Bonsai


OLYMPUS DIGITAL CAMERA
Lukisan Spidol “Tawuran Antar SMA” karya Budi Rojas 

Lukisan spidol dari: http://budirojas.blogspot.co.id

“Min, mulih sekolah mampir yuk.”

“Mampir ndi?”

“Onok. Sip pokoke. Oke?”

“Digoleki emakku aku ngko.”

“Halah. Wes gede ngene. Sante ae ta lah. Ngomong ae onok tambahan kelas.”

Tomin mikir. Arek STM iku bingung kate ngiyani ajakane kancane utowo mulih. Akhire arek lanang iku manthuk.

“Sip.”

Tibake sing jenenge Tomin dijak kancane nyangkruk nang kosane kanca bedo kelas. Arek lanang, mulai gede kumpul senenge njajal. Ora mung kumpul ngobrol, arek-arek iku akhire nonton pilem bareng. Dudu sembarang pilem. Pilem sing nggarai ndredeg sing nonton, opo maneh arek sing wes podo sunat ngunu iku.

“Yahmene kaet mulih ki lapo ae?”

Tekan omah wes magrib, Tomin langsung ditakoni emake.

“Onok tambahan.”

“Tambahan opo?”

“Yo pelajaran,” saure Tomin.

“Ambu opo iki? Rokok. Koen ngrokok saiki?”

“Gak. Iku mau sopir angkote. Aku lungguh ngarep.”

Wedi lek terus ditakoni emake, Tomin mlebu kamare nyopot klambi trus budal adus. Sewengi Wiji sik ae ndeloki anake, curiga.

“Yok opo, Min? Ayo ta lah.”

Tomin mikir.

“Halah. Diluk maneh kan wayahe ujian, mesti percoyo emakmu. Gak mungkin diparani ndok sekolah.”

Ora pisan pindo Tomin dijak Edi, kancane, mampir nang kosane Wondo. Ora mung Tomin karo Edi, seringe iso arek limo enem.

“Cek rame, Min. Gak bosen ta ndok omah. Kate lapo koen yoan? Kelon makmu?”

Krungu omongane Edi, atine Tomin rodok panas. Ora mikir maneh, arek lanang iku langsung manthuk. Nduwe kanca, Edi langsung mesem, seneng. Lek wingi-wingi mung arek-arek lanang rokokan karo ndelok pilem, awan iki tibake ono arek wedok sing melu. Arek wedok telu, kancane Wondo. Arek kejuruan, sekolah sebelah.

“Kurang ajar!”

“Opo’o?”

“Windy diganggu Tomi?”

“Aku?” Tomin nakok karo njuding awake dhewe.

“Tomi, kakak kelase awake dhewe iku lho.”

“Oh,” saure Tomin.

“Diapakno pacarmu, Ndo?”

“Jare wingi disuwiti, kurang ajar.”

“Gak ngerti ta lek Windy iku pacarmu.”

“Ngerti lah, wong Windy yo wes ngomong. Ngejak gelut arek iku.”

Awan iki bahasane ganti rencana kate nglabrak Tomi, kakak kelase dhewe. Arek limo sing lagek kumpul iku gawe rencana kate mbales lara atine Wondo.

“Wondo Windy, wes jodoh. Onok sing wani ngganggu kudu diajar, dikei pelajaran.”

Arek enom, ngumpul, emosi, ora ono sing iso mikir nggenah. Arek limo iku rencana kate nyegat Tomi, kakak kelase.

“Antem, Min, antem ae.”

Lek wingi rencanane Tomin mung ngancani, akhire malah Tomin sing dikon ngadepi Tomi. Pawakane Tomin ancen lumayan dibanding kancane, gede duwur. Nang lapangan kosong, Tomi sing kate mulih dicegat trus dijak minggir. Arek lanang sing rupane manis iku diubengi arek limo, termasuk Tomin.

“Aku gak nduwe urusan karo koen, Min,” omonge Tomi.

“Wondo kancaku. Urusane de’e, urusanku sisan,” saure Tomin.

