language

Wedi


TKPurb

“Ndang, ojo dolenan banyu ae.”

Isuk-isuk koyok biasane, Wiji mbengoki anake sing lagek adus. Karo nggoreng tempe, wong wedok iku diluk-diluk ngilingno anake sing nang njero jeding.

“Onok tamu lho dino iki, ojo telat.”

“Tamu opo, Mak?” takone Tomin saka njero jeding.

“Tamu Pak Polisi. Lali ta wingi diomongi opo karo Bu Guru?”

“Eh iyo. Sik diluk engkas.”

“Uwis. Lek kate dolenan ngko awan ae mulih sekolah. Ndang mentas.”

Dibengoki emake, eling lek diwanti gurune sekolah ora oleh telat, Tomin sing mau lagek adus karo dolanan mobil-mobilan ndang nyandak anduk. Masio sik TK, Tomin saiki wis selot pinter lek adus. Gelem budal adus dhewe. Masio lek lagek kumat yo njaluk diadusi emake.

“Bajune opo, Mak?”

“Kae sing ndok ndukur kasur, biru.”

Tomin mlayu nang njero kamar. Arek lanang iku yo wis iso klamben dhewe. Bapake sing lagek serbet-serbet montor mung nyawang diluk saka teras omah. Mari lek nggoreng lawuh dingge anak bojone, Wiji nginguk Tomin sing sik umek nang njero kamar.

“Miring iku benike,” omonge Wiji karo mbenakno benik klambi anake.

“Topiku?”

“Kae ndok tas. Gek maem sik.”

Karo ngomong nang anake, Wiji ngusapno wedak nang pipine anake.

“Uwis, Mak.”

“Sithik ae, iki diratakno sik.”

Setengah mlayu, Tomin sik mau dolenan ae pas adus saiki malah kesusu pingin ndang ngalih. Arek lanang iku ora gelem diwedaki emake.

“Pipimu sing kiwo sik rung roto iku lho, ojo diusapi,” omonge Wiji karo nyekel tangane anake sing selak mlayu nang meja makan.

“Susune dientekno.”

“Ho oh.”

Tomin ngelus-elus wetenge, wareg. Wedak sing mau wis roto, sebagian ilang mergo Tomin ngusapi lambene sing mari ngentekno susu segelas.

“Budal karo Pak’e ya? Mak kate ngewangi Mbah.”

Tomin manthuk.

“Ayo, Pak, budal.”

Dibonceng bapake, Tomin budal sekolah. Nang sekolahan koncone Tomin wis rame. Ora koyok biasane, isuk iki ono tamu nang sekolahane Tomin, polisi. Ono telung polisi, setengah tuwek karo sing enom loro. Bu Guru TK ketok sibuk, ngobrol karo bapak-bapak polisi tamune.

“Ayo baris, Anak-anak,” omonge Bu Guru Linda.

Diman sing ndelok ono polisi ora sido mulih. Wong lanang iku markir montore trus melu ibu-ibu sing lagi nunggoni anak-anake.

“Sini, ayo baris yang rapi,” jare salah siji polisi.

“Selamat pagi, Adek-adek,” sopo polisi sing paling tuwek.

“Selamat pagi, Pak Polisi,” Bu Guru TK marahi murid-muride.

“Selamat pagi, Pak Polisi,” suate arek-arek bareng.

Diman karo ibu-ibu melu baris nang mburine arek-arek. Ibu-ibu podho ngetokno henpon, moto, mideo anak-anake sing lagi dikei wejangan karo polisi tamu sekolah dino iki.

“Adek-adek takut tidak dengan polisi?”

“Takut.”

“Tidak.”

Ora podho lek njawab. Bu Guru sing nang sandinge Pak Polisi njawab “Tidak takut” marahi muride. Sing mau njawab takut langsung ganti njawab tidak takut.

“Pak Polisi adalah sahabat anak-anak jadi tidak perlu takut sama polisi, ya?”

“Iyaaa!”

“Kalau ketemu polisi di jalan, disapa saja. Polisi membantu menjaga keamanan, biar kita semua, adik-adik semua bisa sekolah dengan aman. Polisi membantu mengatur lalu lintas, biar kalau mau belajar di sekolah bisa lancar perjalanannnya.”

“Aku gak takut polisi,” Doni nyauri.

“Bagus,” saure Pak Polisi.

“Aku yo gak takut polisi, aku takut pocong.”

Salah siji koncone Tomin melu nyauri.

“Tidak perlu takut pocong, pocong tidak ada,” Pak Polisi njawab maneh.

Arek sing dijawab isin-isin. Tomin cekikikan, melu isin. Arek lanang iku nutupi lambene atek tangan. Diman sing sik ngadeg nang mburi mung mesam-mesem ngrungokno karo ndelok tingkahe anake karo konco-koncone iku.

“Nah, ini adek siapa namanya?”

Polisi sing mau ngewei wejangan nakok nang Tomin sing baris ngarep dhewe.

“Siapa namanya?” Bu Guru melu nakok, ngajari Tomin cek nyauri.

