Ngaji


fatmawati-1943
Lukisan Fatmawati oleh Silvia Galikano dari https://silviagalikano.com/category/lukisan/

“Pak.”

“Hmmm.”

“Ojo hmmm.”

“Loh, yo saksirku tho.”

Wiji nyedeki bojone karo neleh kopi nang ngarepe. Wong wedok iku lungguh, njejeri bojone.

“Tukokno kudung, Pak, aku kate melu ngaji.”

“Kudungmu pas rabi kae lak sik onok.”

“Halah, wis suwi yo. Tuku sing model saiki, slobokan kae lho, Pak.”

Diman nyruput kopine. Sore-sore leyeh-leyeh ngene paling enak. Awak wis resik, weteng wis wareg.

“Yo tukuo, duwite yo awakmu sing nggowo.”

“Iyo, tapi sebagai istri sholehah aku kan kudu njaluk ijin suami.”

“Opo maneh, lambene lak mesti onok-onok ae.”

Nang kampunge kate dianakno pengajian ibu-ibu. Asline ngunu biyen wis ono ning mandeg pas ditinggal guru ngajine. Saiki Bu RT nganakno maneh, ben dino Senin sore rencanane.

“Pak.”

“Lapo maneh?”

Wis wayahe kate merem, Wiji njeluki bojone.

“Wingi pas pengajian diomongi lek kate gawe seragam. Bayarono ya.”

“Seragam opo?”

“Yo seragam pengajian, dadi lek pas ngaji klambine podo kabeh, apik.”

“Ngaji ki sing diapiki kelakuane opo sandangane?”

“Yo kelakuane. Tapi kan lek sandangane apik yo melu seneng, ngajine semangat.”

“Onok ae alasane. Tomin kae ngaji gak seragaman yo seneng ae, semangat.”

Wiji nyebek.

“Halah, Pak. Mosok liyane nggawe seragam aku gak nggawe dhewe.”

“Yo gak popo tho, malah apik seje dhewe.”

“Emoh.”

“Yo karepmu.”

Wiji mesem. Oleh maneh. Wong nang pengajian sepakat kate gawe seragam. Kabeh anggotane masio ora diwajibno ning disarano melu pesen cek apik jarene.

Diman lagek ae mari adus. Wong lanang iku mung bebetan anduk, metu soko jeding. Ora ndang salin, malah mampir lungguh, nyandak panganan nang nduwur mejo.

“Pak…”

“Opo maneh?”

“Halah. Gurung omong opo-opo.”

“Tapi aku wis ngerti, wis apal modelmu.”

Wiji nyebek.

“Wong pengajian kate ziarah. Melu yo, Pak?”

“Wajib?”

“Gak sih, tapi mosok gak melu.”

“Sik istri sholehah gak?”

“Sithik, sik blajar.”

“Yo anggep ae iki ujian. Gak usah melu.”

“Halah, Pak…”

“Lah. Awakmu manut omongane bojomu opo omongane koncomu?”

Lambene Wiji selot maju. Mari seragame anyar, wong pengajian kate nganakno ziarah Wali Songo. Diman sik ngenakno lek mangan gethuk. Wiji sing lungguh nang ngarepe mung nyawang karo mecucu.

“Pak…”

“Awakmu ki biasa ngunu gak iso ta? Mbok koyok wong wedok liyo kae lho, anteng, manut karo bojo.”

Lek digarisi ngunu mbuh pirang senti lambene Wiji lek maju.

“Ngajio karo Tomin kae malah penak. Ndang pinter. Tomin kae ngaji disangoni mangatus ae wis anteng, iki emake sing njaluk kudung lah, njaluk klambi anyar, njaluk piknik…”

“Ziarah,” saute Wiji.

“Yo opo ae. Pintere gak oleh, pamere akeh.”

Ora diolehi bojone, Wiji akhire mung meneng. Wis sedinoan wong wedok sing biasa akeh omonge iku meneng ae. Dheweke gelo ora iso melu. Kate budhal yo ora wani lek bojone ora ngolehi.

“Nesu?”

Bengi wayahe turu Wiji yo sik meneng ae.

“Jare sholehah, ditakoni bojone gak nyauri ngunu.”

“Gak.”

Diman mesem. Wis gelem ngomong, batine.

“Sik lara atine?”

“Embuh.”

“Reneo tak omongi.”

Wiji sing turu nyingkuri bojone ora gelem obah. Diman sing saiki ngedep gegere bojone.

“Guduk gak oleh. Aku yo seneng-seneng ae awakmu melu. Tapi jajal pikiren, awakmu ngaji sik ping piro. Oleh opo?”

Wiji ora nyauri.

“Niatmu melu ngaji wingi opo? Jare pingin dadi bojo sing apik, sing opo wingi kae? Bojo sing apik, tambah pinter, kan kudune gawe ayem keluarga. Lha lek trus mung koyok ngene, njaluki iki, njaluk iko, lak gak tambah apik jenenge.”

Jenenge Wiji lek dikandani mbuh bener mbuh salah pokok lara ae atine. Wong wedok iku mbrebes.

“Aku ki yo seneng ae nukokno awakmu opo ae sing mbok jaluk. Aku kerjo yo dingge sopo? Tapi kan kudu dipikir endi sing luwih penting.”

Wiji ngusapi luh e, wong wedok iku membik-membik, ora wani nyuworo.

“Heh, Mak. Ojo meneng ae, kelebon awakmu ngko.”

Masio wis nduwe anak bojo, kadang Wiji ancen sik koyok arek cilik. Atine lek jare uwong ceklekan. Masio tho yo gampang marine.

“Wee, arek iki. Ngene iki yo pengajian. Masio gak ngerti agomo tapi lek mung ceramah ae aku yo iso. Mak…”

Wiji sik ora nyauri. Wis ora nesu tapi ora pingin omong.

“Yo wis, lek ancen awakmu…”

“Wis, meneng. Aku ngantuk.”

Diman durung mari lek omong wis disaut bojone. Ning wong lanang iku ora protes. Wis gelem nyauri artine atine wis enak.

“Hehehe, mbok aku diajari, dikandani. Istri sholehah kae mangane akeh opo sithik?”

“Yo gak onok hubungane karo mangan.”

“Akeh brarti? Maksude lek wis sholehah ki mangane yo pancet sregep koyok awakmu ngene?”

“Kandani gak onok hubungane kok. Mangan yo mangan ae.”

“Ouh. Lek ngunu bojoku sing biasa ae lah. Podho ae aku sing rugi lek panganane gak kurang, pancet ngentek-ngenteki hehehe.”

Wiji mecucu.

“Heh. Madep rene ta? Kesel aku nyawang gegermu ae.”

“Gah.”

“Wou. Gak oleh ngunu iku karo bojone wegah-wegah. Sing apik lek nyauri ki.”

“Males.”

“Jare pingin dadi…”

“Gak.”

“Nesu. Sik lara atine iki mesti.”

Wiji ora nyauri, yo ora obah.

“Ulo!”

Diman sing mau cengengesan ngudoni bojone moro-moro mbengok banter karo tangi. Wiji sing kaget melu tangi karo keweden. Krungu wong tuwone rame-rame, Tomin sing turu langsung melek trus nangis.

Diman nyandak anake, dielus-elus. Ora let suwi anake merem maneh. Wiji sing sik ndredeg lungguh nang nduwur kasur. Matane clingukan.

“Sepurane, uloku dhewe tibake hehehe…”

Mangkel, Wiji akhire turu maneh, langsung merem. Bojone sik cengengesan karo ngrangkul soko mburi, masio dijarno ae karo Wiji.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s