Arisan


donald+saluling-+pensil+wrn
Sketsa karya Donald Saluling dari Urban Sketchers Indonesia

“Pak, aku tak melu arisan ya?”

“Arisan opo maneh? Pancimu wingi wis lunas ta?”

“Arisan karo koncoku sekolah biyen, sesasi pisan.”

“Lha konco sekolahmu ndok ndi. Onok ta sing ndok kene?”

“Onok. Gak akeh, mung arek telu opo papat.”

“Mung sakmunu kok arisan. Lha lek mutus oleh opo?’

Wiji nyebek.

“Lha ditakoni kok? Arisan opo mung wong telu ngunu?”

“Yo mung dingge pas kumpul iku mau. Dadi ben sasi kene ketemuan, trus cek rame ditambahi arisan. Cek gak mung sukur kumpul ngunu lho.”

Diman gedheg-gedgeg.

“Trus ngumpule ndok ndi?”

“Yo pindah-pindah. Kadang ndok mal, kadang ndok rumah makan ngunu…”

Diman ambekan dowo.

“Yo sak sirmu. Anake dijak tapi.”

“Pasti.”

Wiji sing kesenengen njawil pipine bojone. Wis disepakati, konco-koncone sekolah Wiji sing onok nang Surabaya kate ketemuan. Wong wedok iku ben bengi nyekeli henpone bojone mergo janjian karo konco-koncoke.

“Pak, tukokno pulsa.”

“Yo budhal dhewe kono, sing dolenan henpon awakmu kok.”

“Halah, males salin iki.”

“Yo ngunu ae.”

Bojone ora gelem budhal, Wiji sing lagek nanggung SMS-an karo koncone akhire njupuk dompet, kate tuku pulsa.

“Lek klamben sing genah ta.”

“Jaremu ngene ae,” saure Wiji ora gelem kalah.

Diman ambekan dowo.

“Tuku piro?”

“Mangewu ae,” omonge Wiji karo mesem.

“Pak, atu tumbasno es.”

Tomin sing ngerti bapake kate metu njaluk ditukokno es.

“Piro?”

“Lolo.”

Diman budhal. Ora mung tuku pulsa, wong lanang iku mampir cangkruk. Ndilalah lagi ono kancane nang counter henpon.

“Pecah iku ngko kocone.”

Minggu awan, Wiji sing wis janjian karo konco-koncone kate budhal nang mal. Anake lanang wis dipacaki.

“Mulihe ojo sore-sore.”

“Iyo.”

“Ojo tuku kutang ae.”

“Iyo.”

“Uwis iku lek sisiran, brodol malahan rambutmu ngko.”

Jenenge Diman paling ora seneng lek bojone macak, opo maneh lek trus lungo dhewe ora karo dheweke. Wiji karo kanca-kancane wis janjian ora nggowo bojone, ning lek nggowo anak oleh.

“Jaketan, panas iku ngko.”

“Kate ndok mal kok panas.”

“Yo adem tho, jaketan sing kandel timbang masuk angin.”

“Emange sampeyan.”

Sakjoke ketemu koncone kapanane, Wiji saiki selot seneng macak. Arisan sing wingi dijalukno nang bojone, tibake ora oleh duwit ning barang. Kadang oleh benges, kadang klambi, kadang yo oleh tas, ora mesti. Sing jelas Wiji selot demen nang ngarep koco suwi-suwi.

Diman dudu ora seneng bojone selot pinter macak, ning kadang yo gemes. Kate klamben ae suwine ora umum.

“Awakmu ki lapo? Gak bosen ta ngunu iku?”

“Gak.”

Lek wis ngunu sauane Diman akhire meneng.

“Pak, Tomin gak usah melu ya. Wingi njaluki dolenan ae.”

“Dijak. Eling janjimu.”

“Halah, pisan ae. Wong ben dino yo karo aku ae. Ya?”

Diman ora nyauri. Wiji nyedeki bojone. Glendotan, ngrayu.

“Pisan iki ae.”

“Oke.”

Acara ketemuan sing awale mung sesasi pisan, ganti sesasi pindo. Lek biasane gantian nang mal utowo rumah makan saiki ditambahi nang cafe barang. Salah siji koncone Wiji ancen ono sing uripe wis penak. Dadi bojone wong sugih, dadi kerep ngebosi.

“Ji, koen eling Beni?”

“Beni sopo?”

“Halah, Beni sing kriting iku lho. Kapanane aku ketemu de’e. Saiki malih sip, Ji hehehe.”

“Trus?”

“Koen gak pingin ta?”

“Maksude?”

Konco-koncone ngguyu. Konco-koncone Wiji saiki wis ora koyok biyen. Lek biyen lugu-lugu, saiki koyok artis kabeh. Pacakane, cekelane, masio ora kabeh seenak Dewi uripe.

“Lek oleh, tak kekno nomermu. Wingi wonge nakokno koen.”

“Ojo, iki henpone bojoku.”

“Gelem tak kei ta? Aku onok ndok omah gak tak gawe.”

“Gak usah.”

Ora gelem mekso, Dewi akhire meneng, ora nerusno bab Beni. Ning konco-koncone Wiji iku pancet mbahas lanangan. Lek biyen awal ketemu mung kangen-kangenan, takok kabar, saiki bahasane wis selot akeh. Wiji malih ngerti kehidupan rumah tanggane kanca-kancane iku.

“Tumben wis mulih, gak salah jam ta?”

Nang omah Wiji disindir bojone. Mari salin, Wiji nggoleki anake. Tomin jebul wis merem.

“Lapo mulih-mulih mecucu ae? Pingin klambi?”

“Gak.”

“Pingin henpon?”

Wiji gedheg.

“Pingin sugih?”

Wiji nyawang bojone. Wong wedok iku rumangsa salah. Uripe wis ora koyok biyen maneh. Saiki dheweke wis nduwe anak bojo, ora iso sak karepe dhewe kumpul-kumpul ninggal anak bojo. Ketemu konco lawas ancen nggarai seneng, ning Wiji sadar, koncone wis ora koyok biyen.

“Kok meneng? Pingin sugih gak?”

“Yo pingin, tapi yo biasa ae. Sing penting wareg.”

“Yakin?”

Wiji manthuk.

“Gak meri karo koncone?”

Wiji gedheg.

“Yo wis, aku tak sugih dhewe,” omonge Diman karo mesem. “Tak golek konco urip sing gelem dijak sugih.”

“Tak bacok!” bengoke Wiji.

Diman mung ngguyu-ngguyu ndelok bojone.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s