Malam Pertama


 

 

            Iki crita mbalik jaman Tomin durung diolah.

            “Mas, ndredeg?” takone Wiji.

            “Gak.”

            “Wis apal?”

            “Wis.”

            Wiji karo Diman dina iki rabi. Lanang wedok iku isuk-isuk wis siap nang KUA. Wiji dikancani bapak karo paklik’e. Diman dikancani emak’e. Bapake Diman sing kaet metu saka rumah sakit ngenteni nang omahe Wiji sing wis rame kaet wingi.

            “Kae, wis metu. Ndang gek mlebu!” bengoke emake Diman sing kaet mau ora gelem lungguh.

            “Sabar sik, Mak. Cek padha metu kabeh, gantian,” saure Diman.

            “Lha wis mari kok. Gek kono lho.”

            “Sing rabi ki sopo sakjane, aku opo mak’e?” omonge Diman karo ngadeg.

            Pak Modin sing mari ngrabekno pasangan pertama wis siap. Wiji karo Diman yo wis lungguh nang ngarepe. Nang ruangan wong-wong sing melu padha anteng kabeh, meneng ngenteni Diman ngucapno ijab.

            “Saya terima kawinnya…”

            “Sik…sik. Nikah dan kawinnya. Kok kawinnya thok ae sing diapalno,” omonge Pak Modin.

            Wong sak ruangan langsung rame, ngguyu. Diman mesem isin. Mari dibaleni ping sewidak jaran akhire sah. Mas kawin duwit satus ewu dibayar tunai ning wocoan Fatihah ping 1000 dicicil. Mari ijaban rombongan mulih nang omahe manten wedok, syukuran.

            “Dek,” celuke Diman kalem.

            “Oleh piro?” takone Wiji.

            “Satus.”

            “Kurang sangangatus, diluk maneh.”

            “Diluk opo, suwi. Aku ngantuk.”

            “Ya wis turu sik, diterusno sesuk.”

            Diman mrengut.

            “Ngerti ngene wegah aku,” omonge Diman.

            “Wou yo salahe sampeyan dewe. Nduwe kentongan ki digawe,” omonge Wiji karo njuding lambene bojone.

            “Makane lek ngrayu ki dipikir. Kiwir-kiwir lambene saiki ngrasakno deh,” omonge Wiji maneh.

            “Lek sing diutangi ikhlas yo gak popo, oleh,” omonge Diman.

            “Karepe sampeyan la’an. Ngko lek ora mbok saur sisan malah males, lali. Duso,” saure Wiji.

            Jenenge mas kawin lek durung dibayar lunas yo durung oleh awor karo bojone. Emak, bapak karo dulur-dulure Diman wis mbalik nang Surabaya. Dheweke keri nang omahe mara tuwane. Dikebut awan bengi akhire telung dina utang mas kawine lunas. Bengi Diman wis mesam-mesem.

            “Dek,” celuke nang bojone sing wis mlungker, turu.

            “Opo?”

            “Kok opo? Wis lunas.”

            “Aku ngantuk,” saure Wiji karo sik merem.

            “Wou yo gak oleh, duso ngunu kuwi.”

            “Ora oleh mekso, aku ngantuk kok.”

            Diman gemes ning meneng ae. Tangane bojone diuglek-uglek. Wiji akhire melek. Disawang bojone sing lungguh nang sanding.

            “Aku mens.”

            “Heh? Kapan?”

            “Sore mau.”

            “Gek pirang suwi biasane?”

            “Seminggu.”

            Rasane kudu koprol ning Diman meneng ae. Wong lanang iku akhire ngadeg karo nyandak sarunge.

            “Nang ndi?” takone Wiji.

            “Nontok tipi, timbang mumet.”

            Durung iso ngrasakno malam pertama, Diman selot rajin. Isuk budal nang sawah, ngewangi mara tuwane, sampek awan. Kandang wedhuse mara tuwane dibenakno. Saiki dheweke sing golek pakan yoan. Jam pitu saking kesele wis budal turu sampek isuk.

            “Delok kae mantumu, Pak. Sregep tenan. Suket-suket dijeboli kaya ngunu. Njajal lek biyen Wiji oleh Parjo lak ora mungkin gelem kaya ngunu wong anake priyayi,” omonge emake Wiji.

            “Iyo.”

            Wiji sing nang pawon krungu wong tuwane ngrasani bojone mung mesam-mesem. Sore mulih golek ramban, Diman ndelok bojone kaet metu saka jading. Rambute teles dibuntel anduk. Ora krasa wis seminggu lek ngenteni. Wong lanang iku mesam-mesem, seneng.

Bengi nang njero kamar,

            “Dek, wes mari?”

            Wiji mesem. Diman melu mesem.

            “Ngko ae, sik yahmene.”

            “Yo gak popo.”

            “Emoh. Mangan sik kono, ayo.”

            Sakjane wis ora kanten ning manut ae. Diman mangan dikancani bojone.

            “Mak, Pak!” Wiji sing ora ndelok wong tuwane kaet sore mbengok nyeluki.

            “Nang kene,” bengoke emake.

            Wiji marani suwarane emake sing nyauri saka kamar. Nang kamar wong wedok tuwek iku lagek mijeti bapake.

            “Wis tuwek kok senengane aneh-aneh,” omele emake Wiji.

            “Biasane gak popo,” saure bapake Wiji.

            “Biasane ki taun piro. Balung tuwek, Pak, eling. Surup-surup kok yo ciblon nang kali barang.”

            Bapake Wiji sing sore mau mancing jebul pingin adus sak durunge mulih. Mulih-mulih awake ora penak, masuk angin. Diman sing krungu rame-rame nang kamare mara tuwane melu mlebu.

            “Wis ojo ngomel ae, Mak, wis penak iki awake.”

            “Penak ki yo gek turu, malah arep metu maneh.”

            “Nang ndi?” takone Wiji.

            “Mbuh bapakmu iku. Wong lara kok arep siskampling, ngeyel lek diomongi.”

            “Minggu wingi ora melu mergo omah onok gawe. Mosok arep ora melu maneh. Bengi iki yo wayahe rapat karo Pak RT,” saure bapake Wiji.

            Wiji nyawang Diman sing ngadeg nang sandinge. Sing disawang paham.

            “Kulo mawon, Pak,” omonge Diman.

            Diman metu saka kamare mara tuwane. Wiji ngetutno. Diman sing mari mangan langsung ganti klambi.

            “Sik jam 7,” omonge Wiji nang bojone.

            “Cek gak telat,” saure Diman karo mbenakno klambine.

            Diman metu, Wiji ngetutno ngganti lawang ngarep.

            “Mas,” celuke.

            “Lapo?” saure Diman.

            “Semangat!” omonge Wiji karo mesem.

            “Embuh,” saure Diman karo mlaku ngalih, mecucu.

           

 

***

           

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s