Gembolan


sketsa_0037b
Gambar dari sini

“Opo ae iku sing mbok gowo?”

“Bumbon.”

“Koyok ndok omah gak onok ae.”

“Nang kene kan murah, Pak. Iki mau yo dikei kok.”

“Iku sing ndok kerdus akoa iku opo?”

“Pelem karo jambu. Dingge oleh-oleh, Pak, digawako emake Diah iku mau.”

Isuk-isuk Wiji sing kate mbalik umek ngurusi gawan sing kate digowo mulih. Kerdus-kerdus, tas wis bek. Mulai soko bumbon, buah-buahan, panganan, dolanane anake lek ngewei tangga karo dulur-dulure wis ditoto apik.

“Iku ngko lek nggowo yok opo?”

“Yo dibagi wong loro, Pak, sampeyan karo aku. Iki dolenane Tomin tak adahno tas e karo jajane cek digowo dhewe.”

Diman gedheg-gedheg ndelok gawan sing bakal digowo mulih. Ora kaget sakjane, bojone lek lagi nang kampung mesti koyok ngunu gawanane pas mbalik ning kadang sungkan. Tanggane, dulure Wiji seneng ngawan-ngawani. Diman karo Wiji lek mulih yo mesti nggawakno jajan masio yo ora akeh.

“Tomin wis adus?”

“Uwis. Golekono, Pak, iku ngko dolenan reged maneh klambine.”

Mari diomogi bojone, Diman metu nggoleki anake. Tibake anake lagi digendong dulure. Wong-wong seneng karo Tomin, arek cilik lemu iku ancen nggemesno. Opo maneh lek dikei opo-opo seneng, nurun emake sing doyan mangan.

“Wis arep mulih, Mas?” takone Diah.

“Ho oh, kae mbakmu wis siap-siap.”

Didukno soko gendongan, Tomin mlayu nyedeki bapake. Arek cilik iku pamer duit sing dicekel.

“Akeh men. Duite sopo?”

“Duittu.”

“Sopo sing ngewei?”

“Akeh.”

Tomin masio ora dong itungan tapi seneng duite akeh. Tangga karo dulure podho nyangoni. Dolanane Tomin yo akeh soko lek nukokno. Layangan, jaran-jaranan, gamelan cilik, neker, balon, kabeh wis ditoto emake nang tas.

“Pak, iki ngko kerduse siji-siji ya. Ransele sampeyan, ngko aku sing tas cangklong iki.”

Diman ora nyauri, wong lanang iku mung manthuk.

“Min, tas e ngko digowo dhewe lho ya.”

“Jajantu, Mak?”

“Iyo iku nang tas wisan, sing ngarep. Karo susu.”

“Ji, iki dilebokno ndi?”

Soko pawon emake Wiji metu nggowo kerdus cilik.

“Opo iku, Mak?”

“Ingkung.”

“Pun, Mak. Dimaem emak mawon,” omonge Diman nang moro tuwane.

“Lha iki dimasakno dingge anakmu kok. Iku Tomin lak seneng karo pithik.”

“Emake nggih seneng,” omonge Diman lirih.

“Lha iyo. Dilebokno ndi iki?”

Wiji nampani kerdus soko emake. Wong wedok iku cligukan golek nggon dingge ngadahi panganan soko emake iku.

“Wis gek sarapan sik, kae wis mateng kabeh.”

Ora mung digawani, emake Wiji yo wis nyepaki panganan dingge sarapan.

“Min, ayo maem sik.”

Wiji ngajak anake sarapan. Diman melu moro nang pawon.

“Diwaregi.”

“Nggih.”

Diman sing nyandak piring, nglirik bojone. Wiji mari njupukno sego anake trus ngisi piringe dhewe. Wong wedok sing biasane ancen ora angel mangan iku matane ketok cemlorot. Dijupuki siji-siji opo sing wis dicepakno emake nang nduwur mejo. Diman sing nyawang mung ambekan dowo.

“Tambah maneh,” omonge emake Wiji.

Mari mangan, Wiji karo bojone pamitan. Dulure karo tanggane sing moro nyalami siji-siji. Tomin diambungi. Arek cilik iku sik ae oleh duit, sangu.

“Gak usah sering-sering mulih, Mak.”

“Lha lapo?”

“Gak enak. Tontok iku gawanmu, sak munu akehe. Ngrepoti tho?”

“Halah, wong yo diteleh ae gak dijunjung terus.”

“Guduk ngrepoti aku, ngrepoti tangga karo dulurmu.”

Wiji mesem.

“Lha yok opo maneh, wong kebiasaane yo koyok ngunu kok. Lek gak ditampani lak yo gak enak.”

“Lha iyo makane gak usah sering-sering mulih. Wong awake dhewe lek mulih yo gak tau ngawakno opo-opo.”

Nang sepur Tomin mbukai tas e. Jajan, dolanane ditokno. Pra mung emake, arek cilik iku seneng lek mulih.

“Berapa bulan, Mbak?”

Wong wedok sing lungguh nang ngarepe Wiji moro-moro takok.

“Apanya, Mbak?” takone Wiji ganti.

“Hamilnya.”

“Nggak, Mbak, nggak hamil.”

“Ouh…maaf, saya kira hamil. Maaf ya, Mbak.”

“Nggak papa, Mbak.”

Wiji nyauri karo mesem. Wong wedok nang ngarepe raine abang, isin.

“Iku lemak, Mbak,” Diman melu nyauri.

Wiji nyebek. Wong wedok nang ngarepe mesem.

“Maaf lho sekali lagi.”

“Gak popo, Mbak. Ancen koyok wong meteng kok. Wis sering kok itu dikira hamil.”

Wiji mecucu nang bojone tapi trus mesem nang wong wedok ngarepe.

“Sik mending dikira hamil, Mbak, kadang dikira nggembol parabola.”

“Aduh.”

Wiji nyiwit pupune bojone. Wong wedok iku mangkel. Wong wedok nang ngarepe nutupi lambene, ngempet ngguyu.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s