Uncategorized

Ngramut


“Pak’e tumbas cepeda…”

Isuk-isuk Tomin cilik ngrengik. Mulih dolanan karo kancane, arek lanang iku pingin duwe sepeda. Diman sing ancen wes duwe rencana nukokno anake sepeda, sore mulih kerjo langsung bablas nang toko sepeda.

“Ngomong opo?” takone Diman nang anake mari ngewehno sepeda.

“Cuwun,” omonge Tomin, tangane loro dirapetno karo ndingkluk.

Gemes ndelok polahe anake sing lucu, Diman ngangkat Tomin karo ngambungi arek lanang cilik iku. Tomin sing selak pingin sepedaan kroncalan.

“Ati-ati,” omonge Diman karo nguduno anake.

Tomin sing kekeselen lek sepedaan jam wolu wes merem. Nang kamar, Wiji mecucu ae.

“Pak…”

Diman meneng, ngenakno lek merem.

“Pak’e…”

“Lapo?”

“Dasterku iki lho, wes elek ya?”

Ora mbuka matane Diman nyauri, “Gak, apik.”

“Apik opo? Wes suwek-suwek ngene iki lho. Tontoken ta.”

Diman melek, disawang bojone sing mecucu ae.

“Ho oh, elek,” saure Diman karo balik merem maneh.

“Tumbasno…”

Kudune Diman paham mlakune omongane bojone, ning wong lanang sing wes ngantuk iku mau ora nyandak.

“Yo, Pak?”

Diman ambekan dawa. Mosok iso ngomong ora. Akhire wong lanang iku manthuk. Wiji mesem.

“Ojo sepedaan njero omah, kono lho nang njaba,” omonge Wiji nang anake.

“Emoh.”

“Mejone ojo ditabraki koyok ngunu, keceblokan pot gundulmu mbuh ngko.”

Sore Wiji wes uring-uringan karo anake. Diman sing mari teka saka kerjoan lungguh karo nyruput kopine.

“Pak, kathokmu kok suwek ngunu?”

Diman ndingkluk, nyawang kathoke sing jebol dengkule.”

“Arek gaul yo ngene iki,” saure.

“Gaul apane. Suwek gak jelas ngunu.”

Wiji nyawang bojone. Wong lanang iku ora tau rewel perkara sandangan. Panganan opo ae sing disuguhno bojone yo mesti dipangan. Padha karo Wiji sing lek kadung seneng karo klambi sing rumangsane penak dingge terus, Diman yo kaya ngunu. Isuk-isuk wong lanang iku nggoleki kathoke sing jebol wingi.

“Mak, kathokku ndi?”

“Nang lemari, nang ndi maneh.”

“Kathokku sing wingi kae lho, gak onok.”

“Sing suwek wingi ka eta?”

“Ho oh.”

Wiji mlebu nang kamar.

“Iki,” omonge karo ngelungno kathok sing digoleki bojone.

“Lha kok maleh pendek ngene?”

Wiji mesem.

“Tak potong.”

Mulane Wiji kate ndondomi kathoke bojone, ning disawang wes ora pantes. Kaine yo wes elek, akhire dipotong dadi kathok endek.

“Mak, iki kathoke sopo?” takone Diman sesuke.

Wiji sing lagek nang pawon mlaku mlebu kamar.

“Kathokmu, mosok kathokku sakmunu gedhene.”

“Anyar?”

“Ho oh.”

Ora kakean omong, Diman njajal kathoke sing anyar. Pas.

“Mak! Maem!” bengoke Tomin.

Wiji metu.

“Gurung mateng, diluk engkas.”

“Uwe…”

“Yo sik, limang menit maneh. Sepedaan sik kono.”

Diman sing mari klamben metu.

“Kopine diombe sik, Pak.”

“Ho oh.”

Diman nyruput kopine. Wiji lungguh nang ngarepe karo nyiapno panganane anake.

“Antingmu nang ndi?”

Sing ditakoni ora ndang nyauri.

“Onok.”

“Onok nang ndi?”

“Tak copot, ditariki anakmu ae.”

“Mbok sekolahno ta?” takone Diman curiga.

Wiji meneng.

“Mak…”

“Sediluk ae, sasi ngarep dijupuk.”

“Ngge opo?”

“Yo cek pinter,” saure Wiji sukur.

“Duite ngge opo?” balene Diman.

Wiji meneng maneh.

“Ngge tuku kathok iki ta?”

Wiji manthuk. Diman ambekan dawa.

“Mene dijupuk.”

“Yo, mari bayaran.”

“Mene kok.”

“Gak kesusu, wong gak nggawe anting yo gak popo.”

Diman ambekan dawa maneh.

“Aku yo pingin ngramut sampeyan, Pak, gak mung sampeyan sing ngramut aku karo Tomin.”

“Mak, maem!” Tomin nyedeki emake karo mangap.

Diman meneng. Wong lanang iku nerusno lek mangan terus budhal kerjo.

***

Uncategorized

Bojo Kreditan


Diman kaet mari adus. Wong lanang iku langsung nyandak piring, mangan. Wiji sing lungguh nang ngarepe, nyawangi bojone iku karo mesam-mesem.

“Lapo?” takone Diman sing risih disawangi.
“Hehehe…”

“Kaya tahanan ae, mangan diawasi. Kene pijeti,” omonge Diman.

Wiji ngadeg, dicedeki bojone sing wis mari mangan trus dipijeti pundake.

“Lek tak sawang-sawang, sampeyan ki ganteng yo, Pak?”

Diman meneng ae. Kopine disruput karo ngenakno pijetane bojone.

“Eling pelajaran jaman sekolah biyen? Lek umpama wayang sampeyan ki kaya Raden Kamajaya, ganteng…”

“Lha koen ki nang ndi ae, bojone ganteng kaet lair kok sik sadar saiki,” saure Diman.

Wiji mesem.

“Ho oh, aku sing salah hihihi…”

“Kamajaya kok oleh karma,” omonge Diman lirih.

Wiji mecucu.

“Aku lho yo ayu,” omonge.

“Ho oh. Wis pas kok awake dhewe iki. Aku Kamajaya, koen Kamandanu…”

“Kamandanu ki lanang!”

“Loh, mosok? Yo wis, koen kaya Novia Kolopaking.”

“Kamaratih!”

“Wou…gak pantes. Novia ae, ayu, seger.”

Wiji mesem. Dibanteri lek mijeti pundake bojone.

“Pak, wajane peyok, tuku maneh yo?”

“Kok iso peyok? Ngge masak opo?”

“Lha kae anakmu, wajanku dingge klotekan, dithuthuki…”

Diman meneng. Wiji nerusno lek mijeti. Ora oleh sauran saka bojone, Wiji ngendekno lek mijeti trus lungguh nang sandinge Diman.

“Pak…”

Diman ambekan. Pantes ae mesam-mesem kaet mau, batine. Sakjane ngunu wis apal polahe bojone, ning Diman ki yo seneng nontok bojone lek ngrayu njaluk-njaluk ngunu iku.

