Uncategorized

Paimo Paimin Edisi Dukun Sakti Dan Roro Ayu


Nang pinggir Dukuh Penceng onok gunung cilik sing terkenal angker. Bedo karo gunung-gunung liyane sing duwe jeneng, gunung iki gak duwe jeneng. Yo gak kaget sih sakjane, polahe yo gunung sithok iki gak duwe emak bapak dadi gak onok sing ngewehi jeneng (???). Gak onok wong Dukuh Penceng sing wani nyedak opo maneh moro nang gunung iki. Lek jare crito sih nang kunu onok dukun santet sing sakti mandraguna. Dukun Brotolono jenenge, lek pingin disingkat yo DeBe (Pokok gak DoBol ae. Ampun Mbah, guyon hehe *langsung sungkem, wedi kualat*). Sik manut crito-crito wong Dukuh Penceng, Dukun Brotolono iki senengane nguntal curut (sakjane lak enak sih, iso dikongkon ngilangi hama tikus sing biasa nyerang sawah). Rambute gondrong meh ndemok lemah. Motone blalak-blalak koyok kate coplok soko ndase (Ampun maneh Mbah, wong sakti di-ndas-ndasno rek *sungkem maneh*).

 

Dukun Brotolono        : Lho Roro Ayu anakku, kok malah nglamun nang ngarep omah. Ngko kanginan lho.

Roro Ayu                    : Bosen pah. Wes seminggu uglak-uglik nang kasur ae. Bukane ndang waras tambah loro kabeh awakku.

Dukun Brotolono        : Yo wes, gak usah mrengut ngunu ngko ilang ayune. Wes maem opo durung? Papah mau wes masak lele pedes bumbu kemangi senenganmu lho.

Roro Ayu                    : (gedek-gedek karo sik mrengut).

Dukun Brotolono        : Loh, yok opo kok yah mene durung maem. Ngko gak ndang waras. Ayo maem sik, opo jaluk papah dulang?

Roro Ayu                    : (masang rai melas) Pah, aku pingin mlaku-mlaku nang Dukuh Penceng. Aku pingin ciblon nang Kali Mili. Aku yo pingin ndelok sawah sing kethok ijo ko kene…

Dukun Brotolono        : Oalah arek ayu, bukane papah kate jahat nang awakmu. Ngertio Roro Ayu, anakku, arek-arek Dukuh Penceng iku bajingan kabeh, nakal-nakal. Papah wedi lek ngko kon diapak-apakno.

Roro Ayu                    : Pah, aku lak wes gede sih, iso njogo awak. Lagian sopo sing wani karo aku? Sampeyan kan sakti pah, kabeh wong wedi karo sampeyan.

Dukun Brotolono        : Hooh, papah ngerti tapi tetep ae papah gak tego. Kon iki ayu, arek Dukuh Penceng iku elek-elek. Ngko ndelok arek ayu koyok awakmu sing biasane wedi yo iso nekad lho, arek ayu.

Roro Ayu                    : Tapi pah, sampeyan kan iso nyantet lek sampek aku diapak-apakno. Aku gak betah lek nang omah terus (mbrabak, kate nangis).

Dukun Brotolono        : Loh kok malah kate nangis. Ojok ta arek ayu, papah sedih lek kon koyok ngene. Oleh wes, gak popo mlaku-mlaku tapi papah melu yo?

 

Dukun Brotolono sing rupane ngalah-ngalahi buto eleke (Ngapunten ingkang katah nggih Mbah *nguncali curut limolas nggo sajen*) ternyata duwe anak wedok, prawan, sing ayu rupane. Kulite masio gak putih tapi resik, gak koyok kulite bapake sing ireng ketutup bolot mergo gak tau adus. Rambute dowo sak geger, ireng tur alus. Lek Dukun Brotolono raine koyok garangan (Hahahaha, kudu sungkem ping piro aku iki ngko cek gak disantet), ndelok raine Roro Ayu maleh eling artis sing maen film AADC (Ada Apa Dengan Congormu).

 

Dukun Brotolono        : Ayo, sithok maneh cek wareg.

Roro Ayu                    : Wes wareg pah. Gak kuat wetengku. Ngko lek kewaregen malah gak iso mlaku-mlaku (gedek-gedek karo ngelus-elus wetenge).

Dukun Brotolono        : Sithok maneh ae arek ayu, bar iki uwes gak popo (nyodorno tangane sing onok segone, ndulang).

Roro Ayu                    : Mari iki uwes lho, emoh maneh. Janji?

