Rapat Rutin


9b20c22acfe2051215390ebc22c695f7
Lukisan karya Rustamadji

Diman sing kapanane kae nggregesi awake saiki wes mari. Wong lanang iku wes kerjo maneh. Lek bojone mbalik kerjo, Wiji sing milih ora dodolan nang pasar maneh mbalik nang kegiatane, ngurusi omah.

“Budal sik, Mak,” pamite Diman nang bojone.

Wiji manthuk. Ora biasane bojone iku pamit lek budal kerjo. Biasa yo langsung budal, masio Wiji mesti ngerti. Ora mung pamit, Diman ketok seneng rupane. Wong lanang iku mesam-mesem karo nyandak sepeda montore.

“Daag.”

Diman dada-dada nang bojone, nggarai Wiji selot bingung. Aneh. Wiji mung nyebek trus mlebu omah.

“Ketoke wes waras tapi kok…” omonge Wiji alon karo gedheg-gedheg dhewe.

Awan wayahe mangan, Diman mulih koyok biasane. Sing ora koyok biasane, awan iki Diman sik ae mesam-mesem. Karo mangan wong lanang iku nyanyi-nyanyi. Wiji sing ndeloki bojone selot penasaran ning meneng ae.

“Mak, sarungku ijo opo resik?”

“Resik. Wes tak setriko yoan. Opo’o?”

“Ngko bengi kate tak gawe.”

“Nang ndi?”

“Tahlilan, kan malem jumat iki.”

Perkoro ben malem jumat tahlilan Wiji wes ngerti. Sing ora dingerteni kok bojone atek nakokno sarung barang. Biasane yo sing digawe sak onone, ora ngurus resik opo ora. Ono e Wiji sing bengok-bengok lek bojone nyandak sarung sing reged.

“Ndog e sik onok?”

“Onok. Gelem?”

“Ngko ae.”

“Balik kerjo sik ya,” pamite Diman karo monyongno lambene.

Wiji mung iso gedheg-gedheg. Aneh. Bojone ketok aneh dino iki. Karo korah-korah wong wedok iku mikir.

“Ojo-ojo nduwe pacar maneh?” batine Wiji.

Ora. Iso ae. Mosok wani? Kok tego? Salahku opo?

Mikirno tingkage bojone Wiji malah ngelu dhewe. Bojone wes mari dheweke seneng. Tapi lek trus genit ngunu iku opo sebabe. Wiji nyawang awake dhewe. Ora ono sing berubah. Wong wedok iku moro-moro mangkel dhewe. Dheweke wes ngalahi ora dodolan nang pasar dingge bojone, lek sampek Diman malah nduwe pacar maneh mbuh kate diapakno.

Wiji ndekekno piring sing lagek dikorahi. Ora mungkin pikire. Duwit endi maneh sing iso dingge mbandani lek misale wani nduwe pacar.

Ojo-ojo…”

Wiji langsung istighfar. Wong wedok iku kepikiran elek. Mikir opo bojone wes wayahe, wayahe mbalik nang sing kuoso. Wong sing kate ora ono kae biasane tingkahe malih aneh. Malih apik. Malih manis.

Pak…”

Rasane kudu nangis ning diempet. Kabeh mung nang pikirane. Wiji ndang marekno korahane trus raup. Ora mung raup, Wiji akhire adus kramas. Nguwak pikiran elek karo cek seger. Mari ngramut bojone sing lara wingi, mari masalahe warung wingi, Wiji durung sempat ngurus awake. Meh sak jam wong wedok iku ndekem nang jeding. Untung anake melu mbah e, aman ora ono sing ngganggu.

Sore Diman sing biasane males-malesan adus lek ora dibengoki bojone iku yo langsung adus. Sarung ijo sing mau ditakokno nang bojone yo wes digawe. Ora lali kupluke.

“Iki lek atek jas ngunu koyok jaman ijaban biyen yo, Mak?”

Wiji nyawang bojone. Nduwurane koko putih, kopyahan ireng, sarung ijo kotak-kotak. Raine bojone ketok resik, seger. Ambu sabun mari adus yo wangi. Wiji akhire mung manthuk.

“He…he…he…ayo rabi neh.”

“Pak!”

Ora kuat ngrasakno pikirane dhewe Wiji akhire nubruk bojone karo nangis.

“Lah, lapo iki? Ngko ae ah, kate tahlilan iki.”

“Sampeyan opo’o? Ojo ninggal aku sik, Pak, anakmu sik cilik…” Wiji nangis karo ngrangkul bojone.

“Heh, omong opo awakmu iki, Mak? Sopo sing kate ninggal awakmu?”

Wiji sik sesengukan. Diman nyekel pundake bojone karo-karone.

“Sampeyan sedino iki aneh, aku wedi lek iku…” Wiji ora nerusno omongane, luh e sik ndredes nang pipi.

“Walah, aneh opo tho yo?”

Diman gedheg-gedheg.

“Sik, awakmu mikir aku kate gak onok ngunu ta?”

Wiji manthuk alon.

“Gusti! Aku ki lagi seneng, Mak. Awakku wes enak, seger maneh. Duh, aku yo gurung pingin mati. Ojo, kene lho gurung nambah anak.”

Wiji ngelapi luh e. Diman sing mau seneng, ngerti pikirane bojone malih melu mengkirik. Ning ora suwi, wong lanang iku langsung mesem maneh.

“Aku ki kate ngajak awakmu rapat he…he…he…”

“Rapat opo?” takone Wiji bingung.

“He…he…rapat rutin tho, koyok biasane. Eh gak koyok biasane sih, luwih sip ngko.”

Wiji sik ora dong omongane bojone. Ning nyawang bojone sing ngguya-ngguyu, Wiji malih tenang.

“Atu melu lapat, Pak!”

Tomin sing kaet mulih langsung mbengok.

“Woo, rapate wong gede, arek cilik gak oleh melu.”

“Melu!”

Krungu omongane bojone, Wiji rodok dong.

“Atu melu lapat!”

“Iyo, melu. Ayo maem sik,” omonge Wiji nang anake.

“Loh, ojo. Ngrusuhi iku ngko. Gak butuh saksi kene, wong loro ae.”

“Melu!”

Tomin mbengok maneh krungu omongane bapake nang emake.

“Iyo.”

Wiji nyawang bojone. Diman sing mau ora dong akhire kukur-kukur gundul.

“Ho oh, melu,” omonge cengengesan.

Wiji nggendong anake, kate didulang.

“Ojo turu sik ya,” bisike Diman nang kupinge bojone.

Wiji mesem, raine abang kabeh.

“Tapi iki diturokno sik he…he,” omonge Diman maneh karo ngelus-elus gundule anake.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s