art · language

Turu


Rose-Sedang-Tidur-S.-Soedjojono-450x300
Ilustrasi: Lukisan S Sudjojono “Rose Sedang Tidu’

“Sik yahmene kok wis mapan?”

Sik ditakoni ora nyauri, malah mbenako slimut.

“Lara ta awakmu?”

Ora nyauri, Wiji mung obah sithik.

“Sumuke koyok ngene kok slimutan.”

“Rame ae, ngantuk aku.”

Kesel dijak omong ae padahal wis ngantuk, Wiji akhire nyauri.

“Woo, tak pikir wis semaput iku mau. Sik iso nyauri tibake.”

Diman sing gemes, ora mandeg malah nerusno lek nggodani bojone. Durung ngantuk ning bature wis merem, Diman akhire melu mapan. Mulane wong lanang iku kate nggodani bojone maneh, ning ndelok raine bojone sing wis tenang, angler, akhire Diman mung meneng karo njajal melu merem.

Turu gasik, tangi yo gasik, iku Wiji. Diman sing turu gasik mung mergo melu-melu tangine pancet luwih awan, masio yo ora awan-awan nemen.

“Sik yahmene, mbok engko ae.”

Ndelok bojone isuk-isuk wis umek, Diman sing sik ngantuk gatel komentar pas bojone mberesi kamar.

“Isuk opo, wis padang ngene,” saure Wiji.

Wiji ki jenis uwong sik ora iso merem lek ono srengenge. Srengenge angslup, yo melu angslup alias ndang turu.

“Kewaregen ta wingi sore?”

“Heh?”

“Turu koyo wong mati. Gak obah blas.”

Iki ngunu kedadean pas Wiji karo Diman sik anyaran omah-omah. Wong loro iku durung apal kebiasan pasangane, sik mulai blajar.

“Turu yo meneng ae, turu obah opo kate umbah-umbah,” saure Wiji.

“Yo obah sithik, ambegan-ambegan opo ngorok.”

“Iku lak sampeyan. Turu umek ae.”

“Loh, kok awakmu ngerti?”

“Yo ngerti wong turu nang sandinge,” saure Wiji.

Lek Wiji turune anteng, Diman lek turu metisil. Umek ae.

“Brarti lek bengi nglilir?”

“Kadang. Kan yo kroso lek sampeyan obah ae.”

“Woo yo jelas iku hehehe…”

Wiji nyawang bojone sing malah cengengesan ora jelas.

“Lek ngantuk nesu, luwe yo nesu. Turu koyok wong mati. “

“Yo bahno. Lha kate lapo yoan bengi-bengi metisil. Wong sedinoan yo wis ngurus omah.”

“Wong obah sithik kroso, onok gempa kok meneng ae.”

“Sopo?”

“Sopo maneh, yo awakmu.”

“Lha kapan gempa?”

Lek ono suwara sithik ae Wiji ki gampang tangi, ning ono gempa sing banter malah ora obah, ora kroso.  Kebiasane Wiji turu gasik wis kaet jaman cilik. Wis rabi, saiki wis nduwe anak ora malih. Lek wis jam pitu, mari azan Isya’ matane rasane mesti abot.

Untunge sisan anake, Tomin, gampang turu sisan. Pokok wis wareg ngombe susu, ditunggoni emake diluk yo langsung merem. Diman dhewe sing biyen jama joko seneng begadang, sakjoke rabi karo WIji rodo iso turu gasik.

“Lha kok sepi? Bojo karo anakmu nang ndi?”

Bengi iki Diman ketamon tonggone, Wawan.

“Kae nang kamar.”

“Turu?”

“Ho oh.”

“Yahmene ki wis turu? Lak sik jam wolu iki, gurung onok malahan.”

“Ho oh.”

“Lara ta?”

“Gak. Ancen wayahe turu.”

Ora penak karo saurane, Diman langsung nambahi.

“Maksude anak bojoku. Kae gak iso turu bengi. Lek wis ngeloni anake yo bablas merem.”

“Sumuke koyok ngene padahal. Ben dino ngene?”

“Ho oh, ancen ngunu.”

“Koen lak nganggur dhewe hehehe…”

Diman nyawang koncone iku. Ora nangekno bojone, Diman nggawekno kopi dhewe dingge tamune.

“Yo bengi, kate lapo lek gak turu. Lha iki mau onok urusan opo?” takone Diman.

