Pait


K
Lukisan “Pasar” karya Bangun Asmoro (mutiartgallery.com)

“Pak, tangi. Aku kate lungo.”

Minggu isuk omahe Diman wes rame karo suwarane Wiji. Wong wedok iku ketok sibuk kaet tangi. Anake sing mau merem nang sandinge bojone wes tangi.

“Pak, gek ndang kok,” omonge Wiji karo ngoglek-oglek lengene bojone.

“Hmmm….”

Ora melek, Diman mung dehem. Wiji nyandak anake. Arek lanang iku diadusi.

“Pak, selak kawanen iki ngko. Wes dienteni aku.”

Ndelok bojone sik ngenakno merem, Wiji sing wes mari ngadusi anake, ngomel maneh. Tomin wes wangi. Arek lanang iku lagi diklambeni emake.

“Pak, aneke ditunggoni. Kae wes tak dusi, ndang.”

Ndelok bojone sik ora obah soko kasur Wiji selot banter lek mbengoki. Wong wedok iku gemes. Diman sing wes melek akhire tangi. Krembuk-krembuk wong lanang iku metu soko kamar, nggoleki anake. Tomin sing wes ganteng lagi lungguh ngedep piring nang ngarep tipi. Diman nyedeki anake trus gletakan nang sandinge.

“Enake rek, Pak e mbok nyuwun.”

“Ojo,” saure Tomin karo ngenakno lek mangan.

“Sithik ae, Pak e rong dino gak maem iki. Luwe,” omonge Diman nggudo anake.

“Pait iti,” saure Tomin.

Ndelok anake sing ketok nggemesno lek mangan, Diman melu gemes. Arek lanang iku diambungi sikile karo bapake. Tomin sing keri kroncalan karo nyurung raine bapake.

“Pupune enak iki, empuk. Tak maeme,” Diman sik ae nggudo anake.

“Emoh. Gak enak iti, pait.”

Wiji sing wes mari lek dandan metu soko kamar karo mbenakno rambute. Diman sing ngambu wangi langsung noleh nggoleki ambune. Ndelok bojone sing wes dandan ayu, wong lanang iku langsung melek ombo.

“Kate nang ndi?” takone.

“Mau lak wes dipamiti. Makane ndang tangi. Wes telat iki, selak dienteni Yu Mi.”

“Kapan lek pamit?”

Wiji sing wes meh metu langsung mandeg. Wong wedok iku mbalik nyawang bojone sing wes ngadeg nang sandinge.

“Kaet mau isuk dipamiti ngunu kok. Anake ojo lali dijak dolan, Pak. Ngko jam rolas yo wes mulih.”

Diman kate protes ning lambene wong lanang iku mung mangap ora ngetokno suwara. Salahe dewe kaet isuk ditangekno bojone ora obah. Dijak omong yo ora krungu mung ham hem ae. Diman nyawang anake, Tomin sik ngenakno mangan.

“Pak ndelok sepul.”

“Yo sik, Pak e tak adus.”

Krembak-krembuk Diman budal nang jeding. Wong lanang iku sik aras-arasen. Selot males sisan ditinggal bojone lungo. Mari adus Diman nyandak sepeda motore. Karo anake wong lanang iku budal nang stasiun.

“Mapak Mak e yuk,” anake Diman nang anake.

“Mak e ndi?”

“Kono, makane dipapak ae.”

Diman sing kaet eling lek bojone pamit nang pasar ngancani tanggane, Yu Mi, budal ngajak anake nyusul. Dudu pasar cedek omahe, ning pasar sing luwih adoh, gede. Masio ta durung mesti lek iso ketemu ning wong lanang iku wes apal nggon-nggonan sing biasa diparani bojone lek blonjo.

Ora mlebu njero pasar, Diman ngajak anake ngenteni nang parkiran cedek angkot. Nang kono akeh bakul-bakul kaki lima. Anake, Tomin, lagi kesenenge ndelok iwak sing didol salah siji bakul.

