Puber


1355823960
Lukisan Djoko Pekik : archieve.ivaa-online.org

Wong-wong sik podo rame ngguyu pas Diman mlebu warung. Wong lanang sik lagek leren soko kerjoane iku kate mangan. Ndelok Diman nang warung, wong-wong lanang sing mau jegagakan langsung meneng kabeh.

“Ngguyu opo, nganti koyok ngunu?” takone pingin ngerti.

“Iku, Mbah Darmo…”

“Heh, lapo kok aku?” Mbah Darmo sing kaget bojone Wiji teko gedandapan.

Jam rolasan, Diman mesti moro nang warung Ning jenenge wong lagi guyon, kadang lali. Ngerti bojone wes teko, Wiji sing mau korah-korah nang mburi langsung moro. Wong wedok iku nyandak piring, nyepaki panganan dingge bojone.

“Gak, iku lho, Cak. Mbah Darmo lali umure. Lha mosok umure dhewe ditakokno kene, lak aneh hehehe.”

Wagino, bakul tempe, langganan warunge Wiji langsung nyauri.

“Yo lek wong biyen biasane kan ditenggeri. Bareng gunung mbledos…”

“Nah iku, Cak. Bener. Wong biyen sing umure mung iso ditandingi gunung hahaha…”

Ora mung Wagino, wong-wong nang njero warung langsung melu ngguyu kabeh. Mbah Darmo sing ora wani nyauri mung misuh-misuh nang njero ati. Ning dudu Diman lek gampang percoyo. Sak durunge mlebu warung, wong lanang iku sempat krungu omongane wong-wong iku mau. Ora pingin ribut, masio telihe kroso ora penak, Diman milih mangan.

“Anake ndi?”

“Nontok wedhus iku mau.”

“Digoleki, wayahe mangan.”

“Ho oh, ngenteni sampeyan iki mau.”

Wiji sing mau lungguh nyanding bojone langsung ngadeg, nggoleki anake. Mbah Darmo sing sik durung ngalih soko warung mung nglirik. Lek didelok rupane, sing jenenge Mbah Darmo ancen bagus. Bapake Mbah Darmo biyen lurah, itungane ningrat. Mbah Darmo sing anak tunggal biasa dimanja. Kaet enom ora patio seneng kerjo, polahe nang omah opo-opo ono. Lek jare wong kampung, Mbah Darmo biyen nakal. Pacare akeh. Ning mari rabi karo bojone nganti akhire nduwe anak papat, Mbah Darmo wes ora koyok jaman nom-noman biyen.

Pisan pindo ancen sik krungu kabar ora enak. Ning dianggep biasa, wong lanang. Mbah Darmo mesti macak perlente. Ora koyok wong-wong pasar umume. Kebone akeh. Masio ora iso diomong sik akeh bondone, ning ora tau kekurangan. Bojone dhewe yo soko keluarga sugih. Anake sing pertama umure ora adoh soko Diman, lanang lan wes nduwe keluarga.

“Tumben sik melek, Pak?”

“Iyo.”

“Gek turu, mene ngantuk lek kerjo.”

“Ho oh.”

Masio wes nyauri ho oh, Diman ora iso merem. Pikirane wong lanang iku lagi tekan ndi-ndi. Opo sing dirungokno mau isuk nang warunge bojone nggarai wong lanang iku ora iso turu. Bedo karo bojone sing sik ombo matane, Wiji sing kekeselen langsung merem. Diman dudu ora percoyo karo bojone, ning wong lanang iku ora trimo. Ora trimo karo keadaane, ora trimo karo wong-wong lanang nang warunge bojone.

Mbah Darmo masio tuwo ning sugih. Rupane yo ora elek, perlente. Bakul-bakul liyane ora sugih, ning sik enom, sak pantaran karo dheweke. Diman ora elek, yo sik enom, kudune ora perlu kuatir. Ning wong lanang iku pancet ae kepikiran. Disawang bojo karo anake sing wes pules.

“Aku ki lak yo gurung tuwek nemen tho, dek.”