“Fernando Tomin,” suare Tomin isin-isin.

“Bagus sekali namanya. Dek Fernando nanti kalau besar mau jadi polisi?”

Tomin mikir. Arek lanang iku ora seneng dadi polisi, ning kate gedheg rodok wedi. Ngerti sing ditakoni bingung njawab, Pak Polisi nakok maneh.

“Takut tidak sama Pak Polisi?”

Tomin gedheg.

“Pinter,” jawabe Pak Polisi.

“Aku takut Mak e, Pak e ya takut Mak e,” saure Tomin.

Krungu saurane Tomin, Pak Polisi, Bu Guru mesam-mesem. Diman melu mesem karo rodok khawatir.

“Sama ibunya sendiri kok takut, kan Ibu sayang sama Tomin,” omonge Bu Guru.

“Emak tukang ngomel, Pak e dimarahi Emak tiap hari,” saure Tomin polos.

Lek mau wong-wong mung mesem, saiki podho ora kuat ngempet ngguyu. Diman sing melu krungu saurane anake mung iso ngukuri gundule isin. Kate ngalih yo wis podho ngerti dheweke nang mburi, ora ngalih wedi lek anake ngomong sing ora-ora maneh.

“Kalau tidak nurut sama ibunya ya dimarahi. Jadi biar tidak dimarahi ibu harus apa?”

“Harus mandi!”

“Harus makan!”

“Nurut!”

“Iya. Kalau disuruh mandi ya harus segera mandi, biar tidak telat sekolah. Kalau disuruh makan, segera makan biar sehat, tidak sakit. Harus patuh dan nurut pada ibu ya, adek-adek semua. Harus juga patuh pada rambu-rambu lalu lintas kalau di jalan, biar tidak kecelakaan, selamat sampai tujuan.”

Mari polisi pamit, Diman sing kadung kecengkek melu nyalami polisi sisan pamit nang guru-gurune Tomin. Wong lanang iku sik isin tapi mung iso mesam-mesem.

“Ora pareng nakal,” omonge nang anake.

Tomin manthuk, “Pak e yo ojo nakal.”

“Ho oh. Ngko dipapak Mak e.”

“Siap, Buos!” saure Tomin karo mlayu mlebu kelas.

***

language · Uncategorized

Sinau Moco


lukisan-tema-humanisme-realisme
Judul lukisan: Membaca Bersama Kakek (pinjam gambar)

“Huhuhu…huhuhu…”

“Uwis, meneng!”

“Hu…hu…hu…”

“Meneng!”

Wiji lagek mepe klambi pas tanggane, Sumi, karo anake lewat ngarep omah.

“Lha lapo iku isuk-isuk wis tangisan?”

“Opo maneh, lek gak nangis sedino ae lak gatel lambene arek iki,” Sumi sik ae ngomel.

Anake sing sik nangis diseret tangane.

“Wis ganteng ngunu kok nangis, eman iku wedake,” omonge Wiji karo mlaku nang ngarep nyedeki tanggane iku.

“Jegeg aku, Ji. Ben isuk mesti koyok ngene.”

“Lha lapo sih? Dianu kancane ta?”

“Gak.”

“Lha trus?”

“Kaet tangi iku wis ndrenginging ae, tekan sekolahan selot banter nangise.”

Wiji ngelus-elus arek cilik sing umbele ndleweran iku. Sumi wis meneng lek ngomel.

“Wedi ngunu ta sekolah?”

“Ho oh koyoke.”

“Ditakoni apik-apik, sopo ngerti tau dianu kancane.”

“Uwis. Gak kok jarene.”

Arek cilik sing mau nangis iku wis rada tenang. Lambene maju-maju, nadahi umbele cek ora dleweran.

“Arek iki gurung iso moco. Lha pikirku wingi yo ngko lek sekolah kan diajari. Lha kok malah koyok ngene ae ben dino. Ngerti ngene tak jarno nang omah ae.”

“Sik ta lah. Rendy iki lak sik kelas siji.”

“Iyo, kaet mlebu seminggu.”

“Maksude nangis ae iku mergo wedi sekolah polahe gurung iso moco?”

Sumi manthuk.

“Kelas siji iku kudu wis iso moco. Wingi kan tes masuke moco, asline ancen gak mlebu tapi bapake tak kon nyogok. Pikirku sik cilik ndang mlebu sekolah, cek ndang pinter. Malah saiki koyok ngene.”

Wiji ngrungokno Sumi karo gedheg-gedheg. Mari tanggane pamit, wong wedok iku mikir. Tomin wis umur telung taun setengah, ora suwi maneh yo mlebu TK.

“Pak.”

“Opo?”

“Tomin kae mari ngene lak sekolah. Iku gurung iso opo-opo. Kudu ndang diajari sithik-sithik cek gak kaget.”

“Diajari opo? TK lak mung dolenan karo nyanyi thok. Yo cek diajari gurune suk.”

“Wou, sampeyan iku yok opo. TK ki saiki yo wis diajari moco karo nulis barang. Mlebu SD ki tes e kudu iso moco tulis.”

