Uncategorized

Antri


Anak Warung Nasi karya Djoko Pekik http://archive.ivaa-online.org/

“Kok awakmu suwi gak ketok, Ji, nang ndi ae?”

Wiji sing lagek numpak sepeda nang embong dibengoki tonggo sebelah gang omahe. Wong wedok iku langsung ngendekno lek mancal sepedae. Sing mbengoki jenenge Yu Mi.

“Kate nang ndi?”

“Tuku lawuh, Yu.”

“Lha iyo, kok suwi men gak ketok awakmu. Mari lungo ta?”

“Mosok sih, Yu. Aku nang omah kok. Ancen gak metu-metu sih, wong sik pandemi.”

“Halah, pandemi opo. Delok kae wes podho rame.”

“Saiki lak an.”

“Gak, kaet wingi-wingi yo ngene kok. Temenan gak mari lungo ta awakmu?”

“Enggak, ndok omah aku.”

“Oalah, yo aku sing gak eruh berarti. Lha iki kate nang ndi?”

“Iki Tomin njaluk soto. Kate tak tukokno soto pojokan kono.”

“Sotone Cak Di ta? Ruame lho kono. Yo ancen murah sih, ning lek jareku yo gak patio enak. Biasa.”

“Ho oh, Yu. Golek sing cedek ae. Ngenteni sing lewat yo yahmene gurung onok.”

Wiji pamit. Wong wedok iku nerusno lek nyepeda nang warung soto. Bener omonge Yu Mi, warunge Cak Di wis rame. Warung soto iki sing paling cedek omah, sing buka paling isuk. Biasane yo ono sing lewat ider ning Tomin ora kanten, njaluk ndang ditukokno. Nang warung sing tuku mangan nang nggon podho lungguh, sing mbungkus ketok ngadeg antri.

Wiji njagang sepedae trus melu antrian. Kiro-kiro ono wong sepuluhan. Lumayan batine. Mari Wiji ngantri nang mburine ono wong tuku teko. Wong wedok umur rong puluhan nggendong arek cilik umur telung taunan. Ora koyo Wiji sing antri, wong wedok iku langsung maju nyedek nggon bakule. Nang njero ati Wiji mbatin, lho opo ora melu antri. Wiji nyawang wong wedok iku, sing disawang meneng ae nang samping wong antri sing wis ngarep dewe.

Batine Wiji bek. Maksude iku kate ndusel ora melu antri, dheweke takok nang awake dewe. Wiji nyawang maneh wong wedok sing ora antri nang mburi iku. Sing disawang nyawang balik trus nyawang nggon liyo. Rasane kudu nesu, ning Wiji ngempet. Dudu modele Wiji lek gawe rame-rame, masio dheweke yo gelo kok ono wong sing sak karepe dhewe. Lek didelok ngunu saiki raine Wiji mungkin bakal ketok lek dheweke protes, ning mergo maskeran dadi ora ono sing eruh.

“Selak kebelet pipis ta?”

Sing ditakoni gedheg.

“Lara?”

Gedheg.

“Wong omah onok sing lara nemen trus njaluk soto?”

“Mboten.”

“Yo sukur. Iku anakmu sehat, gak lagi lara kan?”

“Mboten.”

Wiji sing mau meneng, mung umek karo batine dhewe krungu rame-rame nang ngarepe langsung clingukan. Wong wedok sing ora ngantri mau lagi diomeli karo wong wedok sing yo lagi antri.

“Lha iyo, wong yo gak lagi lara. Podho-podho lagi butuhe kok kate nyrobot ae. Iku sing mburi lho antri meneng ae.”

Mbak Denik, wong sing lagi ngomeli wong wedok sing ora gelem antri iku, suwarane krungu sak warung. Ora banter nemen sakjane, ning warunge yo ora gede dadi podho krungu.

“Aku kesusu, Mbak.”

Wong wedok sing diomeli Mbak Denik mergo kate nyrobot antrian ketok abang raine.

“Lha mbok pikir sing antri sakmunu dawane iku wong nganggur kabeh? Gak nduwe gawean, gak nduwe urusan? Kabeh yo nduwe urusane dhewe-dhewe ning yo antri. Sak karepe dhewe ae.”

Dibalesi, Mbak Denik selot banter lek ngomel. Wong wedok sing tibake mau wis antri nang ngarepe Wiji rodok adoh iku mangkel ono wong kaet teko njaluk didhisikno.

“Pun, Mbak. Niki njenengan riyen,” bakule melu omong.

“Lho yo ancen wayahku,” saure Mbak Denik, “Kae lho sing mburi sakno.”

“Nggih, mangke kulo melu urutan,” bakule ngomong maneh.

Ora pingin rame-rame nang warunge, bakule ngode wong wedok sing nyrobot iku kon mundur melu antri.

“Mbarang-mbarang ki melu aturan. Jelas-jelas kancane podho ngadeg antri kok iso-isone nyrobot.”

Selot akeh sing merhatikno, ndeloki, Mbak Denik selot akeh protese. Masio liyane ora melu omong, koyo Wiji, ning nang njero ati podho seneng. Ancen koyo ngunu iku ora oleh dijarno, masio akeh sing males rame. Isin disawangi wong akeh, akhire wong wedok sing kate nyrobot antrian ngalih. Ora ngalih nang mburine Wiji ning ngalih ora sido tuku.

“Soto gak enak ae, emploken kono.”

Masio omonge lirih ning sing nang sandinge podho krungu.

“Woo, ancen wong gak ngerti tata krama. Lek gak enak lapo yoan mau rene.”

Mbak Denik selot mangkel. Bakule sing melu krungu yo malih mangkel ning meneng ae. Wiji sing mung ndelok ora omong opo-opo. Wong wedok iku rodo kaget ning nang njero ati lego ono sing wani protes koyo Mbak Denik.

Mari wong wedok iku ora ketok saka warung, wong-wong nang warung langsung podho rasan-rasan.

“Ancen wong aneh.”

Uncategorized

Klambi Abang Kembang-Kembang


Diman lagek ae lungguh. Wong lanang iku mari mulih kerjo. Ora ndang adus, koyok biasane wong lanang iku milih leyeh-leyeh nang teras, ngisis. Rokoke pating kebul. Masio rodok ngurangi ning wong lanang iku ora iso lek kon mandeg blas. Lambene pait. Kadang yo kepikiran pingin mandeg, opo maneh gawean sik seret ngene iki. Jatah rokok iso dingge liyane, ning angel.

Lagi enak-enak rokokan karo nglamun, bojone mecungul nggowo kopi. Ora atek omong, Wiji neleh gelas kopi ning sandinge bojone. Wangi. Wong wedok iku kaet ae adus, ambune seger langsung mlebu nang irunge Diman.

“Lapo?”

Ora disauri.

“Lapo sampeyan iki? Kesurupan mbuh,” omonge Wiji mangkel.

Diman gragapan. Wong lanang sing mau enak-enak lek rokokan iku kaget ndelok bojone. Dicandak kopine trus disruput. Mari ngunu disawang maneh bojone sing sik ngadeg nang ngarepe.

“Wooo…kesurupan temenan mbuh ngko,” omonge Wiji karo ngalih, mlebu omah.


Diman wis ganteng. Kaet mulih kerjo wong lanang iku ndang-ndang budal adus. Ngko mari isya’ wong lanang iku kate dolan nang kosane Wiji. Rodok dredegan mergo iki pertama dheweke oleh moro dolan. Kaet wingi-wingi taren kate dolan ora diolehi. Disawang raine nang koco, wis apik.

“Wis maem?”

Diman meneng ae. Wiji sing lungguh nang ngarepe dadi bingung. Kaet wingi ora diolehi dolan, bareng diolehi malah meneng ae, ditakoni yo ora disauri. Wiji sing mau yo dredegan malih mangkel. Batine wong lanang nang ngarepe iku gelo, nyesel wis dolan. Akhire wong loro iku mung lungguh meneng-menengan.

“Sego goreng!”

