Uncategorized

Paimo Paimin Edisi Carolina Loro


Kedadean kapanane pas Maman sing lagi ngipi nyipok gurune nang pinggir kali garai wedhuse, Carolina, loro. Cangkeme sing biasane ndomble, selot nemen majune alias mrongos jaya. Untune ngarep uglak-uglik kate coplok mergo Maman gak kiro-kiro nyipoke. Ben kate mangan ramban, kadang yo sego polahe Carolina iki kerep dimanja karo Maman, de’e mesti kelaran. Sing biasane ngunyah mesti ping telung puluh telu saiki mung ping telu trus langsung dielek. Jelas iku gak apik nggo pencernaane Carolina. Saiki wetenge maleh kerep loro, mules.

Gak cuman loro awak, wedhus wedok iku yo loro ati. Yok opo gak loro ati, Carolina sing sik suci, durung tau dicipok wedhus lanangan gak iso ngelak pas cangkeme disosor Maman. Carolina sing masio sempat duwe roso nang Maman saking cedeke arek loro iku (arek karo wedhus iku maksude) gak kepikiran lek bakal kelangan cipokan pertamane. Selama iki ben nglamun de’e sering mbayangno yayang-yayangan karo wedhus lanang tonggo sebelah sing rodok manis. Goro-goro kedadean wingi kabeh bayangan romantise langsung rusak, ajur.

Loro awak ditambah loro ati sing durung oleh obate iku akhire garai awake Carolina kuru. Awake sing biasane semok, seger, maleh cungkring. Matane (red: dudu matamu lho yo, gak misuh iki) sing biasane cemlorot, ngalah-ngalahi matane maling sing lagi ngincer jemuran, maleh redup, gak semangat. Sediluk-diluk de’e watuk-watuk. Engrik-egrikenlah pokoke. Lek wes ngrasakno loro ngunu iku biasane Carolina mung iso mbrebes, ngelingi nasibe. Maman karo emake bukane gak ngerti lek Carolina loro tapi wong loro iku gak ngerti kate lapo. Nang Dukuh Penceng durung ono mantri kewan. Onok sih dukun tapi iku pun dukun menungso, dukun bayi karo dukun pijet. Onok sing rodo sakti tapi dukun santet karo dukun pelet, lak gak nyambung a.

Isuk iki Maman wes nyiapno sego karo lawuh tempe goreng setengah mateng senengane Carolina. Arek joko iku rumongso gak enak ati, bersalah ngunu lah, wes gawe wedhuse soro. Gak mung nyiapno sarapane Carolina, Maman yo wes nyiapno omben, susu tajin sing sik anget. Emake wes budal nang sawah. Rondo iku masio melu bingung goro-goro lorone Carolina tapi sik luweh bingung maneh ngadepi tonggo-tonggone. Isin jelase, polahe berita Maman nyipok wedhuse wes nyebar nang warga sak Dukuh, kabeh wong ngerti. Rasane koyok disuwek-suwek raine ben ditakoni karo tonggo-tonggone.

 

Maman            : Carol, maem yuk. Ki wes mateng segone (Mesam-mesem karo mamerno segone nang Carolina)

Carolina           : (Mlengos)

Maman            : Ngko lek gak gelem maem luwe lho, loro wetengmu. Delok iki, onok tempe setengah mateng karo susu tajin senenganmu. Onok sambel bawange sisan, sip pokoke (tetep brusaha ngrayu)

Carolina           : (Ngaleh, ngedoh ko Maman. Matane mlerok nang Maman. Lek coro menungsone ngunu buang muka, gak sudi ndelok raine Maman)

Maman            : (Bingung kudu yok opo maneh, piring karo gelase diselehno cedek Carolina trus doprok nang ngarepe) Sepurane Rol, aku gak sengojo wingi iku, sumpah! Mosok aku tego kurang ajar nang awakmu. Awake dewe iku wes koyok sedulur, gak mungkin aku macem-macem nang awakmu.