“Yo kono tuku, wong duite yo wis mbok gowo.”

Wiji mesem.

“Tukune kredit ae, Pak, cek gak kabotan.”

“Lha lapo? Tuku panci ae atek kredit, gurung lunas wis peyok maneh pancine.”

“Wajan, guduk panci. Lagian iki wajane apik, teplon, gak katene peyok.”

“Piro?”

Wiji mesem.

“Satus seket, dicicil ping enem. Sesasine telung puluh ewu…”

Diman ngrungokno.

“Kan kreditan, mesti onok bungane, Pak, tapi sithik kok. Iki model anyar. Ngko lek nyeplok endog iso bunder apik ngunu…”

“Yo tapi lek gurung lunas pancine, koen gak oleh njaluk daster. Gak oleh njaluk kutang…iku kutang sak ndayak opo gak iso diloakno. Mayan iku iso ngge tambah…”

“Kutang kok kon ngloakno, yo gak payu. Yo, Pak?” Wiji sing ngrayu.

“Iyo. Sak karepmu. Mari ngene aku dipijeti maneh.”

“Ho oh,” saure Wiji karo mesem.

Wiji ngadeg, mlebu kamar trus kate metu.

“Kate nang ndi?”

“Mbayar teplon, selak gak kebagian ngko.”

“Mene opo gak iso?”

“Selak entek, iki barang anyar, akeh sing nggoleki,” omonge Wiji karo cepet-cepet budal.

Diman ambekan dowo.

“Pak’e…”

Tomin moro-moro njedul nang ngarepe bapake.

“Opo?”

“Uwun uwik,” omonge arek cilik iku karo ngatungno tangane nang bapake.

“Ngge opo?”

“Tumbas cokat.”

“Piro?”

Tomin sing durung ngerti duwit nduduhno drijine, limo.

“Limang njuta? Akehmen. Iso ngge tuku mak anyar iku,” omonge Diman.

Wong lanang iku ngrogohi clonone. Dilungno duwit limang atus nang anake sing langsung mlayu metu, tuku jajan.

“Kapan iso ngredit bojo anyar…,” omonge Diman lirih.

***

Uncategorized

Selingkuh


“Kene, ojo adoh-adoh.”

Pak Lurah sing lagi ngenakno ngombe kopi langsung padang matane. Wong umur seket taun iku ngawe-awe tangane. Sing diceluk mung mesam-mesem karo gedheg-gedheg.

“Duh,” Pak Lurah gela-gelo karo nyekeli gundule.

“Kene wong ayu, ojo adoh-adoh,” omonge maneh.

Isuk-isuk ngopi nang warung disuguhi telo goreng karo wong wedok ayu garai lurah lali buntute sing wes ana papat.

“Ngelu sirahku lek kaya ngene, wong ayu. Ojo nambahi abote pikiranku. Kene, lungguh sandingku kene…”

Wong wedok sing diceluki akhire mlaku nyedek. Ora langsung lungguh tapi klugat-kluget nang ngarepe lurah. Gemes karo pemandangan nang ngarepe sing seger, lurah narik tangan wong wedok sing jenengi Wiji iku. Ora let suwi wong loro iku cekikikan.

“Mangan opo kok iso seger kaya ngene, he?” takone lurah karo njawil janggute Wiji.

“Mangan godhong telo.”

“Mangan godhong telo ae iso ayu ngene, yok opo lek mangan sak uwite.”

Sing digudo sik mesam-mesem.

“Dadi bojoku gelem wong ayu? Ora perlu kerjo maneh, eman-eman tanganmu sing alus iki.”

Saiki Pak Lurah nyekeli tangane Wiji karo dielus-elus.

“Malah ora sehat lek meneng ae.”

“Jare sopo? Lek dadi bojoku olahraga terus ben dino. Mesti iku.”

Wiji mesem. Pak Lurah selot ora kuat ndelok esemane wong wedok sing digandrungi iku.

“Emoh,” omonge Wiji karo nampek tangane lurah.

Lagi enak-enak guyonan, ora ngerti lek ana wong lanang mlebu warung. Ndelok Wiji karo Pak Lurah, wong lanang iku langsung abang raine.

“Oh kaya ngene polahmu lek tak tinggal kerjo? Ho oh?”

Wiji ngadeg, mbenakno klambine sing ora tata. Lurah sing mau mesam-mesem ndredeg.

“Sabar…sabar, Man…”

“Ora iso. Sampeyan wes wani kurang ajar karo bojoku, sampeyan kudu mati!”

“Ojo, Pak, sabar…”

“Ora iso, kudu tak pateni!”

“Pak! Pak!…”

Wiji ngoglek-oglek lengene bojone.

”Pak, tangi, Pak!”

Diman menggeh-menggeh. Raine kebak kringet ngunu uga awake. Wiji mlayu njupuk banyu putih.

“Makane lek kate turu ki adus sik, cek resik awake, enak lek turu,” omonge Wiji karo ngelungno gelas.

Banyu sak gelas mung diombe Diman sak sruputan. Wong lanang iku lungguh delok-delok nang kasur. Raine abang, ketok mangkel.

“Ngipi opo? Diburu budeng ta?”

Diman nata ambekane.

“Pokoke sampek koen selingkuh, tak bacok.”

Ganti Wiji sing abang raine.

“Ketemu pirang perkara kate mbacok uwong. Sing ngipi sopo, sing kenek sopo,” omonge Wiji karo budal mapan turu.

Diman meneng. Ora let suwi wong lanang iku melu mapan.

“Mak…”

“Opo?”

Ora sido ngomong, Diman ngekep bojone saka mburi. Gegere bojone diambungi.

“Sumuk.”

“Bahno.”

“Entuti sisan mbuh ngko,” omonge Wiji.

“Tak bacok.”

“Yo kono. Wes gek merem. Sesuk-sesuk lek kate turu adus, ngunu iku lek awake reget, pikirane melu reget.”

“Ho oh,” omonge Diman karo merem.

Duttt!

“Gusti!”

“Enake…wetengku kaet mau bek angin.”

“Wes gak ayu, ngentutan sisan…” Diman ngomel.

“Elek ae garai impen-impenen, opo maneh lek ayu. Iso-iso mbok cencang aku.”

“Hehehe, ho oh. Gak usah ayu-ayu, penting sehat.”

“Turu,” omonge Wiji.

“Ho oh.”

“Mak, koen sayang aku?” Diman tibake durung merem.

Wiji malik awake. Disawang bojone sing ketok kaya arek cilik iku.

“Adus ta saiki, cek seger iku uteke.”

“Hehehe, gak, adem.”

“Merem.”

“Ho oh.”

***

Uncategorized

Wedhus Cilik


“Mak’e!”

Tomin cilik sing kaet tangi bola-bali nyeluki emake, ning sing diceluki ora moro-moro, sik umek nang pawon.