Lagi meneng-menengan, ono bakul sego goreng lewat. Wiji sing keluwen lan dinengno ae karo Diman akhire nyeluk bakul sing lewat. Timbang dicangar mending tinggal mangan, batine. Wong wedok iku ngadeg, nyedeki bakul. Masio Diman mau meneng ae, Wiji langsung inisiatif meseno pisan. Didelok soko raine ketoke yo durung mangan, pikire Wiji. Mari pesen Wiji mbalik maneh. Diman sik meneng ae, mung kadang nyawang karo mesem.

“Ojo-ojo arek iki gak bek,” Wiji mung mbatin.

Ora atek suwi, sego goreng pesenane Wiji dadi. Karo bapak bakule langsung diterno.

“Maem sik,” omonge Wiji nang Diman.

Diman sing kaet mau koyok ora nang nggon kaget, ning langsung manthuk. Wong lanang iku bingung dhewe, tapi yo terus melu-melu Wiji mangan sego goreng. Wong yo ancen luwe. Sengojo ora mangan cek iso mangan wong loro.

Ora suwi piring loro podho enteke. Wiji mbalekno piring nang bapake karo mbayar. Diman sing kaet sadar melu mlaku nyusul. Kate dibayar sego gorenge ning Wiji ora gelem. Wis dibayar dhisikan. Akhire wong loro iku mbalik lungguh maneh.

“Tak njupuk ngombe sik,” pamite Wiji nang Diman.

Diman mung manthuk. Ditinggal Wiji mlebu kamare, Diman sing wis wareg mulai sadar. Kaet mau ora ngomong blas koyok wong goblok mesam-mesem ae. Dredeg, ditambah durung mangan, ketambahan ndelok Wiji sing ketok selot ayu nang matane. Wis biasa ndelok Wiji pas bukaan karo bubaran pabrik, seragaman. Bengi iki ndelok Wiji ora atek seragam, klamben abang kembang-kembang sak dengkul, ketok seger.

“Dimimik,” omonge Wiji pas wis mbalik nggowo gelas.

Diman manthuk. Masio wis sadar lek tingkahe ora koyok biasane, Diman sik ae angel omong. Wong lanang iku mung akeh mesem. Wiji ndelok jam nang dinding teras, meh jam songo. Diman sing paham siap-siap kate pamit.

“Wis bengi. Sesuk rene maneh oleh?” omonge nang Wiji.

“Lek meneng ae yo nang omah ae,” saure Wiji.

Diman ngukuri gundule, isin.

“Gak oleh rene?” takone.

“Pokok adus yo oleh. Karo omong-omong barang, mosok lek SMS banter ketemu malah gak omong blas.”

“Hehehehe…”

Diman akhire pamit. Masio nyasat ora ono sing diomongno, wong loro iku podho senenge. Wiji sing mau mikir Diman ora seneng karo dheweke mergo meneng ae, saiki wis lego pas Diman ngomong pingin dolan maneh. Diman sing kaet mau meneng ae wis tekad sesuk kudu iso biasa, biasa koyo lek pas ngobrol nang SMS.

“Klambimu apik,” omonge Diman nang Wiji pas wis kate mulih.

Wiji nyawang klambine.

“Suwun,” omonge.

Nang kamar, Diman getun kok mau koyok wong goblok pas karo Wiji. Wis meneng ae, cengengesan ora jelas, ora sido ngajak mangan nang njobo malah mangan dibayari, wong lanang iku ngoblok-ngoblokno awake dhewe. Dicandak hp-ne trus ngetik SMS.

Awakmu pantes atek klambi iku, ayu.

Biasane elek? balese Wiji nang SMS.

Enggak, ayu yoan. Selot ayu maksude.

Masio mau pas ketemu akeh menenge, wong loro iku nerusno nang SMS. Nganti bengi, nganti salah siji keturon.

“Pak!”

“Gusti! Lapo sih?”

“Kok lapo? Sampeyan kaet mau tak celuki meneng ae kok. Wis surup iki lho, nglamun ae. Sawanen ta sampeyan iki?”

Diman sing kaet mau nang teras rokokan karo ngopi kaet sadar. Pas bojone moro ngelungno kopi Wiji nggawe klambi abang kembang-kembang, klambi sing digawe pas biyen pertama apel nang kosane. Wong lanang iku akhire mung mesam-mesem karo mlaku mlebu.

“Malah cengengesan, kesambet temenan iki,” omele Wiji.

Masio digodani bojone Diman meneng ae. Wong lanang iku seneng. Dheweke seneng ndelok bojone sing nggawe klambi abang kembang-kembang, klambi sing nggarai dheweke selot tresno nang Wiji.

Uncategorized

Luluran


Ilustrasi lukisan Basoeki Abdullah “Bidadari Mandi”

“Yo anggep ae nyangoni ponakan, Mak.”

Wiji meneng. Wong wedok iku ora nduwe niat kate nyauri bojone. Kaet isuk lek dijak omong bojone mung nyaurine lek ora iyo, yo ora. Males ngomong. Sebabe ora liya mergo Wiji ora sengojo moco WA dingge bojone. Wong wedok iku lagi nyekel HP, kate ndelok tugase Tomin. Ndilalah pas WA soko Neti mlebu.

Ora aneh-aneh sakjane. Neti mung ngomong maturnuwun nang Diman mergo wis disilihi duwit. Wiji sing biasane ora tahu ndeloki WA dingge bojone akhire moco. Dudu WA-ne sing garai Wiji gelo, ning kenyataan lek bojone ora ngomong. Wong wedok iku nelongso, rumangsa dudu sing golek duwit, dheweke sadar ora iso nglarang bojone. Ora ono niat nglarang yoan asline, Wiji ndewe lek disilihi duwit tanggane utowo koncone kerep ora tego.

“Iku wingi nyilih sewu, Mak. Jare lek nunggak maneh, montore dijabel. Iku montore dingge ngojek bojone.”

Wiji sik meneng.

“Aku gak niat nyilihi, wong awake dhewe yo lagi koyok ngene. Sakno…”

Diman sik njelasno.

“Tak kei telung atus, Mak, ko duwit bayaran wingi…”

Wiji sik ae umek karo lek nglempiti klambi. Ora usah dijelasno wong wedok iku yo ngerti karepe bojone, wis paham, ning atine sik lara mergo dheweke ngertine dudu soko bojone. Rasane koyok ora dianggep bojo, ora iso dijak omong.

Sampek bojone budal kerjo Wiji sik meneng. Diman wis njaluk sepuro, ning Wiji sik males omong. Nang kerjoan Diman malih melu meneng. Ora getun mergo ngewei duwit nang Neti, ning mergo lapo kok dheweke ora ngomong nang bojone.

“Mak e nang ndi?” takone Diman nang anake pas mulih kerjo.

“Adus,” saure Tomin.

Diman lungguh nang teras. Bojone lagi adus, mugo-mugo wis enak atine. Biasane yo ora suwi lek nesu. Wong lanang iku wis rencana gek ndang adus cek bojone ora selot nesu. Ditunggu-tunggu sing adus ora metu-metu. Diman sing mau nang teras ganti lungguh nang pawon, cedek jeding.

Biasane paling suwi yo sepuluh menit. Suwi maneh lek karo ngising. Iki dirungok-rungokno yo rame, bola-bali grujukan. Ning ora pingin ngganggu bojone, Diman anteng lek lungguh ngenteni. Meh setengah jam bojone lagek metu. Rambute teles, mari kramas. Awake dianduki, Wangine sabun karo shampo, seger. Ndelok bojone metu soko jeding, Diman mesem. Sing dimesemi meneng ae, bablas mlebu kamar.

“Adus ae lah,” omonge Diman lirih.

Masio ora diaruhi bojone, ning ndelok rupane Wiji, Diman mikir bojone wis ora nesu. Malah wis adus kramas resik ngunu iku, mbayangno thok ae Diman mesem-mesem dhewe, seneng.

“Maem, Mak.”

“Kene karo Pak e ae.”

