Bengkak


sudarso-sit-bamboo-big
Sitting on a Bamboo Chair by Sudarso 

http://sudarso.com/sitting-on-a-bamboo-chair/

Lek ndelok bojone mecucu utowo ngomel Diman wes biasa. Ning ndelok bojone mecucu meh sedinoan lan ora ketok ndemok sego, iku kaet aneh. Dudu poso, Diman mau isuk sempat ndelok Wiji nyruput banyu putih sak gelas. Awan mau bojone iku yo ketok lungguh nang mejo makan. Ketoke yo mamah, masio Diman ora ndelok ono segone.

“Pak, anake dulangen.”

“He?”

“Anake dulangen. Iku wes tak dusi areke.”

Ora kakean omong mergo ndelok bojone sing rupane ora apik kaet isuk, Diman langsung nyandak piring karo marani anake sing lagek dolanan nang ngarep omah karo kancane.

Lek mung sedino, polahe Wiji sing koyok ngunu, Diman maklum. Paling-paling kesambet tuyul nang njero dompet . Ning wes rong dino Wiji koyok ngunu. Rupane elek, polahe mecucu terus. Lek biasane mecucune nggarai gemes mergo lucu, iki mecucune bedo. Mecucune lemes, koyok wong lara.

“Wes maem?” takone Diman nang bojone.

“Wes.”

“Iku mau enak sambel trasine. Tumben dikei jeruk barang.”

“Ho oh, cek seger.”

“Tapi kok sik akeh?”

Wiji meneng. Isuk mau wong wedok iku nyambel trasi dikei jeruk purut. Biasane ora ngganti sore mesti wes entek sego sak sambele. Dino iki sampek bengi sik separo luwih. Diman dudu ora seneng, seneng malah. Ning wong lanag iku ora patio seneng pedes. Sambel mung dingge colekan ae, abang-abang lambe.

“Onok opo?”

Bengi wayahe turu Diman sing wes gatel ndelok polahe bojone sing aneh akhire takon. Ora mung mecucu lan ora mangan sego, bengi Wiji yo ora ndang turu, klesikan.

“Gak popo.”

“Lek onok opo-opo ki ngomong. Lek mbok batin aku yo gak ngerti.”

“Lha ancen gak onok opo-opo kok.”

Telung dino, Wiji sik ora bedo koyok wingi. Diman sing ora seneng bojone aneh, masio asline rodo ndredeg, diwanek-wanekno takon maneh.

“Pingin daster?”

“Gak.”

“Kutang anyar?”

“Gak.”

“Lha pingine opo?”

“Gak pingin opo-opo.”

Diman ambekan dowo. Dieling-eling sak durunge bojone koyok ngene dheweke ora rumongso gawe salah. Duit masio ora nambah yo ora kurang lek ngewei. Podo koyok biasane. Jatah bengi? Diman mesem. Opo mergo kurang jatah iku? Diman takon nang awake dewe. Ning wong lanang iku gedheg dewe. Lek bab iku bojone ora tahu angel, dheweke meneng ae lek pingin yo njaluk dewe. Lha trus opo?

“Usrek ae gatelen ta?”

“Gak.”

“Kademen?”

“Adem opo, panas ngene kok.”

“Lha kok gak ndang merem ki lapo? Iku anakmu wes merem, lek awakmu usrek ae ngko tangi areke. Iki yo melu tangi sisan hehehe…”

Krungu omongane bojone, Wiji langsung mecucu. Wong wedok iku mbenakno bantale. Sepuluh menit, limolas menit, pancet ae ora iso merem. Diman sing mau wes meneng, wes sempat ngipi sak lapan. Ning mergo bojone sing awake rodok gedi iku obah, dheweke malih nglilir.

“Obah maneh tak jupukno tambang lho. Lapo awakmu iku? Dikeloni gak gelem, usrek ae. Goyang kabeh iki kasure.”

“Gak iso turu,” saure Wiji.

“Lha lapo? Gak enak awake? Onok masalah opo?”

“Gak onok.”

“Lha trus?”

“Ketoke luwe.”

Krungu saurane bojone rasane Diman pingin langsung koprol. Jenenge Wiji bab mangan ora perlu dikandani, budal dewe. Sambat luwe ngene iki meh ora tahu kedadean. Sambat luwe lan meneng ae, ora ndang mangan.

“Lha opo mau gak mangan?”

‘”Yo mangan.”

“Kurang akeh?”

Wiji sing saiki ngedep bojone langsung mecucu.

