Kera Sakti


Lukisan Pasar Umum Palet Karya Bangun Asmoro
Lukisan Pasar Umum Palet karya Bangun Asmoro

Ceekol kela telkulung telpenjala dalam gua

Di tempat cunyi cepi hukuman pala dewa

Beltindak cecuka hati, lompat ke cana ke cini

“Banyune gak usah diguwaki koyok ngunu.”

Minggu isuk, Tomin sing wis tangi melu emake nang jeding. Arek lanang iku ngrusuhi emake sing lagek umbah-umbah. Ora gelem dirusuhi, Wiji neleh anake nang ember. Sisan adus.

Kela sakti…

Mencali pengawal mencali kitab cuci

Kela sakti…

Hanya hukuman yang dapat mengalahkannya

 

“Uwis, sampeyan ngko kademen lho.”

“Emoh.”

Tomin sik ae dolanan bebek-bebekan karo nyanyi-nyanyi nang njero bak. Banyune podho muncrat ngenei raine emake sing lagek ngucek klambi nang sandinge.

“Mak, pipis.”

“Yo mudun, ojo pipis kunu.”

Tomin cilik mudun soko ember, trus nguyuh. Mari nguyuh dheweke mbalik nang ember maneh.

“Cawik sik kene.”

Kela cakti!

“Uwis, ayo mentas. Kathuken ngko.”

Wiji ngangkat anake. Wis meh sak jam arek lanang iku dolanan banyu. Tomin dibebet anduk trus digendong mlebu, digowo nang kamar.

“Mak, aku kela cakti!”

“Ho oh.”

Wiji ngelapi anake. Arek lanang iku diwedaki trus diklambeni. Diman sing mau sik merem, melek krungu anak bojone nang kamar. Tomin sik usrek ae diklambeni emake.

“Ciat…ciat!”

Diman mesem ndelok anake sing ngadeg nang sandinge. Wiji nyisiri rambute anake.

“Mak e Pat Kai.”

“Sopo Pat Kai?”

“Cing babi kae, lemu.”

“Kae lanang.”

“Gak popo.”

Diman mesem maneh. Wong lanang iku nyekel anake, kate diambungi ning Tomin ora gelem. Arek lanang iku sik ngadeg karo silat-silatan.

“Sik ta lah, meneng diluk. Merok-merok iki lho wedakmu.”

“Ambung, Min,” omonge Diman.

“Emoh.”

“Wouu…diambung Biksu Tong yo kudu gelem, gurune lho iku.”

“Pak e guduk bikcu, Pak e Siluman Kelbau.”

“Malese. Ngganteng ngene kok Siluman Kerbau.”

“Kuat, Pak. Onok cungune.”

“Trus gelut karo babi?”

Wiji nyebek.

“Gak. Gelut kalo Siluman Cicak.”

“Lha lapo? Cicak sak uprit ngunu mosok dimusuh, yo sing gedhi musuhe. Babi kae gedhi.”

“Ola, babi gak mucuh.”

“Wis. Mak e kate nerusno umbah-umbah karo Pak e ya?”

“Uwun uwik, Pak.”

“Dingge opo?”

“Tumbas jajan.”

“Wis maem ta kate njajan ki.”

“Maem sik,” Wiji melu omong.

Diman sing kaet mau gletakan tangi. Wong lanang iku lungguh trus ngrangkul anake. Arek lanang sing wis wangi iku diambungi.

“Pak e kate ndelok wedhus. Melu gak?”

“Wedhuse copo?”

“Ndok pasar. Wedhuse uwong.”

“Melu.”

“Maem sik ya. Pak e tak adus.”

Tomin manthuk. Mari wingi ngrasakno ditahan sedino nang kantor pulisi mergo main, Diman selot sayang karo anak bojone. Wong lanang iku ora pingin mikir aneh-aneh maneh. Kerjoane wis apik, rejeki wis ono sing ngatur, dheweke pingin sregep ae ora mikir golek dalan pintas koyok wingi.

Urip nang pinggiran ono enake. Masio mlebu kutho ning sik ono lapangan, ono lemah rodo ombo. Diman pingin nduwe ingon-ingon, dadi iso ono tambahan. Wingi-wingi wis ngingu iwak, masio ora akeh ning iso dingge lawuh anake.

“Ayo melu ae, iku ngko maneh diterusno.”

“Reged koyok ngene, Pak.”

“Yo iku gak onok enteke, wong ngko yo diobrak-abrik anakmu maneh.”

“Kate nang ndi sih?”

“Jalan-jalan. Mubeng ae montoran, mumpung Minggu, Mak, rame.”

Wis suwi wong lanang wedok iku ora dolan. Minggu paling-paling Diman pilih turu. Wiji koyok biasa resik-resik omah, ngurusi anak bojo.

“Golek iwak hias, Tomin mesti seneng.”

“Yo sik, tak adus.”

“Ojo suwi-suwi, selak panas ngko.”

“Ho oh, diluk ae.”

Mari adus, mangan, wong telu iku akhire budhal. Minggu isuk rame wong olahraga. Ono sing mlaku, mlayu, ono sing sepedaan. Diman ngajak anake mubeng-mubeng nang taman-taman kota, kadang mandeg nang pasar. Tomin cilik kesenengen. Ndeloke iwak hias, ndeloki kewan-kewan nang pasar sapi.

“Pak, iwake apik!”

“Iwak cupang iku. Gelem?”

“Ho oh.”

“Gelem sisan ta?”

“Tomin ae.”

“Awakmu sing goreng ae, iwak goreng. Jos.”

“Onok duwite?”

“Nggoreng dhewe lah. Mburi omah kan onok hehehe.”

Wiji mesem. Iwak mburi omah wis gedhe-gedhe, wayahe manen. Ndelok anake seneng wis cukup dingge Wiji karo Diman.

“Ngko nyambel sing pedes, Mak.”

“Emang sampeyan seneng pedes?”

“Gak, aku seneng nyawang awakmu kepedesen, kringeten hehehe.”

“Iwakku anyal! Iwakku anyal!”

Tomin nyanyi-nyanyi kesenengen. Tangane nyekel plastik adah iwak cupang.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s