Wayahe mangan, Diman ndang-ndang nyandak anake. Wong lanang iku lagi pingin ngerah atine bojone. Biasane adus aras-arasen, iki mau dheweke wis adus resik. Rodok suwi sisan, melu-melu bojone. Lek biasane njupuk klambi sak-sak e, iki mau milih kaos sing rodok apik. Alon-alon mergo ora pingin ngrusak tatanan klambi nang lemari. Sarunge sing digawe mau bengi digowo nang mburi, ganti sing rodok anyar.

Bojone sik meneng ae, ning saiki raine wis enak. Ora mrengut, malah ketok koyok mesem, seneng atine. Diman sing melu seneng ora nakon, timbang ngko salah omong. Wong lanang iku kegowo seneng ndelok bojone sing seger.

“Biasane ngunu, wis gak nesu ning isin lek omong soale kadung nesu,” batine Diman.

Sing penting wis ora nesu. Aman, pikire. Jam songo anake wis merem. Sakjane Diman wis kaet isya gemes karo Tomin. Anake iku ngajaki dolanan ae ora ndang turu. Bojone kaet mau nang kamar, embuh lapo. Pikire diurusi sik anake, cek ndang merem, ngko gek ngurusi emake.

Mari anake merem, Diman nyusul bojone. Bojone durung turu, mari mberesi mejo riase. Masio wis kaet magrib mau lek adus, ambune sik wangi. Irunge Diman sing wis gletakan sik ngendus-endus. Ora mung adus kramas, mesti iki atek luluran karo creambath barang. Alhamdulillah, batine Diman. Wong lanang iku mesem-mesem dhewe karo ngenteni bojone mapan.

“Lapo?”

“Hehehe…”

Diman ngelus-elus rambute bojone sing dowo. Diambungi rambute bojone, enak ambune.

“Merem,” omonge Wiji nang bojone.

“Kok merem sih, wis wangi ngene hehehe.”

“Wis bengi, ngantuk aku,” saure Wiji.

“Sik yahmene hehehe…”

Diman sik ae cengengesan nggudo bojone. Sing digudo mung mesem karo merem. Atine wis ora lara, malah seneng.

“Madep rene ta,” omonge Diman nang bojone.

“Aku lagi wayahe,” saure Wiji.

“Heh?” Diman kaget.

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku nerusno lek merem, turu.

Diman lungguh. Disawang bojone sing merem karo mesem.

“Lha lapo atek kramas barang? Lapo atek luluran barang?” takone Diman nang bojone.

“Lha opo gak oleh? Wong adus resik kok gak oleh,” saure Wiji karo pancet merem.

Diman sik ketengengen. Wong lanang iku ora iso omong opo-opo. Akhire melu ngletak maneh.

“Awak,” omonge lirih karo melu merem.

Uncategorized

Mantan


Ilustrasi dijupuk saka lukisan Basoeki Abdullah “Lady with Kebaya”

“Yok opo kabare, Mas. Sehat-sehat ae ta?”

Diman moco WA sing mlebu nang henpone karo rodok mikir.

“Suwi gak kabar-kabar. Sik eling karo aku gak?”

Nomere ora kesimpen, dadi ora ono jenenge. Didelok fotone gambar arek cilik wedok. Jeneng profil-e Mamae Sasha. Diman ngukuri gundule. Ora mungkin dingge bojone, jelas-jelas nyeluk Mas nang WA-ne. Durung Diman ngetik kate takon, wis mlebu WA anyar.

Aku Neti, Mas.”

Disebut jenenge, Diman langsung paham. Akhire wong lanang iku bales-balesan WA. Lagek mandeg lek WA-nan pas bojone mbengoki, kon ndang adus trus sarapan. Nang nggon kerjoan Diman nerusno lek WA-nan karo Neti. Ora suwi, wong lanang iku kudu ndang marekno garapane, selak dienteni sing pesen.

Awan iki Diman ora mulih, dheweke wis ngomong bojone. Pas ngeterno garapan karo Arif ditawani mangan karo sing nduwe omah. Ora iso nolak, wong lanang loro iku akhire mangan.

“Lapo, Mas?”

“Lapo apane?”

Lagi rokokan mari mangan, Arif sing ndelok Diman ora koyok biasane langsung nakok.

“Ketoke kok onok sing lagi dipikir,” saure Arif.

Ora penak kate ngomong, Diman ora nyauri. Sik nang omahe uwong sisan. Mari mbalik nang nggon kerjoane, Diman sik meneng. Masio lek pas kerjo yo biasane ora kakean omong, ning yo ora meneng-meneng ae.

“Gak enak awak ta, Mas?”

Arif nakon maneh. Diman karo Arif wis kenal suwi, wis koyok dulur. Lek ono opo-opo yo mesti ngewangi.

“Iki mau di-WA Neti…”

“Wouh, cewek hahaha…”

Durung mari lek Diman ngomong, Arif wis nyaut ae. Diman langsung meneng. Arif sing sadar lek salah respon, kesusu, langsung melu meneng.

“Sori, Mas hehe. Neti sopo?”

“Mantanku biyen.”

“Ouh. Lapo? Mbak Wiji ngerti?”

Diman meneng.

“Gak ngerti, gurung tak omongi.”

“Lha lapo, Mas?”

“Heh, yo gak lapo-lapo. Wong mung WA-nan biasa.”

“Yo kabeh awale biasa, Mas. Nakok kabar, kok suwi gak krungu kabare, trus yo ngunu kae hehehee…”

Arif cengengesan. Masio dheweke dhewe rodo nakal, ning Arif wis cedek karo keluargane Diman. Dheweke ngerti yok opo Diman karo anak bojone. Wiji yo wis dianggep koyok mbake dhewe.

“Gak, wis nduwe anak bojo kok.”

“Hehehe…”

“Gak, gak koyok sing mbok pikir,” omonge Diman maneh.

“Lha opo sampeyan ngerti sing tak pikir? Hehehe. Yo lek gak pingin nostalgia, paling golek utangan hehehe,” Arif cengengesan maneh.

Krungu omongane Arif, Diman rodok kaget.

“Iyo kan? Wis biasa ngunu iku. Wis urip dhewe-dhewe, gak tau komunikasi, moro-moro nggoleki ki biasane mesti onok karepe. Lek gak lagi onok masalah karo bojone yo mergo golek utangan hahaha. Aku wis biasa dikonokno, Mas.”

Diman mesem. Bener omongane Arif. Neti karo Diman ora tau kabar-kabar, wis suwi. Mari putus biyen yo wis ngurusi uripe dhewe-dhewe, kaet iki moro WA, golek utangan.

“Jare lagi kepepet. Kudu bayar montor, lek gak montore dijabel. Montore dingge ngojek biasane.”

“Lha sampeyan opo tau ngerti…maksudku mari wis gak barengan, tau ngerti uripe koyok opo?”

Diman gedheg.

“Gak tau ketemu blas kan? Gak ngerti kabare?”

“Gak blas.”

“Sampeyan opo ngerti lek dibujuki?”

Diman mikir. Opo mungkin Neti mbujuki. Masio ancen pas karo dheweke biyen Neti rodok seneng njajan, ning njajan wajar. Arek wedok biasa tuku wedak, klambi.

“Bojone nang ndi, Mas?”

“Onok. Yo iku montore bojone sing kudu dibayar.”

“Wong onok bojone ngunu lho. Saiki sopo sing lagi gak seret, kondisine koyok ngene. Kabeh uwong angel uripe, kecuali wong-wong sugih kae.”

Diman sik meneng. Bener omongane Arif. Dheweke yo sadar, paham. Ning rasane ora penak, ono rasa sakno nang Neti.

“Yo wajar sih, Mas, sakno. Opo maneh biyen tau bareng. Yo lek ancen onok dan Mbak setuju yo gak popo, nulung uwong.”

“Yo iku masalahe. Lek mung onok yo onok ae, iki mau mari bayaran. Ning ngko ngomong Mbakmu yo gak enak. Masio yo oleh-oleh ae sih aku yakin.”

Diman meneng maneh. Wong lanang iku mikir.