“Diet?” takone Diman.

Wiji manthuk.

“Oalah, Gusti. Pantes ae kaet wingi mecucu gak mari-mari. Lha lapo sih atek diet barang. Wong yo wes tau, wes ngerti lek gak onok gunane…”

“Klambiku lho metetet kabeh, Pak.”

“Metetet yo gak usah digawe, tuku maneh.”

“Emoh. Aku wingi nimbang, meh sewidak. Wingi aku diwarah bengkak…”

“Sopo sing omong?”

“Wingi pas ndok pasar, ketemu Susi kancaku biyen. Jare saiki kok ‘bengkak’…”

“Yo wes nduwe anak, wajar. Kono gek mangan, pantes ae usrek .”

“Emoh. Gak oleh mangan bengi.”

“Lha trus lek ngko mecicil terus yok opo? Kate koyok ngunu sampek isuk?”

“Gak. Tak ngombe ae.”

“Wooo…lara mbuh ngko.”

Diman ora kaget saiki. Pantes ae polahe bojone aneh. Wong biasane sat set lek mangan kok atek diet, jelas gesrek, sak uteke.

“Jupukno mik, Pak.”

“Heh?”

“Aku lemes, males njupuk banyu.”

Kuro, batine Diman. Sing diet sopo, sing repot sopo. Ngantuk ning wong lanang iku akhire tangi, mlaku nang pawon njupuk banyu dingge bojone.

“Pak, lek mangan biasa ae.”

Isuk pas sarapan, Wiji sing ngancani bojo karo anake protes.

“Biasa yok opo? Iki lak biasa?” omonge Diman karo nyendok sego.

“Yo ojo didudohno ngunu.”

Diman menteleng. Bojone selot ajaib. Wong lagi nang mejo makan, mangan bareng kok jare ora oleh didudohno. Diman nglirik piringe bojone, isine godhongan thok karo endog goreng.

“Ngko bengi lek gak iso turu maneh mbuh,” omonge.

“Gak. Ngko suwi-suwi yo biasa.”

“Mbok uwes, gak usah diterusno.”

“Emoh, wes oleh patang dino kok.”

Diman nyandak gelas trus nyruput kopine.

“Tak kandani yo. Awakmu iku gak lemu, gak bengkak. Awakmu iku semok, montok.”

“Gak.”

“Lah? Sing nyawang sopo?”

“Sing ngrasakno sopo?” Wiji ganti takon.

Diman gedheg-gedheg. Anake, Tomin, sik ngenakno ngentekno pithik goreng.

“Pingin koyok jaman sik perawan?”

Wiji manthuk.

“Iso, aku yakin awakmu iso. Tapi opo apike?”

Wiji nyawang bojone. Wong lanang wedok iku saiki sawag-sawangan.

“Jal, jawaben. Opo apike?”

“Yo apik, klambiku iso tak gawe maneh. Wetenge cilik, pupune cilik…”

“Lengene cilik, kentole cilik, susune yo cilik.”

Wiji mecucu.

“Loh iyo kan? Cilik kabeh kan? Lali?”

Wiji selot mecucu.

“Sing penting iku sehat. Mangan godhong apik, mangan buah yo apik, niatmu sing kurang apik. Lek niatmu pingin sehat, yo gak popo. Terusno.”

Wiji neleh sendoke. Ngrungokno bojone, wong wedok iku selot ora selera mangan.

“Wong yo wes melu senam. Ben dino penggawean nang omah yo akeh. Lek gak mangan sego ngunu opo kuat awakmu?”

“Aku gak lemu?” takone Wiji.

“Lemu ko ngendi? Kandani semok kok, koyok bakul jamu kae.”

“Bakul jamu sopo?”

“Gak, maksude koyok bakul-bakul jamu kae lho. Semok, sehat hehehe. Wes gek mangan.”

Diman sing mari mangan langsung pamit budal kerjo. Ditinggal anak bojone sing sik nang mejo makan. Tomin sik durung mari lek ngentekno segone. Ditinggal bojone kerjo, Wiji mikir opo sing diomongno bojone. Wong wedok iku mesem.

Bengkak yo gak popo, penting enak turu enak mangan,” omonge nang awake dewe.

Mari ngomong karo awake dewe, Wiji nyandak entong. Wong wedok iku njupuk sego trus mangan ngentekno lawuh karo sayuran nang piringe. Anake sing durung ngerti opo-opo mesem ndelok emake melu mangan.

***

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s