Manja


gadis-karya-bung-karno
Lukisan “Gadis” karya Bung Karno rosodaras.wordpress.com

“Mas jupukno anduk.”

Wiji sing lagek adus nang njero jeding, lali ora nggowo anduk. Wong wedok iku njaluk tulung bojone njupukno.

“Gak usah andukan, ngunu ae.”

“Halah, isin yo. Ndang ta lah.”

“Piro?”

“Siji ae.”

“Yoh.”

Diman sing lagek ngopi nang pawon budal njupuk anduk nang sampiran, mburi omah.

“Nyoh,” omonge Diman karo ngelungno kain soko tangane.

“Kok kutang sih. Anduk,” Wiji ngrengik maneh soko njero jeding.

“Lah, mosok sih. Yo wes iku ae digawe, podo ae.”

“Podo yok opo, teles kabeh ngko malahan. Sing temenan ta lah.”

Masio gemes karo bojone, ning suwarane Wiji pancet kalem. Suwarane diseret-seret, koyok arek cilik sing njaluk jajan nang wong tuwane.

“Oalah. Yoh, sik.”

Masio lagek ngenakno ngopi karo rokokan, Diman mbalik maneh nang mburi. Pisan iki wong lanang iku ndelok sing temenan, ora koyok mau sing sukur nyaut soko jemuran.

“Aku melu adus sisan,” omonge Diman karo kate mlebu jeding.

“Ojo, ngko ae,” saure Wiji soko njero.

“Saiki ae, mumpung pingin adus.”

“Emoh. Ngko ae, gak cukup jedinge.”

“Cukup cukup. Ya?”

“Emoh…”

Ora pingin bojone melu mlebu, Wiji ndang nggeret anduk soko tangane bojone trus nutup lawang.

“Ngunu ae isin, koyok rung tau ae he..he..he.”

Diman sing ora sido mlebu akhire mung cengengesan. Mari klamben, Wiji langsung metu.

“Segere, rek. Bojone sopo sih?” gudo Diman.

“Bojone uwong.”

“Mosok?” takone Diman karo njawil pipine bojone.

Wiji mung mlerok karo rodok mecucu. Ning asine nang njero atine kudu ngguyu. Wong wedok iku langsung mlebu kamar, mbenakno lek dandan. Diman mlebu nang jeding, adus.

“Mas, boyokku lara.”

Bengi-bengi kate merem, Wiji sambat nang bojone.

“Lha mari ngusungi opo?”

“Gak usung-usung kok, mbuh kok lara. Koyok kate pedot rasane.”

“Kate wayahe paling.”

“Ho oh paling,” omonge Wiji karo mesem. “Pijeti, Mas,” omonge maneh nang bojone.

“Lambene?”

“Boyoke no, mosok lambene.”

“Ojo, ngko lek salah malah tambah nemen. Kene tak pijeti lambene ae, cek gak mangan ae.”

Wiji mecucu. Diman mesam-mesem.

“Ambung ya?”

“Emoh.”

“Sithik ae.”

“Males.”

“Halah, wes adus iki lho. Wangi aku,” omonge Diman karo mamerno keleke.

Wiji nutupi irunge, ning lambene mesem.

“Aku ayu gak?”

Ora nyauri bojone, Diman malah mesam-mesem.

“Gak sih, biasane ae.”

Krungu saurane bojone, Wiji langsung mecucu, maneh.

“Tapi nggemesno.”

Diman sik terus mesam-mesem.

“Ibarat jajan pasar, awakmu iku Ote-ote. Ombo, tapi padet.”

“Gak manis la’an. Coklat yoan,” protese Wiji.

“Loh ancen gak manis, tapi gurih.”

“Emoh gurih.”

“Hmmm, yo wes ganti. Umpomo sayur ngunu, awakmu iku terong.”

“Lha lapo kok terong, mbleguk ngunu bentukane,” Wiji protes maneh.

“Lah tapi kan antep iku, trus enak sisan. Opo maneh disambel kae, jos.”

“Mbok sing rodok apik.”

Diman ngadep bojone sing turu nang sandinge.

“Ngene lho. Gak penting manis opo gak, ayu opo gak. Antep iku luwih penting…”

“Lha antep-antep dingge opo, dingge ganjel lawang?”

“Lah, iku yo penting. Wong wedok lek gak antep gak enak dingge senden.”

“Senden, padakno tembok ae dingge senden.”

Diman ngguya-ngguyu krungu omongane bojone.

“Ambung he…he…he…”

“Emoh.”

“Sithik ae.”

“Emoh.”

“Sithik thok…”

“Emoh…..”

Selot diguda, Wiji selot ngrengik. Ning ora nggarai bojone mangkel, suwalike malah nggarai Diman gemes karo bojone. Lambene wong lanang iku maju-maju. Wiji nyurung-nyurung lambene bojone sing monyong-monyong.

“Emoh kok…”

“Ambung….”

Bukk!

“Aduh!”

Diman sing lagek turu moro-moro mbengok. Wong lanang iku nyekeli lambene. Masio ngantuk, mergo kelaran Diman akhire tangi. Wong lanang iku nyingkirno sikile Tomin sing kaet nyaduk lambene. Arek lanang cilik iku lek turu koyok emake, usrek ae.

“Gusti, turu ae gak iso anteng. Tiwas enak mung ngipi,” omonge karo ngelus-elus lambene sing lara.

Nang sandinge anake, Wiji sik ngenakno turu. Tomin sing mari mancal lambene bapake usrek nggoleki susu langsung ngrengik, nggarai Wiji tangi.

“Pak, jupukno susune,” omonge Wiji karo merem.

“Nggih, ndoro putri,” omonge Diman karo nggrayahi botol susune anake nang nduwur mejo.

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s