“Kiro-kiro lho iki, Mas. Wong kok milih ngubungi sampeyan kate utang opo sebabe? Maksudku kene, lek ancen sik cedek, biasa komunikasi sih wajar jareku. Lha iki blas gak tau ketemu, mestine lak taunan tho?”

“Ho oh, suwi nemen. Mbuh pirang taun.”

“Lha iyo. Utang kan kudune nang wong-wong sing cedek sik, keluargane, konco cedek, yo sopo sing ben dino gumbul…”

“Yo tapi kan iki kondisine ancen akeh sing podo angel uripe, be’e yo gak oleh silihan mergo iku.”

“Yo bener sih…”

Ora nerusno lek ngomong, Arif melu mikir. Wingi dheweke karo Diman suwi leren kerjo mergo ora ono garapan. Lagi gliyak-gliyak pirang dino iki, mari bayaran, malah ono sing kate utang.

“Onok duwit, Pak?”

Nang omah, Diman wis dienteni bojone.

“Onok. Opo’o?”

“Wayahe bayar listrik. Karo iki mau kompore gak kenek, mau wis dicek jare kon ganti selange.”

“Yoh.”

“Pak. Tumbas sate ya?”

Tomin sing mau ora ketok moro-moro wis nyanding bapake. Arek lanang iku wingi dijanjeni bapake kate ditukokno sate.

“Ho oh. Adus sik, gek tumbas.”

“Asik!”

Tomin mlayu nang mburi adus. Diman sing lagi leyeh-leyeh nang emper, ngisis, ngrogoh sak e. Dilungno duwit bayarane nang bojone.

“Suwun,” omonge Wiji karo mesem.

“Suwun thok. Ambung sik kene.”

“Gah. Gurung adus ngunu,” saure Wiji karo mlebu omah.

Diman nyandak henpone. Wong lanang iku mbalesi WA-ne Neti.

Uncategorized

Mesra


Ilustrasi dijupuk saka pinterest.com

“Ojo, Mas.”

“Lha lapo?”

“Isin.”

“Gak onok uwong, mung awake dhewe thok.”

Malem minggu jare ngunu wayahe wong pacaran. Jenenge pacaran jare enake lek nang nggon sepi, rodok peteng yo gak popo. Ono sing ngomong selot peteng selot apik. Ora mikir ulo, nyamuk, opo maneh setan, sing penting iso dhewean karo pacare. Omongan ngalor ngidul, suwi-suwi selot lirih suwarane. Dudu mergo ngantuk, ning mergo selot repot karo kegiatan liyane.

“Sithik ae.”

“Emoh. Wedi.”

“Onok aku, gak usah wedi.”

“Gak wedi iku, wedi karo bapakku.”

“Wonge nang omah, gak eruh, aman.”

Sing lanang ngujuk-ngujuki, sing wedok campur-campur rasane, isin, wedi, ning yo ora iso nolak.

“Ya?”

Gedheg.

“Ho oh ngunu lho.”

Dug!

Diman kaget. Meh ae wong lanang iku nesu.

“Kon tangi karo Mak e.”

Dielus gundule anake sing numpak nang nduwure.

“Lek Pak e jantungen yok opo?”

Tomin ora nyauri, arek lanang iku malah ngenakno lek ngebleki bapake.

“Wes maem?”

“Gurung, ngenteni Pak e.”

Diman nyandak anake. Wong lanang iku lungguh karo nyeleh anake nang pangkune. Diambungi pipine anake sing nyempluk, nyenengno.

“Tak raup sik.”

Diman karo Tomin mlaku nang mburi. Diman bablas jeding, anake mandeg nang pawon, ndelok emake.

“Aku lawuh endog, Mak.”

“Dadar opo ceplok?”

“Dadar. Karo krupuk ya, Mak.”

“Krupuke entek. Tumbaso nang Lik Yah kono.”

Dikongkon emake tuku krupuk nang tanggane, Tomin kesenengen. Arek lanang iku mlayu.

“Min! Duwite!”

Tomin mandeg, “Utang.”

“Heh! Sopo sing ngajari kon utang. Iki lho duwite.”

Wiji ngrogoh sak, ditokno duwit limang ewuan siji.

“Susuke oleh ngge tumbas jajan, Mak?”

“Yo tuku krupuke siji ae. Ojo tumbas es.”

“Enggak.”

Mari nampani duwit saka emake, Tomin mlayu maneh.

“Aku ndog ceplok, kuninge setengah mateng, koyok biasane.”

Diman sing mari metu saka jeding melu njaluk digorengno endog.

“Endoge entek.”

“Woalah. Siji ae gak onok?”

“Wis dingge lawuhe Tomin. Lek gelem ngendog dhewe.”

Diman nyawang bojone, isuk-isuk kok wis ora enak lek ngomong. Lagi aras-arasen, sik ngantuk, wong lanang iku meneng ae ora nyauri maneh. Masio ora digorengno endog, bojone mesti wis nggawekno lawuh liyane.

“Mak e kate nang ndi?”

“Metu dhiluk.”

“Melu.”

“Gak usah. Karo Pak e ae nang omah.”

Mari mangan, wis adus resik, Wiji macak ayu. Ora mung mau isuk, nganti rodo awan bojone Diman iku ora ketok mesem blas. Nesu iki, batine Diman. Masio lagi seret, ning wingi Diman mari oleh gawean, duwite yo wis dikekno bojone. Dina iki wayahe libur, ora mungkin mergo dheweke nang omah, ora kerjo trus bojone nesu. Dieling-eling, dipikir-pikir, ketoke ora ono sing salah.

“Kate nang ndi?” ganti Diman sing takon.

“Ngancani Mak Ti nang kelurahan.”

“Melu, Mak.”

“Ojo. Arek cilik gak oleh metu-metu, lagi PPKM.”

“Nang omah ae, karo Pak e. Ngko gawe dolanan,” Diman melu ngrayu anake.

Bengi wayahe turu, Wiji sik durung enak atine. Sedinoan mrengut ae yo betah. Omong mung sak perlune padahal biasane koyok prenjak.

“Gak kemeng ta lambemu?”

Ngerti maksude bojone, Wiji meneng ae.

“Aku salah opo?”

Ora nyauri, Wiji langsung mapan turu. Merem.

“Jare lek onok masalah gak oleh meneng, kudu diomongno cek ndang mari.”

Ora melu mapan, Diman lungguh nang sandinge bojone sing epok-epok turu.

“Tak smack down lho ngko,” gudone Diman.

“Sopo sing sampeyan celuki mau bengi?” akhire Wiji gelem omong.

“Heh? Sopo?”

“Yo embuh. Lek ngerti opo aku takon. Mesra ngunu, mosok nyeluki mak e.”

Diman ngukuri gundule sing ora gatel.

“Mau bengi? Jam piro? Wong kene budal turu bareng ngunu lho, aku yo gak metu nang ndi-ndi, mulih kerjo ndekem nang omah.”

“Sampek kegowo ngipi, kangen nemen ketoke,” Wiji sik nyindir.

“Ngipi? Maksudmu aku nyeluki arek pas turu ngunu?”

Wiji ora nyauri. Atine mbedodok, lara.

Diman sing wis sadar langsung ngguyu banter.

“Woalah yo yo, wong ngipi ae mbok nesoni. Aku lho ngipi awakmu.”

“Yo gak mungkin!”

Wiji ora percoyo.

“Temenan.”

“Mbelgedes.”

Diman sik ae ngguyu. Lek mau dheweke wedi lek ono salah, saiki bareng ngerti dheweke ora iso ngempet ngguyu. Jarang-jarang bojone cemburu, cemburu pisan kok karo wong ngipi.

“Kandani kok. Aku ngipi karo awakmu.”

“Embuh.”

Isin mergo ketok lek cemburu, isin cemburu karo wong sing durung jelas nang ngipi, Wiji akhire meneng, merem. Rasane pingin ndang turu trus moro-moro isuk. Ora pingin nggudani bojone maneh, wedi lek ngko malah nesu maneh, Diman akhire melu ngletak nang sandinge bojone. Dirangkul bojone saka mburi.

“Ombone, Rek, wetenge,” omonge Diman lirih karo mijeti wetenge bojone.

