Nakal


168988_191035924242427_100000080630033_712723_4751326_n

“Lapo raimu kok koyok ngunu?”

Wiji meneng. Wong wedok iku mung mesem sithik.

“Cicilan ta?”

“Gak. Gak nduwe cicilan kok,” saure Wiji.

“Wouh, kok sangar?”

“Yo gak sangar. Wong yo ngene ae kok. Penting cukup.”

Awan iki Wiji ketekan kancane kerjo nang pabrik biyen, Meri. Sing jenenge Meri wonge ayu. Rambute dicat koyo bule, pirang. Kulite resik, kuning. Bibire sing bengesan abang kandel diluk-diluk nyedot rokoke.

“Gak pingin kerjo maneh ta? Koen sik enom, koyok aku ngene ae. Gak akeh, ning cukup dingge tuku kutang karo wedak dhewe. Lek pingin turah yo pinter-pinter goleke hihihi…”

Meri ngguyu-ngguyu dhewe. Sakjoke metu soko pabrik, Meri sing duwe modal awak apik karo rupa sing ayu milih dadi SPG. Awale dadi SPG sabun nang pabrike, trus metu dadi SPG rokok. Duwite luwih akeh jarene.

“Yo kadang pingin, tapi ngko omah yok opo.”

“Kan onok moro tuwamu, dititipno ae anakmu. Omah yo diresiki sak cukupe.”

“Pingin golek kerjoan sing iso digarap ko omah ae.”

“Kerjo opo? Ribet. Butuh modal akeh.”

Wiji ambekan dowo. Meri salah siji kancane sing sik kerep dolan nang omahe. Meri wes nduwe anak siji, wedok, umur limang taun. Wong wedok umur pitulikur luwih sangang sasi iku wes randa pindo. Bojo pertamane kanca sekolah sing tanggane sisan. Rabi oleh setahun, akhire buyar, ora cocok. Setahun dadi randa, Meri rabi maneh. Nduwe anak Noni. Noni umur rong taun, bojone kecantol wedok liyo. Ketemon trus buyar sisan. Nganti saiki Meri milih urip dhewe. Anake dititipno emake nang kampung. Nang Surabaya dheweke ngekos.

“Gak pingin?” takone Meri nawani rokok.

Wiji gedheg.

“Sik, aku pingin takon. Koen iku kaet biyen ngene iki ta? Gak tau nakal?”

Wiji mesem krungu pitakone Meri. Meri mbenakno lungguhe karo nyumet rokok maneh. Wiji sing lungguh nang ngarepe sik mesem.

“Malah ngguyu. Temenan iki aku takon.”

“Nakal yo tau lah, wong tau cilik.”

“Guduk nakal koyok ngunu. Ah, mosok gak ngerti maksudku sih?”

Wiji selot ombo lek mesem. Dheweke paham maksude kancane iku, ning kudu ngguyu ae oleh pitakonan koyo ngunu.

“Yo biyen tau njajal ngrokok…”

“Kapan?”

“Jaman sekolah. Biasa karo arek-arek, njajal hihihi…”.

Karo crito Wiji ngguyu, kelingan jaman semono karo kanca-kancane sekolah.

“Trus?”

“Pas nang pabrik yo tau. Iku karo Rianah, totoan nontok bal. Sing kalah kon ngrokok.”

“Rianah? Rianah sing lambene koyok bebek kae?”

“Ho oh.”

“Hahahaha…” Meri ngguyu banter.

Wiji melu ngguyu. Jaman kerjo nang pabrik biyen akeh crito seneng, lucu karo kanca-kancane. Crito sedih yo akeh. Jenenge buruh, upah ora sepiroo, adoh soko wong tuwo, urip rekoso wes biasa.

“Omben? Kae Rianah kan tukang omben. Biasa lek istirahat ae ndelik-ndelik ngombe lho. Aku tau dijak soale. Arek gendeng.”

“Gak. Gurung tau.”

