Janjian


Basuki+Abdullah,+Gadis+dibawah+sinar+Bulan+purnama,+Oil+on+canvas,+119,5cm+X+119,5cm-koleksi+bung+karno
Lukisan Basuki Abdullah, Gadis di Bawah Sinar Bulan

“Mak, awakmu gak pingin pacaran?”

“Heh? Oleh ta?”

Wiji nyawang kaget nang bojone. Diman lagek ae ngentekno segone. Wong lanang iku mulih mergo kate mangan awan.

“Karo aku, guduk karo lanangan liya.”

“Lha lapo? Lak podo ae.”

“Wou…karepmu laan pacaran karo wong liya. Ngene lho, Mak, aku iki mau moro-moro kepikiran. Mbuh mak sliwer ngunu ae. Pingin rasane ngrasakno pacaran maneh.”

“Halah, wong pacaran yo ngunu-ngunu ae. Mbok jak i gelut ngunu ae, garai mangkel thok.”

Diman ngawe bojone, ngongkon wong wedok iku lungguh nyedeki dheweke.

“Pingin rasane mbok celuk sayang, sing manis ngunu.”

Wiji nyebek ning pancet nggatekno bojone.

“Nonton nang bioskop, trus pacaran nang pinggir embong. Koyok arek-arek sekolah kae lho.”

“Sampeyan iki mari mangan opo?”

“Lho yo ngene iki penting. Ojo mergo wis rabi trus uripe awake dhewe hambar. Sing ngene iki kudu dijogo, Mak.”

“Trus aku kudu yok opo. Nyeluk sampeyan sayang ngunu ta? Malah koyok wong edan.”

Diman ambekan dowo. Wong lanang iku bingung kate nerangno nang bojone.

“Awakmu dandan sing ayu, koyok arek SMA lek kate pacaran kae lho. Ngko kene metu nonton opo mangan nang njobo…”

“Tomin opo yo…”

Durung mari lek omong, Diman wis nyaut.

“Tomin gak usah dijak, titipno nang Emak ae. Sewengi thok.”

“Trus?”

“Yo trus awake dhewe pacaran. Nginep sisan?”

“Nginep nang omahe sopo?”

“Yo ngko golek nggon. Pisan-pisan ae. Ya?”

Ganti Wiji sing ambekan dowo.

“Trus kapan. Malem minggu ta? Rame embong lek minggu, bioskop yo mesti rame. Malah gak iso pacaran, isin diilok-ilokno arek enom kene ngko.”

“Yo enake malem minggu tho, wayahe libur sisan.”

“Malem jum’at ae, sepi.”

“Lha kate pacaran opo uji nyali malah golek sing sepi. Wayahe yasinan yoan.”

“Gak mlebu pisan lak yo gak popo. Males aku lek malem minggu. Gurung ngko arek-arek motor kae podo konvoi.”

Diman mikir. Dipikir-pikir ancen bener omongane bojone.

“Yoh, malem Jum’at ae. Iki dino opo? Ngko bengi laan?”

“Yo minggu ngarep.”

“Gak, ngko ae, selak pingin.”

Wiji gedheg-gedheg.

“Omongo Emak kono, titip Tomin. Oh iyo, ngko awakmu budhal dhisik trus tak papak, kene janjian nang njobo.”

Wiji ora dong karo pikirane bojone ning wong wedok iku meneng ae.

“Klamben sing apik, sing seksi.”

“Dasteran ae.”

“Ojo. Ngko sore, aku tak marekno garapanku, ngko gek mulih maneh.”

Wiji mesem. Uteke mulai mikir kate macak opo. Wong wedok iku ngadeg terus budhal nang omahe moro tuwane. Diman budhal kerjo maneh, nerusno garapane.

“Suit…suit.”

Diman cengengesan.

“Duh isin aku, Pak. Malah koyok wong nakal.”

“Gak. Gek ndang munggah hehehe.”

Mari Magrib WIji Diman wis macak. Wong loro iku sengojo budhal sore cek ora ketok tanggane. Mari muter-muter sediluk, wong loro iku nang bioskop. Dudu bioskop njero mal sing apik, Wiji Diman nang bioskop pinggiran.

“Pilem opo iki, Pak. Sing nontok kok ngunu-ngunu.”

“Yang, ojo Pak. Yo iki apik. Wis meneng ae ojo rame, ngko konangan.”

“Konangan opo?”