“Mak’e!”

Arek umur patang taun iku ngadeg nang nduwur kasur karo ngusrek-usrek matane. Mbedodok emake ora marani, kathoke diplorotno trus nguyuh. Wiji sing kaet mlebu kamar gedheg-gedheg karo ambegan dawa.

“Pinter. Pipis ndok kasur…”

“Lha mak’e cuwi,” sauté Tomin.

Ora kakean lambe, Wiji njunjung anake, digawa nang jeding, diadusi.

“Lek pipis ndok jeding,” omonge karo ngosoki awake anake.

Mangkel ning yok opo maneh, Wiji yo rumangsa salah wis diceluki bola-bali ora ndang moro.

“Pak, dulangen iku anakmu.”

Sore wayahe Tomin mangan, Wiji sing kate adus njaluk bojone ndulang anake.

“Akk…”

Lek perkoro mangan Tomin ora angel. Opo ae diemplok kaya emake. Sakjane iso mangan dhewe ning kecer-kecer, akeh dolanane.

“Ojo mlumpat-mlumpat, mutah ngko.”

Dikandani bapake, Tomin cilik ora trimo. Dheweke langsung meneng karo mecucu. Diman ambegan dawa, eling bojone.

“Yo mlumpato, alon ae,” omonge nang anake.

Wis kadung nesu, Tomin meneng ae. Lambene selot maju. Diman ngukuri gundule, ora iso omong opo-opo maneh. Jarno ngko ngenteni bojone ae.

“Melu pak’e opo mak’e?”

Dina iki riyaya kurban. Kaet isuk Wiji, Diman karo anake wis tangi, siap budal nang masjid. Tomin cilik digaweni kupluk.

“Melu mak’e.”

“Nuk kono ae, mak e solat sik.”

Tomin cilik manthuk. Ning dudu Tomin lek terus iso anteng, meneng ae. Wayahe wong ngomong amin, Tomin cilik mberok sak bantere. Wayahe emake sujud, arek cilik iku munggah nang nduwure, numpaki emake. Pas mak’e njuding, dheweke melu njuding, ngajak emake dolanan.

“Anteng,” omonge Wiji mari sholat.

Mari sholat ono ceramah. Tomin sing wis kesel ngenteni akhire ngalih, pamit nggoleki bapake sing sholat ning ngarep. Ora marani bapake, jebul Tomin dolanan karo arek-arek liyane. Arek-arek iku nutuki kentongan karo bengak-bengok. Mari dikandani, mandeg sediluk, ganti acara. Sandale uwong-uwong dijupuki, ditumpuki dadi gunung-gunungan trus disawati. Sing iso ngeneki gunungan sandal sing menang. Rame maneh,

“Ojo rame, dirungokno kae ceramahe!”

Dhuarrrr!

Wong sak masjid njumbul.

“Atu ola,” omonge Tomin cilik.

“Iku opo? Ojo dolenan mercon.”

Mbuh Tomin cilik oleh saka endi, arek lanang iku tibake yo nyekel mercon sing durung disumet. Arek-arek cilik sing mau dolanan iku dikongkon lungguh anteng.

“Hihihi…hihi.”

 “Hiha…hiha…!”

Wong sak masjid mbalik nginguk mburi maneh. Arek-arek cilik sing mau wis lungguh anteng buyar maneh.

“Anakmu kae, tontoken.”

Firman mbisiki Diman sing lagek lungguh anteng ngrungokno Pak Yai ceramah. Mergo nang mburi selot rame, Diman akhire ngadeg ndelok. Nang ngisor uwit palem, nggon wedhus-wedhus sing kate dingge kurban, arek-arek cilik kumpul karo ngguyu-ngguyu.

“Mudun,” omonge Diman.

“Emoh!”

Diman nyawang anake sing lagek numpaki wedhus.

“Mudun,” omonge Diman maneh.

Wedi disawangi bapake, mangkel diomongi, Tomin akhire nesu. Ora mung nesu arek lanang iku yo nangis banter.

“Pak’e nakal!”

Mergo wong-wong wis podho ora konsen, buyar dhewe-dhewe, akhire ceramahe dimareni. Wiji sing krungu anake nangis ndang-ndang moro.

“Pak’e nakal!”

Tomin sik ae nangis karo mbengok. Wiji nyandak anake, digendong kate dijak mulih.

“Emoh, nontok wedhus.”

“Yo nontok, ojo ditumpaki koyok ngunu,” omonge Wiji.

Tomin sik ndrenginging.

“Karo pak’e, mak’e mulih dhisik.”

“Emoh. Pak’e nakal.”

Tomin cilik paling ora seneng lek bapake nesu. Disawang bapake kaya ngunu mau arek cilik iku wedi.

“Mak’e kate ngewangi Mbah, dienteni kae wisan.”

“Huhuhuhu…”

“Pak…” celuke Wiji.

Diman maju, nyedeki anak bojone.

“Ayo, karo pak’e.”

“Pak’e nakal.”

“Ho oh.”

Tomin sik nggandoli emake.

“Numpak kene,” omonge Diman karo nyekel pundake.

Tomin nyawang bapake. Lambene mecucu.

“Pak’e dadi wedhus?” takone Tomin lirih.

Wiji nyawang Diman, Diman ambegan dawa trus manthuk. Akhire Tomin gelem pindah saka emake nang bapake.

“Wedhus cilik,” omonge Diman lirih  karo ndekek anake nang pundake.

Wiji nyawang bojone.

“Hehehe…gak, aku wedhuse…” omonge Diman cengengesan.

***

Uncategorized

Potong Perkakas


“Indonesia raya! Meldeka! Meldeka!”

“Hiduplah tanahku! Hiduplah negliku!”

Tomin sing lagek nontok upacara dina Senin nang lapangan melu nyanyi pas bendera dikibarno. Arek sing sik TK iku durung melu upacara, mung nontoki nang pinggir lapangan karo kanca-kancane. Kancane sing mau mung meneng ae, ono sing ndoprok nang ngisor, nontok Tomin semangat nyanyi akhire podho melu-melu. Arek-arek SD sing ora konsen upacara, selak pingin njajan, ngguyu nontok polahe Tomin karo kanca-kancane.

“Ayo masuk kelas, jangan di sini,” omonge guru SD.

Kanca-kancane Tomin bubar diparani guru SD, Tomin ngadeg dhewe. Arek lanang iku ora gelem ngalih. TK durung masuk. Dheweke sik pingin ndelok upacara. Pak Joko, guru SD sing marani Tomin, akhire ngadeg cedheke Tomin. Ning dudu Tomin lek ngunu ae terus wedi. Arek lanang iku mbalik berok-berok pas paduan suara nyanyi maneh.

“Lek nyanyi sing apik,” omonge Pak Joko.

Tomin mbidek ae, nerusno lek nyanyi. Arek-arek SD selot bubar barisane, ngguyu-ngguyu nontok Tomin. Saking gemese, ora iso dikandani, akhire Tomin dicetot pupune.

