Panggung Gembira


 

Kampunge Wiji kate nganakno Panggung Gembira pas malam pitulas. Panggung Gembira iku bakal digelar sak uwise slametan. Per keluarga dijaluki sumbangan, dudu duwit ning sumbangan ngisi acara. Sing dadi panitia oleh ora nyumbang acara. Diman sing kapanane kesleo pas kerjo ora iso dadi panitia taun iki dadi kudu nyiapno salah siji anggota keluargane. Pingine anak lanange sing ganteng dhewe, Tomin, sing kon nyanyi kaya pas nang sekolahan wingi ning jenenge arek cilik lek ora pinginane dhewe ora gelem.

            “Iki kudu atek make up kaya ngene ta?” takone Wiji.

            “Lha yo iyo, wong kate nyanyi. Lek kate macul yo gak perlu,” saure Paini.

            Ngrayu Tomin ora iso, bingung kate nyumbang opo, lha kok tangga-tanggane ngujuki Wiji kon nyanyi. Mulane wong wedok iku ora gelem ning mbareng dipekso lor kidul trus bojone yo melu ngujuki sisan Wiji akhire manut. Seminggu wong wedok iku latian karaoke nang omah.

            “Ngko Pak’e Tomin nesu,” omonge Wiji sing lungguh di-make-up.

            “Bojone dipacaki ayu kok nesu. Wis meneng ae, ngko rusak pondesene.”

            Diman sing ndukung bojone nyanyi nang Panggung Gembira Agustusan wis wanti-wanti nang bojone. Ora oleh njoget kecuali jepol. Ora oleh macak menor kaya biduan temenan opo maneh melu-melu macak atek klambi sing kaya nang VCD-VCD bajakan kae.

            “Lah, ojo rok minian ngene. Rok dawa opo clana ae,” omonge Wiji kaget ndelok kostume.

            “Lha koen kate ngaji opo ndangdutan. Lagune Asolole kok kate macak kosidahan. Ayu ayu, percoyo aku,” Paini ngomel maneh.

            Wiji sing wis mari di-make-up saiki yo wis ganti klambi.

            “Kono delok, ayu gak? Aku ki gak tau mbujuk lek omong. Ngene ki koen ngaku prawan yo sik percoyo wong-wong.”

            “Iyo lho Lik, sampeyan lek ngene ketok kaya gadis maneh. Makane ta gaul sithik, ben dina atek daster ae gak bosen ta,” tambahe Mini, ponakane Paini.

            Panggung Gembira wis siap nguncang kampung bengi iki. Artis-artis dadakan yo wis nyanyi siji-siji. Wiji ndredek nunggu giliran, ndredek kuadrat mergo pacakane.

            “Ganti ae, nesu ngko Pak’e Tomin.”

            “Gak, kae lho wonge wis lungguh anteng nang ngarep karo anakmu. Koen ngko metu ayu ngene mesti pangling Diman. Bangga malah, bojone iso ayu tibake.”

            “Aku lho ayu,” saute Wiji karo mecucu.

            “Lha iyo, koen ayu. Makane diduduhno ayune. Wis siap-siap, mari ngene giliranmu tampil.”

            Diman sing sik lara sikile mari Magrib wis siap lungguh nang ngarep panggung. Anake sing kaet mau umek dolanan karo arek-arek cilik liyane saiki wis melu meneng nang pangkone, ngenteni emake metu. Wong-wong kampung sing masio wis dicepaki lungguhan akeh sing milih ngadeg, cek iso melu joget nang pinggir panggung.

            “Pak, mak’e kapan nyanyi?” takone Tomin.

            “Mari ngene.”

            “Mak’e nyanyi Bintang Kecil?”

            “Gak.”

            “Naik-naik ke Puncak Gunung?”

            “Makmu opo kuat munggah gunung,” suare Diman.

            “Lha nyanyi opo?”

            “Gundul-gundul Pacul.”

            MC sing mau mudun saiki munggah panggung maneh. MC sing ora liya Pak RT sing bengi iki didapuk ndobel jabatan langsung ngenalno penyanyi selanjutnya.

            “Aku kudu pipis,” jare Wiji nang ngisor panggung.

            “Diempet, wis wayahe munggah.”

            Karo pringas-pringis Wiji munggah panggung mari Pak RT nyeluk jenenge. Wong kampung langsung keplok-keplok, heboh. Ora ono sing nyangka bojone Diman sing ben dinane kaya Garangan iku iso kaya biduan temenan. Dandanane sewelas rolas karo biduan koplo nang VCD-VCD sing akeh didol nang pasar.

            Ora mung tanggane sing kaget, Diman ora kalah kaget. Masio ben dina ketemu bojone, turu yo dikeloni, ning wong lanang iku ora nyangka lek wong wedok sing saiki nang nduwur panggung iku bojone.

