Tipi


bengkelsepeda
Bengkel Sepeda http://ilustrasitoto.blogspot.co.id/2014/04/bengkel-sepeda-dalam-nuansa-lukisan.html

“Wooo…edan.”

“Lah, arek kok gemblung koyok ngunu.”

“Hadeh…hadeh…hadeh.”

Isuk-isuk Wiji wis rame dhewe nang ngarep tipi. Wong wedok iku lagek nyapu karo ndelok berita.

“Rame ae.”

Diman sing krungu bojone ngomel dhewe marani mejo trus lungguh. Wong lanang iku nyandak kopine.

“Iku lho, Pak, arek-arek saiki jan kelakuane…”

“Opo?”

“Iku. Mosok onok mahasiswa mateni dosene, ndok kampus, Pak. Lak gendeng ngunu iku jenenge.”

Diman melu nyawang tipi. Rokoke disumet.

“Sing ndok UGM, Pak, onok arek dipateni. Ndok kampus sisan, wis limang ndino kaet ketemon, Pak. Sakno.”

“Ndi sih beritane?”

“Yo wis ganti, isuk mau. Malah onok arek mulih sekolah diperkosa wong pat belas. Jan uteke onok gak sih iku. Sik cilik, Pak, sik arek-arek iku. Jare mari podho mendem.”

Wiji sik gemes. Karo crito wong wedok iku ngremeti sapune.

“Sampeyan Pak, ojok sampek koyok ngunu.”

“Koyok sopo?”

“Iku mau onok pulisi mateni bojone.”

“Yo lek aku paling aku sing mbok kepruk wajan.”

“Lek onok opo-opo ki diomongno, Pak, ojo dipendem ae trus moro-moro emosi bojone dipateni.”

“Lha kok malih aku?”

Wiji lungguh nang ngarepe bojone.

“Lha iyo tho. Wong wis keluarga iku kan sing penting komunikasi. Mbarang-mbarang lek diomongno apik-apik kan iso, mesti onok dalane.”

Diman sik ngenakno lek rokokan. Lek wis ngene mending meneng ae, trimo diceramahi bojone.

“Iku lek wis ngunu lak mesti nyesel. Bojone mati, anake kleleran, dipenjara. Ajur tho.”

“Yo gak trus nyalahno sing lanang. Ngunu iku lak sebab akibat. Kudu didelok soko rong sisi.”

“Rong sisi yok opo?”

“Yo lek onok wong meneng ae trus moro-moro dikepruk linggis iku jenenge ancen edan. Tapi kudu didelok dhisik, kok iso kedadean koyok ngunu iku masalahe opo.”

Ganti Wiji sing ngrungokno bojone.

“Saiki pikiren, deloken kae Doni. Arek sik kelas papat ae…”

“Kelas telu.”

“Iyo kelas telu. Gawane wis koyok arek kate munggah gunung. Tas sakmunu iku isine opo?”

“Yo buku tho.”

“Doni kae umure piro? Paling lak sik sangang taunan. Isuk budhal sekolah sampek jam siji tho? Ngko mulih sik les, ngaji. Trus kapan dolene? Kapan seneng-senenge?”

Wiji sik meneng ngrungokno bojone.

“Arek sakmunu bebane wis abot. Blajar iki, blajar iko. Kudune arek sakmunu ki sing diakehi dolenane. Sekolah penting, tapi guduk mung diajari. Dididik iku sing luwih penting. Yok opo arek iku iso ngatasi masalah, cilik-cilikan ae lah, sing sepele. Yok opo arek iku iso nompo lek misale kalah. Iki malah kakean sing dijejeli, dadine koyok robot. Makane podho stres, trus lek kenek masalah sithik ae koyok ngunu mlayune, seolah-olah gak onok dalan liyo liyane kudu mati, mateni.”

Wiji sing ketengengen ngrungokno bojone nyandak gelas nang ngarepe.

“Lah, kopiku.”