“Gak pingin njajal?”

Wiji ora langsung nyauri.

“Gak sih, gak pingin.”

Meri manthuk-manthuk. Dheweke kenal Wiji ora setahun rong tahun. Omongane ancen kadang akeh, paling kendel lek ngadepi uwong. Tahu ono copet nang bis dibengoki trus akhire gelutan, padahal kancane wes ngajak ngalih. Ning ngunu-ngunu Wiji yo sing paling sregep.

“Lek ngunu iku? Hehehe…”

“Ngunu opo?”

“Halah. Sing seneng koen kan biyen akeh. Heran aku, kok iso koen ki akeh sing seneng. Padahal lek rupo aku lak gak kalah karo koen.”

“Akeh opo, gak. Yo koen iku sing akeh sing seneng. Wong sak pabrik mosok onok sing gak kenal karo koen. Wong mesti ditakokno arek-arek anyar.”

“Gak, iku ngunu mung iseng. Mergo aku lek bengesan kandel, rok minian. Bedo. Lek koen iku wong-wong seneng temenan, gak mergo pingin iseng.”

“Jare sopo.”

Meri neleh rokoke sing garek sak uthil. Wong wedok iku nyandak gelas kopi, disruput isine trus dibalekno nduwur mejo.

“Opo’o koen milih Diman?”

Wiji mesem.

“Lho, aku pingin ngerti temenan. Iyo koen wes tau ngomong, tapi aku sik gak percoyo. Masio biyen aku rabi pindo mergo cinta, tapi yo gak iku thok pertimbanganku. Masio ta loro-lorone yo akhire ambyar.”

Saiki ganti Wiji sing nyandak gelase, ngombe. Anake sik durung mulih, dolan karo mbahe. Dadi awan iki dheweke bebas ngobrol karo Meri.

“Lha yo ancen mergo cinta.”

“Iyo cinta, tapi opo sing nggarai koen cinta?”

Wiji mikir. Wong wedok iku dudu ora gelem njawab, ning ancen ora nemu jawaban.

“Gak ngerti.”

“Yo Diman gak elek, apik lah rupane. Sregep? Okelah, tapi kae sopo sing seneng koen kae? Kae yo gak kalah sregep.”

Wiji ngguyu. Ndelok Meri bingung nggoleki jawaban dingge pitakonane dhewe nggarai wong wedok iku kudu ngguyu.

“Diman kae nakal nggak sih?”

“Hahahaha…”

“Malah ngguyu?”

“Lha koen ki aneh-aneh ae. Yo aku seneng, mbuh opo aku dhewe yo gak ngerti.”

Meri mrengut. Wong wedok iku nyandak rokok maneh trus disumet.

“Akh koen iki, nggarai penasaran ae. Opo-opo kan yo mesti onok alasane.”

“Gak mesti. Aku mung melu opo jare atiku. Kadang kakean mikir yo gak nyandak uteke.”

Meri sik mrengut, durung seneng karo jawabane Wiji.

“Tapi aku ngerti opo’o Diman seneng karo koen?”

Saiki ganti Wiji sing meneng. Wong wedok iku nyawang kancane. Meri mesam-mesem, nggarai Wiji selot penasaran.

“Opo?”

“Lho yo koen iku sing opo? Ngerti opo?”

“Rahasia. Aku ngerti soale aku sering nongkrong karo arek-arek lanang pabrik biyen hehehe…”

“Maksude?”

“Gak…gak.”

“Mbencekno,” Wiji mangkel.

“Hahaha ganti penasaran kan koen. Gak, iki bayanganku dhewe kok dan ketoke bener hehehe.”

“Opo sih?” Wiji sing penasaran sik mangkel.

“Soale koen “nakal”. Iyo kan?”

Mari ngomong Meri ngguyu-ngguyu dhewe. Wiji sing males debat karo kancane iku akhire yo melu ngguyu. Kancane iku ono-ono ae.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s