            “Mak’e! Mak’e!” bengoke Tomin.

           

            Abote wong nandang tresna

            Tak belani nganti tekan pati

            Tresnaku mung kanggo siro

            Kusumo bagus sing merak ati

 

Wiji wis mulai nyanyi. Wong-wong kampung sing mau ngadeg wis joget-joget nang pinggir panggung karo mbengok-mbengok. Tomin mudun saka pangkuane bapake. Arek lanang cilik iku mlayu nang ngarep panggung.

 

“Mak’e, atu Tomin! Mak’e, atu anakmu!” bengoke karo ngguya-ngguyu.

Wiji sing mau isin-isin saiki wis wani goyang. Suwara musik karo bengokane penonton garai wong wedok iku lali pesenane bojone. Nang kursine Diman meneng ae. Tangga-tanggane sing lungguh sandinge bisik-bisik karo mesam-mesem.

“Pak, nang ndi iki kok gak menggok? Iku omahe?” takone Wiji.

“Sik eling nduwe omah tibake,” saure Diman.

Acara Panggung Gembira wis buyar. Tomin sing mau ora mandek lek obah ae saiki wis turu nang gendongane bapake. Nang omah Diman nguduno anake nang kasur trus bablas merem. Nesu, batine Wiji. Mari ngresiki pacake, ganti klambi, Wiji siap-siap nyanding anak bojone turu. Nyanyian koplone sukses garai wong sak kampung goyang.

Bengi iki Wiji ora ndang merem. Wong wedok iku ngerti lek bojone nesu. Kate dijak omong Diman nyingkuri, Wiji yo wedi lek ngko malah gembrah. Akhire diempet, meneng ae. Wiji yo ngeling-eling pas mau nang duwur panggung, seneng, bangga ning lek eling bojone yo rada ora penak. Akhire ora iso turu dhewe.

Isuk bojone sik meneng ae. Anake wis budal sekolah. Ndilalah dina iki bojone ora kerja. Garapane wis mari. Bojone saiki lagi nang mburi omah, dandan-dandan sepedae. Lek dibahas sing mau bengi ngko ngamuk mesti, batine Wiji. Wong wedok iku wis mikir-mikir, dheweke ngrasa salah. Kudune yo ora dandan kaya ngunu, masio mau bengi wis mekso atek stoking. Durung maneh perkara goyang, jelas ngejak gelut bojone iku.

“Pak,” celuke Wiji alon.

Diman meneng, ora nyauri. Wiji nyedek. Sapune diseleh. Wong wedok iku lungguh sandinge bojone. Diman sing sik mangkel nyingkuri, geser lek lungguh.

“Wong ganteng iku disawang saka endi ae enak yo Pak tibake. Gegere ae enak disawang opo maneh rupane yo Pak, mesti luwih ganteng iku,” rayune Wiji.

Diman sik meneng.

“Ngerti gak Pak, mau bengi aku meh semaput pas nyanyi? Mau bengi iku gak sengojo aku nyawang wong ganteng, sayange kok gak gelem mesem. Lara weteng ketoke, lek gak lagi nesu karo bojone paling. Tapi apik ngunu sih, coba mau bengi de’e mesem, iso langsung ngeblak aku nang panggung.”

Diman ora nyuwara, pancet umek karo sepedae.

“Wong ganteng saiki sombong-sombong yo, Pak? Dijak omong meneng ae, ditakoki gak nyauri. Ndahno lek tak tembak yo, mesti langsung ditolak aku trus patah hati deh.”

Sik ora oleh sauran. Wiji akhire meneng. Wong wedok iku trus ngadeg. Sak durunge ngalih Wiji nyawil pipine bojone karo omong,

“Yo wis lah lek ancen sik lara atine, aku tak lunga ae.”

“Nang ndi? Nang omah ae.”

Diman sing mau meneng ae langsung nyauri karo noleh nang bojone.

“Wis gak necu?” takone Wiji karo mesem.

Diman meneng trus mbalik umek maneh karo sepedae.

“Gak usah mekso, lek ancen sik lara atine gak popo. Aku tak nyingkrih ae,” omonge Wiji karo mlaku maneh.

“Gak,” saure Diman rada banter.

“Gak opo?” takone Wiji.

“Gak necu,” omonge Diman maneh masio ora karo nyawang bojone.

Wiji mesem. Wong wedok iku nyedeki bojone trus lungguh maneh. Dirangkul bojone saka mburi.

“Sepurane yo, Pak. Aku padamu, sumpah,” bisike nang kupinge bojone.

 

***

 

 

 

 

           

One thought on “Panggung Gembira

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s