Akhire arek loro iku duel. Tomi sing dikeroyok wong limo akhire babak belur, diantemi.

“Sangar koen, Min. Suwun.”

Tomin sing asline atine ora penak iku mung mesem. Pisan iki arek lanang iku ngrasakno gelut. Kanca-kancane nabuki pundake, bangga.

“Tenang, Min, ngko tak kenalno kancane Windy. Areke ngene,” omonge Wondo karo nduduhno jempole.

Ora mung omong thok, Wondo temenan ngenalno Tomin karo Tia, kancane Windy. Areke putih, imut. Awale Tomin isin-isin. Arek kelas siji iku durung tahu pacaran. Pol-polan ngesiri ning mung dibatin. Wedi karo emake. Seminggu mari kenalan akhire Tomin dadian karo Tia. Masio pacarane backstreet alias ndelik-ndelik, ning sayange Tomin nang Tia wes koyok manten anyar. Ora iso dipisah. Mulih sekolah mesti bareng. Kadang mampir kosane Wondo, kadang dolan dhewe nang mall.

“Aku meteng.”

“Heh?”

Tomin kaget. Arek lanang iku ora nyongko. Wedi, bingung, Tomin mung iso ngondeli gundule dhewe.

“Yok opo iki, Yang?”

“Aku wedi karo emakku,” saure Tomin lirih.

“Aku yo wedi. Aku mati ae lek awakmu gak gelem tanggung jawab.”

“Kene mati bareng ae. Aku yo wedi.”

“Yang…”

Arek loro sing umure kaet ngalih soko pitulas iku sepakat kate bunuh diri bareng. Ngomong nang wong tuwo ora wani, minggat soko omah yo ora ngerti nang ndi. Isin, bingung, arek loro iku milih mlumpat bareng soko jembatan Kali Mas.

“Minnnnnn!”

Wiji mbengok karo nangis. Raine wong wedok iku teles, bek kringet.

“Anakku….”

“Mak, sadar, Mak.”

“Pak, anakmu, Pak.”

“Sttt…ojo banter banter. Iku areke turu, ngko kaget.”

Diman nyekeli bojone. Wiji sing durung patio sadar sik ngos-ngosan ambekane.

“Ngombe sik,” omonge Diman karo ngelungno gelas isi banyu.

Mari ngombe Wiji nyawang sebelahe. Anake, Tomin, sik ngenakno turu. Lambene arek lanang iku nyebek karo obah-obah koyok wong mamah.

“Ngipi opo?”

“Anakmu, Pak, wes wani rokokan, gelut trus ngetengi arek wedok…”

“Woo, sik cilik ngunu kok. Lek bapake embuh hehehe.”

Wiji mrengut.

“Gak gak,” omonge Diman maneh, karo cengengesan.

“Aku wedi, Pak.”

“Ngipi. Makane lek kate turu ndungo, ojo malah mangan.”

Wiji selot mecucu.

“Sing penting diopeni sing nggenah. Areke dadi opo yo kene ora ngerti. Jenenge arek bakale yo gede, nduwe masalah. Koyok awake dhewe mbiyen.”

“Tapi aku wedi, Pak.”

“Lha yok opo?”

“Tomin cilik ae.”

“Ngunu yo iso. Mene tak gowone nang Cak Kosim kae.”

“Diapakno?”

“Dibonsai, cek cilik terus.”

Ora seneng, Wiji malah selot maju lambene.

“Tomin cek gede, kan ngunu. Diopeni cek iso gede. Lek pingin sing cilik yo kene gawe maneh hehehe…”

“Mbuh,” saure Wiji karo ngletak maneh.

“Wooo…yo wes aku gawe dhewe.”

“Opo?”

“Gak. Yok opo carane gawe dhewe, yo kudu onok kancane hehehe.”

“Aneh-aneh tak gibeng sampeyan,” omonge Wiji.

Wiji budal merem maneh. Diman sing turu sandinge sik cengengesan dhewe. Ora suwi wong loro iku banter-banteran ngorok.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s