“Indonesia raya! Meldeka! Meldeka!”

Karo ngalih, Tomin sik ae nyanyi. Mangkel dicetot, lek nyanyi selot dibanterno. Awane nang omah, Wiji diwaduli emake Edi, dikandani lek anake mau dicetot guru SD mergo gawe rebut pas upacara. Wis paham modele anake, Wiji meneng ae. Disawang anake sing lagek dolanan montor-montoran karo Edi.

“Lek maem sing apik, alon ae.”

Tomin mecucu.

“Persis. Lek dikandani mesti langsung mecucu, koyok…”

“Koyok sopo?” sauté Wiji.

Diman cengengesan. Bengi wong telu iku lagek kumpul, mangan.

“Koen mau dicetot gurumu?” takone Wiji.

Tomin meneng, sik ngenakno lek mangan.

“Gak nduwe lambe ta? Opo nggak nduwe kuping? Ditakoni meneng ae.”

Diman dehem. Lek bojomu mulai ngomong banter nang anake, Diman mesti ngelingno, gawe carane.

“Aku lho nyanyi,” saure Tomin.

“Nyanyi ki yo sing apik, ojo berok-berok koyok…”

“Koyok opo?” ganti Diman sing nyaut.

Wiji mecucu. Akhire wong telu iku meneng kabeh, ngentekno panganane. Sesuke Wiji oleh kabar saka emahe nang kampung, jare Tomin kate disunatno. Mbahe lanang wis waras, janjine lek waras putune kate disunatno. Ndilalah kok nang kampunge ono sunatan masal saka kelurahan, mesisan putune didaftarno. Mbahe Tomin nyumbang nanggap grup jaranan.

“Wedi gak?” takone Diman nang anake pas lagek antri nunggu giliran diceluk petugas.

“Gak.”

“Gak lara, mung cekit sediluk.”

“Ho oh.”

Wiji ngewangi wong-wong wedok kampung sing kebagian jatah masak nang dapur umum. Nyiapno ngge petugas, peserta karo ngge tanggapan jaranan ngko bengi. Suwi ora mulih, Wiji seneng iso ketemu tonggo-tonggone, kanca-kanca lawas.

“Mak’e! Aku emoh, Mak!”

Febri, salah siji peserta sing oleh giliran diceluk petugas mberok-mberok nangis. Arek SD kelas papat iku dicekeli bapak karo petugas.

“Fernando Tomin.”

Ora mung pegawai saka kelurahan, acara sunatan masal iki yo diewangi tentara saka kecamatan. Bapak-bapak iku kaet wingi ngewangi masang tendo lan liya liyane.

“Fernando Tomin.”

Jenenge Tomin diceluk maneh. Diman sing pamit nguyuh sediluk melu clingak-clinguk nggoleki anake. Wiji sing dikandani lek anake ora ono nang kursi antrian melu metu nang ngarep.

“Iku areke!”

Tomin sing maune meneng ae nang kursine jebul keweden. Arek lanang iku alon-alon mlaku ngalih terus ndelik.

“Tangkap, Pak!”

Diman, pak tentara karo tonggo-tonggone Wiji sing nang tendo metu mlayu. Karo nyincing sarunge Tomin mlayu banter. Ndelok anake diuber-uber, Wiji melu mlayu metu. Wong wedok iku nyeluki anake, wedi lek anake lapo-lapo.

“Oalah putuku, lapo kok malah ngejak playon kae,” omonge mbahe Tomin.

Dadi uber-uberan wong akeh, Tomin sing masio cilik ning lincah iku iso ucul. Ora pingin acarane bubar, akhire Tomin ditinggal.

“Jarno, ngko lek luwe lak metu dewe,” omonge Diman.

“Lik, Tomin kecemplung kakus.”

Digoleki nang ndi-ndi ora ketemu jebule Tomin ndelik nang kakus tonggone mbahe. Kakus sing mung saka pring, tutupane gedhek sing ancen wis kate ditutup iku ambrol dipanciki Tomin sing umek ae nang njero.

“Pak, anakmu!”

Wiji mbengok krungu anake kecemplung kakus. Diman karo wong-wong sing mau wis mbalik nang tendo saiki mlayu marani Tomin. Arek lanang iku nangis. Rupane ora pokro. Mbahe Tomin sing nontok putune gluprut tai mung gedheg-gedheg.

“Cah ngganteng, mbok yo sing diturun bapake ae, ojo emake,” omonge alon.

***

 

Uncategorized

Ayu tapi Edan


“Kate nang ndi?”

“Kerjo, nang ndi maneh.”

Diman nyawangi bojone sing lagek dandan. Isuk iki ora kaya biasane Wiji atek rok sepan, nduwurane hem putih. Sing nggarai Diman mecicil, sepane Wiji nduwur dengkul.

“Ganti.”

“Apane?”

“Klambimu iku. Kate nang pabrik opo kate dodolan.”

Wiji nyawang bojone. Kupinge ora enak krungu omongane bojone.

“Aku njogo pameran, yo iki seragame.”

“Pameran opo?”

“Wingi lak wis omong, pameran nang Balai Kota. Rong dino karo sesuk.”

Diman ngeling-eling. Bener, bojone wingi ngomong lek kate njogo pameran ning ora ngomong lek seragame kaya ngunu.

“Ganti. Rokmu iku kendeken.”

“Yo dikeine sakmene. Isuk-isuk kok wis ngajak gelut, mbencekno.”

Wiji mangkel, Diman yo mangkel. Wiji ora mungkin salin mergo klambine ku wis seragam sing dikei saka pabrike. Akhire wong loro iku meneng-menengan.

“Ngko gak usah dipapak,” omonge Wiji mudun saka montor.

Masio nesu ning Diman pancet ngeterno bojone budal nang pabrik. Sak durunge nang pameran, Wiji kumpul nang pabrik dhisik, bareng konco liyane.

“Lha lapo?”

“Mulihe bengi, ngko langsung diterno nang omah.”

“Gak popo, tak enteni.”

“Ngko kesel ngenteni nesu maneh.”

“Gak.”

Masio ora penak karo koncone ning Wiji pancet mulih karo bojone. Diman wis ngenteni nang parkiran. Ora langsung mulih, Diman mampir nang warung. Pikire bojone mesti luwe. Lara ati, Wiji meneng ae. Ditambah luwe, akhire malah mbrebes.

“Lapo nangis?” takone Diman lirih.

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku ora gelem nyawang bojone.

“Gak diapak-apakno nangis ngko ndarani mari tak ajar. Ditangkep pulisi aku ngko,” omonge Diman maneh.

Wiji sik meneng. Luh’e sing netes diusapi atek tisu nang duwur mejo.

“Gek dimaem iku, selak adem.”

