Siji


7234256300_647e681301

http://www.flickriver.com/photos/jati/popular-interesting/

“Mbak…”

“Opo?”

“Sampeyan kae sak durunge rabi wis pacaran ping piro?”

“Pindo. Opo’o?”

Bengi, durung mari kangene karo mbak sepupune, Diah moro maneh nang omahe Wiji. Arek wedok iku pingin crito.

“Gak popo, takok ae.”

“Wis wani pacaran ta?”

Diah ora langsung nyauri. Arek wedok iku mung mesem.

“Pacaran yo gak popo. Aku biyen pertama pacaran yo pas SMEA. Kelas siji. Tapi yo mung ngunu-ngunu, cinta monyet.”

“SMP gak pacaran, Mbak?”

“Gak. Mung seneng-seneng thok, ngesiri. Bapak yo galak ngunu kok. Lagian aku yo isin.”

“Mosok Pak Dhe galak, Mbak?”

Wiji sing mau lagek nglempiti klambi, neleh klambi nang lemari trus nyedeki adike iku.

“Yo gak ngamuk-ngamuk sih, tapi kan mesti nginthili senengane. Gurung ngko lek onok sing dolen melu njagongi karo mlintiri kumise.”

Diah mesem krungu critane mbake. Arek wedok sing lagek ono masalah iku rodo lego pikirane.

“Mbak…”

“Hmmm…”

“Embuh sampeyan wis krungu opo durung. Bapak karo emak lak lagi mangkel karo aku. Ben dino aku diceramahi, Mbak, sampek gak betah aku nang omah.”

“Lha lapo?”

“Aku lak lagi cedek karo arek, koncoan thok, Mbak. Wong de’e wis nduwe bojo kok…”

Diah ora nerusno critane. Arek wedok iku ambekan rodo dowo.

“Bapak karo emak ki mikire aku pacaran, ngganggu rumah tanggane uwong. Padahal aku yo gak nyapo-nyapo. Yo paling SMS-an. Yo ancen aku sempat seneng, tapi tak pikir-pikir kok gak mungkin. Aku yo sik seneng sing sak umuran.”

Wiji meneng, ngrungokno adik sepupune crito.

“Tapi kadang aku mangkel karo bapak karo emak. Durung-durung ngomel, makane wingi tak terusno ae, mangkel aku soale, Mbak.”

“Yo ojo ngunu. Bapak karo emakmu kan gak ngerti yok opo benere, lak kudune dijelasno.”

“Gak iso, Mbak. Mosok iso ngomong karo bapak emak kae, ngomel sik, seneni sik. Males aku njelasno, malah kudu ngamuk rasane.”

“Tapi temenan awakmu gak onok opo-opo karo wong iku?”

“Gak, Mbak. Aku wingi mbolos kae yo dolan karo koncoku kok, gak karo de’e.”

“Wong sing wis rumah tangga iku pengalamane luwih akeh, luwih pinter. Maksudku gak polos. Aku sih gak kenal, tapi lek wong sik nduwe bojo tapi wani hubungan karo wong wedok liyo iku wis iso dadi tanda gak apik.”

Diah manthuk-manthuk.

“Wong rumah tangga gak koyok wong pacaran, sing lek bosen utowo onok masalah trus langsung ditinggal ngunu ae. Iku ngunu kadang yo mung pelarian. Lek wis oleh trus ngilang.”

“Iyo, Mbak. Aku yo gak pingin dadi orang ketiga. Aku sik sekolah, aku yo pingin nang kutho koyok sampeyan, ngrasakno kerjo, oleh duit, seneng-seneng.”
“Yo ngunu apik. Awakmu sik enom, kudu nduwe cita-cita. Kesusu rabi yo dingge opo. Lek wis rabi ki gak iso mbalik, tanggung jawabe abot.”

“Ho oh, Mbak.”

“Pacaran yo kudu ati-ati.”

“Ho oh.”

Jam setengah song, Diah pamit mulih. Tomin sing mau diemong mbahe njaluk dikeloni, ngantuk.

“Main atau mau pulang kampung, Mas?”

“Ngendangi moro tuwo, Mbak.”

“Ouh.”

Diman isuk-isuk wis budal nang stasiun. Wong lanang iku kate marani anak bojone sing wingi mulih nang kampunge.

“Kok sendirian. Istrinya mana?”

“Wis mulih dhisikan, Mbak. Iki nyusul.”

Nang sepur, Diman sebelahan karo arek wedok. Arek wedok sebelahe Diman iku terus takok. Didelok rupane, umure sik rong puluhan awal.

“Kerja di mana, Mas?”

“Gak mesti, Mbak. Sak olehe garapan.”

Arek wedok iku mesem. Diman melu mesem. Lumayan, perjalanan patang jam lek sebelahe wong ayu.

“Mbaknya kuliah?”

“Nggak, Mas, kerja.”

“Ouh.”

“Tinggal di Surabaya?”

“Ho oh.”

“Surabayane mana?”

Diman sing mau ngantuk, akhire ngobrol karo mbake. Lek mau mbake mung mesem-mesem, saiki wis mulai ngguyu-ngguyu.

“Akoa…akoa! Mijon…mijon!”

Ora kroso Diman wis separo perjalanan. Bakul-bakul munggah soko stasiun sing diendeki.

“Nasi kuning…nasi kuning! Siji kurang loro gak entek!”

Diman sing lagek ngobrol, mesem krungu bakul sing towo dagangan. Wong lanang iku mesem dhewe, eling bojone.

“Langsung pulang opo mampir, Mas?”

“Heh?”

“Mampir aja, habis ini aku turun.”

Diman nyawang mbak sandinge karo mesem bingung.

“Suwun, Mbak. Iki wis dienteni anak karo bojoku. Wis rong dino gak ketemu.”

“Ouh. Kapan-kapan mampir ya. Rumahku deket pasar, Yeni.”

Arek wedok iku ngomong maneh.

“Kalo nggak main nang TP, aku kerja di sana.”

“Insyaallah.”

Mari ngomong, mbake sing jenenge Yeni iku ngadeg mergo kate mudun.

“Nasi kuning…nasi kuning! Siji kurang loro gak entek!”

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s