Punel


d9eb4e88bd5d6e9ba8809a0fdec4b4bf
Dancing Indonesia Girls karya Basoeki Abdullah

Biyen jaman mari lairan anak lanange, Tomin, Wiji sing ora kerjo mulai mikir. Kerjoane bojone hasile ora mesti. Kadang ono kerjoan, kadang yo ora. Masio ancen wes sepakat lek salah siji ae sing kerjo cek iso ngurus omah karo anak, ning pikiran pingin ngewangi bojone kadang lewat. Ndelok anake sing sik abang, Wiji ora tego lek nyambi. Pikirane ora diomongno nang bojone, mung dibatin.

Saiki pikiran pingin kerjo mbalik maneh nang Wiji. Ndilalah winginane Wiji mari ditawani lapak nang pasar karo tanggane. Tomin masio sik durung mbeneh, durung sekolah, ning wes iso disambi. Ora perkoro cukup ora cukup. Jenenge wong urip bondo sepiro ae iso ora cukup. Tomin bakale gede, iso ae ngko nduwe adik. Kebutuhan selot akeh. Opo sing saiki dicukup-cukupno, mene-mene ora ono sing ngerti.

“Pak, kopine.”

Sore wayahe bojone leren, mulih kerjo, Wiji nyedeki Diman.

“Yo.”

“Pak, wingi aku ditawani warung.”

Diman ora nyauri, wong lanang iku meneng ae ngrungokno.

“Nang pasar onok warung nganggur, sing bakulan kaet mati. Aku ditawani Yu Mi, lek gelem kon nggawe ae.”

Wiji sing ancen seneng masak, oleh tawaran mbuka warung nang pasar ngroso lek mungkin iki dalane. Mesisan iso ngewangi bojone.

“Sewane ora larang, Pak. Wong warunge cilik kok. Jare eman lek gak digawe malah rusak. Anake sing nduwe gak onok sing gelem nerusno.”

“Kate dodolan opo?” Diman akhire nyuoro.

“Kopi, teh, mie, gorengan. Panganan ngunu iku lah, Pak. Iku kan warunge cedek pasar sapi, sing mburi kae lho.”

Modal ora perlu akeh. Wiji ditawani sak isine, oleh dicicil. Diman dhewe yo percoyo lek mung dodolan nang warung ae bojone mesti iso. Masakane enak, resikan, ning wong lanang iku durung sreg atine.

“Tomin sik cilik, Pak, tapi yo wes pinter. Isuk sampeyan gurung kerjo kene budal bareng, ngko tinggalen. Awan lek sampeyan wayahe maem, moro nang warung, maem sisan nunggoni.”

“Yakin iso?”

“Iso.”

Masio ora yakin, Diman ora akeh komentar. Wong lanang iku ora tego lek ngomong ora, ndelok bojone sing ketok semangat. Ora sampek atine ngomong ora oleh nang bojone. Ora ono salahe dijajal dhisik. Pasar ora adoh soko nggone kerjo. Lek ono nggon longgar, dheweke yo iso ae pindah gawean nang warung.

“Yo gpp,” omonge.

Wiji seneng krungu saurane bojone. Saking senenge wong wedok iku langsung ngadeg, njawil janggute bojone trus lungo, marani tanggane sing nawani warung. Diman nyawang gegere bojone. Tangane ngelus-elus janggute. Wong lanang iku mesem tipis.

“Kopi siji, wong ayu.”

Wes telung dino Wiji mbuka warung nang njero pasar. Warung sing wes ancen nduwe langganan wong-wong pasar, sing moro ono ae. Opo maneh saiki sing dodol enom.

“Mbak, aku mie goreng. Ndog e loro ya.”

“Yo mesti loro, lek siji lak jonjing.”

Omongane wong tuku nang warung sing akeh-akeh wong lanang mesti ora adoh soko sing saru-saru. Wiji ora kaget polahe biyen yo wes biasa kerjo nang pabrik.

“Anakmu ndi, Mbak?”

“Lah, wong sik enom ngene mosok wes nduwe anak?”

“Lah, yok opo sampeyan iki, Mbah. Wes nduwe buntut mbak e iki.”