Ora omong, Wiji nyandak sego gorenge. Ning mergo sik lara atine, luh’e pancet netes. Ora mesakno, Diman malah kudu ngguyu nontok bojone. Wong kae lek lara ati mesti ora gelem mangan, lha sing lagek nang ngarepe iki telap-telep karo mbrebes.

“Oalah anake uwong,” batine Diman.

Ora mung nang warung, tekan kosan Wiji yo sik meneng. Turu lek biasane umek, bengi iki yo meneng. Isuke sik meneng maneh. Ning lek wingi macake biasa, dina iki dinemeni. Rambute wingi dikuncir, saiki diure, disisir alus. Wingi wedakan biasa ae, dina iki celakan, bengese dikandeli.

“Mari nyucup bayi ta iku?” takone Diman.

Ora nesu, Wiji malah ngenakno lek macak. Klambine disemprot wangi. Lek disawang isuk iki Wiji kaya espege rokok. Jelas Diman sing ngelu, ning ora iso protes. Akhire dijarno, timbang nesu maneh. Wiji eling omongane emake biyen. Lek awak utowo ati ora enak ndang adus, mangan trus macak sing ayu. Lara awak utowo lara ati minggir dhewe. Manjur.

“Piro, Mas?” takone Wiji karo ngetokno dompete, mari mudun saka montor.

“Apane?”

“Mbayare.”

“Padakno tukang ojek ae,” saure Diman.

“Suwun yo, Mas,” omonge Wiji karo nowel janggute bojone.

Wiji mesem. Diman mecucu. Lek nontok bojone kaya ngunu rasane kudu dijak mulih ae, ora kerjo.

“Nang nggon sing koyok wingi, ojo suwi-suwi,” omonge Diman.

Wiji ora nyauri, mung mesem terus dada-dada. Atine Diman selot abot. Wong lanang iku cemburu, masio ora ngerti sopo sing kudu dicemburoni.

“Man, lapo ndok kene?”

Mari mulih kerjo, Diman mulih diluk nang kosan adus terus budal maneh kate mapak bojone. Wingi Wiji mulih jam songo, saiki mesti luwih bengi soale sisan penutupan ning wong lanang iku wis ngetem nang Balai Kota kaet jam setengah pitu mau.

“Mapak bojoku.”

“Wiji melu pameran ta?”

“Ho oh.”

Wagiyo, konco sekolahe biyen jebul yo lagi nang Balai Kota. Wong lanang sing dadi tukang ojek iku ngetem nunggu penumpang.

“Sik suwi, paling ngko jam sepuluhan. Ngombe-ngombe sik ae, kae onok warung.”

Sakjane Diman males, ning timbang plengang-plengong nang parkiran yo kate lapo.

“Kok awet koen karo bojomu?”

“Maksude?”

“He…he…he, pacarmu biyen lak akeh. Diluk-diluk ganti.”

“Akeho aku gak tau ndobel. Siji yo siji.”

“Lha iyo. Mari rabi terus tobat he..he..he.”

Diman nyruput kopine.

“Wong lanang lek wis rabi akhire yo kalah karo bojo, opo maneh lek nduwe anak,” omonge Wagiyo.

Wagiyo nyumet rokoke.

 “Aku umur sakmene wis rabi pindo, ngunu sik oleh sing gak tepak ae. Makane aku milih ngojek, cek gak kakean ndok omah. Males nontok raine bojoku.”

“Bojomu ayu-ayu.”

“Ayu tapi edan. Sing biyen kakean sing dijaluk, dipadakno aku iki pegawe. Eh jebul selingkuh. Sing saiki koyok koco. Tukaran sithik semaput, trus andalane ngancem bunuh diri.”

Bakul warung mesem krungu curhatan-e Wagiyo.

“Wong ayu ki akeh tapi gak mesti cocok,” omonge Diman.

“Lha iyo, saiki dadi ayu ki yo gampang. Garek lek ngramut ae. Ning ngene lho, opo iso ayu terus. Ben dino ketemu iku-iku ae masio ayune koyok opo yo mesti onok bosene,” bakul warung melu nambahi.

“Bojomu kae lumayan ayu, anteng sisan.”

“Lek kae akeh edane timbang ayune.”

“Heh?” Wagiyo ora dong.

Diman mesem. Kopine dientekno. Wong lanang iku mbayar kopine terus pamit ngalih. Moro-moro wong lanang iku kangen bojone.

***

Uncategorized

Garapan


Isuk mari diterno bojone nang pabrik, Wiji pamit sisan lek ngko sore ora usah dipapak. Wong wedok iku dijak Wiwik, koncone, ngancani nang mall. Ora suwi, ngomonge mung sak jam-an. Ning jenenge wong wedok, opo maneh kaya Wiwik sing sik bujang, nontoki barang-barang ngunu iku garai ngiler. Masio ta yo ora tuku ning pingine mlaku-mlaku, nontoki karo pisan-pisan njajali.

Diman sing ngenteni bojone nang kosan nganti kesel lek nyawang lawang. Bojone ora teka-teka. Mergo mangkel akhire lawange dikunci saka njero. Jam setengah wolu Wiji tekan kos. Didodoki bola-bali ora dibuka lawange. Wong wedok sing keluwen iku akhire nyegat bakul pentol trus dipangan nang ngarep kamar karo ngenteni bojone sing dipikire lagek turu iku tangi. Mesakno nontoki Wiji sing wis nyenuk karo nyeluki, akhire lawang dibukakno.

“Mulih ta? Tak pikir nginep iku mau. Tak enteni sampek keturon,” omonge Diman mbujuk.

Wiji mlebu karo mecucu.

“Diceluki kaet mau gak dibukakno, selak luwe,” omele Wiji.

“Luwe opo? Wong wis mangan pentol ngunu.”

“Sampeyan gak turu yo? Sengojo yo ngunci lawang?”

“Gak yo, aku keturon iku mau.”

Diman sing ancen ora turu keceplosan, lali.

“Kok ngerti lek aku mari mangan pentol?”

“Lha iku…iku sunduke katut…”

“Halah, mbujuk. Sampeyan sengojo kan?”

“Gak, iku tontoken untumu sik onok pentole. Ambune yo sik onok. Yo aku iki sing keluwen ngenteni koen gak mulih-mulih.”

Ora trimo jawabane bojone, Wiji nesu. Wong wedok iku sadar lek mari digarapi bojone. Diman sing ora iso endo maneh yo mung meneng. Salahe dhewe, batine. Wong lanang iku ancen ora seneng lek bojone lunga dhewe, opo maneh karo koncone sing jenenge Wiwik. Polahe Wiwik iku sik dulur cedek karo Rahmad sing biyen tau ngesiri Wiji.

“Kate nang ndi?” takone Diman nontok bojone salin daster karo nyandak wadah sabun.

“Nunut adus. Gak diempakno tho iku mau kran’e.”

Nang kosane Wiji banyu ora mili ben jam. Lek sore ora ndang diempakno banyu sing ngalir nang kamare mati. Ngko murup maneh jam songonan.

