Jaman Semono


20091204b
Karya Herjaka HS 2009

“Lapo mesam-mesem? Njaluk tuku kutang iki mesti.”

Wiji sing lagi nyawang bojone langsung mrengut. Wong wedok iku mari nyuguhno kopi dingge bojone sing kaet ae mulih kerjo.

“Kan? Mari mesem trus konangan mrengut. Mesti iki…”

“Gak yo. Sampeyan iku senenge nuduh.”

“Trus lapo awakmu kok mesam-mesem?”

“Yo sak sirku, lambeku dhewe kok.”

Mari ngomong Wiji langsung ngalih.

“Woo…malah nesu.”

Diman nyandak gelase maneh. Dientekno kopi sing garek separo isine iku. Wong lanang iku lagi mbatin, siap-siap lek ngko bojone njaluk ditukokno kutang utowo daster, senengane. Dienteni nganti bengi, Wiji ora omong opo-opo. Sing nggarai Diman curiga, wong wedok iku sik ae mesam-mesem dhewe. Lek konangan nyawangi karo mesem, langsung mlengos trus ngalih utowo epok-epok nyekel gawean.

“Njaluk kutang gak, daster yo gak. Ojo-ojo njaluk sing luwih gedi iki ngko,” omonge Diman lirih.

Mari adus wong lanang iku dolenan karo anake. Ora suwi, anake lanang ngantuk trus merem. Bojone sik aneh tingkahe.

“Wis, ngomong saiki ae. Gak usah nunggu ngko.”

“Omong opo?”

“Lho, awakmu bukane kate ngomong?”

“Ge er. Lha sopo sing kate ngomong.”

Wiji nglebokno klambi sing mari dilempiti nang lemari. Bojone sing lungguh nang nduwur kasur ngukuri gundule.

“Yoh, gak gelem ngomong yo gak popo. Kuat-kuatan,” omonge Diman lirih, wedi krungu bojone.

Sewengi dienteni, Wiji ora ngomong opo-opo. Nganti akhire Diman keturon, Wiji yo sik meneng ae. Ora koyo sing dipikirno Diman lek kate njaluk opo-opo. Isuk wayahe tangi, koyo biasane Wiji tangi dhisik dewe. Lek biasane langsung tangi, Wiji nyawangi bojone sing sik ngenakno turu. Wong wedok iku mesem. Sarunge bojone sing mlorot dibenakno. Anake sing turu miring, dibenakno.

“Wis cukup. Aku gak iso dikenekno. Jujur-jujuran ae saiki, emoh aku lek koyok ngene.”

Mari adus, sarapan, Diman sing ngroso tingkahe bojone sing sik koyo wingi akhire protes maneh.

“Opo sih, Pak? Kaet wingi kok ngunu ae.”

“Awake dewe rabi wis pirang suwi? Aku apal modelmu. Kene, lungguh kene. Gak usah alasan umbah-umbah, iku ngko ae.”

Wiji sing mau kate nang pawon akhire lungguh. Piring sing dicekel, karo gelas, diselehno nduwur mejo.

“Njaluk opo, ngomong ae. Wis ngerti tho olehku duit ben dino piro. Kiro-kiro nen dewe sing nyandak opo. Kredit, aku gak setuju. Elek e penak lek langsung lunas. Lek gelem Yamaha kae, ngko iso tak benakno dewe. Golek spare part nang Pasar Gembong.”

“Maksude opo, Pak?” Wiji sing maune mesam-mesem malih bingung karo bojone.

“Awakmu njaluk sepeda motor kan?”

Matane Wiji langsung menteleng. Wong wedok iku kaget. Numpak motor ae ora wani kok njaluk sepeda motor, pikiran soko ngendi, pikire.

“Lah, sopo sing njaluk sepeda motor? Numpak ae gak iso kok.”

“Lha trus njaluk opo? Mbok gek ndang ngomong, ojo malah nggarai aku kepikiran.”

“Kok malih aku disalahno? Lha aku gak njaluk opo-opo kok. Sampeyan iku sing gawe ukoro dewe.”

Krungu omongane bojone, Diman langsung meneng. Wong lanang iku mikir, mosok iyo dheweke salah. Diman yakin lek bojone mesti kate njaluk sesuatu. Lek ndelok polahe rong dino iki, Diman yakin sing dipingini bojone mesti luwih gedi, luwih larang.

“Trus lapo kok awakmu aneh?”

“Apane sing aneh?”

“Yo polahmu iku. Mesam-mesem gak jelas.”

“Lha opo sampeyan pingin lek tak prenguti ae?”

“Yo gak. Tapi yo biasa ae. Biasane yo gak tau ngunu.”

Wiji ambekan dowo. Wong wedok iku mulai maklum. Pancen bener, ora biasane lek dheweke mesam-mesem nang bojone. Ning pikire yo ora aneh, wong Diman bojone dewe. Seje Wiji, seje Diman. Mergo salah mbedek opo sing nang pikirane bojone, wong lanang iku malih meneng. Rupane sing biasa cengengesan ketok rodo sedih. Wiji ndelok rupane bojone malih ora tego.

“Sampeyan ki lapo mikir aneh-aneh. Lha aku ki bojomu, lek umpomo mesemi sampeyan lak yo pantes ae, wajar.”

“Gak wajar lek awakmu.”

Wiji ambekan dowo maneh, ning saiki karo mesem.

“Aku gak njaluk opo-opo, Pak. Opo sing aku gak nduwe saiki…”

“Lha iki. Akeh lah sing awakmu gurung nduwe, gak usah omong koyok ngunu…”

“Sik ta lah, dirungokno. Sabar.”

Diman meneng. Wong lanang iku kroso ora penak karo bojone.

“Sing gak nduwe akeh, sing nduwe yo gak kurang, Pak.”

“Trus lapo mesam-mesem ngunu?”

Wiji mesem maneh.

“Sampeyan eling iki bulan opo?”

Diman mikir.

“Bulan opo?”

“Yo ngene ki, Pak, opo’o aku gak ngomong nang sampeyan. Wong yo gak penting.”

“Loh, yo ngko dhisik.”

“Bulan iki biyen awale sampeyan mulai nyopo aku.”

“Heh?”

Wiji manthuk.

“Wingi-wingi aku eling, aku eling jaman sampeyan mulai nyedeki aku, Pak. Kelingan polahmu biyen, aku kudu ngguyu. Makane mben ndelok sampeyan aku ngempet, akhire mung metu mesem iku.”

Krungu omongane bojone, Diman isin. Wong lanang iku akhire mung ngukuri gundule.

“Tanggal iki, aku lapo?”

“Mbuh, aku yo lali lek tanggale.”

“Dadi iki gak njaluk opo-opo tho?”

Wiji gedheg.

“Yakin?”

“Yo lek sampeyan kate nukokno aku gak nolak.”

“Wooo…pancet ae.”

“Lha yok opo, mosok ditukokno bojone gak ditampani.”

“Iyo sih.”

Wiji mesem. Diman mesem.

“Kutang maneh?”

“Sak ngisore, Pak, cek serasi.”

“Ngene ki yo podo ae jenenge. Ngunu kok jare gak njaluk opo-opo.”

Wiji mung mesem krungu bojone ngomel.

***

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s