Mari nyruput kopine, Wawan neleh gelas nang nduwur mejo.

“Ouh iyo, sampek lali. Iki lho, kate njaluk tulung. Aku dhewe yo dijaluki tulung, ning bingung gurung oleh uwong.”

Rupane Wawan malih serius. Wong lanang sing gaweane dadi guru nang SD iku ngempakno rokoke.

“Koen lak ngerti Dewi?”

“Anake Lik Mah?”

“Ho oh. Wingi lak mari tukaran karo emake. Iki areke minggat.”

“Lah, mosok? Wingi ketoke kaet nontok areke aku. Malah nyopo pas lewat bengkel.”

“Lha ho oh, wingi iku minggate.”

Diman mikir. Wingi awan Dewi, anake Lik Mah, lewat nggon kerjone. Ora lewat thok, Dewi yo nyopo Diman.

“Trus?”

“Iki kan emak bapake nggoleki. Wis ditakokno nang konco-koncone ning gak onok sing ngerti. Mbuh asline ngerti ning gak gelem ngandani. Arek saiki lak ngerti dhewe, nakal-nakal. Koncone koyok ngunu gak diomongi malah diewangi.”

“Wis lapor gurune?”

“Wis telpon. Iki lak sekolah tutup, maksude gurune gak nang sekolahan terus. Yo jare diewangi nakokno, melu nggoleki.”

Diman manthuk-manthuk. Wawan sik dulur adohe Lik Mah, pantes lek wong lanang iku melu bingung ngoleki ponakane.

“Iki mau onok sing ngomong, ndelok Dewi karo Arif…”

“Heh?”

“Mulane iku aku rene, be’e awakmu ngerti.”

Lek Dewi nakal, kerep tukaran karo emake, kabeh uwong wis ngerti. Nakale arek enom, seneng dolan, wong ancen lagi umur seneng-senenge golek konco. Arif dhewe masio ora iso diomong wong anteng, ning luwih tuwek. Wis tahu rabi lan nduwe pacar. Mikirno Arif minggat karo Dewi kok koyone ora mungkin.

“Iki mung golek informasi, Man. Jenenge usaha, be’e koen ngerti. Kae emake nangis ae. Masio kerep tukaran kan yo anake dhewe.”

“Ho oh, paham. Iki mau Arif gak mlebu, pamit kate nang ndi ngunu. Awan pas Dewi lewat bengkel mau aku ndeloke dhewe, nggowo tas cilik, slempang. Tak pikir yo kate dolen.”

“Iyo. Gak nggowo opo-opo areke. Mung HP karo dompete, mbuh isine onok gak.”

“Pacare?”

“Yo iku. De’e lek lungo kan mesti mlaku nang ngarep gang, dadi emake gak ngerti lungone karo sopo. Mulih yo mesti bengi-bengi, ngluthus ae.”

“Koncone sekolah yo gak ngerti?”

“Iku mau sih onok sing disebut, ning pas tak takoni yo gak ngerti Dewi nang ndi. Areke tak parani iku mau wisan, nang omah.”

“Lha trus tekan Arif mau yok opo critane?”

“Iku mau jare onok sing ndelok Arif mbonceng Dewi.”

Diman sing sedinoan ora ketemu Arif bingung. Wong lanang iku njupuk handphone.

“Ancen paling apik ki tura-turu ae. Kerjo kesel, turu. Sekolah kesel trus turu. Melek ae nganti bengi nggarai mikir aneh-aneh, malah ngrepoti uwong,” omonge Wawan lirih.

***

art · language

Turu


Rose-Sedang-Tidur-S.-Soedjojono-450x300
Lukisan “Rose Sedang Tidur” karya S. Soedjojono.

Ora kabeh wong lanang seneng lek bojone meneng, anteng. Salah sijine Diman. Wong lanang iku paling ora seneng lek bojone, Wiji, moro-moro meneng. Wis biasa krungu omelane, polahe sing ono-ono ae, lek moro Wiji dadi anteng mesti ono sing ora tepak. Embuh iku lagi pingin daster anyar, pingin kutang anyar, pingin njajan, akeh. Biasane menenge Wiji iso dititeni. Jenenge wong omah-omah wis tahunan, polahe bojo suwi-suwi yo apal.

