Sawang-Sinawang


La_Joven_Madre_1889_by_Arturo_Michelena

Young Mother by Venezuela-born Arturo Michelena, 1889 https://en.wikipedia.org/wiki/Venezuela

Di ketiakmu yang kecut itu, pernah kusisipkan bibir ini

Kenang-kenanglah di tiap malam sebelum tidurmu

Wiji lagek lungguh. Wong wedok iku ketok lagi nyekel kertas. Ora mung siji, ning onok pirang-pirang lembar sing diamplopi dhewe-dhewe.

Bukan bau minyak wangi murahan yang membuat pusing orang-orang

Kau tahu, kecut keringatmu yang kukangeni

Wiji mesem. Dilebokno kertas sing mari diwoco iku. Anake sing mau bengi rewel mergo rodok ora penak awake isuk iki sik turu.

“Isuk-isuk wis nglamun.”

Wiji noleh. Bojone wis tangi. Wong lanang iku nyandak kopine trus nyedeki bojone sing lungguh nang ngarep tipi.

“Opo iku?”

Diman njupuk salah siji amplop nang pangkone bojone.

“Wouh. Sik mbok simpen iki?”

Wiji manthuk.

“Mesti njijiki isine.”

“Yo tulisane sampeyan iku.”

“Gak yo. Tulisanmu sing njijiki, tulisanku apik.”

Diman mesem.

“Itungen iku, mesti akeh ko awakmu.”

Wiji nyebek.

“Kate mbok gadekno ta?”

Wiji njupuk amplop sing dicekel bojone. Dikumpulno kabeh trus dilebokno maneh nang kotak adah sepatu.

“Lapo? Pingin disurati maneh?”

Wiji gedheg.

“Trus?”

Wiji ambekan rodok dowo. Wong wedok iku isuk-isuk wis ora penak atine. Goro-goro mau pas nyapu emper diceritani tanggane.

“Bu Nonit jare kate pisah karo bojone.”

Diman nyruput kopine.

“Kok iso yo, Pak? Sak ngertiku gak tau krungu Bu Nonit gembrah karo bojone.”

“Yo mosok urusan rumah tangga diomong-omongno.”

“Yo gak sih. Tapi kok iso yo, Pak. Bu Nonit kae ayune koyok ngunu. Uripe penak. Anake sekolah apik-apik.”

“Yo kene mosok ngerti njerone yok opo. Sing ngrasakno kan Bu Nonit karo bojone.”

“Jare Pak Heru selingkuh, Pak. Nduwe anak siji karo selingkuhane.”

Diman meneng ngrungokno bojone.

“Padahal Bu Nonit kae lek nyritakno bojone, mesti dibanggak-banggakno. Jare, selingkuhane Pak Heru rondo, bakul nang kantin kantore, anake siji.”

“Isuk-isuk wis oleh crito koyok ngunu ki gak masak ta?”

“Iku mau Denok mampir pas aku lagek nyapu ngarepan.”

Diman nyandak remot, nyetel tipi.

“Padahal, Pak, jare selingkuhane iku adoh lho ko Bu Nonit. Luwih tuwek, gak ayu yoan.”

“Kandani sing kecut ki enak.”

Wiji nyebek.

“Yo wis, gak usah ngurusi masalahe uwong…”

“Lho gak ngurusi aku, Pak, mung nggumun ae kok iso. Ngene kan iso ngge blajar, Pak. Wong awake dhewe yo wis kluarga. Lak sampeyan gak pingin koyok ngunu tho?”

“Yo gak.”

“Makane iku. Wong sing koyok ngunu ae iso pisah, iso selingkuh.”

“Wong urip iku sawang sinawang. Sing ditontok apik gurung mesti rasane enak.”

“Tapi lek gak gelem adus yo tetep gak enak rasane,” omonge Wiji karo nyebek.

“Nyindir.”

Diman mesem. Kaet biyen Diman paling angel lek kon adus. Koyok arek cilik, Wiji kudu mbengoki cek bojone iku budal adus.

“Tomin gurung tangi ta?”

Kaet ditakokno, soko kamar krungu suwarane Tomin nangis. Tibake arek lanang iku wis tangi. Mergo awake durung enak, arek cilik iku nangis, nggoleki emake. Wiji ngadeg, marani anake. Arek lanang iku digendong.

“Sik rodok panas awake, Pak.”

Diman ngadeg, nyekel bathuke anake.

“Digowo bidan ae ta?”

“Tak lapane sik, kecut ngene ambune.”

“Atek banyu anget ae.”

“Iyo.”

“Emoh mandi, Mak huhuhu.”

“Gak, dilapi thok ae.”

Diman ngambungi anake. Arek lanang sing biasane rame iku ketok nglentruk, aras-arasen. Raine bapake disurung atek tangane, emoh diambungi.

“Nang bidan ya?”

“Emoh cuntik.”

“Gak disuntik, diprikso thok.”

“Emoh obat.”

Tomin cilik sing mau ndrenginging akhire nangis.

“Pak, uncekno brambang.”

“Malah mikir brambang, ngko ae masake.”

“Sopo sing kate masak. Dingge Tomin iki.”

“Didulang brambang?”

Wiji nyawang bojone. Diman sing ora ngerti dingge opo akhire budal nang pawon. Wiji nggowo anake nang jeding. Arek lanang iku dilapi atek anduk, atek banyu anget. Tomin cilik sik ndrenginging.

“Iki.”

Wiji nampani brambang soko bojone. Anake sing durung klamben iku diurepno. Brambang irisan dibalur nang boyoke.

“Dikei bumbu kacang sisan iku ngko?” takoni Diman.

“Padakno sate ae.”

“Mik, Mak.”

“Pak, gawekno susu,” omonge Wiji nang bojone.

Durung Diman ngalih, Tomin gedheg-gedheg.

“Mik Mak’e.”

“Opo sing dimimik. Gak onok wisan.”

“Mimik Mak’e.”

“Yo wis kunu, ngge cakot-cakotan ae,” omonge Diman.

Wiji mecucu. Wong wedok iku akhire gletakan, ngeloni anake.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s