Mantan


08-Adegan-Taman-Soka-560x828
Lukisan “Adegan Taman Soka” oleh Suyadi dgi.or.id

Resah jiwaku menanti
Mengingat semua yang terlewati
Saat kau masih ada di sisi
Mendekatku dalam hangatnya cintamu

Sing jenenge Wiji masio ta jare suwarane elek, cempreng koyok gembreng diseret, ning senengane nyanyi. Koyok pilem-pilem India kae, tangi turu, umbah-umbah, adus, sampek ngising yo karo nyanyi. Ora pilih-pilih lagu, sak elinge ae. Koyok isuk iki, karo nyapu wong wedok iku nyanyi-nyanyi. Bojone sing kaet tangi mung ndeloki sak klebatan trus budal nang jeding.

Lambat sang waktu berganti
Endapkan laraku di sini
Coba tuk lupakan bayangan dirimu
Yang selalu saja memaksa tuk merindumu

Diman wes mari lek adus. Wong lanang iku lungguh ngadep mejo makan, siap-siap sarapan. Anake durung ono suwarane, sik nglipus lek turu. Bojone sik nyekeli sapu karo nyanyi, masio yo wes mari lek nyapu.

“Sing uwes yo uwes,” omonge Diman karo nyendok sego.
Wiji sing ora rumongso bojone omong karo dheweke terus ae nyanyi karo ngelapi mejo kursi.
“Lha dibaleni ta?”
Kaet dong lek bojone omong karo dheweke, Wiji noleh nang bojone.
“Apane sing dibaleni?”
“Sajake kok kelara-lara. Lek gurung ikhlas yo dibaleni kono, sopo ngerti cocok.”
Wiji ora dong karo omongane bojone. Wong wedok iku mbalik maneh nang garapane, nyerbeti mejo.

Sekian lama aku mencoba
Menepikan diriku di redupnya hatiku
Letih menahan perih yang kurasakan
Walau ku tahu ku masih mendambamu

“Dibecakno lek gak kuat, ojo disonggo dewe,” Diman komentar maneh.
Wong lanang sing mulai mangan iku nyauri lirik lagu sing dinyanyekno bojone.
“Opo sih, Pak?”
Wiji sing wes mari lek resik-resik marani bojone, melu lungguh.
“Gak.”
“Opo sing gak?”
“Gak onok.”
Wiji nyawang bojone. Diman ngenakno lek mangan. Wiji mesem.
“Pak, aku ngko nang JMP ya.”
“Lapo?”
“Dolen. Pingin golek jajan.”
“Koyok ndok kene gak onok ae.”
“Gak onok ancene, bedo rasane.”
Diman nyruput kopine. Wong lanang iku trus ngetokno rokok soko bungkuse. Ora suwi soko rokok sing dibong iku kemedul.
“Janjian ta?”
“Gak, dewe.”
“Tomin?”
“Cek karo Mak ae. Ngko lek melu malah njaluki jajan.”
Diman nyedot rokoke. Wong lanang iku ora nyawang bojone. Bedo karo bojone, Wiji nyawangi Diman, ngenteni diiyani.
“Pak?”
“Jajan opo sih? Biasa yo gawe dhewe.”
“Pingin tuku, males gawe dhewe.”
“Gak kurang adoh ta golek jajan nang kono?”
Wiji meneng. Wong wedok iku ndeloki bojone. Ono sing ora tepak, aneh.
“Ya wes gak sido,” omonge Wiji karo ngadeg, kate ngalih.
Diman ora nyauri. Lek wes ngene Wiji selot yakin ono opo-opo karo bojone. Wong wedok iku wes apal, lek ancene ora ono opo-opo biasane lek dheweke epok-epok nesu ngunu mesti digandoli, paling ora trus diiyani.
Awan lek biasane Diman mulih, mangan awan, dino iki ora. Wiji sing ngenteni sampek jam siji bolak-balik nyawang jam. Akhire wong wedok iku budal nang nggone bojone kerjo karo ngawakno rantang. Nang nggon kerjoane, Diman lagi kerjo. Ndelok bojone teko, wong lanang iku meneng ae. Biasa lek repot ancen ngunu, ora mulih. Bojone sing moro nggowokno sego. Ning awan iki Wiji ndelok bojone ora repot-repot banget. Wiji milih langsung mulih mari ngekekno rantang nang bojone.
“Untumu lara ta, Pak?”
“Gak.”
“Kok ketok aboh ngunu.”
Diman ora nyauri. Bengi mari mangan Diman siap-siap ngletak nang kamar. Wiji sing kaet nglebokno klambi nang lemari metu maneh. Mari bojone metu soko kamar, Diman nyawang raine nang koco lemari. Ora aboh, biasa ae. Wong lanang iku trus ngletak.

Lambat sang waktu berganti
Endapkan laraku di sini
Coba tuk lupakan bayangan dirimu
Yang selalu saja memaksa tuk merindumu

Masio bojone ketoke lagi aras-arasen ngomong, Wiji pancet ae nyanyi-nyanyi. Wong wedok iku ora pingin ngajak bojone omong. Lagi pingin meneng yo dijarno ae, mungkin lagek ono masalah ning ora gelem ngomong. Biasane ngunu, batine Wiji. Krungu bojone nyanyi, Diman sing ancen lagi ora enak atine iku selot mangkel. Raine ditutupi bantal, cek ora krungu suwarane bojone.

Sekian lama aku mencoba
Menepikan diriku di redupnya hatiku
Letih menahan perih yang kurasakan
Walau ku tahu ku masih mendambamu

“Wes bengi, nyanyi ae mbrebeki tonggo,” Diman akhire nyuworo maneh.
“Sik jam pitu. Kae Nono underground-an yo krungu ko kene,” saure Wiji.
“Lagumu elek.”
“Lagune opo lirike? Sing uwes yo uwes,” omonge Wiji ngece bojone.
Diman ngelih bantal soko raine. Bojone lungguh nang pinggir kasur karo nglempiti klambi.
“Yo koen iku, lapo kok aku?”
“Lah, kok aku? Wong sampeyan ngunu kok…”
Diman meneng, males nyauri ning atine mbedodok.
“Ojo nyanyi lagu iku.”
“Gak oleh nyanyi yo garek omong, atek nesu barang.”
“Aku gak seneng,” omonge Diman alon.
“Yo seneng, ngomong. Luwe, mangan. Ngunu kan enak, atek mikir sing gak-gak.”
Ndelok bojone mecucu karo ngomel, Diman sing mau mangkel langsung mesem. Isin yo seneng atine. Jenenge Diman ki lek lagi cemburu yo koyok ngunu. Masio ora nduwe bukti utowo ndelok sing ora-ora nang bojone, isuk-isuk krungu Wiji nyanyi lagu galau wong lanang iku langsung ora enak atine.
“Nyanyi liyane ae,” omonge karo isin-isin.
“Nyanyi ae atek diatur.”
“Yo gak sih. Lagu ngunu iku garai sedih, golek lagu ki sing semangat.”
“Yoh, mene tak nyanyi Indonesia Raya utowo Gundul-Gundul Pacul ae,” omonge Wiji karo ngadeg, ngalih.
Diman mesam-mesem ndelok bojone ganti nesu. Ning atine wes enak. Dheweke rumongso salah, ngarani bojone eling mantane mergo lagu sing dinyanyekno sedinoan iku.

 

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s