Meneng mergo ono sing pingin dijaluk, masio Diman ora seneng ning iso dimaklumi. Wajar. Lek lagi ono duit ngunu iku ora dadi masalah. Ora usah atek aksi meneng yo mesti ditukokno. Ning lek pas lagi ora ono duit, aksi meneng iso nggarai ndas ngelu. Koyo isuk iki mau, Wiji sing biasane tangi dhisikan tibake sik gletakan nang kasur pas Diman melek.

Masio ora tahu ngongkon bojone tangi isuk, ning ndelok bojone sik uglak-uglik ngenakno turu nggarai Diman rodo kaget.

“Lara ta, Mak?” Diman ndemok bathuke bojone, ora panas.

Sing ditakoni ora nyauri, pancet merem.

“Meteng?”

Lek mau Wiji meneng, saiki Wiji nyauri masio ora atek suwara. Wong wedok iku mung gedhek. Diman sing penasaran tangi. Wong lanang iku lungguh nyanding bojone.

“Gak nduwe duit?”

Masio karo setengah ndredeg Diman ngenteni bojone nyauri. Wiji sing mau merem saiki melek, wong wedok iku nyawang bojone karo manthuk.

“Lah, tak pikir lapo. Lek iku kan wis biasa hahaha…” Diman ngguyu banter karo ngukuri gundule.

“Tiwas mikir sing aneh-aneh aku mau hahaha…”

Ndelok bojone ngguyu Wiji mbalik merem maneh.

“Wis yahmene. Gak pingin umbah-umbah?”

“Males.”

“Woo…yo iyo sih, bosen yo. Yo wis, ngko tak kumbahane.”

Sing dijak omong ora nyauri.

“Gak luwe?”

Wiji gedhek.

Ora pingin tangi ora masalah. Males umbah-umbah yo ora popo. Diman iso maklum. Ning lek muni ora luwe, iku sing ora mungkin. Wong mari mangan ae kerep lali trus mangan maneh.

“Tak tuku pecel ya? Aku luwe.”

Wiji manthuk. Diman ngukuri gundule maneh. Wong lanang iku tangi trus nang jeding, raup. Anake ora ketok. Digoleki nang mburi omah, samping omah yo ora ketok. Pas diceluk tibake areke lagi dolanan nang ngarep omah karo koncone.

“Adus sik, sekolah,” bengoke Diman nang anake.

“Libul.”

“Libur opo Kemis ngene?”

“Yo libul cekolah.”

Diman sing ora dong dino opo akhire mbalik mlebu nang kamar.

“Tomin libur opo?”

“Gurune rapat, diliburno,” saure Wiji karo sik ngenakno merem.

“Pecele lawuh opo?”

“Lele karo tempe.”

“Lele goreng?”

“Gak, lele sing jangan.”

“Tomin?”

“Sego karo ndog ae.”

“Oke.”

Diman njupuk dompete. Wong lanang iku nyandak sepeda motore. Anake sing sik dolanan dijarno. Arek lanang iku yo ora pingin melu bapake. Pas Diman mulih tuku pecel, pikire bojone wis tangi, wis nyiapno piring, biasane. Ning bedekane Diman salah. Wiji sik ngenakno nang nduwur kasur.

“Wis teko iki pecele,” omonge Diman nang bojone.

Wiji ngolet.

“Engko sik,” saure.”

“Yo selak gak enak, iki dicampur lho lawuhe. Mbededek ngko segomu.”

Wiji melek, nyawang bojone sing ngadeg nang ngarep lawang kamar. Aras-arasen wong wedok iku tangi. Tomin sing mau didolanan dijak mangan.

“Kate nang ndi?”

Mari mangan, Wiji ngadeg kate ngalih.

“Turu.”

“Maneh?”

“Ho oh, ngantuk.”

Diman ngukuri gundule, maneh. Wong lanang iku mikir setan opo sing nyambet bojone. Seneng turu ancen iyo, ning ora tahu lek isuk-isuk ngene. Wiji dudu jenis uwong sing iso turu lek ono srengenge. Bengi ancen ora kuat melekan, ning isuk, awan, ora tahu turu.

“Nang dokter ta?”

“Lapo?”

“Be’e lara.”

“Gak. Pingin turu kok.”

Diman nututi bojone nang kamar.

“Temenan gak popo ta awakmu?”

“Enggak.”

“Wis tak kandani lek pingin opo-opo omong. Yo masio gak mesti ditukokno ning kan enak lek ngomong, ojo dibatin dhewe…”

“Pingin turu.”