Diman neleh rokoke. Wong lanang sing mari mulih kerjo iku nyawang bojone.

“Yo sik keciliken. TK ki seneng-seneng, ngko SD kae kaet diajari moco nulis. Iku ae yo sithik-sithik.”

“Lha iku lak jamanmu, jaman sepur lempung. Saiki ki gak koyok ngunu, Pak. Kae anake Sumi ben dino nangis ae mergo gurung iso moco nulis. Wedi sekolah, isin be’e diilok-ilokno kancane. Tomin kudu mulai diajari, Pak.”

“Yo sakno, arek sik sak munu kok.”

“Luwih sakno ndi karo lek gak iso opo-opo trus diilok-ilokno kancane?”

“Luwih sakno aku, ben dino mbok omeli ae.”

Wiji nyebek. Diman nerusno lek rokokan. Anake, Tomin, dolanan nang omahe tanggane, durung mulih.

“Pokoke kudu diajari, sithik-sithik.”

Mari omong, Wiji mlebu nang pawon. Wong wedok iku wis tekad, anake lanang kudu mulai diajari moco nulis. Wiji ora pingin anake dadi guyonan, opo maneh sampek wedi sekolah. Wiji pingin anake gelem sekolah, iso sekolah duwur, ora koyok dheweke karo bojone.

“Mak’e lapo?”

“Noto klambi. Kate ngewangi ta?”

Mari masak, ngurusi omah, Wiji ngetokno klambi saka lemari. Anake sing kaet mangan moro, ndeloki.

“Didol?”

“Gak. Lha lak udo aku ngko lek klambine didol. Iku diitung kutange mak’e.”

“Iti?’ omonge Tomin karo nyandak kutange emake nang nduwur kasur.

“Ho oh. Diitung onok piro iku, ojo-ojo onok sing ilang.”

Tomin munggah nang kasur. Wiji sing mbongkari klambi ndewekno antara njeroan, daster karo klambi liyane. Tomin lungguh anteng, ngematno emake.

“Siji, lolo, telu, limo…”

“Papat sik.”

“Papat, siji, lolo, telu… ”

“Lah. Siji, loro, telu, papat, trus limo.”

“Siji, lolo, telu, limo…”

“Papat. Mari telu trus papat sik.”

Tomin manthuk-manthuk. Arek cilik iku mbaleni ngitungi kutange emake. Wiji nglempiti klambi karo mesam-mesem.

“Pak’e lapo?”

“Moco koran, cek pinter.”

Jumat isuk pas ora kerjo, Diman sing mari diomongi bojone lungguhan nang teras. Kopi wis disiapno bojone. Pas anake tangi, metu nggoleki, wong lanang iku langsung epok-epok moco koran.

“Pak’e ico moco?”

“Iso lah, Pak’e kan pinter. Koyok sampeyan,” omonge Diman karo mesem.

“Aku yo ico.”

“Kene moco bareng. Iku mejo karo kursi belajare digowo rene.”

Ora mung nyiapno akting, Diman yo nggawekno mejo kursi khusus dingge anake sinau. Mejo kursi sing digawe saka kayu siso kerjoane dicat warna-warni cek anake seneng lan sregep sinau. Tomin nggeret kursi karo mejone. Bapak karo anak iku saiki adep-adepan, moco koran.

“Sapi papa ada ada. Wedhus lima anak apa….”

Diman cekikikan. Wong lanang iku seneng ngrungokno anake moco. Tomin sing durung iso moco iku sukur ae muni, sak metune.

“Bapak-bapak, ibu tibu manana nana…”

“Wouh, blajar karo Pak’e yo.”

Wiji sing krungu suwarane anake langsung metu. Wong wedok iku metu karo nggowo gedang goreng nang piring. Diman sing ngerti bojone moro langsung kedep-kedep karo mesem.

“Emak kambing matan lumput…”

“Bapake kambing mangan opo?”

“Mangan nasi.”

Wiji mesem, Diman melu-melu mesem.

“Maem sik, ngko moco maneh,” omonge Wiji karo neleh piring nang mejone Tomin.

Arek lanang iku langsung mandeg lek moco, nyandak gedang goreng siji. Diman nglempet korane, nyurup kopine trus melu njupuk gedang.

“Yo ngunu apik, alon-alon lek ngajari.”

Diman cengengesan.

“Tapi yo mene ditontok dhisik, korane kuwalik opo gak.”

“Loh, wis tak tontok iku mau, bener kok.”

“Bener opo, wong gambare omah ae ngguling ngunu kok.”

“Mosok ta?”

Wiji nyebek. Diman ngukuri gundule.

“Mak, ngko K-E-L-O-N ya?”

“Gah.”

“Wou…bayarane.”

“M-A-L-E-S.”

“Gak oleh ngunu iku, minimal A-M-B-U-N-G lah.”

“Preketek!”

Diman mesam-mesem. Wiji mlebu njero omah. Tomin sik ngenakno ngentekno gedang goreng nang tangane.

***