Bojo (Anyar)


potret-janda-kembang-lukisan-cak-narko
Lukisan Cak Narko, Potret Janda Kembang 

“Assalamualaikum.”

“Woo…”

“Kok woo sih?”

“Woh iyo. Waalaikumsalam. Mari mangan opo?”

Krungu pitakone bojone, Wiji ora langsung nyauri tapi mrengut. Sediluk. Wong wedok iku mbenakno krudunge trus mesem.

“Wes maem, Pak?”

Ora njauri pitakone bojone, Wiji malah ganti takon.

“Uwes,” saure Paijo karo ngenakno lek ngrokok.

“Kesel?”

“Iyo ki, rodok pegel awakku. Kate mijite ta?”

Ora nyauri, Wiji langsung nyedeki bojone trus ngadeg nang mburine. Karo sik mesem, wong wedok iku mijeti pundake bojone.

“Kok gak nontok Tomin aku?”

“Iku lagi dolenan ndok sebelah. Wes adus, wes maem yoan.”

“Oh.”

“Pak…”

“Hmmm….”

“Ojo hmmm ngunu ta.”

Lek wes ngene biasane kate njaluk-njaluk, batine Diman. Wong lanang iku ambekan rodok dowo, siap-siap.

“Opo?” omonge alus.

“Tomin kae wes sakmunu gurung oleh adik…”

“Lha ayo, mari ngene lek wes mari lekmu mijeti.”

Wiji mrengut. Tangane banter ngremet pundake bojone.

“Duh, lara.”

“Lha sampeyan iku lho. Guduk iku maksudku.”

“Lha opo?”

“Saknno dolenan dewe, kudune wes onok adike cek lek lapo-lapo onok koncone.”

“Lha iyo, maksudku mau kan yo ngunu. Wes tak adus sik.”

Krungu omongane bojone, Wiji sing mau mesam-mesem langsung mrengut. Diman sing wes ngadeg kate budal adus malih bingung. Wong lanang iku ora sido ngalih, mung ngadeg karo nyawang bojone.

“Salah maneh?” omonge karo lungguh maneh.

“Aku saiki kan lagi diet. Awakku yo wes mayan apik ngene. Lek ngko meteng maneh mesti akeh mangane trus gedi maneh.”

“Lha trus yok opo? Opo aku sing mbok kon meteng? Yo gelem ae sih aku, tapi kan yo gak iso.” Diman wes mulai gemes karo bojone. Ning wong lanang iku meneng ae nang panggone. Ditokno rokok siji maneh soko bungkuse. Timbang emosi, pikire. Wes apik-apik mau alus-alusan, tibake pancet kate ngajak gelut, batine Diman.

“Sampeyan eling Sri, Pak?”

“Sri sopo?”

“Iku, adik kelasmu. Bojone Marno.”

Diman ketok mikir. Ora lali karo jenenge Sri, wong biyen tau ngesiri. Wong lanang iku mung mikir kudu njawab opo timbang ngko salah maneh. Kesuwen ngenteni bojone, Wiji nerusno ngomong maneh.

“Halah, iku lho sing bojone mati pas mancing.”

“Mati pas mancing?”

Ora mlayu nang Sri, Diman malah nakokno bojone. Lek lanang kan aman, pikire.

“Iyo. Marno kae lak mati mergo pas mancing dipikire nyantol nang iwak tibake boyo kae lho, Pak. Mosok lali sih, wong sik kaet ae. Rame lho kae beritane.”

“Aku ki akeh kerjoan, gak sempat ngunu iku.”

“Akeh kerjoan opo pikun.”

Diman mbatin maneh. Ruwet iki, pikire. Ngalor ngidul ora ndang ngomong karepe, nyebut wong wedok liyo, rondo sisan. Salah omong, ajur.

“Sakno Sri kae, Pak.”

“Iyo. Lha yok opo maneh, wes garise nasib ngunu iku.”

“Anake sik cilik, Pak, ngisore Tomin.”

“Ho oh, sakno. Lha dipek anak kene ta?”

“Yo ojo, sakno Sri la’an. Wes bojone mati, anake diadohno sisan.”

Diman selot banter lek mikir. Iki ngko ujunge nang ndi, batine terus ae takok.

“Sri kae sik enom, Pak. Lek umpamane dirabi…”

“Ah, yo gak ngunu. Aku emoh poligami. Ngopeni siji ae abot. Lagian aku ki sayang karo awakmu. Gak ah, ojo mikir koyok ngunu.”

“Mikir opo?”

Wiji sing saiki lungguh sandinge bojone mung nyawangi bojone. Diman langsung meneng.

“Lha opo? Mbok lek ngomong ki langsung ae, ojo kedawan. Awakku gak enak ngene ojo dijak mikir.”

Ganti Wiji sing ambekan dowo. Wong wedok iku gedheg-gedheg. Mesti bojone mau mikir lek dheweke kate ngongkon Diman ngrabi Sri. Jelas ora, ora mungkin. Ngerti bojone mangkel, Diman cengengesan.

“Hehehe…gak, guyon thok. Mbok ojo gambang nesu ngunu ah, wes ayu-ayu ngene,” omonge Diman karo njawil pipine bojone.

“Kae lho, Lik Man. Lik Man lak yo dudo, gurung tuwek nemen. Sik seketan umure. Lek misale diolehno Sri ngunu yok opo?”

Kate ngomongno Lik Man karo Sri ae atek ngowo-ngowo Tomin sing durung nduwe adik, kadohen nyambunge. Ora salah lek Diman nganti salah tangkap.

“Yo lek Sri gelem dan Lik Man cocok yo budal ae.”

“Sampeyan gak popo?”

“Lha opo hubungane karo aku?”

Durung mari iki, batine Diman.

“Kan biyen…”

“Biyen. Sik SD. Arek SD lak yo biasa ngunu, kaet ngerti arek wedok. Gak onok opo-opo.”

Wiji mesem.

“Tak pikir lek mau…”

“Sampeyan gelem?”

“Gak. Nganu, mung tak pikir awakmu mau…”

Wiji langsung mrengut.

“Wes, tak adus. Ojo’o mikir bojo loro, siji ae salah kabeh aku.”

“Yo ancen salahe sampeyan kok.”

“Iyo, salahku.”

Diman nyandak anduk. Wong lanang iku budal adus.

*Lukisan dari: http://lukisancaknarko.yolasite.com/gallery-lukisan-2.php

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s