“Karangmenjangan…Karangmenjangan!”

Sopir angkot bengok-bengok golek penumpang. Pasar dino Minggu ngene rame, opo maneh kate posoan.

“Karangmenjangan?”

Salah siji sopir angkot nawani Wiji karo Yu Mi sing ketok kabotan nggowo gawan.

Wiji gedheg, ning sopire sik ngeyel nawani.

“Ayu-ayu sombong.”

Rumongso ora digagas, sopir angkot ngomel dewe. Diman sing lagek nunggoni anake nginguk, ndelok sopir angkot sing lungguh karo sik ngomel.

“Sik prawan biasa sombong, ngko lek wes kenek yo nyah-nyoh hehehe,” omonge nang kanca-kancane sing lagi ngetem, nunggu penumpang.

“Kene sik, Yu, teleh kene,” omonge Wiji nang Yu Mi.

Yu Mi sing awake gede ketok teles kringet. Wong wedok telung puluhan iku ngos-ngosan.

“Untung mbok ewangi, lek gak koyok opo aku nggowo sakmene akehe.”

“Charter ae, Yu. Gawan sakmunu akehe repot lek numpak angkot rame-rame.”

Yu Mi karo Wiji meneng ae, ora nyauri. Wong wedok loro iku lagi ngatur ambekan. Diman sing mau meneng ae ora adoh soko bojo karo tanggane iku mesam-mesem. Bener pikire, bojone mesti ngenteni nang nggon biasane.

“Yu,” Diman nyopo Yu Mi karo mesam-mesem.

Wiji sing kaget ndelok bojone meh nyumbul.

“Loh, koen kok nang kene?” takone Yu Mi.

“Ho oh. Lha Tomin njaluk mapak emake.”

“Lha ndi areke?”

“Iku, lagi nontok iwak.”

Lek Diman sing cengengesan, Wiji sewalike. Wong wedok iku ora percoyo omongane bojone. Anake lek wes dipamiti ora biasa nggoleki, ning wong wedok iku meneng ae.

“Akeh men gawane, kene tak ewangi, Yu.”

“Wouh kok kebeneran. Ho oh.”

Tomin sing kaet ngerti ono emake kesenengen. Arek lanang iku njaluk ditukokno iwak. Sopir angkot sing mau nggudoni Wiji langsung meneng mari ngerti lek Diman bojone.

“Anu ae, Yu. Iki kerdus-kerduse tak gawane numpak motor. Iku sing kresekan sampeyan gowo karo Mak e Tomin. Tomin gawanen yo, Mak, numpak angkot ae,” omonge Diman karo mesem.

“Opo gak repot awakmu?” takone Yu Mi.

“Gak, iki onok tali kok. Iso ditaleni kabeh, aman.”

Diman mbongkari gawanene Yu Mi karo bojone. Lek mau aras-arasen, saiki wong lanang iku ketok semangat. Wiji sing ngadeg ora adoh soko sandinge nggendong anake sing kesenengen ditukokno iwak.

“Ji, tuku jajan sik ta. Iki mau lak gak tuku opo-opo. Iku dingge anakmu.”

“Gak usah, Yu. Wes wareg arek iki.”

“Sik, enteni kene. Tak tukokno sik.”

Ora iso dipenging, Yu Mi mlaku mbalik nang pasar. Ora mlebu, mung nang toko sing ono nang njobo pasar. Ndelok iku Wiji ketok mecucu.

“Kandani kon ngajak nang stasiun ndelok sepur kok malah dijak rene. Gak enak karo Yu Mi ngene iki,” omonge Wiji lirih.

“Lha areke nggoleki kok,” saure Diman.

Ora pingin debat, Wiji akhire meneng. Diman sing asline ngroso salah yo mung meneng ae. Masio melu ora penak ning atine wes lego. Ndelok bojone mecucu, Diman cengengesan maneh.

“Isuk-isuk mbok tinggal lungo ki rasane pait hehehe.”

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s