Uncategorized

Mumet


Ilustrasi Man On A Bridge karyane Bob Dylan

“Tangi, Pak, wes yahmene.”

Wis telung dina Diman ora budal kerjo. Pesenan lagi sepi, nggon kerjone yo kon tutup. Nggon kerjone dudu kantor utowo toko gedhe, mung koyo bengkel cilik. Sing kerjo yo mung dheweke karo Arif, wong loro. Ning mergo nggone Diman kerep dingge cangkruk, sementara kon nutup. Diman manut. Ora ono gawean, melu aturan yo wis leren sik nang omah.

“Pak,” Wiji mbaleni lek nggugah bojone.

Diman mung molet. Anake sing mau turu nang sandinge wis ora ono. Arek lanang iku wis digugah emake dhisikan mergo wayahe sekolah online. Mari diceluki bola-bali, Diman akhire tangi. Wong lanang sing sik aras-arasen iku pindah nang pawon, nang ngarep jeding.

“Yo gek adus.”

Wiji sing ndelok bojone njegogrok komen maneh. Wong wedok iku risih ndelok bojone krembak-krembuk ora ndang adus.

“Adus gek sarapan kono lho, Pak.”

“Iyo iyo.”

“Iyo thok ae kaet mau gak budal-budal.”

Masio isuk wis biasa rame nang omahe, biasane yo ora suwi mergo anak bojone budal dhewe-dhewe. Anake budal sekolah, bojone budal kerjo. Ning pirang-pirang dina sakjoke aturan anyar anak bojone ngumpul kabeh nang omah. Wiji Diman dudu siji-sijine sing ngrasakno kudu koyo ngene, ora iso kerjo, nang ndi-ndi angel mergo dalan ditutup, akhire mung krembak-krembuk nang omah.

Sedina rong dina paling dingge turu. Suwi-suwi duwit selot entek, kebutuhan ora iso mandeg, isine mung akhire gembrah mergo podho mumete mikir butuh. Diman dudu wong males, biasane yo sregep nggarap opo ae, ning lek ora oleh buka ngene dheweke yo bingung. Dudu model sing kabeh-kabeh diomongno, Diman mikir dhewe, ora pingin nambah pikirane bojone. Akhire yo mung pindah-pindah lek lungguh, mikir kudu yok opo.

Gaweane Wiji ora kurang yo ora nambah. Kate anak bojone nang omah opo ora, gaweane yo pancet ngunu-ngunu kae, ngurusi omah.

“Mak, ngising.”

Lagi sekolah online, Tomin kroso ngising.

“Karo Pak e ae.”

“Mak, pensile puklek.”

“Kon nyerut Pak e.”

Tomin sing biasa opo-opo karo emake, saiki diparakno nang bapake. Diman sing ora biasa sedinoan karo anake kadang yo gregeten. Ora ngerti lek ben dino anake ngrengikan, diluk-diluk nyeluki.

“Opo maneh?”

Diman sing gregeten rodok banter lek nyauri. Tomin sing ora biasa, kaget. Arek lanang iku meneng, wedi. Wiji sing melu krungu nginguk anak bojone. Disawang anake sing keweden.

“Lapo?” takone nang anake.

Tomin nyebek. Arek lanang iku ora sido ngomong. Diman sing rumangsa rodok banter lek ngomong nang anake mung ngukuri gundule. Tomin nyedek emake, njaluk gendong. Ora nangis, ning arek lanang iku njaluk ditulungi, wedi. Wiji nyandak anake. Disawang bojone sing sik meneng ae. Sing disawang akhire mung cengengesan.

“Gawe kolam ah,” omonge Diman karo ngadeg.

Ngerti lek ora iso meneng terus. Ora lapo-lapo malah garai mumet, wong lanang iku mutusi kate gawe kolam iwak. Ora mung cek ono gawean, ning wong lanang iku pingin ngrayu anake. Ora nduwe lemah kosong, Diman kate gawe kolam nang gentong bekas.

Ndelok bapake umek ae nang mburi, Tomin sing mau wedi penasaran pingin ngerti. Emake dikongkon nyedek.

“Kono ndelok dhewe. Diewangi Pak e.”

Tomin gedeg.

“Mak e kate mepe klambi.”

Diman sik umek ae. Wong lanang iku ngerti anake sik lara atine.

“Kei lele opo nila iki ngko,” omonge dhewe.

“Lele, Pak.”

Kenek. Akhire anake nyauri. Diman mesem. Diawe anake sing sik nang gendongane bojone.

“Melu Pak e tuku lele gelem?”

“Gak tutup ta pasare?” takone Wiji.

“Gak nang pasar. Nang omahe Lik Man ae, nempil selawe opo telung puluh ngunu.”

“Kono, melu Pak e ndelok iwak nang Lik Man,” omonge Wiji nang anake.

Kolam lele saka gentong wis dadi. Saiki ben dina Tomin nginguki iwake. Ora mung dikei lele, nang nduwuri Diman nandur kangkung. Ora pingin nang omah terus sing garai malah tambah mumet, saiki ben isuk Diman metu. Kadang nginguk bengkel kerjone, resik-resik kayu karo opo ae sing sik ono. Kadang wong lanang iku budal mancing nang kali cedek omah, kadang yo mung mubeng-mubeng numpak motor ora ngerti sing dituju. Awake kudu obah, pikirane ora oleh dianggurno.

Uncategorized

Perkedel


Ilustrasi dijupuk saka Google

“Mak, masak opo?”

“Nggoreng tempe iki.”

Tomin mrengut.

“Lapo?”

Tomin meneng, ora nyauri.

“Emoh tempe? Pingin opo?”

Tomin nyawang emake. Arek lanang iku lagi ora pingin mangan tempe, ning kate ngomong langsung ora wani.

“Iki kadung tuku tempe, wis mateng sisan. Mene ae tak gawekno liyane. Pingin opo?”

Tomin sik ora nyauri. Wiji nyawang anake sing meneng ngadeg nang ngarepe.

“Perkedel,” saure lirih.

“Yo, mene ya. Saiki maem iki sik.”

Tomin manthuk. Masio durung iso mangan perkedel saiki arek lanang iku wis marem. Emake ora nesu. Sesuk dheweke iso mangan perkedel senengane.

“Wis koyok ngene, mbarang-mbarang malah larang.”

“Yo justru mergo lagi koyok ngene iki sing garai mbarang-mbarang larang, Yu.”

Isuk-isuk ibu-ibu tanggane Wiji wis rame ngrubungi bakul sayur. Wong-wong podho sambat rego bumbon sing podho mundak.

“Lombok regane koyok emas, jian. Ngene opo yo iso digadekno.”

“Yo njajal budal nang pengadaian kono, be’e ditombo.”

“Ditompo Menur hahahaha.”

Ibu-ibu sing mau podho sambat, saiki podho ngguyu cekikikan. Jenenge urip, sambat yo lumrah, ning kudu iso diguyoni.

“Wis mari ta, Ji, lekmu blonjo?”

“Ho oh, Lik, iki ae.”

Wiji sing mau milih-milih pamit mulih dhisikan. Wong wedok iku wis janji kate nggawekno perkedel dingge anake. Tomin sing ndelok emake lagi nyepakno panganan senengane wis mesem-mesem. Arek iku wis adus, siap-siap kate sekolah online.

“Gak adus, Pak?”

“Sik.”

Diman sing kaet tangi turu ketok aras-arasen. Wong lanang iku lungguh nang dingklik, nang pawon.

“Malah nglamun, kesurupan sampeyan ngko.”

“Nglamun mbahe, sik ngantuk iki.”

Sewengi Diman ora iso turu. Masio budal turu bareng, bengi wong lanang iku klesikan. Anak bojone wis angler, ning dheweke malah ora iso merem maneh. Lagi akeh sing lara. Kerjoane malih melu sepi mergo wong-wong yo durung ono sing pesen utowo ndandakno perkakas.

“Lapo?”

Wiji nakok nang anake sing ketok bingung. Arek lanang iku lagek mangan lawuh perkedel sing dimasak emake.

