Barang Anyar


TUKANG1
Ilustrasi dari http://cedharrsketchbook.blogspot.co.id/

Lek biasane mulih kerjo Diman langsung mangan, sore iki wong lanang iku umek karo gawanane. Lek biasane mung nggowo mulih perkakas kerjoan, sore iki Diman mulih nggowo kerdus rada gedhe. Anake sing wis adus marani bapake. Arek lanang cilik iku pingin ngerti opo sing lagek diutheki bapake.

“Iti opo, Pak?”

“Obeng.”

“Iti?”

“Solder.”

“Lek iti?”

“Gombal.”

Masio nyauri anake, matane Diman ora ngalih soko barang sing lagek diutek-utek. Bentuke kotak dowo, wernone perak, ono kabele. Wiji sing mau nyiapno panganan karo ombene bojone melu-melu nyedek.

“Opo iku, Pak?”

“DVD player.”

“Dingge opo?”

“Dingge nyanyi-nyanyi, nontok pilem yo iso.”

“Oalah. Ko ngendi, Pak?”

“Rahasia.”

“Ho oh, lahacia,” Tomin melu-melu nyauri.

Wiji nyebek. Wong wedok iku akhire ngalih, budhal adus nang jeding.

“Pak iti opo?”

“Kabel. Ojo diemplok.”

Diman rodo mbengok pas anake lanang iku nyandak kabel trus kate dicakot. Tomin neleh kabel sing dicekel.

“Iti?”

“Ojo, panas iku,” karo ngomong Diman njupuk solder sing kate dicandak anake. “Sampeyan dolen kono lho, ngko lek wis mari gek disetel.”

“Emoh, aku nontok Pak e.”

“Iyo tapi ojo dicekeli, panas iku. Nuk sing apik, kae kursine digeret rene karo sinau.”

Manut omongane bapake, Tomin sing mau ngadeg nang kursi gedhe nang ngarepa bapake njupuk kursi cilik sing biasane digawe sinau-sinauan. Arek lanang iku ngeret mejo belajare sisan. Cek ora ngrusuhi, Diman ngewei anake obeng sing ora digawe karo kotakan isi kabel werno-werni.

“Didandani iku. Suk lek gedhe pinter nyervis, gawe tipi dhewe.”

Tomin mathuk-manthuk. Wong lanang loro iku saiki umek karo cekelane dhewe-dhewe.

“Maem sik, Pak.”

“Iyo, diluk engkas.”

Ora mung sore iki mau, wis rong dino Diman umek ae karo garapane. Ben mulih kerjo, wong lanang iku langsung anteng. Tomin sing seneng dikei kotakan kabel ora kangge melu-melu bapake.

“Yes, mari. Ayo, Min, dijajal sik.”

Diman ngadeg. Wong lanang iku saiki pindah nang ngarep tipi. Anake ngetutno nang mburine.

“Kasete ndi mau,” Diman clingukan.

Tomin melu-melu clingukan.

“Iti, Pak?”

“Ho oh, kene.”

“Jalanan!”

“Ho oh, apik tho. Seneng?”

“Ceneng atu, Pak. Jalanan! Jalanan!”

DVD player sing kaet wingi diuteki Diman akhire iso disetel. Tomin sing kesenengen langsung njoget-njoget, melu arek cilik-cilik nang njero tipi sing lagi njaran.

“Iki, atek iki ae pecute.”

Diman ngelungno gombal nang anake. Tomin langsung nampani trus gombale iku dipecut-pecutno. Krungu rame-rame, Wiji sing mari macak langsung metu. Anake sik ae njoget-njoget. Bojone mesam-mesem ndelok anake.

“Lagu-lagu iso, Pak?”

“Yo iso, opo sing gak iso. Mene tukuo ndok pasar, lak akeh iku kasete.”

“Atu yo tumbas ya, Mak.”

“Ho oh.”

“Tukokno sing dingge blajar iku lho, Mak, berhitung. Akeh wis.”

“Tumbas caiki, Pak.”

“Mene ae.”

“Caiki ya, Mak?”

“Mene. Iku apik jaranan, diterusno sik.”

Ora njaluk maneh, Tomin nerusno lek nirukno jaranan nang tipi. Kringete ndrodos.

“Gak usah gulung-gulung, reged iku ngko klambine.”

 

Bintang kecil di langit yang tinggi

Amat banyak, menghias angkasa

Aku ingin terbang dan menari

Jauh tinggi ke tempat kau berada

 

Ora mung jaranan, Tomin saiki nduwe kaset DVD akeh. DVD bajakan sing ditukokno Emake nang pasar rego limang ewuan iku diseteli gantian.

“Min, ganti kasete Mak.”

“Ojo, apik iti.”

“Halah. Gantian no.”

“Ojo no, iti apik, Mak.”

Lek wingi-wingi anak karo emak iku gantian nyesel, selot suwi Tomin ora gelem gantian. Arek cilik iku pokok wis tangi turu langsung nyetel DVD.

“Gantian, Min,” Diman melu ngandani.

“Emoh.”

Mulane pingin dingge hiburan, sisan dingge belajar anake. Suwi-suwi arek cilik iku ora gelem ngalih soko ngarep tipi. Apike arek iku saiki wis apal lagu-lagu. Itungane yo wis apik. Ning Diman ora pingin anake nang ngarep tipi ae, polahe saiki Tomin malih jarang dolanan nang njobo karo kancane.

E bi si di i ef ji

Weng weng weng weng weng weng weng

Mama…mamamanana…nanana…

 

Tomin gela-gelo. Arek cilik iku nyanyi-nyanyi nang ngarep tipi karo gundule obah-obah.

“Mak, tuku sate gelem?”

Wiji nyawang bojone. Tomin kedep-kedep.

“Ayuk.”

“Atu melu.”

“Nang omah ae sampeyan.”

“Emoh, atu melu.”

“Suwi iki ngko. Kate mampir ndelok sepur barang iki.”

“Melu atu.”

“Dipateni tipine.”

“Ho oh.”

 

Akhire Diman iso nggawe anake ngalih soko ngarep tipi, masio kudu atek nukokno sate. Jenenge barang anyar, Tomin sing kesenengen angel pisah. Ning suwi-suwi arek cilik iku gelem dolanan karo kancane maneh. Kadang-kadang ae arek cilik iku nyetel, ngrungokno lagu-lagu. Lek emake pas nyetel lagu utowo kaset senam, arek lanang iku meneng ae, ora protes. Sewalike melu joget-joget, nirukno emake.

 

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s