Dukun


Gambar 1

gambar dari sini

“Pak.”

Isuk-isuk Wiji sing biasane umek karo garapan omah marani bojone sing sik uglak-uglik nang kasur.

“Opo?”

“Iki mau ditelpon wong omah. Dikon mulih.”

“Lha onok opo?”

Diman sing durung genep nyawane langsung melek krungu omongane bojone.

“Gak, sehat kabeh kok.”

“Wouh, tiwas kaget aku.”

“Sampeyan eling Diah, Pak?”

“Diah sopo? Sepupumu kae?”

“Ho oh, anake Lik Marno.”

“Lapo areke?”

Wiji mbenakno lungguhe. Wong wedok iku mari nompo telepon soko Pak Lik e nang kampung, ngabari perkoro sepupune sing jenenge Diah.

“Diah ki lagek kedanan, Pak. Emak karo Bapake bingung yok opo lek ngandani. Lek diomongi langsung ngamuk, gak gelem ngrungokno malah nyentak-nyentak.”

“Kedanan opo? Arek lanang?”

Wiji nyandak lengene bojone. Bojone iku dijak metu, wedi lek anake sing sik merem melu tangi krungu wong tuwane omong-omongan.

“Sik, tak mbenakno sarung,” omonge Diman karo ngadeg.

Karo ngenteni bojone sing raup, Wiji nyepakno kopi. Wong loro iku pindah ngobrol nang mejo makan.

“Iki mau kan bapake Diah telpon aku, jare Lik Sri kae saiki ben dino kerep semaput mergo mikir si Diah, Pak.”

“Lha lapo sampek koyok ngunu?”

“Diah ki lagek kecantol wong lanang. Jare sih kenalan soko pesbuk opo opo ngunu lho.”

Diman nyruput kopine. Wong lanang iku terus nggoleki koreke.

“Masalahe wong lanange iku tibake wis nduwe bojo, Pak. Tonggo deso.”

“Diah kae wis lulus sekolah ta?”

“Gurung, kurang setaun maneh.”

Diman ambekan dowo. Wong lanang sing wis nemu koreke iku langsung nyumet rokoke.

“Dikandani emak bapake ki gak kenek, Pak, ngeyel dolen karo wong lanang iku. Yo emake isin tho, Pak, makane ben dino mumet trus semaput-semaput mergo darahe dukur.”

Diman sik ngrungokno ceritone bojone. Dieling-eling rupane Diah sing wis ping piro ditemoni pas mulih nang omahe bojone.

“Iki mau maksude Lik Marno aku kon mulih kon ngandani Diah. Trus jare iku mau kon njajal golek dukun ngunu.”

“Dukun dingge opo?”

“Jare Diah dipelet, Pak. Wong lanange iku lho gak ganteng rupane, wis nduwe bojo sisan…”

“Wong lanang gak ganteng tapi lek wis pengalaman ngunu iku yo gampang ae golek arek wedok. Gak perkoro pelet.”

Wiji meneng. Wong wedok iku bingung yok opo carane iso ngewangi dulure.

“Lha trus yok opo, Pak?”

Diman ora nyauri. Wong lanang iku lagek mikir. Rokok nang tangane disedoti.

“Wis ditakokno wong pinter, wis dijajal tapi gurung onok hasile, makane iku Lik Marno bingung. Malah jare saiki kerep mbolos sekolah.”

“Lha kok wis koyok ngunu. Pirang suwi lek kenalan?”

“Gurung onok sesasi. Iku ngertine sih. Soale arek enom saiki kan cekelane henpon, lha bapak emake yo ora dong henpone dingge opo ae. Dipikire yo karo konco-koncone sekolah.”

Ngurusi arek enom sing lagek puber ora gampang. Dikasar ora iso, dialusi ora digagas. Diman dhewe yo durung pengalaman wong anake sing cilik.

“Yo wis, awakmu mulih ae. Dijak omong-omongan, tapi yo ojo langsung ditembak.”

“Ditembak yok opo, Pak?”

“Yo maksude ojo langsung nakok perkoro iku mau. Dijak ngobrol biasa ae, ngko gawakno oleh-oleh opo ngunu. Lek areke nyaman ngko lak cerito dhewe.”
“Lha trus dukune?”