“Dientekno,” omonge Wiji maneh.

Tomin ndang-ndang lek mangan. Wis SD, arek lanang iku wis pinter mangan dhewe.

“Rasane kok bedo ya, Mak?”

Tomin sing mau meneng ae akhire wani ngomong. Arek lanang iku biasane saking senenge karo perkedel telap-telep lek mangan, ning iki mau ora. Nang lambene rasane ono sing ora pas. Dudu ora enak, ning seje, ora koyo perkedel sing biasane dimasak emake.

“Gak enak?”

“Enak, tapi gak koyok lek mak e masak.”

“Lali bumbune,” Diman sing krungu melu nyauri.

Wiji mung meneng. Wong wedok iku nyawang anake. Pingin lambene ngomong, ning rasane abot. Mergo kentang lagi larang, Wiji nyampur bahan dingge perkedel cek ora akeh kentange. Ora nyongko lek anake kroso. Atine ora penak, sakno anake. Wong wedok iku nelangsa.

“Sepurane, Le,” suwara atine.

Nguing! Nguing! Nguing!

“Ambulan!”

Tomin sing krungu suwara ambulan langsung mbengok karo mlayu nang ngarep. Arek iku seneng ndelok ambulan.

“Gak usah metu!” bengoke Wiji nang anake.

“Gak, nang lawang,” saure Tomin.

“Ambulane kok selot suwi selot akeh yo, Pak, sing lewat.”

“Ho oh.”

Wis pirang-pirang dina iki, ngarep omah kerep dilewati ambulan. Omahe Wiji ora nang dalan gedhe, biasane paling banter krungu saka dalan gedhe. Ning wis meh semingguan iki ambulan lewat gang ngarep omahe. Selot kerep ben dinane.

“Mugo-mugo diparingi sehat,” omonge Wiji lirih.

Uncategorized

Manuk


Lukisan Affandi Koesoma judule Berbobot Ayam

Wis rong dina Diman mulih bengi terus. Ono gawean sing njaluk dadi cepet. Lek biasane mulih kerjo sik iso mancing diluk, dolanan manuk, rong dina iki mulih kerjo langsung tepar. Wiji kudu bengak-bengok cek bojone iku gelem adus.

“Sik, kesel.”

“Lha iyo ndang adus trus leren.”

“Kandani sik kesel kok,” Diman sik nyauri. “Dusono lek gak gelem ngambu.”

“Yo kene, sisan didungani gak?”

“Woo, lambene.”

Diman paling angel dikon adus. Wiji paling ora seneng lek ono wong angel adus. Ben dina anak bojone dioprak-oprak cek ndang adus. Lek wes ndelok anak bojone adus, mangan, wong wedok iku kaet iso meneng.

“Budal sik.”

Diman pamit nang bojone. Iki ngko garapane kudu mari, lembur maneh. Mari ngurusi omah, Wiji nunggoni anake sekolah. Ora suwi, sak jam-an. Kebeneran lagi wayahe ujian, dadi langsung nggarap online.

“Aku sepedaan yo, Mak.”

“Yo, ojo adoh-adoh.”

Ditinggal anak bojone, Wiji umek gorek opo ae sing iso dicandak.

“Segere, Rek, yahmene adus.”

Wiji mung mesem.

“Mbok aku po’o didusi sisan.”

Lek mau Wiji mesem, saiki wong wedok iku ganti mrengut. Tonggone sing mau ngguyoni inggah-inggih karo ngalih.

“Awakmu saiki dadi baby sitter sisan ta, Ji? Cek sregepe.”

Lek mau tonggone lanang sing liwat ngarep omah, saiki ganti tonggone wedok sebelah omah sing kate nang pasar.

“Pak’e Tomin lagi repot,” saure Wiji.

“Lek aku ngunu gak sudi. Gak gelem ngopeni yo didol ae, dibeleh yo enak iku,” omonge tonggone maneh.

“Yo nangis kae ngko,” saure Wiji.

“Awakmu dadi wong wedok cek sabare, Ji. Koyok ngunu ae yo mbok openi.”

“Aku yo seneng kok, Lik.”

Ora pisan pindo Wiji disemantani wong sing liwat ngarep omahe. Wong wedok iku nyauri sing omongane enak. Sing nggudo ora jelas dijarno ae, paling mung diesemi thok.

“Enak yo dadi Diman iki. Anak bojone gak aneh-aneh. Sregep, manut.”

Nang nggon kerjoane Diman sing ancen biasa rame dingge wong sing mandeg pingin leren, nongkrong, wis biasa diparani wong gantian. Isuk iki Dhe Yat sing mampir. Wong lanang bakul pithik nang pasar iku mampir mari tutupan pasar.

“Lha sampeyan kurang enak opo yoan, Dhe,” Arif sing nyauri.

“Yo enak gak enak. Alhamdulillah rejeki onok ae, ning bojoku kae opo gelem lek kon koyok Wiji kae. Nyandak opo ae gelem. Padahal njaluk opo ae tak turuti.”

“Bedo manuke paling hahahaha…” Arif nyauri karo ngguyu banter.

Diman sing mau meneng ae, langsung menteleng. Ora nesu, ning ngode Arif cek ora kurang ajar karo wong tuwek.

“Yo iyo sih. Gawan umur. Diman kan sik enom.”

“Hehehe…” Arif sik cengengesan.

“Ngunu iku mbok kongkon opo ancen budal dhewe, Man?”

“Gak tau ngongkon aku, Dhe. Wong open-openanku kok. Biyen yo gak seneng, gak oleh aku ngopeni manuk, garai reged jare.”

“Rung ngerti rasane. Saiki kesenengen ya,” saure Dhe Yat.

“Hahaha…” Arif sik ae ngguyu.

“Lapo sih koen iku ngguyu-ngguyu ae. Ndang golek bojo maneh kono, cek manukmu onok sing ngurusi.”

“Ojo ngece ta, Dhe. Iki yo sik golek, gurung onok sing cocok.”

“Lha pilihanmu kakeen. Kabeh arek wedok mbok sir, digawani rono-rene. Awas ae meteng.”

“Hahahaha, yo gak tho, Dhe. Ati-ati yo aku ki. Kudu sabar cek gak keblondrok koyok sing wingi. Yo gak, Mas?”

Diman mung manthuk.

“Lha aku ki nongkrong ngene ae lek konangan lak wis dioprak-oprak kon mulih. Ngko nang omah nyekel manuk diluk ae wis diomeli ngalor-ngidul, jare manuk ae sing diurusi. Padahal kaet peteng wis budal nang pasar.”

Dhe Yat akhire curhat. Wong lanang umur seketan iku biasa dodol nang pasar kaet subuh. Jam woluan, pasar wis mulai sepi. Dagangane yo wis entek. Ora langsung mulih, wong lanang iku biasa mampir nang warung utowo nang kerjoane Diman mung dingge ngobrol karo rokokan.

“Sing sabar, Dhe,” omonge Arif.

Bengi iki Diman mulih jam pitu. Garapane wis mari. Wong lanang iku karo budal adus nginguk manuk-manuke. Wis resik kabeh, pakane karo banyu bek kabeh. Wong lanang iku mesem, seneng.

“Opo iki?”

Diman sing kaet adus, lagek ae mlebu kamar kaget ndelok bojone wis ngatungno tangan. Ora suwi, Diman nyandak tangane bojone, disalami.

“Sopo sing ngejak salaman,” saure Wiji.

“Lha trus?”

“Ndi bayarane?”

“Woo, sik tho. Pijeti sik.”

“Gah. Bayarane sik, aku pingin tuku kutang.”

“Kutang maneh. Koleksi ta?”

“Kutang maneh opo, wong wis suwi gak tuku.”

Diman ngrogoh sak e. Garapan wis mari, wong lanang iku bayaran. Wiji mesem, seneng.

“Pijeti no.”

Wiji ngatungno tangan maneh.

“Pijet ki yo mbayar? Lha iku mau?”

“Iki kan bayarane ngedusi manuk. Sing ngge pijet gurung.”

