Sregep


menjahit2
Lukisan Menjahit Baju dari lumbungpuisi.com

Masio tahu ngrasakno dadi anake wong nduwe, Wiji ora manja. Bapake sing bangkrut trus pindah nang ndeso, mulai urip maneh soko nol. Lek mung urip soro, gawean akeh, Wiji wes biasa. Kebiasaan koyok ngunu digowo Wiji sampek omah-omah karo Diman. Ben isuk, anak bojone durung tangi, Wiji mesti wes tangi dhisik. Masak, umbah-umbah, nyapu, kabeh dilakoni sak durunge bojone karo anake tangi.

Bojo anake tangi, panganan wes mateng. Kumbahan garek njemur. Omah, plataran wes resik kabeh. Kadang lek anake tangi isuk, digowo nang jeding. Ditunggoni dolanan karo umbah-umbah, sisan areke diadusi.

“Andukku ndi?”

“Mben dino nggoleki anduk ki opo gak kesel?” omonge Wiji karo ngewehno anduk nang bojone sing kate adus.

“Hehehe…Aku tanpamu apalah artinya hehehe…”

Wiji mlerok thok digudani bojone. Bojone durung tuwek tapi ancen lalian. Sakjane yo ora lali sih, wong wes jelas panggone anduk. Ancen wes biasa njagakno bojone ae.

“Kathok…”

“Ndok biasane.”

Diman mesem.

“Kunci ndok duwur tipi. Ojo lali tas e,” bengoke Wiji soko pawon.

“Tas jare, koper lah.”

“Koper jare, karung lah.”

Ganti Wiji nggudo bojone. Dadi tukang, gawane Diman lumayan akeh. Perkakas tukang dilebokno nang tas ransele. Ora kabeh, sing krenilan ae.

“Botolmu, Pak.”

“Botol susu?”

“Yo.”

“Emoh, langsung ae gak usah atek botol hehehe.”

Ora mung isi perkakas gawean, Wiji mesti nggawani bojone botol isi banyu putih. Bojone iku seneng ngopi, ngrokok. Wiji mesti ngomel lek bojone ora ngombe banyu putih sing akeh.

“Budal sik.”

“Ojo lali janjine mau bengi,” Wiji sing mau nang pawon metu karo nggowo kunci motor, Diman sing wes siap nang nduwur motor lali ora njupuk kuncine.

“Sik yahmene, ngko ae lah.”

“Opo? Janjine sampeyan mau bengi iku lho.”

“Lha iyo, ngko ae,” omonge Diman cengengesan.

“Gak usah macak lali,” saure Wiji mangkel.

“Iyo…iyo, ngko tukuo dewe. Miliho sak sirmu.”

Mari bojone budal, Wiji mbalik nang anake sing isuk iki lagi kluget-kluget. Jenenge arek cilik, ora mesti. Kadang bapake budal dheweke wes ganteng, kadang yo sik merem. Koyok isuk iki.

“Adus yuk,” ajake Wiji karo ngambungi anake.

Ora nyauri, Tomin mung nyebek karo kogel-kogel, sik ngantuk.

“Ambune kecut,” omonge Wiji karo sik ngambungi anake.

“Mak, umbas mobil.”

“Mobil opo?”

“Mobil gedi.”

“Yo adus sik, ngko ngomong Pak e.”

Wiji nyandak anake. Arek lanang iku digendong, digowo nang njeding. Awan wayahe Diman mulih, mangan, kabeh urusan omah wes beres. Wiji sing ora kerjo biasane ono ae sing dilakoni. Ndondomi klambine bojone utowo anake, noto tandurane sing lumayan akeh, lek ora yo ngramut awake dewe.

“Opo maneh iku?”

Diman sing lagek mangan nyawang raine bojone.

“Masker.”

“Iyo, masker opo kok rupane ngunu.”

“Rahasia.”

“Cek opo ngunu iku?”

“Cek ayu.”

“Mosok iso?”

Wiji mecucu. Bojone ancen paling seneng lek nggarai dheweke mangkel.

“Iku nang lambe opo? Minyak? Kok gilap ngunu?”

“Minyak? Iki madu, karo gulo.”

“Lha opo gak dirubung semut iku ngko, malah njedir lambemu.”

“Yo gak.”

Diman nerusno mangan, ning sediluk-sediluk nyawang bojone.

“Lapo? Pingin?” takone Wiji nanng bojone.

“Ho oh, pingin ngrasakno.”

Wiji mlerok. Wong wedok iku wes mangan. Awan ngene nang mejo makan mung ngancani bojone. Diman dhewe ora tahu njaluk dikancani mangan bareng, dheweke ngerti lek bojone iku ora kuat ngempet luwe. Masio awan mesti mulih, ning jam e kadang ora mesti, sak senggange gawean.

“Pak, iki wes tak cepakno kabeh.”

Bengi mari mangan, Diman sing lagek nonton tipi diampiri bojone.

“Sik, diluk ngkas.”

“Saiki ae. Ngko sampeyan nontok tipi trus keturon mesti.”

“Gak.”

“Iyo.”

Lek kabeh garapan dicekel, ora ndene karo setrikoan. Wiji paling ora seneng karo sing jenenge nyetriko klambi. Lek milih kain utowo klambi, wong wedok iku mesti milih sing ora gampang lungset cek ora usah nyetriko. Bedo karo Wiji, Diman ora seneng lek klambine ora rapi.

“Pak.”

“Iyo, budal.”

Diman ngadeg. Wong lanang iku marani setrikoan sing wes ditoto bojone.

“Iki sempak barang atek disetriko?”

“Yo sisan.”

“Sempakku?”

“Jare cek gak akeh.”

“Lha sempakku gak disteriko tapi sempakmu njaluk disetriko, yok opo karepe iki?”

Ora nyauri bojone, Wiji malah mapan nggletak nang ngarep tipi, ora adoh soko bojone sing lagi setriko.

“Karo pijeti kene.”

“Yo ngko ae. Malah gosong ngko lek setriko.”

Ora tahu disepakati utowo diomongno, ning wes sadar dhewe. Jatah setrikoan ono nang Diman. Klambine dewe, klambine anake, klambine Wiji. Ora mbendino ning lumayan, seminggu pindo kadang ping telu.

“Wooo, malah wes ngiler. Ngunu jare kate mijeti,” omonge Diman karo nggosoki klambi.

Wong lanang iku nyawang bojone sing wes merem nang ngarep tipi.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s