Omah


WhatsApp Image 2017-04-26 at 10.09.48 AM

Betapa hancur hatiku meninggalkan dirimu

Tapi itu bukanlah kehendakku

Kita memang t’lah berbeda

Tak pernah satu kata

Tak baik juga untuk diteruskan…”

Minggu isuk, nang omahe Diman wes rame. Bojone, Wiji, lagek masak nang pawon karo nyanyi-nyanyi. Diman dhewe wes tangi. Wong lanang iku kaet mau bengi wes niat kate ndandani sepeda motore sing rodo rewel. Anake, Tomin, wes melek tapi durung ngalih soko kasur. Arek lanang iku glebakan nang sandinge bapake.

Ayo, tangi. Melu Pak’e,” omonge Diman karo ngilik-kitik anake.

Tumbas jajan?” takone Tomin karo ngguyu, keri.

Mak e wes masak kok njajan. Ndandani motor.”

Tomin mrengut.

Trukmu kae ban e bocor tho, ayo gek ditembel. Gak iso mlaku iku ngko.”

Diman sik ngrayu anake. Tomin sing setengah ngantuk akhire gelem. Arek lanang iku digendong bapake metu soko kamar.

Raup-raup sik kono, mosok kepet ngunu wes nyekeli motor.”

Wiji sing ndelok soko adohan mbengoki bojone. Diman sing wes siap nang sanding sepeda motor karo anake akhire ngadeg maneh, nggowo anake nang jeding.

Pipis pisan, ngompol ngko,” omonge Diman nang anake.

Pak e gak pipis?”

Wes mau bengi.”

Ngompol?”

Gak. Wes gede ki gak ngompol.”

Mari ngraupi karo nyawiki anake, Diman nggendong Tomin nang ngarep omah. Wong lanang iku wes siap karo perkakase. Sak durunge dirusuhi anake, Diman njupukno truk-trukane anake. Disandingno dolanane anake iku karo nyepaki kursi cilik. Tomin njejeri bapake. Wong loro iku umek karo dolanane dhewe-dhewe.

Ku akan selalu mencintaimu

Walau kita tak mungkin bersama

Meski berat melepasmu

Tapi kamu akan selalu di hatiku selamanya….”

Nang pawon Wiji sing wes meh mari masak siap-siap kate umbah-umbah. Wong wedok iku mubengi omah, nggoleki gombalane anake karo bojone sing biasane pating slengkrah. Nang kamar Wiji njupuk sarung karo selimut karo clonone bojone sing nggletak nang nduwur kasur. Nang sampiran samping omah Wiji njupuk kaose bojone. Wes kebiasaane Diman lek neleh klambi sembarangan, sak pingine. Bojone sing mben dino njupuki, ngumbahi.

Wes penggawean ben dino, masio protes yo pancet bojone koyok ngunu. Wiji dhewe yo wes paham, ning ngombel yo terus dilakoni. Wes kebiasaan sisan. Anak siji, bojo siji, kumbahan ora tahu mandeg, ono ae. Wiji sing wes nyangking gombalan akeh mlebu jeding. Wong wedok iku wes salin atek jarik. Radio nang pawon dibanterno cek dheweke iso umbah-umbah karo nyanyi.

Ojo banter-banter lek nuthuk, rusak ngko.”

Gak.”

Karo ndandani sepeda motore, Diman diluk-diluk nglirik anake sing dandan-dandan truk-trukan. Arek lanang iku nuthuki truk e atek pethil.

Pak, kumpakno.”

Wes mari lek mbenakno?”

Uwes.”

Yo sik, bareng iki sisan ngko.”

Tomin ngadeg, arek lanang iku nyedeki bapake sing sik ngelapi sepeda motore. Tomin ngrangkul bapake soko mburi karo ngambungi bapake. Diman mesam-mesem.

Pak e kecut.”

Jare sopo?”

Iti,” omonge Tomin karo ngambu bapake.

Yuh adus sik, ngko gek ngompo,” ajake Diman.

Nang jeding Wiji sik nguceki kumbahan karo nyanyi. Diman nggendong anake, kate dijak adus.

Mak, bukak.”

Sik, gurung mari.”

Suwimen kaet mau gak mari-mari, selak kroso ngising iki,” bengoke Diman soko njobo.

Yo iki sisan adus kok,” saure Wiji.

Umbah-umbah nang njobo ae. Ndang.”

Ora nyauri bojone, Wiji malah nerusno lek nguceki klambi karo nyanyi. Nang njobo, ngarep lawang jeding, Diman sik ngenteni karo nggendong anake.

Kamu segalanya, tak terpisah oleh waktu

Biarkan bumi menolak, ku tetap cinta kamu

Biar mamamu tak suka, papamu juga melarang

Walau dunia menolak ku tak takut

Tetap ku katakan ku cinta dirimu…”

Malah nyanyi. Ndang, selak metu iki.”

Ora mung mbengok, Diman dodok-dodok lawang. Tomin sing nang gendongane melu ngrengik. Karo mecucu, Wiji akhire mbuka lawang.

Gurung mari iki lho, tontok iki sik sampo thok,” omonge Wiji karo ngomel.

Wong wedok sing lagek kramas iku mecucu karo nyekeli rambute. Awake teles kabeh, mergo wes grujukan. Ora ngenteni bojone, Diman langsung mlebu karo anake. Tomin nang gendongane didukno. Arek cilik iku langsung nyekeli emake.

Adus, Mak.”

Yo sik, Mak e gurung mari iki.”

Jeding sing ukurane rong meteran iku malih rame. Wiji nyopot klambine anake sing melu teles mergo ngrangkul dheweke. Dian sing melu mlebu langsung mapan nang WC.

Pak, sing genah ae. Sik onok uwong ngene malah ngising.”

Ngerti bojone mapan nang WC, ngising, Wiji langsung bengok-bengok.

Salahmu dhewe, kandani selak mbrojol gak metu-metu.”

Diman ngenakno lek ngising, ora peduli bojone nesu-nesu.

Ambu bocok, Mak,” omonge Tomin karo nyekeli irunge.

Yo iku bapakmu, ngetokno tikus.”

Wiji akhire nggendong anake metu. Wong wedok iku mangkel. Nang njero, Diman nerusno lek ngising karo ngguya-ngguyu.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s