“Yakin?”

“Ho oh.”

Diman sing masio atine ora penak akhire milih budal kerjo. Disawang bojone yo sehat ae. Sampek awan jam mangan awan, Diman mulih Wiji sik turu. Anake melu mbahe. Ditinggal kerjo maneh, mulih sore, bojone ora ono nang kamar. Wong wedok iku tibake lagi adus. Disawangi bojone sing mari metu saka jeding iku. Sehat. Ora ono sing kurang. Akhire Diman mung iso ngukuri gundule maneh.

“Untung mung pingin turu, gak njaluk kuru. Repot,” omonge lirih.

art · language

Turu


lukisan potret wanita jawa
Lukisan wanita Jawa https://www.bukalapak.com/p/hobi-koleksi/musik/kaset-cd-dvd-piringan-hitam-lagu/1i711p-jual-lukisan-potret-wanita-jawa

Jam enem isuk, omahe Wiji sing biasane wis rame isuk iki anteng. Wiji sing biasa tangi subuh, isuk iki ora krungu suwarane blas. Bojone, Diman, kaet nglilir. Wong lanang iku molet karo angop. Masio matane sik durung amba, wong lanang iku ngroso lek sebelahe sik ono uwong. Ora mung anake, bojone sik mlungker.

Kebelet nguyuh, wong lanang iku akhire tangi. Sarunge digulung, along wong lanang iku budal nang jeding. Mari nguyuh karo ngising, Diman mbalik maneh nang kamare. Anake lanang wis tangi, ning arek lanang iku meneng ae. Nang sebelahe emake yo ketok wis tangi ning sik merem. Ngerti anake melek, Wiji ngeloni anake. Wong loro iku akhire turu maneh.

Diman ngukuri gundule. Ora biasane bojone turu yahmene. Biasane durung azan subuh mesti wis tangi. Umbah-umbah, masak, opo ae wis dicandak. Wis ora iso turu, Diman mbalik nang mburi, pawon. Wong lanang iku gawe kopi.

Ora minggu ning Diman lagi ora ono garapan. Ndelok bojone durung metu saka kamar, wong lanang sing wis ngentekno kopi sak gelas karo rokok rong uthil iku mlebu kamar.

“Mak…”

Sing diceluk ora nyauri, sik merem.

“Lara ta?”

Ora mung nakok, Diman ndemok bathuke bojone. Ora panas, biasa ae.

“Nesu?”

Ora lara, ketoke. Ora biasa meh jam pitu sik ndekem ngeloni anake nang kamar, Diman mikir opo bojone lagi nesu. Wiji mbuka matane. Kriyip-kriyip wong wedok iku nyawang bojone sing lungguh pinggir kasur.

“Awake gak enak?” Diman takon maneh.

Wiji gedhek.

“Meteng?”

Wiji sing sik aras-arasen langsung menteleng krungu pitakonane bojone. Ning wong wedok iku yo sik ora nyuwara, meneng ae. Diman sing mau mung lungguh pinggir kasur melu ngletak.

“Turu enak ya?”

Jam pitu luwih seprapat, Wiji melek mergo anake kroncalan. Arek lanang iku kebelet pipis. Ora nunggu emake, Tomin tangi trus mblayu nang jeding. Masio sik arek, Tomin wis pinter. Arek lanang iku ora tau ngompol. Wiji wis mbiasakno anake iku nguyuh nang jeding. Sak durunge turu yo kon nguyuh dhisik.

“Mak, maem.”

Mari nguyuh Tomin njaluk mangan. Biasane yahmene nang mejo wis cepak panganan. Lek ora sego goreng yo mesti ono tempe opo endog goreng. Ning mergo isuk iki Wiji sik mlungker, nang mejo makan sik resik.

“Anake luwe kae,” Diman sing wis tangi ngomong lirih nang bojone.

Sing dijak omong sik macak watu. Ndelok bojone ora biasa, Diman akhire tangi. Wong lanang iku ngajak anake nang mburi. Masio ora pinter masak, ning lek nggoreng endog opo masak mie Diman yo iso.

“Emoh Pak’e, karo Mak’e.”

“Podo ae, Pak e yo iso nggoreng endog.”

“Emoh.”

Jarang diladeni bapake, Tomin ora gelem digorengno endog bapake. Arek lanang iku njaluk emake sing masakno.