“Gak usah adus,” omonge Diman.

“Emange sampeyan, gak seneng adus,” saure Wiji karo kate mlaku metu.

“Adem.”

“Adem apane? Sumuk koyok ngene, panas.”

Ora nemu alasan maneh, Diman sing ora seneng lek bojone adus nang kamar mandi umum akhire ngalahi.

“Mangan kono sik, lara ngko wetengmu. Iku wis tak tukokno sate. Tak jupukno banyune.”

“Males mangan.”

“Selak gak enak iku satene, ndang dipangan sik.”

Wis paham modele bojone, luwe, Wiji neleh anduk karo wadah sabune. Wong wedok iku terus nyenuk, mangan. Diman nyandak timbo. Wong lanang iku mbolak-mbalik nggowo timbo isi banyu. Wiji nglirik karo ngenakno lek mangan.

“Wis, cukup kae ngge adus.”

Diman sing kekeselen ndlosor nang sandinge bojone. Awak, pikire. Kate nggarapi bojone tibake malah kesel dhewe.

“Cie…klambine anyar.”

“Gak. Dikei Wiwik soko dulure sing mulih ko Singapor.”

Krungu Wiwik, dulure Wiwik, Diman mangkel maneh ning meneng ae. Disawang bojone sing lagek sisiran. Daster putih kutungan, lengene mung tali njlirit, ketok pas nang bojone.

“Kate nang ndi? Wis bengi.”

“Turu.”

Diman mesem. Wiji mapan. Diman melu mapan. Kaet kate nyekel bojone,”

“Montore dilebokno.”

Mari nglebokno montor wong lanang iku mapan maneh nang sandinge bojone. Wiji sing sik nesu turu nyingkuri. Wangine ambu sabun saka awake Wiji garai Diman ora iso merem. Wong lanang iku ngelus-ngelus lengene bojone. Sing dielus-elus meneng ae, sik lara atine.

“Ojo dicakoti,” omonge Wiji karo ngubahno lengene.

“He…he…he…”

“Mosok aku dibokongi, madep rene.”

“Gah.”

“Halah, ngunu ae nesu. Lha aku mau ngenteni awakmu mulih yo kesel.”

“Jare turu?”

“Yo kesel ngenteni trus keturon iku mau.”

Wiji sik ora gelem.

“Klambine apik, rek. Mesti ayu iki sing nggawe,” gudone Diman.

Wiji sik meneng.

“Sesuk tak tukokno tipi.”

“Yo sesuk ae lek ngunu.”

“Emoh, saiki. Utang sik.”

“Gah.”

“Halah.”

Diman sik ngrayu, Wiji sik ora gelem ngalah.

“Adus kono, kecut ngunu.”

“Lek wis adus gelem?” takone Diman.

“Yo mbuh ngko.”

Diman tangi. Wong lanang iku budal nang jeding. Lumayan, sik ono banyu sak timbo. Cukup. Mari adus, ganti klambi, siap kate mapan.

“Wou…malah ditinggal turu,” omonge Diman nyawang bojone sing wis angler lek turu.

***

Uncategorized

Jembar


Mari kawin, Wiji karo Diman ora langsung nduwe omah dhewe. Wong iku yo ora gelem nunut nang omahe Diman. Wiji Diman milih ngekos cedek pabrike Wiji. Kos sing mung sak kamar iku ukurane kurang luwih telu ping limo meter. Nang kos ora mung Wiji karo bojone sing nyewo. Ono sepuluhan kamar sing ukurane bedo-bedo. Kamare Wiji Diman lumayan jembar mergo dingge wong loro. Jedinge nang njero kamar, masio mung iso ngge lungguh wong siji, lek wong loro mlebu bareng ngadeg lagek iso.

Nang pojok mburi, sebelahan karo jeding digawe masak. Perabotan piring gelas sak kompore nang nduwur mejo cilik. Kasur cilik, ora atek dipan, nang ngarep mepet lawang. Lek bengi wong loro iku turu sebelahan karo montore Diman.

“Rodok rono.”

“Rodok rono ngendi maneh? Iki wis pinggir.”

“Sumuk ki lho.”

Wiji sik usrek ae.

“Lha trus aku mbok kon turu nang ndukur montor ngunu?”

Wiji mecucu.

“Turu ki meneng, ojo usrek ae.”

Lek awal-awal kawin biyen wong loro iku jarang gembrah, sik seneng. Kasur sak uplik yo ora masalah. Saiki ben kate turu mesti umek.

“Kecut!”

Diman meneng ae. Wong lanang iku ngenakno lek turu.

“Lek kate turu ki adus sik.”

“Ngantuk.”

“Kecut.”

“Bahno, penting ngganteng.”

Wiji meneng. Ning mergo mangkel, bokonge bojone disamblek.

“Koen iki ngising opo topo?”

“Sik mules,” saure Wiji saka njero jeding.

“Aku yo mules.”

Bengi umek turu, isuk umek rayahan WC. Kate nunut nang kamar mandi njaba podho antrine. Akhire Diman mung precang-precing nang ngarep jeding. Biyen milih jeding njero mergo Diman mikir repot lek jedinge barengan liyane, mesti antri soale sing ngekos nang kono meh kabeh wong-wong pabrik, wong kerjo sing jadwale podho. Ora mung iku, Diman mikire lek jedinge njaba ngko bojone sliberan atek anduk thok utowo daster lek mari adus. Masio mbayare luwih larang ora popo ngge Diman, timbang ndase mumet mbayangno wong-wong sebelah nontoki bojone kaya arek-arek sebelah sing senengane atek clono endek nyangkruk nang njaba kamar.

“Malah umbah-umbah, selak mbrojol iki.”

“Yo diadahi kresek sik.”

“Wooo…tak itung ping telu lek koen gak metu, tak…”

Wiji mbuka lawang jeding.

“Huh, pek-peken kono,” omonge Wiji karo nyebeki bojone.

“Awas koen ngko bengi.”

Lek wis jam setengah wolu sampek jam papat sore kamare Wiji karo Diman sepi. Wong loro iku kerjo. Ning lek wis mulih kabeh, mbalik rame maneh.

“Wis dikandani anduke ojo diteleh kasur, teles.”

“Lali.”

“Ben dino kok lali.”

“Garek mindah ae atek ngomel.”

“Garek neleh ndok hanger ae atek ngajak gelut.”

Mangkel mergo mari udur-uduran perkoro anduk, bengi Wiji turu nyingkuri bojone. Wis dijaraki bojone ning wong wedok iku sik meneng ae, nesu.

“Lapo nyekeli tanganku?”

“Sopo sing nyekeli? Yo sampeyan iku nyedek-nyedek.”

“Yo koen iku, aku lho meneng ae. Koen sing usrek. Kate njaluk ambung mesti.”

“Males!”

Diman mesem. Kate nesu, kate ngamuk, wong kamar mung sakmunu, kasur sak uplik yo gelem ora gelem pancet nempel.