“Woo…”

Diman ora nerusno. Wong lanang iku langsung ngletak. Bojone sing kesenengen mari dikei duwit langsung nyandak HP. Mau awan Wiji ditawani dagangane koncone, ono kutang anyar jare.

Uncategorized

Anak Sapi


Hendra-Gunawan-Buffalo-Cowboy-S28800https://www.dkv-unm.com/2011/07/lukisan-dan-biografi-hendra-gunawan.html0-Sotheby’s Hongkong

Apakah kau pura-pura lupa?
Tolong, katakan sejujurnya

“Pak.”

“Lapo?”

“Lek misale aku gak onok ngunu, pirang suwi lekmu lali?

“Heh?”

“Misale ngunu lho, aku gak onok sampeyan sedihe pirang suwi?”

Isuk-isuk mari adus Diman ditakoni bojone sing lagi resik-resik kamar. Ngipi opo mau bengi, batine Diman. Pertanyaan jebakan ngene iki ora dijawab ngko salah, dijawab yo ora ono penere.

“Yo rodok suwi.”

“Rodok suwi ki sepiro? Pirang dina, pirang minggu, opo pirang sasi. Opo pirang jam?”

Kan, batine Diman maneh. Isuk-isuk wis aneh-aneh. Diman ora langsung njawab, wong lanang iku njupuk klambi nang lemari.

Kau terlalu cepat melupakan aku
Tak sadarkah kau melukai hatiku?

Iki. Diman sing sik mikir kate nyauri opo nang bojone wis mulai dong. Mesti mergo lagu iki, batine Diman. Lagu sing judule Terlalu Cepat, dinyanyekno Isqia Hijri, iku lagi diputer nang HP-ne bojone.

“Sampeyan nangis gak?”

“Yo nangis lah.”

Diman nyandak sisir. Rambute sing teles disisiri karo nyawang koco nang lemari ngarepe.

“Pirang suwi?”

Kan. Ora ono enteke iki ngko.

“Mbok lagune sik apik. Isuk-isuk ki lagune sing semangat, cek lek kerjo melu semangat.”

Ora nyauri bojone, Diman malah protes karo lagu sing lagi diputer bojone. Wiji sing ora oleh sauran akhire mung nyebek. Dicandak HP-ne trus diganti lagune.

Why can’t you hold me in the street?
Why can’t I kiss you on the dancefloor?
I wish that it could be like that
…”

Ora mung ngrungokno, Wiji melu bengok-bengok. Ora ngerti lagu sing diputer bojone, Diman metu kamar. Wong lanang iku wis siap kate budal kerjo.

“Pak, aku ngko awan tilik bayi. Be’e sampeyan mulih, maeme nang nggon biasane yo.”

“Ho oh.”

Koncone sekolah Wiji mari bayen. Wis janjian, awan Wiji tilik karo koncone liyane ketemuan nang terminal.

“Lapo, ojo sedih ngunu, sakno bayimu?”

Nang omahe koncone, teko-teko malah ditangisi. Koncone Wiji sing jenenge Rahmi iku seneng ono koncone sing niliki. Rahmi manggon nang omahe moro tuwane karo bojone.

“Gak popo, aku seneng awakmu podho rene.”

“Wis, gak popo. Anak pertama biasa ngunu. Aku ae sing wis pindo yo sok sik ngunu,” Dewi sing ngomong.

Rahmi nyawang lawang kamare. Wong wedok iku ndelok, wedi lek ono wong liyo.

“Wis ngombe jamu, dipijet barang, ning gak gelem metu.”

“Wis njajal godhong-godhongan?” takone Dewi.

“Uwis. Ben dino koyok wedhus aku.”

Wiji paham. Koncone iku lagi sedih mergo susune ora iso metu lancar. Nang kasure, anake koncone lagi turu. Sebelahe ono botol susu.

“Ojo dipikir nemen-nemen, dilemesno ae,” ganti Wiji sing ngomong.

“Pinginku yo ngunu, ning…angel,” saure Rahmi karo clingak-clinguk.

Rahmi ora nerusno omongane. Wiji karo Dewi paham.

“Gak popo, podho ae. Sing penting diopeni nggenah. Lek metu yo disusoni, lek gak yo kate yok opo maneh. Anakku sing nomer loro yo mung nyusu telung sasi, lha yok opo maneh wong kudu balik kerjo.”

“Tomin gak melu, Ji?”

“Gak, nang Mbahe. Tomin kae rodok suwi, yo alhamdulillah ancen pas lancar. Ning aku biyen yo gak blas nyusu Emak. Sedino ae gak.”

“Mosok?”

“Ho oh. Gak metu blas. Wis diapak-apakno gak onok. Dadi kaet ceprot aku yo ngombe susu botol.”

“Nah, nyatane Wiji yo sehat. Seger ngene malah, kenes…”

“Halah, opo ae. Iyo, gak popo. Arek lak sing penting diusahakan, opo ae sing apik. Akeh dalane,” omonge Wiji nang Rahmi.

“Aku yo mikire ngunu. Ning lek krungu ben dino kan yo lara ati…”

“Hmmm…yo wis sing sabar sik. Mugo-mugo ndang oleh rejeki. Saiki sing penting sehat kabeh.”

Wong wedok telu iku akhire crito-crito tekan ngendi-ngendi, jaman sekolah.

“Awakmu sik tau ketemu Mas kae, Ji?”

“Mas sopo?”

“Halah, sing tukang ndandani TV kae lho hahaha…”

“Asem. Gak,” saure Wiji karo isin.

“Wingi aku ketemu. Tibake Mas iku koncone bojoku. Sempit yo dunyo iki hehehe,” omonge Rahmi sing wis iso mulai ngguyu.

“Ojo aneh-aneh, Ji.”

Dewi sing paling tuwo ngelingno.

“Gak, Mbak. Lha lapo sih, jaman lawas iku.”

“Mbak, dimaem lho jajane.”

Lagi enak ngobrol, moro tuwane Rahmi mlebu nang kamar.

“Nggih, Bu,” saure Wiji karo Dewi bareng.

“Lha iyo, wis dijamoni mbarang-mbarang kok gak metu susune. Malih dadi anak sapi saiki, nyusu botol.”

Rahmi meneng. Wiji karo Dewi mesem sithik.

“Nggih mboten nopo-nopo, sing penting sehat,” saure Dewi.

“Ho oh, ning susu saiki larange gak umum. Wis jan, tobat,” omonge moro tuwane Rahmi maneh.

Rahmi sing mau wis iso ngguyu malih sedih maneh krungu omongane moro tuwane. Ora kerjo, mung ngandalno bojone, rasane ora penak.

“Lha mbak e siji iki sopo, kok rung tau tumun?”

“Kulo Wiji, rencange Rahmi sekolah riyin.”

“Wis nduwe anak, Mbak?”

“Sampun, setunggal.”

“Woh, gak ketok. Sik koyok prawan,” omonge moro tuwane Rahmi.

“Lha kulo niki nggih anake sapi, riyen mboten nyusu Emak. Mboten medal susune nggihan,” omonge Wiji.

“Mosok tho?”

“Inggih, saestu,” saure Wiji maneh.

“Jajane dimaem, iku mimike.”

Embuh isin opo ono sing kate dilakoni, moro tuwane Rahmi ngalih. Nang kamar, Dewi karo Rahmi mesem.

“Lek mantune koyok awakmu mesti seneng, Ji. Ayu, seger. Aku ki dicacati ae, jare kekuron lah, males lah.”

“Lha iku rung tau eruh lek aku pas mangan, lek eruh lak gilo,” saure Wiji lirih, wedi lek krungu moro tuwane Rahmi.

Dewi sing krungu saurane Wiji langsung ngguyu banter.

“Anake sapi yo pangane akeh, glonggongan kok ya.”

Wong telu iku akhire ngguyu bareng.