“Tumbas jajan ndok pasar? Tumbas iwak pithik?”

Diman sing ora pingin ngganggu bojone ngrayu anake. Krungu iwak pithik, Tomin langsung mesem. Arek lanang iku gelem.

“Mandi ya, mosok kecut ngene ndok pasar. Isin.”

Sisan mumpung rayuane kenek, Diman ngejak anake adus. Bojone sing sik nang kamar dijarno ae. Nang pasar Diman nukokno lawuh anake. Wong lanang iku sisan tuku sego pecel bungkus dingge dheweke karo bojone.

Mari ngladeni anake, Diman nginguk bojone sing durung ngalih saka kamar. Tomin sing wis wareg, wis ganteng, mlayu dolan karo kancane, tonggo sebelah.

“Syarat ko dukun ta?”

Diman nyedeki bojone maneh. Sing ditakoni ora turu, ning merem.

“Yo apik sih. Timbang mangan kembang, nguntal boto, ngene luwih apik. Sehat yoan. Akeh turu ki apik, gak ngentek-ngenteki panganan. Jajal ngene terus onok seminggu ngunu beras utuh.”

Wiji mbenakno lek turu. Wong wedok iku narik kemule, mlungker maneh.

“Ben dino adus pindo, pisan-pisan gak adus yo gak popo. Eman sabune ya, ngko ndang entek.”

Diman sik ae omong dhewe.

“Wingi kae Lik Tukiran, meneng ae nang kasur, ndarani turu karo bojone tibake kok moro-moro kaku. Padahal sehat lho, bengi yo sik mangan lele goreng. Kok iso yo isuk gak tangi eh mati wisan tibake.”

“Opo sih?”

Wis gelem omong, batine Diman.

“Lapo? Pingin daster ta?”

“Gak.”

“Pingin kutang? Wingi kan mari tuku.”

“Gak.”

“Pingin jalan-jalan? Lha mbok ayo, mumpung gak onok garapan iki.”

“Gak.”

“Pingin lipstik?”

“Gak.”

Diman ngukuri gundule. Ngomong sak kecap-kecap ngene mesti ono sing ora bener. Untung lagi ora ono garapan, kate meneng, ngalem-ngalem yo diladeni ae.

“Njaluk kelon? Ngunu ae isin, biasane yok opo.”

Diman ngomong karo mesem ngguyu.

“Gak!”

Risih karo bojone, Wiji rodo banter lek nyauri.

“Lha njaluk opo?”

“Gak njaluk opo-opo.”

“Lha trus kok meneng ae?”

“Pingin meneng kok.”

Diman selot gemes. Tangane wis gregeten pingin nyiwel pipine bojone ning diempet.

“Tinggal rabi maneh oleh?”

Ora digagas bojone, Diman mbales pingin nggarai bojone gemes. Wiji sing mau turu nyingkuri bojone pindah posisi. Diman sing wis siap mesam-mesem. Kenek.

“Meneng,” omonge Wiji karo nutupi lambene bojone atek tangane.

Diman nyingkirno tangane Wiji saka lambene.

“Kelebon ta awakmu?”

“Aku ngantuk, pingin turu.”

“Lha kaet mau bengi lak wis turu. Yahmene, wis meh jam wolu lho iki.”

“Sik males.”

“Gak nesu?”

“Gak.”

“Gak njaluk opo-opo?”

“Gak.”

“Pingin turu thok?”

Wiji manthuk. Masio ta sik rumongso aneh ning Diman akhire meneng. Wong lanang iku melu merem, melu turu.

***

Uncategorized

Wayah Surup


Pak, Tomin ndok ndi?”

Lha embuh, wong aku kaet teko kok.”

Sore, Wiji sing kaet mari nyapu omah nggoleki anake. Diman sing kaet ae teko lungguh nang ngarep tipi karo kipas-kipas. Keringete ndrodos, kembloh sak kujur awak.

Ndok ndi arek iku. Gurung adus iku mau,” Wiji ngomel dewe karo clingak-clinguk nggoleki anake soko teras.

Paling yo dolen.”

Biasane yahmene wis mulih kok. Njaluk mangan.”

Yo sopo ngerti dikei panganan iku mau, dadi wis wareg lali mulih.”

Sopo sing ngewei panganan?”

