Nggregesi


l_josephinel_berdandan
Berdandan karya Josephine Linggar pinterest.com

Pirang-pirang dino ora iso turu jenak, akhire Diman tepar. Lek biasane isuk-isuk wes tangi, isuk iki Diman sik mlungker nang njero sarung. Wiji, sing nyadar ora ketok bojone kaet tangi nggoleki. Mburi omah, ngarep omah, diinguki.

“Wooo tak goleki tibake sik mblungker. Pak, wes awan iki. Gak kerjo ta?”

Ora nyauri, Diman meneng ae masio yo krungu.

“Pak,” balene Wiji.

“Opo?” saure Diman soko njero sarung.

“Wes awan. Gak kerjo ta?”

“Gak.”

Ora biasane bojone polah koyok ngunu, Wiji sing mau mung mbengoki soko lawang kamar trus mlebu. Sarunge bojone digeret.

“Adem,” omonge Diman karo ngeret maneh sarunge, nutupi gundule.

“Lara ta sampeyan? Panas ngene kok adem.”

Diman meneng.

Wiji nggeret sarunge bojone maneh, tangane ndemok bathuke bojone. Anget.

“Sampeyan panas, Pak. Nang dokter ta?”

“Emoh.”

“Mecicil ngene sampeyan.”

“Kerokono.”

“Iyo lek masuk angin, lek lara liyane yok opo. Tak celukno mantri ya?”

“Emoh.”

Diman sik ae ora gelem. Wong lanang iku gemeteran. Awake panas ning krosone adem. Ora mekso bojone, Wiji langsung budal nang pawon. Wong wedok iku ngodok banyu. Ora sampek setengah jam wong wedok iku mbalik nang kamar maneh karo nggowo banyu nang baskom. Mbalik nang pawon, wong wedok iku njupuk wedang jahe.

“Pak, iki dilapi dhisik. Salin klambine.”

“Gak usah.”

“Lah, lek reged ngunu awakmu ngko selot gak enak. Kene,” omonge Wiji karo nggeret sarunge bojone.

Pisan iki Diman meneng ae. Dijarno bojone njupuk sarunge.

“Kene tak lapi sik. Ngko gek turuo maneh. Teles kabeh iki klambimu.”

Mari ngelapi bojone atek banyu anget, Wiji ngewangi bojone ganti kaos.

“Sarungan thok ae.”

“Kathoke?”

“Gak usah, ngene ae.”

Wiji nyandak gelas nang nduwur mejo.

“Iki diombe sik, Pak. Cek enak awake.”

Mari nyruput wedang gaweane bojone, Diman ngletak maneh.

“Gak nang pasar?”

“Gak.”

“Lapo?”

Ora nyauri bojone, Wiji malah ambekan dowo. Wong wedok iku ngerti bojone kepikiran sakjoke dheweke nduwe warung. Wiji dhewe males. Ora mergo Mbah Darmo. Mbah Darmo wes tuwek, ora medeni. Wong tuwek iku yo ora tau aneh-aneh. Ono wong pasar sing diwedeni Wiji, ning wong wedok iku ora crito bojone.

“Sampeyan lara ngene kok,” saure mbujuk.

“Masak gak?”

“Pingin opo?”

“Lambeku pait.”

“Yo sik, tak masakno. Sego goreng gelem?”

“Ho oh.”

“Dipedesi yo? Cek seger ngko.”

“Emoh.”

Wiji ngadeg. Wong wedok iku mbalik nang pawon. Kaet isuk yo wes masak, masak sego karo nggoreng pithik dingge anake. Ndilalah yo durung njangan.

“Pak’e lolo?”

“Iyo. Kene,” omonge Diman sing glebakan nang kasur.

“Emoh. Nanas.”

Mari mangan, Diman ora turu. Wong lanang sik jarang sambat iku ora iso turu. Ora biasa turu padang ngene, masio awak lagi ora enak. Anake, Tomin, sing mari didusi bojone sik udo, ngadeg nang nduwur kasur.

“Segere, enak adem,” omonge Diman karo nyekeli tangane anake, kate dirangkul.

Tomin sing ngrasakno tangane bapake anget ora gelem. Arek lanang cilik iku kroncalan karo mbengok-mbengok.

“Wes ah, ojo usrek kae. Iki kathoke digawe,” omonge Wiji nang anake.

“Atu nang Mbah.”

“Iyo, klamben sik.”

Wes ganteng, wes wareg, Tomin mlayu nang omahe Mbahe sing ora adoh soko omahe.

“Kate lapo, Mak?”

“Umbah-umbah.”

“Gak usah umbah-umbah. Kene ae.”

“Lha sopo sing umbah-umbah ngko. Akeh kae.”

“Mene ae, tak ewangi.”

Wiji nyebek. Mosok kate ngewangi pikire. Ning wong wedok iku ora nyuwara.

“Mak…”

“Iyo. Sik tak adus.”

Pas Wiji mbalik mari adus, bojone wes pules lek turu. Wong wedok iku nyawang bojone sediluk trus mbalik nang mburi maneh. Nerusno lek umbah-umbah.

“Maem?”

“Ho oh”

Awan Diman sing mau pules nglilir. Raine keringetan. Wiji ndemok bathuke bojone.

“Wes rodok adem, Pak.”

“Ho oh. Rokokku ndi?”

“Halah. Awak gak penak kok malah nggoleki rokok. Mandeg sik.”

“Pait lambene.”

“Tak gawekno ombean sik. Gelem sop, Pak?”

“Sembarang.”

Ora nganti limolas menit Wiji wes mbalik maneh. Saiki Wiji nggowo nampam isi Sop karo wedang jeruk.

“Dientekno.”

Diman manthuk.

“Warunge tutup ae, Pak.”

Diman sing lagek nyendoki panganane langsung nyawang bojone sing lungguh nang pinggir kasur.

“Lapo?”

“Gak popo. Cek iso ngurus sampeyan karo Tomin. Kumbahan yo gak numpuk.”

Diman nyawang bojone, ning wong wedok iku epok-epok ora ngerti. Wiji mbenakno bantal karo selimut, ditoto.

“Gak pingin kerjo?”

“Ben dino yo wes kerjo.”

Diman marekno lek mangan. Lambene sing pait wes ora diroso maneh. Sop gaweane bojone entek. Jeruk anget sak gelas yo langsung diglonggong.

“Kene,” omonge nang bojone karo mesem.

Wiji neleh piring gelas nang nduwur mejo trus melu gletakan.

“Lek dodolan kan yahmene gak iso turu,” omonge nang bojone.

“Ho oh,” saure Diman karo mbenakno sarunge.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s