Main


Javanese+Coolies+Gambling
Dari buku “Java, the Garden of the East” karya Eliza Ruhamah Scidmore, 1898, hal. 123

“Ko ndi, Pak, yahmene kaet mulih?”

“Iku mau mampir diluk, golek bahan. Tomin ndi?”

“Ndok omahe Emak.”

“Wis yahmene, gek diparani.”

Mari bojone mulih, Wiji budhal nang omahe moro tuwane, mapak anake. Lek biasane jam papatan Diman wis mulih, iki mau Magrib kaet teko omah.

“Sante, Mas, ancen gak iso langsung ngunu iku. Aku ae sing kerep sik koyok ngene kok hehehe.”

“Gak bakat aku.”

“Halah, gak butuh bakat ngunu iku. Iso dipelajari kok, penting tenang ae. Sante.”

Diman nyedot rokoke. Arif sik semangat ngomong.

“Pisan maneh, cek gak penasaran hehehe. Ngko lek wis ngerti selane lak enak hehehe…”

Diman ora nyauri. Karo rokokan wong lanang iku mikir.

“Tenang, Mas, gak gak lek tak kandakno Mbak Wiji. Percoyo wis mbek aku.”

Awan wayahe mangan, Diman pamit nang bojone. Wong lanang iku kate mulih telat. Ora sedino rong dino, jebul saiki Diman meh ben dino mulih telat. Bojone sing wis dipamiti ora tau nakoki utowo nggoleki.

“Pijeti ta, Pak? Sampeyan ketok kesel ngunu.”

“Iyo, sik tak adus.”

Bengi mari mangan, Diman gletakan nang kasur. Bojone lungguh nang sandinge, mijeti. Anake wis merem, kesel dolanan.

“Mbok gak usah lembur ben dino, Pak, dieman awake.”

“Gak, ngko lek wis mari garapan yo gak lembur.”

“Wis pirang dino iki? Biasane yo gak sampek nglembur-nglebur tho?”

“Selak digawe karo sing nduwe.”

“Mene sore tak terno ta maeme, cek gak kebengen lek maem?”

“Gak usah.”

Wiji ambekan dowo. Wong wedok iku sakno ndelok bojone ben dino mulih surup. Dheweke yo mikir opo mergo wingi njaluk melu lungo bojone malih mbelani lembur-lembur garapan.

Disawang bojone sing wis merem, turu. Rupane ketok kesel. Wiji ngendekno lek mijeti. Wong wedok iku mbenakno sarunge bojone. Anake sing yo wis merem diambung pipine.

“Yok opo, Mas, enak kan? Hehehe.”

Diman ora nyauri. Wong lanang iku cepet-cepet pamit mulih. Wis Magrib, dheweke pingin ndang tekan omah.

“Mene maneh?” bengoke Arif.

Diman noleh ning ora nyauri. Wong lanang iku terus ae mlaku.

“Sampeyan ko ndi, Pak?”

“Yo kerjo, ko ndi maneh.”

Diman kaet ae adus. Wiji nyedeki bojone sing lagek milih klambi soko lemari, lungguh nang nduwur kasur.

“Aku mau ko kono, sampeyan gak onok.”

Diman sing lagek klambin kaget ning meneng ae. Wong lanang iku nerusno lek nglebokno kaos.

“Jam piro?”

“Jam limo.”

“Ouh, mau pas nang mburi paling.”

“Mburi ndi?”

Diman ora nyauri. Asline ngunu ancen ora ngerti kudu nyauri opo.

“Sampeyan ndobel kerjo ta, Pak?”

Wiji sik ae nakoni bojone. Diman wis gletakan nang kasur.

“Gak.”

“Aku salah, Pak, sepurane,” omonge Wiji.

“Salah opo?”

“Njalukan.”

“Gak.”

“Ojo kesel-kesel lek kerjo, Pak, awake dieman.”

“Iyo. Iki yahmene yo wis leren. Wis gek turu kene.”

Wiji gletak sandinge bojone. Masio wis ora omong-omongan pikirane wong loro iku durung ayem. Ning suwi-suwi wong loro iku yo merem, nyusul anake turu.

“Ayo, Mas.”

“Gak wis.”

“Lah, kok gak. Lapo, seneni Mbak Wiji ta? Konangan ta?”

“Gak.”

“Lha trus?”

“Yo gak. Koen ae. Aku tak mulih.”

“Yakin ta? Wingi lak sampeyan wis ngrasakno. Enak kan? Mosok saiki kate mandeg. Nanggung, Mas.”

Diman ora nyauri.

“Halah, wong lanang ngene iki wis biasa, Mas. Nyante ae lah.”

Masio meneng, Diman kepikiran. Mau bengi rasane ora penak karo bojone, ning kate mandeg koyok omonge Arif wis nanggung. Diman nyawang koncoke iku. Arif ganti nyawang, ngenteni.

“Ji…Ji!”

Wiji sing lagek nang pawon ora krungu jenenge diceluki.

“Ji! Ndok ndi sih arek iki.”

Emake Diman, moro tuwane, mlebu omah karo sik mbengak-mbengok nyeluki.

“Opo, Mak?”

Wiji sing wis krungu mlaku nang ngarep. Emake wis nang njero, clingukan nang kamare.

“Wou… ndok ndi diceluki gak nyauri?”

“Pawon, iku nggawekno kopi bapake Tomin. Opo’o yahmene bengok-bengok, Mak?”

“Oalah. Wong-wong wis rame kae koen kok gak ngerti.”

“Ngerti opo, Mak?”

Wiji melu bingung ndelok moro tuwane.

“Iku bojomu, dicekel pulisi.”

Meh ae Wiji ndoprok saking kagete. Awake ngowel. Jebul nang kampung wis rame onok grebekan. Arif karo konco-koncone dicekel pulisi.

“Oalah, Pak…”

Diman ndingkluk. Wong lanang iku isin karo bojone. Ben wayahe mulih kerjo, Diman dijak Arif melu main. Wong lanang iku awale ora pingin, mung iseng ae pingin ndelok. Ben sore, nang ngisor jembatan cedek rel sepur, wong lanang-lanang akeh kumpul main judi kertu. Awale mung dingge seneng-senengan, ngisi wektu. Suwi-suwi dikei totohan, akhire dingge judi.

Apese sore iku mau panggone wong-wong iku digrebek pulisi sing lagek patroli. Jarene sih ancen wis diincer.

Wiji mbrebes ndelok bojone dikrangkeng nang kantor pulisi. Wong wedok iku ora tego mbayangno bojone ngko turu nang penjara.

“Sepurane, Mak.”

***

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s