Uncategorized

Baper


Ilustrasi lukisan Hendra Gunawan sing judule Menyisir Sambil Menyusui

 Amarga Tomin wis mulai sekolah, ning durung nang sekolahan, Wiji butuh handphone dingge anake. Ora dicekelno anake, ning dingge lek nompo-nompo tugas lan ngumpulno polahe sekolahe sik online. Gawean durung akeh, Diman yo mung gliyak-gliyak, ning butuhe anake ora iso diundur. Repot lek handphone-ne kudu gantian, mergo yo dingge kerjo, Wiji Diman akhire tuku siji maneh. Masio ora anyar lan apik, handphone Diman wis iso dingge online.

“Iki ae gak popo, gak usah sing anyar,” omonge Diman nang bojone.

“Lha ngko lek onok sing WA?”

“Yo omongo kon SMS opo telpon nomerku. Sing iki digawe nomer anyar ae, nomermu sing dikekno nang Bu Guru.”

Wiji Diman sepakat handphone lawase dingge sekolah anake, nomere ditukokno anyar ning nggawe jeneng lan sing nyekel Wiji. Diman tuku handphone bekas sing mung iso dingge SMS karo telepon. Masio handphone bekas saiki yo wis akeh sing apik-apik, Diman milih sing lawas cek ora akeh tuku paketane, salah siji ae.

“Sing iki ngko lek butuh dingge kirim foto, aku nyilih dadi ngko nomere wong-wong yo simpenen nang kene.”

“Ho oh.”

Nang omah Wiji mulai ngutek-utek handphone-ne. Masio sing dicekel dudu sing anyar, handphone sing biasa yo wis digawe, ning wong wedok iku nambahi kontak guru karo wong tuwone koncone Tomin.

“Ojo aneh-aneh jenenge, ngko bingung sing ndelok.”

“Ho oh.”

“Fotone sing kabeh onok rupane, dadi eruh iku sopo,” omonge Diman maneh.

“Iki ae apik, Pak, sing pas riyoyo wingi.”

“Sing ndi?”

“Iki, sing dipotokno Reni wingi. Kabeh ketok kene wong telu, cek podo ngerti iki dingge barengan.”

Diman nginguk foto sing diduduhno bojone. Wong lanang iku ora komentar mung manthuk.

“Dingge aku ya, Pak, iki?”

“Dingge sekolah, gak oleh dingge dulinan.”

“Sing nyekel aku yo, Pak.”

“Mak e sing nyekel.”

“Dingge nggarap tugas iki, gak oleh dingge liyane. Ngko seneni Bu Guru. Tugase dikirim nang kene, ngko lek wis mari nggarap yo dikirim nang Bu Guru ko kene,” omonge Wiji nang anake.

“Mak e gak oleh nyilih?”

“Yo gak nyilih wong iki kaanku,” saure Wiji.

“Kaanku yo, Pak?”

“Kaanku,” saure Diman.

Ben isuk Wiji ngeceki tugas sekolahe Tomin. Masio ora budal nang sekolahan, Tomin pancet kudu tangi isuk, adus, sarapan, trus nggarap tugas. Wiji nunggoni sampek kabeh tugase mari. Anake durung oleh dolan lek tugase durung digarap.

“Kesel aku, Mak.”

“Yo makane ndang dimarekno.”

“Mak, tumbas es.”

Masio sekolah saka omah, jenenge arek yo pancet kudu njajan. Lagi nggarap tugase, ndilalah ono bakul es krim lewat ngarep omah. Wiji ngelungno duwit rong ewuan nang anake.

“Dilebokno kulkas sik, ngko maeme lek wis mari nggarap.”

Tomin manthuk. Pingin ndang mangan es krim, arek lanang iku ndang marikno lek nulis. Arek cilik karo es koyok wong gedhe dikei emas, senenge ora karuan. Wiji ndelok anake sing kesenengen mangan es melu mesem dhewe. Wong wedok iku nyandak handphone-ne trus dipidio.

Es krim rong ewuan kan iku. Koyok wong gak tau mangan es krim ae.

Mangan es krim rong ewu ae dipamerno.

Mak dheg.

Wiji moco balesan nang handphone-ne.

Wingi Zahra tak tukokno iku dilepeh, gak seneng areke. Gak enak jare.

Lagi pisan nggawe status nang WA, Wiji rodo kaget karo balesan sing ditompo. Wong wedok iku trus mbalesi siji-siji. Niate ora pamer, mung lucu ndelok polahe anake sing kesenengen mangan es krim. Yo ancen murah, sing penting areke seneng.

Halah, ngunu ae baper.

Wiji sing nyauri lek ancen es krime murah, ning anake seneng malah diomong baper. Sing maune ora ono perasaan lan pikiran opo-opo malih lara atine. Ngganti sore pas bojone teko, Wiji akeh meneng. Biasane ndelok statuse wong-wong nang handphone bojone, dheweke ora tau komentar. Paling mung ngomong nang bojone, lek misale ono sing tukaran trus nyetatus dhowo.

“Lapo?”

Jenenge wong omah-omah, wis paham lek misale ono sing ora enak nang atine bojone. Wiji ora nyauri, dheweke sik males. Durung maneh ngko wedine malah diseneni bojone mergo nyetatus.

“Lapo kok?” Diman mbaleni lek takon.

Wiji nyawang handphone-ne. Diman langsung nyandak handphone iku trus dibukai siji-siji.

“Gak onok sing rusak.”

“Gak rusak ancene.”

“Lha trus opo?”

“Iku, wocoen balesane WA.”

Diman trus mbuka WA. Diwocoi siji-siji.

“Wis ngilokno, gak njaluk sepuro malah ngomong baper. Mene lek njaluk utangan gak usah dikei.”

Mari ngomong ngunu, Diman ngalih nang mburi. Adus. Wiji sing rodok kaget karo omongane bojone trus nutup handphone-ne. Batine, wis cukup pisan ae nyetatus. Ora masalah diomong baper, Wiji wis ora lara ati. Ancen ora penting ngunu-ngunu iku. Nambah perkoro malahan.

Iki Wiji opo bapake Tomin?

Wiji sing lagi ae mari adus ndelok lampu handphone-ne murup. Diwoco WA sing mlebu trus dibales. Bojone durung mulih, lagi ono gawean sing kudu mari dina iki.

Wes adus ta?

Masio wis kenal karo sing ngirim, WA kaget moco balesane. Tukimin, koncone bojone sing nang kampung sebelah sing ngirim. Ngrasa ora penak, Wiji ora mbales maneh. Ning saka kono, WA-ne mlebu maneh.

Wes wangi mesti yahmene ya. Seneng aku ndelok wong wedok seger.

Selot ora genah, batine Wiji. Kate dihapus ae, wedi lek bojone ngko moco. Ning ngko lek ngomongno gawean yo ora penak. Mergone Tukimin kerep pesen-pesen perkakas nang bojone, biasane yo njaluk tulung mlitur lawang nang omahe. Akhire karo Wiji mung dijarno WA-ne, ora dibalesi.

“Mak, kok potone malih bedes ngene. Emoh aku.”

Isuk-isuk Tomin sing mekso nyilih handphone bengok-bengok.

“Fotone sopo?”

“Iki,” omonge karo nduduhno foto WA-ne sing malih ganti gambar bedes.

“Ojo mbok utik-utik HP-ne, dingge sekolah iki.”

“Aku gak ngganti,” Tomin protes.

Foto WA sing maune fotone wong telu pas riyoyo wingi malih ganti gambar bedes numpak sepeda montor.

“Ngko seneni Bu Guru, mosok potone ngene,” Tomin nesu karo meh nangis.

“Sopo yoan sing ngganti,” Wiji nyandak HP-ne, fotone trus diganti, dibalekno sing koyok wingi.

“Kan seger lek ngunu iku, wes adus, garek budal sekolah,” omonge Diman sing kaet metu saka jeding.

Wiji nyawang bojone. Sing disawang bablas mlebu kamar. Bengi wayahe turu, Diman sing ndeloki HP, ngecek be’e ono wong sing nggoleki dheweke nang WA-ne bojone moco kirimane Tukimin. Ndilalah yo pas Tukimin WA maneh mergo ora dibalesi karo Wiji.

Wonge wis turu iki. Onok opo, Cak?