Kremi


1798851_601142676631698_263303293_n
Bocah bermain dari ayosekolah.com

“Ojo dolenan lemah koyok ngunu. Tontok iku tanganmu, reged kabeh.”

Wiji ngandani anake sing lagek dolanan lemah nang mburi omah. Arek lanang iku dolanan dhewe. Emake umbah-umbah ora adoh soko lek dolanan.

“Gak.”

Nyauri “gak” dudu ngomong lek ora dolanan lemah, ning maksude ora gelem dilarang. Tomin sing durung sekolah iku lagi epok-epok dadi tukang pasir. Maculi pasir pinggir kali trus ditumpakno truk-trukane.

“Adus kene.”

“Nto ae.”

“Saiki.”

Ngejak anake adus ben dino yo koyok ngunu, biasa. Kudu ngrayu, kadang yo kudu dipekso. Opo maneh lek kadung asik dolanan.

“Tumbas banyu, Lik,” omonge Wiji nang anake.

Tomin sing asik karo truke langsung nyawang emake.

“Banyune entek iki. Tumbas opo onok?”

Tomin ngadeg, nggowo truke. Arek lanang iku marani emake.

“Banyu opo?” takone.

“Iki dingge gawe kopi. Nyuwun ditumpakno truk.”

Ngerti dijak dolanan emake, Tomin langsung melu lungguh sandinge emake.

“Banyu iti?” takone Tomin karo njuding banyu nang bak.

“Ho oh. Tumbas sak galon nggih,” omonge Wiji maneh.

Tomin manthuk-manthuk. Arek lanang iku njupuk ciduk.

“Klambine dicopot kene, cek gak teles,” omonge Wiji karo nguculi klambine anake.

Nang njero ati Wiji mesem. Mari nguculi klambine anake, langsung diucek. Anake dijarno dolanan banyu nang bak. Mari ngene garek ngedusi, pikire.

Ora mung nguculi klambine anake. Wiji dhewe wes ganti atek jarik. Masio ta urip nang kutho, dudu wong lawas, Wiji wes biasa atek jarik lek lagi adus. Dudu sembarang jarik, nanging jarik soko emake. Kadang lek ora ono jarik, dheweke nggawe sarung, sarunge bapake. Wes kadung kebiasaan. Jaman biyen tahu urip nang ndeso, ngrasakno adus gantian karo tanggane. Jedinge ora ono tutupe nduwur, wong wedok nang kampunge biasa podo nggawe jarik cek ora diincengi wong lanang sing iseng.

“Ndi, Lik, banyune? Selak mulih bojoku,” takone Wiji nang anake.

“Cik, cik lung bek.”

“Woo ojo suwi-suwi, ngko bojoku nesu lek mulih gurung onok kopi,” Wiji sik epok-epok.

Karo ngomong, wong wedok iku nyedeki anake. Dingklik cilik sing dingge lungguh umbah-umbah dipindah nyedeki anake. Wong wedok iku njipuk ciduk, diisi banyu trus digrujukno awake anake. Tomin sing kaget, ora gelem adus, mlumpat-mlumpat.

“Woh udan. Kok iso yo moro-moro udan, wong panas ngene.”

Tomin nyawang emake sediluk, trus balik ngisi bak truk e atek banyu.

“Deres udane,” Wiji ngrujuki anake maneh.

Wong wedok iku trus nyandak sabun, nyabuni anake.

“Iku tangane, onok lemahe.”

Lek mau ora gelem, suwi-suwi Tomin meneng ae didusi emake. Arek lanang iku sik umek karo truk e.

“Kukumu wes dowo, dipotong ya ngko.”

“Emoh.”

“Woo, dileboni cacing mbuh.”

Mari ngedusi anake, Wiji ganti grujukan. Adus dhewe. Mari loro-lorone resik, Wiji nggendong anake mbalik nang njero omah.

“Pak e, atel.”

Lek biasane mari mangan Tomin langsung ngantuk, bengi iki arek lanang iku ngrengik.

“Apane sing gatel?” takone bapake.

“Iti. Kukulno, Pak.”

Tomin njuding bokonge. Diman sing gletakan nang sandinge anake ngukuri bokonge anake iku. Ning Tomin sik ae ngrengik.

“Atel, Pak.”

“Lha iki wes dikukuri ngene lho. Adus gak mau?”

“Adus.”

Ora mung ngrengik, suwi-suwi mergo risih kroso ora enak Tomin nangis. Wiji sing mau mari mberesi korahan mlebu kamar.

“Lapo yahmene nangis? Gek bobok,” omonge nang anake.

“Atel huhuhu…”

Lek Diman ngukuri bokonge anake, Wiji nyandak kathoke anake. Diplorotno kathoke anake, dideloki bokonge. Resik, ora ono opo-opo.

“Sing gatel endi?” takone Wiji.

“Iti,” omonge Tomin, nunjuk silite.

“Mesti kreminen iki,” omonge Wiji lirih.

Diman nyawang bojone. Arek cilik sak umurane anake biasa ancek kreminen.

“Pak, jupukno lengo nang pawon.”

“Dingge opo?”

“Wes ta lah, jupukno. Sisan kapas.”

“Nyoh.”

“Minyak opo iki? Iki nang nang wayan iku ta?”

Diman manthuk.

“Minyak klopo, Pak. Iki lho dingge ndelok kremine. Ojo jlantah koyok ngene.”

Ndelok bojone plonga-plongo, Wiji ngadeg. Budal nang pawon njupuk opo sing dimaksud.

“Iki tontoken cacinge. Iku mau dolenan lemah, gak gelem dipotongi kukune,” omonge Wiji nang Tomin sing sik ngrengik.

“Wooo, lha kok ternak cacing. Dipotong ya kukune,” omonge Diman.

Mari diramut emake, Tomin akhire iso turu. Wiji karo Diman sing wes ngantuk melu ngletak.

“Kaanku koyoke yo gatel, Mak, kukurno” omonge Diman.

“Malese. Njupuk lengo gas kono,” saure Wiji.

“Dingge opo?”

“Dibong cek gak gatel.”

“Wooo, awakmu ngko nggoleki.”

Wiji mlengos. Wong wedok sing wes kesel iku merem, turu.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s