Yo embuh, wong aku ngomong paling.”

img_0075
Sketsa karya Rustamadji

 

Mari ngomong, ora pingin debat karo bojone, Diman ngadeg terus budal nang mburi, adus. Lek wis ngunu iku mending ditinggal ngalih bojone. Timbang selot dowo ngko akhire dheweke sing diomeli. Wiji sing penasaran nggoleki anake nang tanggane. Ora ketemu, wong wedok iku bablas nang omahe morotuwane. Ora nemu sisan, wong wedok iku akhire mulih.

Nang omah Diman sing wis mari adus lagek mangan.

Pak, anakmu gurung temu.”

Lha ndok ndi?”

Yo lek aku ngerti gak tak goleki, gak takok sisan.”

Salah ngomong, batine Diman. Wong lanang iku ndang marekno lek mangan. Biasane surup ngene anake wis ngganteng, wis mari didusi bojone, lungguh anteng mangan. Mari ngombe banyu putih, Dimang ngadeg kate nggoleki anake.

Mau trakhir koen eruh ndok ndi?”

Yo mau dolen. Pamit kate dolen. Gak tak takoni. Wong biasane yo mung ndok sebelah omah ae,” saure Wiji karo mulai bingung.

Nggowo opo areke?”

Nggowo opo?”, Wiji balik nakok maneh.

Yo mau pas pamut dolen ki nggowo opo? Sopo ngerti nggowo koper opo bangkelan ngunu…”

Mbok pikir anakmu kate minggat ngunu ta?”

Yo sopo ngerti, arek saiki kok.”

Lha lapo minggat? Karo sopo?”

Yo lek ngerti aku gak takok.”

Saurane Diman nggarai Wiji sing bingung langsung emosi. Motone menteleng. Tangane wis ngremetan ae, gemes. Diman sing ndelok bojone mulai emosi langsung mesem, cengengesan, wedi. Ora wayahe ngguyoni bojone lek wis rupane koyok ngunu.

Biasane ora tau adoh-adoh. Paling ndok njero kamar,” omonge Diman.

Yo lek onok ndol kamar wis ketemu kaet mau.”

Njero lemari wis mbok goleki?”

Lha mhok pikir anakmu gombal?”

Yo gak. Arek cilik lak biasa dolenan ndok lemari. Delikan trus lali…”

Durung bojone mari lek ngomong, Wiji wis ngalih moro nang kamare. Dibuka lemari klambine. Tomin ora ono. Diman sing ngetutno bojone melu clingukan.

Iku gundule sopo?”

Digoleki wira-wiri tibake Tomin nang ngisor amben. Arek lanang iku turu ndlujur, murep. Diman nyandak anake, ditokno soko kolong kasur trus digendong metu.

Tangekno, Pak.”

Diman ngambungi pipine anake. Arek lanang iku sik ae merem nang gendongane bapake.

Tangekno kok. Iku ngko rewel bengi lek yahmene sik turu.”

Tomin sing pamit dolan karo kancane tibake wis mulih. Arek lanang iku mau tukaran karo kancane trus milih dolanan dewe nang kamar. Ora kroso dheweke keturon saking kesele dolanan. Turu surup, digugah angel, akhire Tomin ngrengik ae. Didusi nangis, diklambeni ndrenginging, dikon mangan ora gelem.

Kandani lek sore turu yo ngene iki.”

Wiji sing mau bingung nggoleki anake, saiki ganti mangkel mergo anake rewel. Mbarang-mbarang sing dilakoni ora ono sing bener. Njaluk dikukuri gundule, njaluk dikipasi, njaluk diusuk-usuk gegere tapi kabeh rasane ora penak.

Maem gek turu maneh.”

Emoh huhuhuhu….”

Numpak motor karo Pak’e?”

Tomin gedheg-gedheg.

Tipasi, Pak huhuhu…”

Iyo, iki yo dikipasi. Gletakno kasur ae, Mak, kelonono.”

Digletakno kasur, karo dikipasi, Tomin sik ae ndrenginging.

Mik, Mak, huhuhu…”

Mik susu? Gawekno, Pak.”

Emoh, mik iti,” omonge Tomin karo tangane mlebu nang dastere emake.

Gak onok susune, wis entek.”

Wiji ngeloni anake. Diman sing turu nang sandinge sik ngipasi anake atek buku. Tomin sik ndrenginging karo tangane sing siji nggondeli susune emake.

Kalah, rek, rojo,” omonge Diman lirih.