrengik nang bapake.

“Kucing?”

“Iwak, iwak sing berenang.”

“Lha kok buntute dowo?”

“Sing buntute ngene-ngene lho,” omonge Tomin karo ngobah-ngobahno tangane, macak buntut iwak.

“Cupang ta?”

“Sing abang, biru, akeh…”

“Lha biyen nduwe mbok adu, malah podho mati ngko,” saure Diman.

“Enggak. Ya, Pak?”

“Opo maneh?”

Saiki ganti Wiji sing takon. Wong wedok sing mau lagi nyapu omah melu metu krungu anak bojone ribut ae.

“Tumbas iwak ya, Mak?”

“Iwak pithik? Kae mau bengi onok iwak pithik, berkat.”

“Guduk iwak pithik, iwak sing berenang,” saure Tomin.

“Njaluk cupang,” saure Diman.

“Halah, wingi nduwe yo podho mati ngunu. Gak mbok rumat.”

“Enggak. Ngko nggak. Ya, Mak?” Tomin sik ngrayu emake.

Sakliyane sepeda, nang kampung lagi rame arek-arek ngingu iwak. Jenenge arek cilik, biasane sekolah kaet isuk nganti awan, kadang sore, trus saiki blas ora mlebu, diliburno, ono ae sing digoleki cek ora bosen. Iwak sing dipilih cupang. Masio cilik ning bentuk karo wernone apik-apik. Murah lan gampang ingon-ingone. Ning jenenge arek, kadang nyawang thok ora cukup. Iwak cupang diadu.

“Kae iwakmu nang mburi wis akeh. Lucu-lucu, lemu,” omonge Wiji maneh.

“Emoh. Cupang, Mak,” Tomin sik ngrengik.

Dadi wong tuwo ancen ora gampang. Ora tuku klambi, ora mangan, ora dolan mergo kahanan sik durung aman, duwit mepet, iso diempet. Ning lek wis musuh anake ngene iki sing kerep nggarai mumet. Dikandani durung paham, ora dikandani ora ngerti, ora belajar.

“Gak oleh didu lho,” pesene Diman.

“Enggak, disayang.”

“Yo gak usah diambungi sisan.”

“Enggak, ditontok thok. Oleh ya, Mak?”

Wiji nyawang anake trus nang bojone. Iwak cupang regane murah, ning ora mung mergo regane. Ngajari arek cek ora sak karepe sing penting. Ora kabeh kudu diiyani. Ning ndelok raine Tomin sing ngarep, sopo sing tego. Wiji ambekan dowo.

“Oleh, Mak?” Tomin nakok maneh.

“Siji ae,” saure Wiji.

“Asik!”

Tomin lunjak-lunjak saking senenge. Diman mung mesem ndelok anake. Wiji wis ngalih, mlebu omah, nerusno lek nyapu.

“Seneng?”

Tomin manthuk. Lagi akeh sing nggoleki, bakul iwak rame. Mulai arek cilik nganti wong-wong tuwek ngantri tuku iwak. Tomin sing budal karo bapake wis oleh siji, cupang werno biru.

“Apik yo, Pak, buntute?”

“Ho oh. Diopeni sing apik, ojo diubeki banyune.”

“Enggak,” saure Tomin karo mesam-mesem nyawangi cupange sing diadahi botol cilik.

Mari oleh cupang, Tomin langsung dolan nang omahe koncone, pamer. Diman sing lagi leren ora kerjo leyeh-leyeh nang teras omah.

“Wis oleh, Pak?”

“Uwis.”

Wiji melu lungguh nang sandinge bojone.

“Pijeti, Mak.”

“Lha lapo?”

“Upahe no. Mari ngeterno anakmu, nukokno cupang barang. Ijole no.”

“Enakmen. Lha aku sing ngijoli sopo?”

“Lha awakmu ngetokno opo?”

Wiji meneng, ora langsung nyauri.
“Aku kesel umbah-umbah.”

“Woo, lha aku yo kesel golek duwit.”