“Dingge opo? Yo awakmu ae sing ndukuni. Arek sakmunu iku butuh konco ngobrol, cek uteke ki ora mikir dhewe trus malih cupet. Kan ngko awakmu iso crito masalah wong rumah tangga. Yok opo enak orane dadi areke iso mikir gak usah kesusu, cek mikir masa depane, sekolahe.”

Wiji ngematno bojone. Wong wedok iku manthuk-manthuk, masio durung oleh ide yok opo ngko ngomonge.

“Lha tapi Lik Marno ki mekso aku kon ngowo barang ko dukun, Pak. Wis tak omongi aku gak tau dolenan ngunu iku, pancet ngeyel.”

Diman mikir maneh. Kopine dientekno. Rokoke sing wis entek diteleh asbak.

“Yo gampang, ngko tak golekno.”

Mari diterno bojone nang stasiun, awan Wiji akhire teko kampunge. Anake dijak. Nang omah wong-wong wis ngenteni, terutama Pak Lik karo Bu Lik e. Diah sing biyen cedek karo mbak sepupune iku yo moro, ngerti Wiji mulih.

“Sampeyan saiki kok malih ayu, Mbak?”

“Ayu yok opo? Lemu ngene.”

“Tenan, Mbak, ayu sampeyan saiki. Ketok resik. Yo rodok lemu sithik sih, tapi gak popo, malah pas.”

Wiji mesem. Sak durunge budal mau bojone wis wanti-wanti dheweke kon macak ayu.

“Yo nang kono kan howone panas, kringeten terus tapi malah nang kulit apik, iso resik.”

“Ouh ngunu.”

“Kapan dolen? Gurung tau kan awakmu?”

“Iyo, aku yo pingin.”

“Yo suk ae lek wis lulus, njajal golek kerjo nang kono.”

“Iso, Mbak?”

“Yo iso tho. Kan taun ngarep lulus tho?”

Diah meneng. Arek wedok iku ora nyauri, mung manthuk sithik.

“Eh iku mau onok ngge awakmu, iku sing ndok kresek putih.”

“Opo, Mbak?”

“Yo iku tontoken dhewe.”

Diah nyandak kresek putih nang nduwur kasur. Dibuka trus ditokno isine.

“Apik, Mbak?”

“Hadiah. Awakmu lak mari ulang tahun.”

“Serius, Mbak? Matur suwun. Apik iki. Larang la’an, Mbak?”

Diah njembreng hadiah soko mbak sepupune iku. Kaos werno putih ono tulisane cilik nang dodone.

“Suk lek wis lulus, golek kerjo. Iso tuku dhewe kaos koyok ngunu.”

Diah sing mau mesem-mesem langsung meneng. Wiji sing nontok epok-epok ora ndelok ning nyedeki adike sing lungguh nang nduwur kasur iku.

“Aku yo pingin kerjo sih, Mbak. Bosen sekolah. Emak karo bapak yo ngunu ae, nesu-nesu ben dino. Pingin ndang minggat soko omah.”

“Lha lapo nesu?”

“Embuh. Onok ae lah. Sing ngene gak bener, ngunu gak oleh. Lha aku lak yo sik enom, butuh konco, butuh dolan-dolan.”

“Yo mosok koncoan karo dolen gak oleh karo bapak emakmu?”

“Yo oleh tapi ditakoni ae, cerewet kae lho, Mbak. Ngko durung lek onok koncoku moro, byuh bapak malih koyok pulisi kae. Kan aku isin.”

Wiji ngelus rambute adik sepupune iku. Wong wedok iku rodok lego, akhire adike gelem ngomongno opo sing nang pikirane. Wiji eling omongane bojone, ojo mbahas lek adike iku ora gelem cerito dhewe.

“Yo bapak karo emakmu lak wong lawas, tapi ngunu iku kan maksude ngge njogo awakmu. Awakmu anak wedok, anak siji-sijine maneh.”

“Yo iyo sih, Mbak, tapi kan gak kudu koyok ngunu.”

“Yo wis, ngko njajal tak omong karo bapak emakmu.”

Diah manthuk.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s