Faisal


37741_XHL00135000000132_1_lukisanku-lukisan-modern-mht-memasak-nasi
Lukisan Fine Art MHT Memasak Nasi

“Masak opo, Ji?”

“Nyambel, Lik. Karo nggorengno lawuh Tomin.”

Wong wedok setengah tuwek sing diceluk Lik karo Wiji iku lungguh. Awake sing lemu teles kringet.

“Pancet seneng pedes awakmu,” omonge karo ngelap kringet nang bathuke atek tangan .

“Nang ngarep ae, Lik, panas nang kene,” omonge Wiji sing lagi ngulek sambel.

“Gpp. Ngendi sing gak panas nang kutho iki. Kene tak ulekno. Iku minyakmu wes panas.”

Wiji nyawang wajan nang nduwur kompor. Wong wedok iku ngelungno ulekan nang bulike. Mari nyemplungno iwak pithik nang wajan, Wiji njupukno bulike ngombe.

“Sampeyan sik ngopi ta, Lik?” takone Wiji karo nyelehno gelas isi banyu putih nang sanding bulike.

“Gak. Wes mandeg total aku saiki. Yo iku ae, banyu putih.”

Wiji lungguh nang ngarepe bulike.

“Sambel ngene iki apik nang awak, iso nggarai kuru jare. Tapi wetengku wes gak kuat lek akeh-akeh. Koe yo ojo akeh-akeh.”

Wiji mung manthuk. Wong wedok iku rodo kaget pas mau moro-moro bulike soko bojone iku dolan nang omah. Masio asline yo ora adoh omahe, sik sak kutho, ning jarang bulike iku dolan nang omahe. Biasane Wiji karo Diman sing moro. Iku ae yo ora sering.

“Jare lek lagi susah wong-wong kae gak doyan mangan. Aku ki kurang susah opo, mari lara, tapi awak yo selot lemu ngene,” omonge bulike Wiji karo sik ngulek.

Nang njero ati Wiji asline mbatin. Bulike iku mesti lagi ono masalah. Ora suwi wingi Wiji karo Diman mari ngendangi bulike iku sing mlebu rumah sakit, lara.

“Aku saiki melu senam, seminggu pindo. Lek isuk kae aku yo mlaku-mlaku tapi dagingku iki gak kalong-kalong.”

Wiji mesem. Bulike sing umure meh seket iku mulai akeh omong. Ora mung ngewangi Wiji ngulek sambel, bulike iku melu resik-resik pawon masio ora diolehi karo Wiji. Lek mau teko rupane ketok suntuk, lemes, saiki raine ketok abang, semangat.

“Awake dijogo, ojo kebablasen koyok aku ngene, ngko susah mudune. Wong wedok iku kudu pinter njogo awak. Ngurus omah, ngurus anak bojo, tapi yo gak oleh lali ngurus awake dewe.”

Penggawean nang pawon wes beres. Wiji ngajak bulike nang ngarep. Anake, Tomin, lagi dolanan karo koncone.

“Maem sik, Lik.”

“Ambune enak. Sithik ae.”

Wiji njupukno piring dingge bulike. Wong wedok iku nyeluk anake, kon mangan. Ora gelem melu mangan karo emak lan mbahe, Tomin njaluk mangan nang emper cek iso karo dolanan.

“Koe faisal nang ndi?”

Wiji sing lagi nyendok sego kaget. Wong wedok iku mung meneng nyawang bulike.

“Pokoke saiki awakku tak seneng-seneng. Wegah aku lek kon mikir bapake Lia kae. Wes tuwek sik pecicilan ae, bah, tak jarno. Saiki lek pingin tuku klambi yo langsung budal aku. Gak ngurus. Pingin perawatan kae, tapi gak ngerti apike nang ndi. Koe ngerti?”

“Facial?”

“Iyo, iku lho sing ngresiki rai. Koncoku yo onok tapi raine abang kae lho, trus koyok kencenge ki gak wajar. Malah wedi aku. Pingin koyok raimu iku, resik tapi disawang ki wajar. Gak seneng aku lek putih-putih aneh kae. Putih kok raine thok.”

Wiji mesem. Wong wedok iku ngempet ngguyu. Karo nyendoki sego, Wiji trus cerito.

“Mosok tho? Trus yo mung mbok templekno nang rai ngunu?”

Wiji manthuk.

“Yo iyo sih, apik ngunu ancene. Gak resiko yo. Biyen wong lawas-lawas kae yo mung ngunu sakjane, tapi aku kerep males kae. Reged sisan.”

“Awale yo males, Lik, tapi lek ben dino akhire kebiasaan. Soale aku yo gak cocok kok nggawe sing tukuan kae. Larang sisan,” omonge Wiji karo mesem.

“Lha iyo. Wes ngunu jare lek mandeg trus raine mruntus kae. Koncoku yo ngunu. Lek entek ngunu trus malih mbingungi. Lek duite onok terus gak popo, lha lek pas lagi kere.”

Wong wedok loro iku akhire asik ngobrol. Piring wes resik. Omah wes resik. Awan nganti wayahe bojone mulih, bulike Wiji sik nang omah.

“Koe ojo koyok pak likmu. Wes tuwek gak akeh ngaji malah cluthak.”

Diman sing kaet teko, ora ngerti opo-opo langsung oleh ceramah gratis.

“Bojo siji ae lek mblanjani senin kemis, malah kate ngopeni arek wedok indil. Yo seneng, wong sik arek, kinyis-kinyis. Lek wes duite entek, kere, yo mesti ditinggal.”

Diman mung manthuk. Masio wes krungu perkoro pak lik e sing mari kedadan wong wedok anyar, Diman ora nyauri. Wong lanang iku mung ngrungokno opo ae sing diomongno bulik e karo pisan pindo manthuk lek pas diceramahi.

“Pas kere ae ajak-ajak, rodok penak sithik wes kemlinti. Lali anak bojo. Lek bojomu koyok ngunu tinggalen ae, Ji. Koe sik enom, sik ayu, ojo gelem disio-sio.”

Diman cengengesan karo ngukuri gundule. Wiji mung mesem.

“Awas lek koe nganti melu-melu pak likmu.”

“Gak, Lik. Siji ae ngentek-ngenteki…”

Wiji langsung mlerok.

“Anu, gak entek maksude hehehe…” omonge Diman karo sik cengengesan.

“Mulih aku, kate njajal faisal. Enak tho iku jare?”

Mari njupuk tas e, bulike Diman pamit. Wong wedok iku kate njajal salon nang cedek omahe Wiji sing jare murah tapi apik.

“Faisal sopo maneh?” takone Diman pas bulike wes ora ketok.

“Facial,” omonge Wiji mbenakno omongane bu like.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s