“Yo wis podho kesele, gak usah pijet-pijet.”

“Halah, diluk ae. Ngko tak upahi,” rayune Diman.

“Opahi opo?”

“Onok lah, ngko bengi ae.”

“Halah, males.”

“Woo, temenan males?”

Wiji meneng ae.

“Tukokno wedak sik.”

“Malah melu-melu Tomin. Lha iki ngko gak rokokan lho aku, poso.”

“Gombal, mosok iso wong sampeyan ae.”

“Tontoken ae ngko. Iku mau jatahe wis dingge anakmu…”

“Yo anakmu sisan.”

Diman cengengesan. Bener, anake dheweke sisan.

“Kene lho, diluk ae. Lara awakku, mau bengi mbok bleki.”

“Kapan? Alasan ae,” Wiji ora trimo.

“Tak upahi, tak upahi ngko. Janji wis,” omonge Diman.

“Opahi opo?” takone Wiji.

“Cupang hehehe…cupang sing gak iso berenang hehehe…”

“Lambene lak isok ae,” saure Wiji karo mulai mijeti bojone, lambene bojone.

***

art · language

Srawung


lukisan_hendra_gunawan_1447932934_7a1cf5e8
Ilustrasi: Lukisan  karya Hendra Gunawan

 

Jenenge urip nang kampung, nduwe tonggo, gelem ora gelem yo kudu srawung. Lek boso kerene ngunu “bersosialisasi”. Ngunu ugo Wiji karo tonggo-tonggone. Mulai saka sing rodo akeh wonge kaya arisan, senam bareng, resik-resik kampung lan tirakatan nganti sing cilik-cilikan kaya petan rambut putih, rasan-rasan karo utang-utangan. Ora ono hukum tertulis, ning lek nganti ono sing ora srawung karo tonggone yo bakal repot lek nduwe gawe, ora ono sing ngewangi.

Srawunge Wiji isuk iki diparani tonggone, Marinah. Wong wedok lemu sing ora rumongso lemu iku isuk-isuk wis nonggo. Langsung mlebu lawang mburi, nang pawon, Marinah wis apal jadwale Wiji. Lek ora masak yo umbah-umbah.

“Sakjane aku isin, Ji, ning yok opo maneh. Bojoku wis gak iso diarepno. Sepi narik saiki.”

Bojone Marinah sopir angkot. Sakjone Corona, angkot sepi, akeh sing ora mlaku mergo podho dibatesi ora oleh metu omah lek ora perlu-perlu nemen.

“Ngerti dhewe saiki suepi pol. Gak mlaku gak oleh duwit, mlaku yo mung entek dingge tuku bensin.”

Marinah terus ae ngomong karo ngemili kacang nang toples sing disuguhno Wiji.

“Enak yo kacangmu, gurih. Gawe dhewe ta iki?”

“Ho oh, Mbak.”

“Jajan riyoyoku wis entek. Gak onok tamu yo tak emplok dhewe karo arek-arek. Gek sampek kapan koyok ngene iki. Mumet ndasku. Arek-arek gak sekolah, tapi yo pancet bayar. Malah ngentek-ngenteki saiki, njaluki pulsa ae. Gurung ribute iku, mumet aku.”

Wiji ngrungokno curhatane tonggone iku karo masak. Wis biasa lek wong nonggo ngunu iku disambi. Dudu wong adoh sing ora tahu ketemu ben dino, sing namu karo sing ditamuni wis podho paham.

“Ngko lek wis iso mlaku maneh tak saur, Ji. Jare sih gak suwi maneh wis oleh metu-metu. Opo yo kuat kon nang omah terus, iso edan. Gak oleh duwit, kate mangan atek opo.”

Wiji meneng, ora langsung nyauri. Dheweke dudu wong kerjo. Masio pancet budhal kerjo ning garapane Diman yo ora akeh. Biasane sak durunge riyoyo rame wong ndandakno karo pesen mejo kursi, ning kahanan Corona koyo ngene ojo’o meja kursi, dingge mangan ae podho kangelan.

