art · language

Mbadok


pemandangan
Gambar dari sini

 “Pak, sampeyan gelem pecel?”

“Gelem.”

Diman sing wing numpak sepur, saiki wis tekan omahe moro tuwane.

“Enak tho. Sambele ki seje, jos.”

“Awakmu ki opo sing gak jos, kabeh panganan ae lak enak menurutmu.”

Wiji nyebek. Wong wedok iku paling seneng lek mulih nang omahe. Masakane emake, warung-warung nang kampune kabeh diubengi. Kangen.

“Pak, aku kate nang pasar. Melu gak?”

“Males, kate merem ae. Tomin ndok ndi?”

“Iko dolenan karo Diah.”

“Tukokno rokok sisan ya.”

“Oke.”

Jam sepuluhan, Wiji budal nang pasar maneh. Lek mau isuk mergo blonjo dingge masak emake, awan iki wong wedok iku kate golek panganan.

“Opo iku?”

“Pecel lele. Gelem, Pak?”

“Sik wareg.”

“Iki nang omah gak onok. Pecel lele lak penyetan lele, nang kene yo ngene iki, onok kuahe. Sip. Pedese mantep.”

Diman gedheg-gedheg. Ndelok bojone wis nyekeli piring maneh, wong lanang iku kroso wareg dhewe.

“Mbalik mene, Pak?”

“Iyo, ojo suwi-suwi, garapanku sik akeh.”

“Numpak sing jam piro?”

“Yo sak tangine. Ngko isuk-isuk males.”

“Bakso!”

Meh ae Diman njumbul. Wong lanang iku kaget, bojone moro-moro mbengok nyeluk bakul bakso sing lewat nang ngarep omah.

“Ngaget-ngageti ae.”

Wiji mung mesem ndelok bojone protes. Wong wedok iku mlayu nang ngarep pesen bakso.

“Sampeyan gelem, Pak?” bengoke ko ngarep.

“Gak.”

“Iki enak, Pak. Langgananku kaet cilik. Alhamdulillah yo, Pak, sik awet bapake.”

“Yo, alhamdulillah sisan awakmu sik seneng mangan.”

Wiji mesem krungu omongane bojone.

“Iku ngko sik kate njajan maneh?”

“Ho oh, ngko bengi kate tuku punten pinggir rel sepur.”

“Mbok lek mangan ki diatur. Iku sakmunu akehe, sik kate njajan maneh.”

“Sing penting kan entek.”

“Iyo entek tapi kan aku yo isin. Koyok lek ndok omah gak tau mangan ae.”

“Halah, yo gak. Emak lak yo ngerti aku ancen seneng mangan. Wong yo iku mau saloke sing nukokno emak, dingge sampeyan karo Tomin.”

Diman ambekan dowo. Mbahas panganan karo bojone ora bakal menang. Wiji ancen doyan mangan. Opo ae panganan mesti resik lek karo dheweke.

“Ngko nang alun-alun yuk, Pak?”

“Lapo? Mesti kate tuku es kae tho?”

“Ho oh. Wis suwi gak mangan iku.”

Diman ambekan selot dowo. Wong lanang iku ora tau masalah lek anak bojone seneng mangan. Wis gawan lair lek lambene bojone iku ora tau mandeg mamah.

“Pak.”

“Iyo.”

“Ojo terpaksa tho lek nyauri.”

“Lha kudu yok opo?”

“Kan sisan ngajak Tomin, wingi pas mulih kan sik cilik gurung ngerti.”

“Sik cilik opo, wong riyoyo wingi yo sik pirang sasi.”

“Ji! Ji!”

“Opo, Mak?”

Emake Wiji mlebu omah karo nggowo piring. Wong wedok iku mari soko omahe adike.

“Opo iku, Mak?”

“Iki lho digawekno jangan lombok karo likmu.”

“Wouh.”

“Iku mau kaet ngerti lek kowe mbalik sesuk. Didadakno.”

“Oalah, Mak, malah ngrepoti.”

“Yo gak. Wong lik’e iku lak ngerti senengane Wiji. Nyoh.”

Emake Wiji ngelungno piring isine Jangan Lombok. Wiji nampani karo mesam-mesem koyok mari menang undian berhadiah.

“Sesuk lek kate mulih mampir sik nang Lik Tum. Iku mau aku dipeseni, mbuh kate digawani opo.”

“Ho oh.”

Emake Wiji mlebu nang kamar. Wiji sik mesam-mesem. Diman gedheg-gedheg ndelok bojone.

“Iku yo kate dipangan saiki?”

“Ho oh, mumpung sik anget. Gelem, Pak?”

“Gak. Wareg aku nontoki awakmu mangan.”

“Hehehe…dikei, Pak, mosok gak tak tampani.”

“Ayu gak patio, ngentekno panganan senengane,” omonge Diman alon.