Nang warung ono wong papat, lanang kabeh. Siji bakul gedang sing lagi golek sarapan. Loro maneh blantik sapi karo asistene sing sik enom. Sing siji terakhir mbah-mbah umur seketan luwih.

“Welah, tak pikir sik gadis e. Sik kinyis-kinyis ngene.”

“Wooo, diobeng bojone sampeyan ngko. Iki bojone Cak Diman.”

Wong lanang telu ngguyu bareng. Wiji mung mesem krungu omongane tamu warunge iku. Anake sing mau nang njero warung mbuh mlayu nang ndi. Mau sak klebat ndelok anake nang sandinge wedhus-wedhus.

Opo sing dipikirno Diman bener. Bojone sing pinter masak, resikan, akeh disenengi. Warunge bojone masio ora terus rame ning ono ae wong moro. Mbuh mangan, mbuh mung ngopi. Diman sing kepikiran kate mindah perkakas kerjoane durung nemu nggon. Warung bojone sempit. Ngarep utowo sebelah padet.

“Pak, digoleki Emak.”

“Digoleki lapo? Lagi ngopi iki.”

Mbah Darmo, salah siji wong pasar sing kesengsem karo warunge Wiji. Ben dino wong lanang iku mesti mampir.

“Yo kon mulih. Segone wes dicepakno.”

Arek wedok umur pitulasan, anake Mbah Darmo, awan-awan moro nang warung. Arek wedok iku dikongkon emake nggoleki bapake.

“Yo ngko, mari ngene. Mulih kono. Lapo arek wedok kluyuran ndok pasar yahmene.”

Wiji sing lagek gawe kopi nyawang arek wedok iku. Arek wedok sing ketoke mari mulih sekolah iku mecucu.

“Mulih, ganti klambi, ngko bapake nyusul. Bapake lagi kedanan bojone uwong hahaha…”

Salah siji wong lanang nang njero warung sing mau lagek rokokan nyaut. Ora pisan pindo sing jenenge Mbah Darmo nggudani Wiji. Ning mergo mesti ono wong liyo wong tuwo iku ora tahu aneh-aneh. Ora mung Mbah Darmo, wong lanang sing biasa nang warunge Wiji kadang celelekan. Masio ngerti lek Wiji wes nduwe bojo, ning nggudo ngunu iku biasa kanggene wong-wong iku.

Wiji dhewe wes paham, iso njogo awake. Masio ora tahu crito nang bojone, ning wong wedok iku ben dino ngomong nang bojone lek njaluk diewangi. Isuk mesti budal bareng mbuka warung. Awan jam rolasan Diman yo mesti moro. Jam 2 Wiji biasa wes nutup warung.

“Kok iso punel ngunu ya?”

“Apane Mbah?”

“Iku,” omonge Mbah Darmo karo nunjuk atek matane nang Wiji sing lagek korah-korah.

“Akeh olahraga iku, Mbah. Jelas bedo karo sing nang omahe sampeyan hahaha…”

“Iyo, kae ngertine mung olahraga lambe. Njaluki duit karo ngomel.”

Mbah Darmo nyruput kopine.

“Eling, Mbah, wes nduwe anak bojo.”

“Iyo, ning lek areke gelem karo aku mosok aku nolak he…he…he.”

“Welah, wes kedanan temenan sampeyan iki. Lha mosok sik kuat?”

“Kuat lah, aku sregep njamu.”

Wong lanang sak warung langsung ngguyu banter krungu omongane Mbah Darmo. Salah siji wong lanang sing nang sandinge Mbah Darmo nyedek.

“Gak mung sampeyan, aku yo gelem. Tapi mbak e gak gelem karo aku,” omonge lirih karo mesem.

“Wes njajal?”

“Uwes lah hahahaha.”

“Yo bedo. Be’e golek sing luwih pengalaman.”

“Sing luwih pengalaman opo sing luwih cepet ketemu sing kuoso? Hahaha.”

“Wooo, dengkulmu mlocot!”

Mbah Darmo dadi guyon wong sak warung. Wiji sing asline krungu nerusno lek korah-korah diluk maneh bojone teko. Wong wedok iku milih ora nyedek tamu-tamu warunge.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s