Slanker


fd_imgesel_53_konser_concert_by_freedige-d1i197s

“Pak, Slank kate maen, Pak.”

Wiji sing kaet mulih soko pasar mlayu-mlayu marani bojone sing lagek ngopi.

“Ayo nontok, Pak!”

“Ambekan sik, ngos-ngosan ngunu.”

Wiji ngatur ambekane. Raine wong wedok iku abang ireng, seneng. Kringet ndredes nang raine. Ponine sing teles kringet nemplek nang raine.

“Nang Tambaksari, Pak. Mung limolas ewu, oleh rokok.”

“Opo?”

“Slank, Pak, Slank maen.”

Diman nyedot rokoke. Wong lanang iku biasa ae. Ora koyo bojone sing ketok sumringah, seneng.

“Kapan?”

“Malem minggu.”

“Tomin?”

“Dititipno Mak ae.”

Wiji sing wes iso ngatur ambekane lungguh, nyanding bojone. Wong wedok iku ngelap kringet nang raine.

“Ya, Pak? Wes suwi gak nontok.”

Diman nyawang bojone. Sing jenenge Wiji jaman biyen ancen seneng karo konser musik. Ora milih, opo ae seneng. Kadang konser dangdut, konser lagu rock, kadang yo konser kosidahan. Ning lek karo Slank, Wiji ora seneng maneh ning ngefans. Jaman durung kenal Diman, Wiji wes seneng lagu-lagune. Pas pacaran karo Diman lek Slank maen mesti dijak nonton.

“Pak?”

“Iyo.”

Diiyani bojone Wiji selot seneng. Wong wedok iku langsung ngadeg trus njiwiti pipine bojone.

“Ambung no,” omonge Diman.

“Sik kecut,” omonge Wiji karo ngalih.

Malem minggu sing dienteni akhire teko. Tomin sing mau ngrengik, kroso lek kate ditinggal bapak emake ora gelem turu, umek ae. Mergo jam wes mepet akhire Tomin ditilapno. Diman karo Wiji montoran budal nang Tambaksari. Nang stadion wes rame arek-arek sing kate ndelok konsere Slank. Arek-arek cilik, enom, klambine meh kabeh seragam rupane, ireng. Bendoro-bendoro gede nang ndi-ndi.

“Jarikmu ndi?”

“Ngge opo?”

“Ngge gendero,” omonge Diman ngguyoni bojone.

Kaet awan Wiji wes nyiapno klambi. Kaos Slank sing paling disenengi wes disetriko. Untung sik cukup digawe, masio rodo ketat.

“Jakete gak usah dicopot,” omonge Diman nang bojone.

“Lapo? Sumuk yo,” protese Wiji.

“Ngko ae lek wes ndok njero.”

Jenenge Diman rodo bedo karo lanang liyo. Lek biasane wong lanang seneng lek bojone opo pasangane ketok ayu, Diman sewalike. Nggawe kaos karo clono jeans, Wiji sing ancen durung tuwek ketok ngenomi. Wong lek jarang macak, sekaline macak ancen luwih sering ketok ayu. Ngunu ugo karo Wiji. Masio ta ora macak atek make up, ning macak kaosan karo jeans ngunu wong wedok iku ketok koyok sik arek.

“Gak usah nggowo obeng,” omonge Diman maneh mari ngunci sepeda montore.

“Lha dingge opo yoan?”

“Be’e kate tawuran ngko.”

Wiji mecucu. Bojone iku ono-ono ae.

“Gak usah njaluk gendong, gak kuat aku.”

“Gak.”

“Ndok kene ae.”

“Kadohen, gak ketok.”

“Iku ngko lek podo tabrakan lek njoget yok opo?”

“Kan onok sampeyan,” saure Wiji.

Akhire mari udur-uduran, Diman gelem rodo maju panggung. Masio ora nang ngarepe, milih rodo miring, nang sisi kiwo. Sing dienteni yo wes metu. Arek-arek sing nonton wes ora ono sing lungguh, podo ngadeg kabeh karo melu nyanyi. Wiji sing wes gatel melu ngadeg, masio bojone ora gelem. Diman pancet lungguh nang suket.

Jenenge ndelok konser, opo maneh koyo konsere band ngene iki lek rame-rame sithik yo wes biasa. Apik-apik nyanyi karo njoget mesti ono ae arek sing ngisruh. Ndelok ono sing rame, Diman langsung ngadeg, nyekeli bojone karo digowo minggir.

“Kene ae.”

Wiji mecucu.

“Lha timbang kesampluk. Pilih ndi?”

Masio rodo gelo, Wiji akhire manut. Sing penting iso ndelok idolane, minggir yo gpp. Diman lungguh maneh, Wiji sik ngadeg. Ora mung Wiji Diman sing minggir. Ono pasangan sing umure luwih tuwek soko Wiji Diman sing lungguh ora adoh soko wong loro iku.

Masihkah fotoku di dalam dompetmu?

Masihkah diriku di dalam hatimu?

Masihkah potretku di tembok kamarmu?

Masihkah bayangku di dalam mimpimu?

Wiji sik ae nyanyi nirukno idolane. Diman sing lungguh mung mesem karo gedheg-gedheg. Wong kok ora ono kesele, batine Diman. Diman dudu ora seneng, karo konser, karo polahe bojone. Wong lanang iku yo seneng ngrungokno lagu-lagu ngunu iku. Seneng ndelok bojone seneng. Ning wong lanang iku isin. Sakjoke wes keluarga, rasane ora tepak ae ngunu iku, wes ora wayahe.

Ndelok konser, suworo musik banter, langsung ancen bedo karo ndelok nang tipi utowo soko radio. Opo maneh wong sakmunu akehe sak stadion podo nyanyi karo njoget. Diman sing mau mung meneng karo ndeloki bojone akhire yo ora kuat. Wong lanang iku melu ngadeg trus nyanyi. Wiji sing ndelok bojone langsung mesem.

Hidup sederhana

Gak punya apa-apa tapi banyak cinta

Hidup bermewah-mewahan

Punya segalanya tapi sengsara

Wong lanang wedok iku akhire ora bedo karo sing nonton liyane. Nyanyi, njoget, ngguya-ngguyu. Wiji sing mau jaketan, wes dicopot jakete, kesumuken. Diman ora protes, wong lanang iku asyik nyanyi.

Nganti yahmene ki ko ndi? Anakmu gak gelem meneng kaet mau.”

Mari mulih, Wiji Diman langsung njujug omahe emake, njupuk anake. Tomin sing mau ditilapno tibake ora gelem meneng. Arek lanang sing biasane anteng karo mbahe iku nggoleki bapak emake. Diman mung cengengesan, Wiji nyandak anake, digendong. Ora suwi arek lanang sing wes ngantuk iku merem nang gendongane emake.

Suwun yo, Pak,” omonge Wiji nang bojone.

Diman mung mesem trus ngletak.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s