“Ojo didemok!”

Diman cengengesan. Wong lanang iku sik ae nggudoni bojone.

“Emoh! Sumuk.”

“Hehehe…”

Ora let suwi wong loro iku meneng. Ora suwi….

“Gusti! Koen ngentut yo?”

Wiji meneng ae. Diman lungguh terus ngadep kipas cilik ndok sandinge, golek angin.

“Mangan ulo ta koen mau?”

“Wetengku lara.”

“Lara yo ngising kono, ojo ngracuni kancane.”

“Males, ngantuk.”

Diman nyawang bojone sing nerusno lek merem. Ngantuk, Diman mapan turu maneh. Tangane diteleh wetenge bojone sing turu nyingkuri.

Dutttt!

“Gusti! Bokonge didepno tembok!”

Karo merem Wiji mindah bokonge.

“Turu, wis bengi,” omonge.

“Yo mbok entuti ae yok opo lekku turu.”

“Merem, turu kok yok opo.”

Gemes krungu saurane bojone, Diman njiwit lambene bojone.

“Aduh!”

“Sukur hehehe….”

***

Uncategorized

Sabar


Ora mung seneng masak karo macak, Wiji saiki ora kaya wingi pas durung meteng. Wong wedok sing biasane kaya garangan iku saiki meneng, anteng. Anake lanang siji-sijine, Fernando Tomin, ora tau dibengoki. Masio ora gelem dicedeki bojone ning Wiji yo ora ngabrukan maneh. Wiji saiki sabar.

“Hak!”

Tomin mangap. Isuk iki arek cilik iku njaluk didulang emake. Selot ngalem saiki nang emake, mumpung yo dituruti.

“Ngko mulih sekolah nontok iwak yo, Mak?”

“Yo nontoko, garek ndok mburi omah ae.”

“Guduk iwake pak’e, elek kae. Kolame Benny anyar, onok air mancure.”

“Yo ngko mampir.”

Tomin mesem, seneng. Diman sing lagek klamben nyawang anake, iri. Disawang bapake, Tomin langsung nyebek. Dudu ora seneng ndelok anak bojone akur, ning rasane aneh ae ngge Diman. Saiki lek mlaku mlebu omah rasane kudu jinjit ae cek ora ono suwarane.

“Bareng Pak’e gak?”

“Gak, aku mlaku karo Mak’e.”

“Yo wes, tak tinggal.”

“Tinggalen. Ojo nakal koyok Pak’e yo, Dek,” omonge Tomin karo ngelus wetenge mak’e.

Kurang ajar, batine Diman. Sing nakal sopo sing diarani sopo, pikire. Ora mung Wiji sing sabar, Diman saiki sing kudu luwih sabar. Diman budal kerjo. Tomin diterno emake budal sekolah.

“Mecucu ae lapo sih? Sik isuk, Mas.”

Diman ora nyauri. Ora dibolo anak bojone Diman sih biasa ae, wong yo ngerti mergo gawan bayi anak sing lagek nang wetenge bojone. Ning isuk iki rasane ora penak atine.

“Tinggal ngopi karo rokokan sik, ngko lak mari.”

Arif, konco kerjone Diman, ngelungno bungkus rokok.

“Iyo.”

Mari ngopi karo rokokan, atine Diman wis rada penak. Wong lanang iku nerusno kerjoane maneh.

“Man! Diman…”

Eko, tonggo sebelah omah mudun saka montor karo nyeluki.

“Man, ndang moleh. Anakmu…”

 Diman sing lagek ngelus kayu bingung ndelok tonggone gupuh.

“Anakku lapo?” takone.

“Bojomu ditabrak becak.”

“Bojoku opo anakku? Sing nggenah ta?”

“Anu…bojomu karo anakmu.”

Ora kesuwen, Diman budal mulih mbonceng Eko. Ora moro nang omah wong jebul bojone digowo nang rumah sakit.

“Pak’e…hu…hu…hu.”

Tomin sing eruh bapake teko langsung njaluk gendong. Arek cilik iku kaet mau nangis ae, nangisi emake sing digowo mlebu nang ruangan.

“Cup. Ki onok Pak’e,” omonge Diman karo nggendong anake.

Nang rumah sakit wis ono tonggone Diman sing nggowo bojone karo tukang becak sing nabrak. Tomin sing disusul emake mari mulih sekolah njaluk ditukokno es krim. Pas lagek mlaku kate nang minimarket moro-moro soko mburi ditabrak becak sing ngepot mari metu soko gang. Tomin sing digendong emake bundas irung karo tanggane mergo nyusruk aspal tibo soko gendongane emake.

Wiji sing lagek meteng telung sasi ora mung kaget ning yo melu tibo. Lek bundase ora sepiro’o ning wetenge ora kuat. Dokter wis ngandani lek anake gugur, kudu dikuret. Rong dino nang rumah sakit, Wiji wis oleh mulih.

“Maem sik,” omonge Diman.

Lek wingi meneng mergo munek-munek lek ndelok bojone, saiki Wiji meneng mergo mari kelangan anake. Tomin sing biasane nempel emake, saiki pindah nempel bapake.

“Gawe pancuran koyok ta’ane Benny kae gelem?” takone Diman nang anake.

Tomin nyawang emake. Ora let suwi arek iku gedheg-gedheg. Bengi, wayahe turu, Diman ngomong nang bojone. Saiki wong lanang iku wis iso turu nang kamare dhewe.

“Ojo meneng ae, Mak, sakno Tomin.”

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku nyingkuri bojone terus merem. Isuk-isuk Wiji wis tangi. Ora macak kaya wingi-wingi kae, wong wedok sing wis seger maneh iku langsung masak, ngresiki omah.

“Jarno ae, ngko tak resikane,” omonge Diman nang bojone.

“Gak popo.”

“Wis waras temenan ta?”

“Gurung, sik edan.”

“Anu maksude awake ki wis penak maneh ta?”

“Uwis.”

Tomin sing mari tangi langsung budal adus dhewe. Karo mlaku nang jeding emake sing lagek masak ditontoki ae.

“Lapo nyawangi ae, cakot sisan ngko,” omonge Wiji nang anake.

Arek cilik iku mlayu mlebu jeding. Diman mesem. Bojone wis mbalik kaya biasane. Ndelok bojone mesam-mesem, Wiji pindah nyawang bojone.

“Lapo mesam-mesem, ngesiri ta?”

“Ho oh. Oleh?”

“Tak pikire sik.”

“Ho oh, gak kesusu kok. Tak enteni.

Wiji mesem, Diman yo melu mesem.

“Ngko bengi…”

“Pak’e! Njupukno anduk!”

Durung mari Diman ngomong, anake mbengok soko jeding. Wedhus, batine Diman.

“Sabar,” omonge Wiji nang bojone.

