Uncategorized

Fernando Tomin


           

 

Ora iso diselak lek sing jenenge Tomin iku polahe nurun emake. Kaya ta njalukan, tukang mecucu, ora iso meneng, lambene kiwir-kiwir, ceklekan lan liya-liyane. Nyilih basa londo, “Like mother, like son” ngunulah.

 

Jaman manten anyar,

 

“Mas…” celuke Wiji ngalem.

“Opo?”

“Klambiku iki metetet gak sih?” takone Wiji karo nduduhno klambi sing digawe.

“Gak.”

“Mosok? Deloken sing temenan ta? Nemplek ngene lho.”

Diman nyawang bojone. Kaos abang sing ditakokno bojone ketok pas, nduduhno bentuk awake bojone. Wong wedok sing kaet dirabi rong sasi iku ketok seger.

“Ngepres,” saure Diman.

“Kan, temenan metetet wisan. Aku lemu saiki,” omonge Wiji karo mecucu.

“Malah apik lemu.”

“Apik opo? Elek. Klambiku gak iso digawe kabeh.”

“Yo ganti kono, atek daster kae sing longgar.”

“Aku lemu kan? Kaya emak-emak.”

Diman meneng. Wong lanang iku bingung kate nyauri opo. Ndelok bojone meneng ae, Wiji umek maneh.

“Mas…” omonge karo nyedeki bojone sing lagi ngenakno nonton tipi.

“Opo?”

“Tukokno klambi ya.”

Diman meneng.

“Yo Mas yo? Gak enak iki lho, metetet ngene, isin yoan. Siji ae, ya?”

“Tuku daster ae,” saure Diman.

“Ho oh, daster sing lucu ya.”

“Yo, sak sirmu.”

“BH-ne sisan ya?” takone Wiji karo ngetokno jurus rai andalane, mecucu.

Diman nyawang bojone sing ngadeg nang ngarepe.

“Pijeti sik,” omonge Diman karo narik tangane bojone.

 

            Jaman manten rada lawas,

 

           “Pak, anduke disamperno sing genah ojo kaya ngunu. Teles kabeh iku ngko kursine, teleh mburi kono lho.”

Wiji ngomel ndelok bojone sing mari adus neleh anduk sembarangan. Diman sing kate ganti klambi nang kamar krembuk-krembuk mbaleni anduke.

      “Iki mesti lek gak Tomin yo bapake. Wis bolak-balik diomongi ojo neleh gelas sak nggon-nggon, lek lugur lak pecah ngene iki ngko.”

            Jenenge Wiji kaet melek sampek kate merem turu ora tau meneng. Yo awake yo lambene. Ngresiki omah, kandang, masak, ngurusi anake karo mbengoki anak bojone wis dadi pangganan sedina-dina.

            “Min, sepeda lek mari digawe dilebokno. Lek gak gelem ngramut sing genah didol ae.”

            Tomin sing sik SD, kaet nyandak piring kate mangan, kenek omel.

            “Pak.”

            “Opo maneh?”

            “Wou…gak gelem tak celuk sampeyan?”

            “Lah, lha iku wis nyauri. Salah maneh.”

            “Lha nadane ngunu,” protese Wiji.

            “Lha kudu yok opo nadane?”

            Wiji mecucu.

            “Lapo?” takone Diman.

            “Gak sido, nesu ngunu,” omonge Wiji karo mecucu.

            “Lah, sopo sing nesu?”

            Diman sing wis ngletak nang kasur bingung.

            “Lapo sih?”

Wiji meneng, mung lambene maju-maju. Diman akhire tangi, nyedeki bojone sing ngadeg nang ngarep lemari.

        “Iku, klambimu reget ojo diteleh kunu ngko garai liyane melu mambu. Liyane sik resik,” omonge Wiji karo nyawang klambine bojone sing nyantol nang gantungan mburi lawang kamar.

Rasane kudu koprol ae Diman mari krungu omongane bojone ning ndelok lambene bojone sing mecucu wong lanang iku meneng. Ora ngetokno suwara, Diman langsung nyandak klambine trus digawa nang mburi, nang bak nggon klambi regetan.

            “Wis. Opo maneh sak gurunge aku turu?” takone Diman mari mbalik nang kamar.

            “Nesu kan? Ngunu mau jare gak nesu.”

            “Wou…arek iki. Yo wis, tak tinggal turu,” omonge Diman karo mlompat nang kasur.

            Ndelok bojone mlungker nang kasur Wiji sing kesel ora trima. Opo maneh dheweke mikir bojone nesu. Masio melu ngletak nang sanding bojone sikile dijejeg-jejeg.

            “Njaluk dinyanyekno dhisik ta cek iso merem?” takone Diman kalem.

            “Emoh nesu,” saure Wiji.

            “Sopo sing nesu? Gak nesu. Aku ancen salah, neleh regetan sembarangan. Sesuk gak maneh. Wis gek merem ya,” omonge Diman.

            “Keloni,” omonge Wiji karo sik mecucu lambene.

Gemes karo polahe bojone Diman ora kuat ngempet, akhire dicakot pundake bojone. Wiji sing kaget mbengok karo mecucu maneh ning Diman langsung tanggap, diambung pipine bojone.

            “Nggemesno,” omonge Diman mesam-mesem karo njiwit lambene bojone.

           

 

            Jaman manten lawas nemen,

 

            “Pak, kesel.”

            “Halah, mlaku sediluk ae. Ngunu mau yo melu, ngenteni nang omah lak enak.”

            “Lha aku ki pingin mendampingimu. Lek sampeyan semaput kan aku siap nampani,” saure Wiji.

Dina iki Tomin sing wis kelas 1 STM wayahe raportan. Tomin wis budal dhisikan, bapak karo emake nyusul. Asline ngunu yo salah siji ae, ora kudu loro-lorone. Wiji sing dandan ayu kaet isuk mekso melu nang sekolahan. Ndilalah kok sepeda motore bocor, nuntun.

            “Pak, gendong,” omonge Wiji.

            “Gendong, padakno cilik ae awake,” saure Diman.

            “Ngerti gak, Pak, aku lemu ngene ki gak mergo kakean daging.”

            “Trus kakean opo? Kakean duwit?” takone Diman karo terus nyurung sepeda motore, golek tukang tembel ban.

            “Aku gampang kesel ngene ki gak mergo kabotan nggawa awakku tapi mergo kabotan nggawa sayangku nang sampeyan,” omonge Wiji karo kipas-kipas.

            “Lambene lak iso ae, nang omah ngunu tak ambung koen,” saure Diman.

 

Nang sekolahan Tomin clingak-clinguk nggoleki bapake. Wong tuwane kanca-kancane wis teka kabeh, wis nang njero kelas. Pak Guru yo wis siap mbagi raport.

 

            “Fernando Tomin,” celuke Pak Guru.

            Tomin selot bingung, bapake ora njedus-njedus.

            “Fernando Tomin!”

            Wong-wong nang kelas clingukan kabeh.

            “Saya, Pak!” saure Diman karo mlayu mlebu nang kelas.

Nang mburine Diman bojone, Wiji, melu menggeh-menggeh. Kringete drodos kabeh mergo dijak mlayu karo bojone.

         “Pantes jenenge Fernando Tomin wong bapake rupane kaya Pulgoso,” bisik salah siji wong tuwa murid.

 

 

***

           

2 thoughts on “Fernando Tomin

Leave a comment