art · language

Turu


Rose-Sedang-Tidur-S.-Soedjojono-450x300
Lukisan “Rose Sedang Tidur” karya S. Soedjojono.

Ora kabeh wong lanang seneng lek bojone meneng, anteng. Salah sijine Diman. Wong lanang iku paling ora seneng lek bojone, Wiji, moro-moro meneng. Wis biasa krungu omelane, polahe sing ono-ono ae, lek moro Wiji dadi anteng mesti ono sing ora tepak. Embuh iku lagi pingin daster anyar, pingin kutang anyar, pingin njajan, akeh. Biasane menenge Wiji iso dititeni. Jenenge wong omah-omah wis tahunan, polahe bojo suwi-suwi yo apal.

Meneng mergo ono sing pingin dijaluk, masio Diman ora seneng ning iso dimaklumi. Wajar. Lek lagi ono duit ngunu iku ora dadi masalah. Ora usah atek aksi meneng yo mesti ditukokno. Ning lek pas lagi ora ono duit, aksi meneng iso nggarai ndas ngelu. Koyo isuk iki mau, Wiji sing biasane tangi dhisikan tibake sik gletakan nang kasur pas Diman melek.

Masio ora tahu ngongkon bojone tangi isuk, ning ndelok bojone sik uglak-uglik ngenakno turu nggarai Diman rodo kaget.

“Lara ta, Mak?” Diman ndemok bathuke bojone, ora panas.

Sing ditakoni ora nyauri, pancet merem.

“Meteng?”

Lek mau Wiji meneng, saiki Wiji nyauri masio ora atek suwara. Wong wedok iku mung gedhek. Diman sing penasaran tangi. Wong lanang iku lungguh nyanding bojone.

“Gak nduwe duit?”

Masio karo setengah ndredeg Diman ngenteni bojone nyauri. Wiji sing mau merem saiki melek, wong wedok iku nyawang bojone karo manthuk.

“Lah, tak pikir lapo. Lek iku kan wis biasa hahaha…” Diman ngguyu banter karo ngukuri gundule.

“Tiwas mikir sing aneh-aneh aku mau hahaha…”

Ndelok bojone ngguyu Wiji mbalik merem maneh.

“Wis yahmene. Gak pingin umbah-umbah?”

“Males.”

“Woo…yo iyo sih, bosen yo. Yo wis, ngko tak kumbahane.”

Sing dijak omong ora nyauri.

“Gak luwe?”

Wiji gedhek.

Ora pingin tangi ora masalah. Males umbah-umbah yo ora popo. Diman iso maklum. Ning lek muni ora luwe, iku sing ora mungkin. Wong mari mangan ae kerep lali trus mangan maneh.

“Tak tuku pecel ya? Aku luwe.”

Wiji manthuk. Diman ngukuri gundule maneh. Wong lanang iku tangi trus nang jeding, raup. Anake ora ketok. Digoleki nang mburi omah, samping omah yo ora ketok. Pas diceluk tibake areke lagi dolanan nang ngarep omah karo koncone.

“Adus sik, sekolah,” bengoke Diman nang anake.

“Libul.”

“Libur opo Kemis ngene?”

“Yo libul cekolah.”

Diman sing ora dong dino opo akhire mbalik mlebu nang kamar.

“Tomin libur opo?”

“Gurune rapat, diliburno,” saure Wiji karo sik ngenakno merem.

“Pecele lawuh opo?”

“Lele karo tempe.”

“Lele goreng?”

“Gak, lele sing jangan.”

“Tomin?”

“Sego karo ndog ae.”

“Oke.”

Diman njupuk dompete. Wong lanang iku nyandak sepeda motore. Anake sing sik dolanan dijarno. Arek lanang iku yo ora pingin melu bapake. Pas Diman mulih tuku pecel, pikire bojone wis tangi, wis nyiapno piring, biasane. Ning bedekane Diman salah. Wiji sik ngenakno nang nduwur kasur.

“Wis teko iki pecele,” omonge Diman nang bojone.

Wiji ngolet.

“Engko sik,” saure.”

“Yo selak gak enak, iki dicampur lho lawuhe. Mbededek ngko segomu.”

Wiji melek, nyawang bojone sing ngadeg nang ngarep lawang kamar. Aras-arasen wong wedok iku tangi. Tomin sing mau didolanan dijak mangan.

“Kate nang ndi?”

Mari mangan, Wiji ngadeg kate ngalih.

“Turu.”

“Maneh?”

“Ho oh, ngantuk.”

Diman ngukuri gundule, maneh. Wong lanang iku mikir setan opo sing nyambet bojone. Seneng turu ancen iyo, ning ora tahu lek isuk-isuk ngene. Wiji dudu jenis uwong sing iso turu lek ono srengenge. Bengi ancen ora kuat melekan, ning isuk, awan, ora tahu turu.

“Nang dokter ta?”

“Lapo?”

“Be’e lara.”

“Gak. Pingin turu kok.”

Diman nututi bojone nang kamar.

“Temenan gak popo ta awakmu?”

“Enggak.”

“Wis tak kandani lek pingin opo-opo omong. Yo masio gak mesti ditukokno ning kan enak lek ngomong, ojo dibatin dhewe…”

“Pingin turu.”

“Yakin?”

“Ho oh.”

Diman sing masio atine ora penak akhire milih budal kerjo. Disawang bojone yo sehat ae. Sampek awan jam mangan awan, Diman mulih Wiji sik turu. Anake melu mbahe. Ditinggal kerjo maneh, mulih sore, bojone ora ono nang kamar. Wong wedok iku tibake lagi adus. Disawangi bojone sing mari metu saka jeding iku. Sehat. Ora ono sing kurang. Akhire Diman mung iso ngukuri gundule maneh.

“Untung mung pingin turu, gak njaluk kuru. Repot,” omonge lirih.

Leave a comment