***

Uncategorized

Nakal


Mari wingi ketemon isi maneh, tingkahe Wiji selot-selot nggarai Diman ngelus dada. Ning mergo sayang bojo, ngerti sorone wong meteng, Diman ngalah. Lek biasa mangan bareng, kadang ora mangano yo dikancani, saiki seje. Lek Wiji wayahe mangan, Diman ngalih nang pawon. Diman saiki yo pindah turu, lek ora nang kamare anake, kadang nang ngarep tipi. Tomin kadang sik ngompol, tangan karo sikile mesti nyampluk tekan endi-endi.

“Tak terno, Mak. Tomin kon nang tengah, cek koen gak cedek-cedek aku.”

Wiji sik mecucu.

“Lha timbang numpang ojek. Ojek kae lek numpang ngarang-ngarang, opo maneh becak.”

Wiji sing lagek pingin nang pasar, golek klambi, akhire gelem diterno bojone. Tomin wis macak ngganteng, Wiji yo ora kalah ayu. Dandanane isuk iki kaya nonik-nonik kae. Gawane wong meteng, aurane seje. Jare wong-wong sih anake wedok lek emake selot ayu ngunu.

“Sampeyan ndok kene ae,” omonge Wiji nang bojone.

Diman manthuk. Wong lanang iku markir montore terus lungguh nang sadel. Tomin karo Wiji budal mlebu pasar. Wiji pingin tuku daster gemes, daster sing garai sing nyawang gemes.

“Mbok yo ojo pink.”

“Lha aku pingin.”

“Kamarku ireng ae ya, Mak,” Tomin melu-melu.

“Ireng yo malah koyok guo, peteng,” saure Diman.

“Gak. Apik.”

“Aku pink.”

Ora mung ndandani awake, Wiji yo seneng ndandani omahe. Kamare njaluk dicet pink.

“Ning yo ojo pink ngunu, semu-semu ungu yo gak popo. Ho oh, ungu kae luwih manis.”

Akhire Wiji gelem ngalah, kamare dicet ungu enom sing mambu-mambu pink. Kamare Tomin dicet biru enom. Sakiki njero kamare Wiji karo Tomin barang-barange digawe saknada. Tomin karo Wiji selot seneng, Diman sing ngenes.

“Ojo nyawangi ae.”

Diman ndingkluk. Wong lanang sing ora iso cedek-cedek bojone iku mau nyawang Wiji sing lagek ngenakno mangan.

“Maem kono lho, ngko luwe,” omonge Wiji.

“Ngko ae.”

Ndelok Diman saiki rupane kaya babu, nelangsa. Anak bojone mangan, dheweke mung nyawang saka adohan. Seneng kate nduwe anak maneh, seneng bojone selot ginuk-ginuk ayu, ning senep ora iso nyedek. Wiji sik blokekan lek dicedeki bojone. Gelem ora gelem Diman kudu ngalah, njaga jarak. Lek jamane meteng Tomin kae, asal bojone wangi Wiji gelem, saiki ora. Wangi ora wangi, Wiji wegah dicedeki. Gawane mangkel nontok bojone.

“Mak, gawe opo?”

“Putu ayu.”

Isuk iki ganti Wiji pingin gawe jajan.

“Aku melu ya?”

“Ho oh, isuh sik tangane,” omonge Wiji nang anake.

Minggu isuk Diman ora kerjo. Kaet isuk wis tangi, wis adus. Saiki wong lanang iku gletakan nontok tipi karo nyawangi anak bojone sing umek kate gawe putu ayu.

“Pak’e gak usah dikei ya.”

Diman menteleng krungu omongane anake. Wiji meneng ae.

“Ngko lek dikei mesti dientekno.”

“Yo sakno, gak oleh pelit karo pak’e.”

Tomin mecucu.

“Kei siji ae,” omonge Wiji.

Tomin ngguyu, seneng. Diman ganti mecucu.

“Mak, ngko nontok sepur ya,” omonge Tomin.

Wiji meneng.

“Jajane akeh saiki. Rame yoan. Ya, Mak?”

“Yo.”

“Aku melu,” omonge Diman.

“Ojo oleh, Mak.”

Wiji durung nyauri.

“Pak’e nunggoni omah ae ya,” omonge Tomin maneh.

“Lapo ditunggoni, ditinggal yo gak ilang omahe,” Diman ora trimo

Dudu ora tau ditinggal ning sakjoke bojone meteng maneh, Diman ora gelem ditinggal. Masio ora cedek-cedek bojone, pokoke ketok disawang.

“Mak, numpak iku ya,” Tomin njuding odong-odong.

Sore iku Tomin, Wiji karo Diman budal nang stasiun. Kaya biasane, Diman macak tukang ojek, ngeterno terus nyisih. Wiji mung manthuk-manthuk. Bener omonge anake, stasiun saiki rame. Akeh wong dodolan, akeh arek dolan.

“Kate oleh bathi maneh yo.”

Pardi sing sore iku yo lagek nang stasiun melu nyangkruk karo Diman.

“Wedok kae mesti, bojomu selot ayu ngunu.”

Diman sik meneng.

“Lek disawang-sawang, bojomu saiki koyok Titi Kamal hehe…”

“Yo iku ben dino nontoki sinetron ae. Wingi njaluk DVD bajakan pilem Ada Apa Dengan Cinta kae, sing pemaine ayu-ayu.”

“Lha iyo, anakku wingi yo njaluk iku. Njaluk bando sisan koyok sing digawe bojomu kae.”

Diman nyawang bojone sing lagek nunggoni Tomin numpak odong-odong. Eling winginane bengi-bengi bojone iku nangis njaluk bando.

“Onok-onok ae polahe wong meteng. Ngko lek gak dituruti andalane lak, ‘yo sampeyan ae sing meteng’. Lek wis ngunu yok opo lek kate nyauri. Dipikire golek duit ki gak abot opo. Podo abote.”

“Yo ngunu iku, yok opo maneh,” saure Diman.

“Ning yo seneng ae sih, yo gak? Ketok nggemesno yo saiki?”

Diman nyawang Pardi.

“Anu…maksude tingkahe kae lho, nggemesno.”

Pardi ngukuri gundule. Ora let suwi wong lanang iku pamit mulih dhisikan.

“Mak, ambung.”

“Emoh.”

“Sithok thok, mari ngunu aku ngalih wis.

“Emoh yo emoh.”

Nang omah, Diman sing kangen suwi ora nyedek bojone ngrayu njaluk ambung ning Wiji ora gelem. Saking gemese, bojone dicekel, digujer.

Plak!

“Aduh.”

Dikandani emoh sik dipekso ae, akhire pipine Diman ditapuk.

“Pak’e ojo nakal.”

Tomin sing durung turu melu-melu. Wiji mecucu karo ngusapi pipine. Tomin sing mbelani emake melu mecucu.

“Yo lek pak’e gak nakal, koen gak bakal onok,” omonge Diman karo ngelus pipine terus krembuk-krembuk ngalih.

***