Wiji ora nyauri.

“Ojo wedi, aku mung pingin ngobrol thok. Sumpah.”

“Aku wes nduwe bojo, Pak.”

“Iyo, ngerti. Ngobrol ki opo salahe?”

Wiji ambekan dowo. Wong tuwo sing lungguh nang ngarepe sik ae ngeyel. Masio lungguhe karo ngadeg e Wiji nglewati mejo, ning rasane pancet ora enak. Opo maneh warung lagi sepi, ora ono wong liya.

“Aku jujur ae, ancen seneng awakmu. Gurung tau aku ngroso koyok ngene.”

Opo sing diwedeni Wiji kedadean. Mbah Darmo wes ora nutupi maneh perasaane.

“Podo wes nduwe anak bojone, tapi ngene ki lak yo gak salah sih. Wong nyawang thok ae aku wes seneng.”

Wiji meneng ae. Wong wedok iku terus umek karo garapane. Rumangso ora digatekno, Mbah Darmo ngrayah tangane Wiji sing lagi noto dagangan.

“Pak!” bengoke Wiji kaget karo ngipatno tangane sing dicekel Mbah Darmo.

“Gak, ojo mbengok. Tulung rungokno ae. Gak, aku gak kate lapo-lapo.”

Jantunge Wiji dredegan. Keringate metu, mbanjiri raine. Ora mandeg, Mbah Darmo malah kesenengen nyawang Wiji sing keweden.

“Opo salah wong lanang seneng karo wong wedok?”

“Salah. Njenengan wes nduwe anak bojo, aku iyo.”

“He…he…he, iyo bener. Ning aku gak maksud ngrusak rumah tanggamu, utowo rumah tanggaku dhewe. Ngene iki lak pinter-pintere kene…”

Karo ngomong Mbah Darmo ngadeg. Wiji sing ngroso selot ora penak atine bingung golek barang sing iso dicekel.

“Aku seneng wong wedok koyok awakmu ngene. Sregep, yo seger…”

“Hmmm…”

Mbah Darmo sing cengengesan, Wiji sing lagek keweden langsung kaget krungu suworo wong lanang dehem. Diman, bojone, teko. Wong lanang iku meneng njegegeg nang ngarep lawang warung. Matane abang. Dadane munggah mudun, ngempet emosi. Wiji langsung mlayoni bojone.

“Ojo salah paham, Nak, aku…”

“Sampeyan lungo saiki opo…”

“Iyo…iyo. Sabar, Nak, ojo salah paham.”

Ora pingin kedadean sing ora-ora, Mbah Darmo langsung nyandak kunci montore, metu soko warung.

“Diapakno awakmu mau?” takone Diman nang bojone.

“Gak diapak-apakno, Pak.”

“Gurung,” omonge Diman karo emosi.

“Ngombe, Pak.”

Diman ora nyauri, wong lanang iku sik ngatur emosine. Raine abang ireng.

“Kok gak ndang macak?”

“Ngene ae.”

“Gak adus gak popo tapi mosok dasteran koyok ngunu. Sing nggenah ae,” Diman ngomong rodok banter.

“Lha yok opo? Kudu kebayaan ta, atek sanggul?”

Isuk biasane Wiji wes siap, dino iki malah sik macak ngombel.

“Salin kono. Ndi gawanane?” Diman sik ae ngomong banter.

“Kate umbah-umbah malah kon salin, eman klambine. Ngko ae mari adus.”

Krungu saurane bojone Diman malih bingung. Wong lanang sing mau kudu ngamuk iku langsung meneng.

“Gak nang pasar?” takone alon.

“Gak.”

“Lapo?”

“Pingin umbah-umbah,” omonge Wiji karo ngalih nang mburi.

Diman sing bingung sik tela-telo nang nggone lek ngadeg. Ora marani bojone, ora nakokno opo’o, wong lanang iku akhire budal kerjo. Nang sumur Wiji nyandaki kumbahane. Sewengi bojone mbengok-mbengok pas turu. Wong lanang iku ngipi.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s