Dukun Brotolono        : Hooh, sithok ae. Janji! *mesam-mesem*

 

Roro Ayu sing tas loro iku berhasil ngrayu papahe cek oleh mlaku-mlaku. Arek wedok iku pingin ngrasakno langsung howo nang Dukuh Penceng. Papahe, Dukun Brotolono, ngolehi asal de’e gelem mangan. Dukun sing terkenal gak duwe welas asih, kejem, iku ternyata sayang banget karo anake. Roro Ayu sing wes prawan iku didulang karo diayun-ayun nang ayunan kayu sing digantung nang ngisore uwet sawo. Sakwise ndulang anake, Dukun Brotolono wanti-wanti Roro Ayu cek gak dolen suwe-suwe. De’e yo nggawani anake bekal be’e luwe utowo ngelak pas nang dalan ngko. Asline de’e pingin melok tapi gak oleh karo Roro Ayu. Lagian de’e ancen gak iso sembarangan metu ko gunung sik dinggoni de’e karo anake iku. Malem Jum’at Kliwon baru de’e iso metu, bareng karo metune demit-demit sing mbaurekso nang sekitar Dukuh Penceng nggo golek curut, panganane.

 

Dukun Brotolono        : Ati-ati yo anakku sing ayu dewe *mbrabak pingin nangis, gak tego*.

Roro Ayu                    : Wes ta lah pah, aku gak popo. Aman-aman wong cekelane yo wes koyok ngene *mrengut karo ngangkat berange*.

Dukun Brotolono        : Iku kan nggo njogo awakmu Roro Ayu.

Roro Ayu                    : Tapi kudune lak peso cilik ae sih pah, mosok berang sak mene gedene.

Dukun Brotolono        : Loh iku kan cek arek-arek iku gak wani nggudo awakmu. Wes ojo mrengut ae, cek papah gak sedih, cek papah tenang.

Roro Ayu                    : Jelase gak onok sing wani pah. Iso-iso sik ko adoh ae wes podo mlayu, wedi lek tak beleh.

Dukun Brotolono        : *Mesam-mesem karo ngelus-elus rambute anake* Sakdurunge magrib kudu wes muleh lho ya. Janji?

Roro Ayu                    : *Manthuk-manthuk*

Dukun Brotolono        : Dada sayang, ati-ati ya *dada-dada karo mbrebes*

 

Roro Ayu mbales dada-dada nang papahe. Durung mlaku sampek limang jangkah moro-moro dirangkul ko mburi. Dukun Brotolono sik durung negakno de’e. Sakwise dijanjeni lek de’e pasti mbalik sakdurunge magrib karo ngomong lek bakal iso njogo awak akhire papahe gelem ngeculno rangkulane. Gak pingin papahe terus-terusan ngendek langkahe, Roro Ayu mlaku cepet-cepet. Kasil muduk ko gunung de’e nyawang nang nduwur sediluk, gak salah tebakane, papahe, Dukun Brotolono nyawang de’e karo mbrebes mili. Gak pingin gawe papahe sedih, Roro Ayu dada-dada maneh sing langsung dibales karo papahe.

Nang panggonan liyo, tepate nang omahe Maman, onok kedadean sing gak kalah melas, mesakno. Maman sing ngerti Carolina bunuh diri, mlompat ko jembatan wes seminggu iki awake panas. Sak wayah-wayah sing diceluki yo mung jenenge Carolina. Awake sing biyen gotot, keker, koyok pemain bal-balan saiki maleh kuru. Rambute ketok awau-awutan. Seminggu gak mangan, seminggu gak adus. Emake wes gak kurang-kurang lek nggolekno tombo. Kabeh dukun wes ditekani, dijaluki jamu tapi gak onok hasile. Isuk iki, Rianti sing sengojo gak ngajar, ngendangi Maman nang omahe karo nggawakno panganan.

 

Rianti              : Mas Maman, makan ya? Ini Rianti bawain makanan buat Mas Maman.

Maman            : *meneng ae, gedek-gedek*

Rianti              : Kalo nggak mau makan nanti Mas Maman sakit. Kan kasian emak. Lagian nanti Mas Maman semakin ketinggalan pelajaran, kalah sama yang lain.

Maman            : *tetep meneng ae. motone lurus mbuh nyawang opo*

Rianti              : Aku tahu Mas Maman sayang sama Carolina, kita semua juga sayang sama Carolina tapi Carolina sudah pergi, kita yang ditinggalin harus ikhlas. Aku yakin kalo Carolina tahu Mas Maman kayak gini dia pasti bakal sedih banget.

Maman            : *mbrabak, kate nangis*

Rianti              : Demi Carolina Mas Maman harus sembuh. Mas Maman harus bisa bangkit. Makan ya, dikit aja.

 

Mergo terus dirayu akhire Maman gelem mangan. Rianti sing sabar iku mulai ndulang Maman. Kabeh wong sing ndelok Maman gelem mangan melu seneng sekaligus trenyuh polahe masio gelem mangap pas cangkeme dilolohi sego karo Rianti, luhe Maman terus ceblok, mbrebes.

***

 

 

 

 

9 thoughts on “Paimo Paimin Edisi Dukun Sakti Dan Roro Ayu

  1. halah..model crito ngene ki biasa. mengkone si roro kayu mengalahkan pesonane si rianti. sampek wedhus pun semua terpesona kepada roro kayu. 😛

    Like

Leave a comment