“Ngelak.”

“Anakmu kae ojo kakean mbok omeli. Gurung iso moco nulis yo gak popo, wong yo sik sakmunu ae. Sekolah ae yo gurung kok. Penting lak sehat, dijak opo-opo yo dong.”

Wiji mesem.

“Iyo.”

“Ngko nang omah stres, nang sekolahan tugase akeh. Kate dadi opo nang arek? Mlayune malah sing gak nggenah iso-iso.”

“Ho oh, Pak. Aku kan ngomel sayang.”

“Karo bojo yo kudu ngunu. Ojo mung nuntut njaluk iki, tukokno iko. Ditontok sik bojone onok duwit gak, mampu gak. Trus lek bojone nang omah yo diladeni sing apik, ojo mung dipecuconi, diomeli.”

“Halah.”

Wiji langsung mecucu.

“Loh, lha iyo tho. Bojone kerjo kesel, nang omah sik diomeli ae. Njaluk kelon gak oleh. Trus gak kon stres yok opo? Lha mending lek sik rodok iso mikir uteke, njajan misale, lha lek trus koyok sing nang tipi iku mau…”

“Ngunu. Wani kate njajan? Yo kono.”

“Kan misale. Jare njajan gak popo sing penting keluarga utuh hehehe.”

“Gak popo gundule mlocot.”

“Kok awakmu emosi, kan iku mau conto. Kemungkinan-kemungkinan ki yo dipelajari, nggoleki akar masalah untuk mengatasi masalah.”

“Omonganmu koyok bakul jamu.”

“Wooo, lek diomongi lak mesti koyok ngunu.”

Wiji sing mau wis rodok adem malih emosi maneh. Wong wedok iku gemes, mangkel. Nang pikirane opo-opo mesti wong wedok sing disalahno.

“Ngombe sik kono. Sampek kemringet ngunu iku.”

Wiji sik mecucu.

“Gak njajan, wong bojo siji ae gak iso ngentekno hehehe.”

Diman nggudo bojone.

“Pokok lek sampeyan kate lapo-lapo elingo anak bojomu, Pak. Emak kae yo wong wedok, lek sampeyan misale mangkel karo aku elingo sing nglairno sampeyan yo wong wedok, koyok bojomu.”

“Hehehe iyo. Lagian aku mosok tego ngepruk awakmu, iso-iso aku dhewe ngko sing kenek. Wong awakmu kuat koyok ngunu.”

Wiji nyebek.

“Lek wayahe mangan ndang mangan, cek gak emosi. Lek pingin kelon ngomong. Opo-opo sing kudu ditokno yo ditokno, ojo dipendem. Ngunu tho?”

Wiji manthuk.

“Lha lek menenge koyok awakmu sih sik apik. Meneng, gak onok suwarane tibake mangan. Gak masalah, mung ngentek-ngenteki panganan.”

Wiji mecucu.

“Duh, malih pingin kelon hehehe.”

“Yahmene kok kelon.”

“Lho, sik kaet ae lek ngomongi…”

“Yo trus sing kate umbah-umbah sopo? Gak masak?”

“Yo gampang tho ngunu iku. Diumbah ngko yo kenek. Tuku panganan yo iso. Ngene iki sing mikire cupet.”

Wiji nyebek maneh, ora trimo.

“Yo wis, ayo.”

Mari ngomong Wiji langsung ngadeg. Diman kudu ngguyu ndelok bojone.

“Hahaha gak, kate budhal kerjo yo aku.”

“Ancene…”

“Ancene opo?”

“Embuh.”

Wiji sing muring-muring akhire nerusno lek nyapu. Diman melu ngadeg, kate budhal kerjo.

“Dipateni iku tipine. Nontok tipi gak oleh hiburan malah tambah stres.”

Wiji nyandak remot trus mateni tipine.

“Mangan sik kono, mecucu ae ngko sapune katut iku.”

Wiji nyebeki bojone. Diman mesem.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s