“Satus-satus gak popo, Ji, lagi butuh nemen aku.”

“Ngko tak takokno Mas Diman sik, Mbak, onok opo gak.”

“Bojomu kan kerjo terus, mosok sih gak onok,” saure Marinah.

“Lek kerjone onok gak onok pancet budhal, Mbak, ndok ngomah yo kate lapo. Kursi yo sepi, wong-wong milih dingge tuku panganan timbang tuku kursi,” Wiji akhire nyauri rodo dhowo.

“Lha tapi kan anakmu mung siji, gurung sekolah sisan.”

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku malik tempene. Urip lagi angel dingge sekabehe. Biasa ae angel nabung mergo yo jarang turah, opo maneh kahanan kaya ngene. Wiji maklum lek podho akeh sing mumet, nganti golek utangan. Dheweke ora iso mbayangno lek misale Tomin gedhe, wayahe bayar duwit sekolah utowo golek sekolah, gurung maneh misale nduwe cicilan omah utowo montor. Ngene iku isone bersyukur, masio cilik omah dudu cicilan. Masio montore bojone tukang mogok, ning ora perlu nyicil ben sasi. Biyen tuku elek-elekan sing penting iso ditumpaki lan ora mumet bayar ben sasi.

“Wong wedok lak mesti nduwe duwit dhewe, Ji. Delikan. Mosok awakmu gak nduwe?” Marinah sik pancet mburu.

“Lagi gak nduwe, Mbak.”

“Mosok sih. Satus-satus ae. Tak bayar, Ji, iki lek gak butuh temenan aku yo gak utang. Mumet aku ditagihi terus. Sendal gak sepiro’o apik ae, digawe yo gak enak, lek nagih koyok gak ngerti wayah. Sedino mbuh ping piro ae lek nagih, jengkel aku.”

Jenenge riyoyo, masio ta tahun iki riyoyo ora kaya biasane sing iso unjung-unjung tekan ngendi-ngendi ning bab klambi, sandal, pancet kudu anyar. Nggawene ora suwi, mumete ben dino mergo ditagih tukang kredite.

“Awakmu sik enom, mending budal nang luar negeri. Mayan lho dadi TKW, setahun wong tahun iso dingge tuku lemah.”

“Gak onok sing iso metu, Mbak, kabeh negoro ditutup,” saure Wiji karo ngelungno tempe gorenge nang ngarepe Marinah.

Durung ditawani, wong wedok iku langsung njupuk siji.

“Yo suk lek wis mari maksudku. Wong wedok ki enak lek nduwe duwit dhewe,” omonge Marinah karo ngemil tempe goreng.

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku lungguh meneng nang ngarepe Marinah.

“Wouh, onok tamu adoh ta iki mau?”

Diman sing mau embuh nang ndi moro-moro mecungul nang pawon. Wong lanang iku cengengesan karo melu njupuk tempe.

“Eh, Man, gurung budal kerjo ta?”

“Gurung, Mbak, sik isuk. Adus ae gurung iki,” saure. “Sajake onok sing penting, Mbak, isuk-isuk wis dolen rene?”

“Heh, gak. Ndoleni bojomu ae iki. Mumet aku ndok omah karo arek-arek, gelutan ae.”

“Ouh,” Diman manthuk-manthuk karo nyandak anduk, budal adus.

“Aku mulih sik yo, Ji. Eling omongku mau ya, njaluk tulung lho iki.”

Wiji manthuk. Ora ngomong dhowo maneh, Marinah mulih karo sakwise njipuk tempe goreng maneh. Wiji mung nyawang gegere tonggone iku.

“Lha lapo ngongkon wong liyo kerjo, gak de’e dhewe ae sing budal,” saka jading suwarane Diman banter.

“Hush, ojo banter-banter,” sauté Wiji.

“De’e sing tukang njajan kok tonggone sing kon mumet,” Diman ngomong maneh saka jading.

“Uwis. Gak ngutangi yo gak usah ngomel.”

“Gak nduwe duwit yo gak usah kakean gaya.”