“Lek awake dhewe sik di bawah umur, gurung oleh nontok hehehe.”

“Cangkemmu Yang.”

“Hush, mosok aku mbok cangkem-cangkemno. Sing apik, wis nggawe yang ngunu mau.”

“Karepmu.”

Wiji mencep. Diman njiwit pinggule. Mari umek dhewe wong loro iku akhire iso anteng nonton pilem. Wiji sing mau isin suwi-suwi wis iso anteng, tenang.

“Mene isuk-isuk lho mulihe, Pak.”

“Iyo-iyo, lek perlu shubuh-shubuh. Lek wis tangi hehehe.”

Mari nonton pilem, Wiji Diman sing wis sepakat ora mulih golek penginapan. Wong lanang wedok iku ngguya-ngguyu.

“Suk maneh yo.”

“Yo sakno Tomin ditinggal.”

“Gak, kan karo Emak. Lagian cek areke blajar mandiri, arek lak gak kudu ditunggoni terus.”

“Yo lek kerjo sing sregep, cek iso ngge dolen-dolen ngene.”

“Ho oh.”

Lagek ngobrol karo guyonan krungu lawang kamar didodoki.

“Ngeterno teh paling, Pak.”

“Gak pesen kok.”

“Yo sopo ngerti oleh gratisan. Kono dibukak, males klamben aku.”

“Yo. Kono ndelik nang selimut, diinceng mas e ngko hehehe.”

Diman sing mau wis gletakan langsung tangi. Wong lanang iku mbuka lawang ning ora amba, gundule sengojo ditokno. Ning ora suwi, wong lanang iku langsung kaget mergo nang ngarep kamar jebul akeh uwong.

“KTPnya mana, Pak?”

“Ada, Pak. Nang ndi dompetku mau.”

“Mbaknya mana identitasnya?”

“Ini istri saya, Pak, mbok sumpah.”

“Iya, mana identitasnya?”

“Aku nggak nggowo KTP, Pak. Wong nggowo dompet ae gak,” Wiji sing lungguh nang mburine bojone keweden.

“Ya sudah kita ke kantor saja.”

“Pak, yok opo iki, Pak?”

“Jangan, Pak. Duh, sumpah, Pak, ini istri saya. WIs rabi, Pak, gak jajan iki,” Diman sik mbelo awake.

“Tidak ada identitas. Cincin kawin, Pak?”

“Digadekno, Pak. Buat bayar cicilan motor bulan kemarin.”

“Ya sudah, ikut saja dulu. Nanti dijelaskan di kantor.”

“Jangan, Pak. Pak, aku emoh nang kantor, isin, Pak,” Wiji sing keweden meh ae nangis karo nggondeli lengene bojone.

“Nggak papa, nanti didata saja, Mbak. Ayo, Pak, Mbak, pakai baju dulu. Kita tunggu.”

“Oalah Gusti, sumpah, Pak, rumah kita di X, Pak, sampeyan takok Pak RT lek gak percoyo.”

Ora nduwe bukti, Diman karo Wiji akhire digowo nang kantor karo tamu-tamu penginapan liyane. Nang kantor Diman Wiji dikongkon ngisi data. Rumangsa bener, Diman akhire nelpon tanggane, njaluk Pak RT moro nang kantor.

“Matur nuwun, Pak,” omonge Diman nang Pak RT sing moro sak jam sakwise dheweke karo bojone digawa nang kantor PP.

Wiji sing isin mung nyalami Pak RTne sing moro karo anake lanang sing wis kuliah.

“Onok-onok ae sampeyan iki, Pak. Mbok lek lunga ki ojo lali nggowo KTP.”

Diman mung cengengesan.

“Ngene mau lek budhal yasinan lak gak kedadean koyok ngene,” omonge Pak RT karo gedheg-gedheg.

Anake Pak RT sing melu mung mesam-mesem, nggarai Wiji karo Diman selot isin.

“Nggih, Pak.”

“Wis Pak, gak dibaleni maneh. Isin aku,” omonge Wiji nang bojone pas mulih.

Diman mung ngukuri gundule.

***

7 thoughts on “Janjian

      1. Walah ora nyadar, jebul tunggal penulis tho… lak sijine biasane nulis resep masakan sih😀 . Tidak menyangka ternyata juga menulis cerkak yang epik banget… sampeyan sering nulis ning panjebar semangat pho mbak? gaya tulisannya mengingatkan pada bacaan waktu kecil saya dulu itu.

        Like

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s