Carolina           : (Sik meneng ae. Mung matane mulai panas)

Maman            :  Kon ngerti dewe aku seneng Bu Rianti. Selawase urip durung tau aku ketemu wong wedok seayu dan seapik Bu Rianti. Areke yo pinter sisan. Emak wes tuwek Rol, wes wayahe duwe mantu sing iso masakno, ngewangi resik-resik omah (Raine maleh melas, nelongso kelingan Rianti)

Carolina           : (Mbrabak, kate nangis)

Maman            : Bapak, aku wes gak duwe. Emak yo mung siji, gak ganti-ganti, ngunu iku rupane. Dulur, konco, yo mung awakmu. Arek liyo gak onok sing gelem karo aku. Saiki onok Bu Rianti sing perhatian. Kon gak seneng ta lek aku seneng? Aku ngerti aku salah. Diapak-apakno ancen kabeh iki salahku. Nasibku ancen elek. Kere, gak duwe opo-opo, sekolah moco yo ngunu ae, durung iso lancar. Saiki kon, sing biasane ngerti aku malah nesu, gak gelem mangan, nyikso awak (Mbrebes)

Carolina           : (Ndelok Maman mbrebes telihe melu loro trus melu mbrebes sisan)

Maman            : Aku gak mekso awakmu nyepuro aku tapi tulung ojo koyok ngene. Kon kudu mangan, gak oleh loro. Aku mungkin gak bakal iso oleh Bu Rianti, keduwuran impenku tapi paling gak aku sik duwe kon karo emak. Lek kon gak gelem mangan, loro trus onok opo-opo karo awakmu trus yok opo nasibku ngko? Ngene ki aku yo isin tapi yok opo maneh, kudu tak tanggung wong ancen salahku dewe (Mbrebese selot banter, deres)

Carolina           : (Melu-melu sengguk-sengguk ndelok dulur lanange nangis, gak tego)

Maman            : Lek sampek onok opo-opo nang awakmu aku tak melu mati ae. Urip yo mung ngene ae, gak onok harapan.

Carolina           : Mbekk! (Ngembek nada lembut karo nyawangi Maman)

Maman            : (Krungu Carolina wes gelem nyauri, raine langsung sumringah, seneng) Kon gelem nyepuro aku kan? Wes gak nesu maneh kan?

Carolina           : Mbekk! (Karo manthuk-manthuk)

Maman            : (Saking senenge langsung ngrangkul Carolina, diambungi wedhuse iku) Suwun Rol, kon ancen dulurku.

Carolina           : (Njejeki Maman karo tangane mergo sesek dirangkul Maman. red: sik ta lah sakjane wedhus duwe tangan gak sih? Sikil ngarep ngunu lah maksudku)

Maman            : (Sadar lek nglarani Carolina tangane langsung diculno ko Carolina. Raine abang ireng saking senenge) Maem yo?

Carolina           : Mbekk! (manthuk-manthuk)

Maman            : (Njupuk piring trus mulai ndulang Carolina)

 

Arek karo wedhus iku wes wawuh, mbalik koyok sakdurunge kedadean nang kali kapanane iko. Carolina wes gelem mangan. Kadang malah mesem, ngguyu pas Maman njaraki. Carolina sing wes mangap, siap kate nguntal sego ko tangane Maman digudo. Maman narik maneh tangane ngadoh ko cangkeme Carolina, garai wedhus wedok iku kecelek, tiwas kadung mangap ngunu (Lek sik angel mbayangno yok opo, coba ndeloken ibu-ibu sing lagi ndulang anake. Biasa lak anake wes mangap trus moro-moro tangane ditarik cek anake ngguyu). Emake Maman sing wes muleh ko sawah mung iso gedek-gedek ndelok polahe Maman karo wedhuse iku.

 

Carolina           : Huekkkk! Huekkk! (Mutah. red: wedhus ki lek mutah huek-huek opo tetep mbek-mbek sih?)

Maman            : Loh opo’o kon Rol? (Ngurut-urut gulune Carolina karo bingung)

Carolina           : Huekkkkk! Huekkk! (Terus mutah-mutah)

Maman            : Kon kenek opo? Mak! Mak! Carolina mutah-mutah! Mak, tulung!

Emak               : (Krungu Maman bengak-bengok langsung mlayu nang kandang) Opo’o wedhusmu iku Man?

Maman            : Gak ngerti Mak. Mari tak dulang kok mutah-mutah.

Emak               : Oalah Man…Man, tok apakno wedhusmu iku? Ojok-ojok de’e meteng. Oalah Gusti, opo maneh iki. Oalah Man…Man, kon iku kok onok-onok ae. Duwe anak siji kok yo gak genah. Tobat kulo, Gusti pangeran (gidro-gidro karo mulai nangis)

Carolina           : Huekkk! Huekkk!

 

***

 

6 thoughts on “Paimo Paimin Edisi Carolina Loro

Leave a comment