Saingan


Sta-Malang-Kota-Lama
Sketch Stasiun Malang Kota Lama oleh Andreas Gosan 2010

Sakjoke ngerti lek bojone disiri Trimo, Diman saiki rodok seje. Masio ora diketokno nang bojone ning wong lanang iku luwih perhatian. Lek biasane awan mulih kerjo jam rolas pas, wayahe mangan, saiki sak karepe. Kadang durung jam rolas, kadang luwih. Kadang diluk-diluk mulih. Ono ae alasane lek ditakoki bojone. Sing ketinggalan perkakas lah, kudu ngising lah, pokoke ono ae. Sing jelas Diman mung pingin ndelok bojone nang omah.

Ora mung iku, kadang lek ora akeh, pengaweane digarap nang omah. Wiji jelas seneng. Wong wedok sing akhir-akhir iki kerep keweden iku ono koncone. Nang omah mung karo Tomin, Trimo kerep ndelik-ndelik moro. Kadang Wiji moro nang omahe moro tuwane, sisan ngancani anake dolanan. Kadang dolan nang tanggane, masio asline Wiji ora patio seneng nonggo, wedi lek dijaki arisan opo kredit.

“Nontok sepur yuk, Min.”

Sore mari nggarap kerjoane, Diman langsung adus. Anake sing wis adus dhisiki lagek ngenakno mangan gedang lek ngewei mbahe.

“Ayo, Pak.”

“Mak e ndi?”

“Adus.”

“Sik ngenteni Mak e.”

“Mak e tinggal ae.”

“Ojo, nangis ngko.”

“Mak e cuwi.”

“Yo diomongi kono kon cepet. Kate dijak jalan-jalan.”

Tomin cilik mlaku nang njeding. Lawang jading didodoki, ngadani emake kon ndang mari lek adus.

“Sik sabunan. Lapo sih?” bengoke Wiji soko njero.

“Ate lungo, nontok cepul. Ndang Mak.”

“Yo sik, diluk ngkas.”

Ora kanten ngenteni emake adus karo macak, Tomin ndhisiki numpak motore bapake. Arek lanang iku wis lungguh anteng nang duwur sepeda motor. Kocomoto ireng, topi sing dipasang miring, Tomin koyok kate touring.

“Ndang Mak.”

“Iyo, sabar, sik mlaku iki.”

Tomin lungguh nang ngarep, Wiji mbonceng mburi. Wong telu iku budhal nang stasiun, kate nontok sepur liwat. Wayah sore nang stasiun rame arek-arek cilik koyok Tomin karo bapak ibuke. Ora mung rame uwong, stasiun yo rame bakul. Diman markir sepeda motore. Wiji karo Tomin wis mudun dhisik.

“Mak ngko tumbas jajan ya.”

“Wis wareg ngunu lho, mari ngentekno gedang piro iku mau.”

Tomin mecucu. Diman sing mari markir motore marani anak bojone sing golek panggonan lungguh.

“Man.”

“Eh yo. Momong ta?’

“Ho oh. Dhewekan ta?”

“Gak. Iku karo Tomin karo emake.”

“Oh.”

“Wis kaet mau ta?”

“Nggak, kaet teko ae.”

Diman ketemu Trimo sing sore iku yo momong anake sing cilik nang stasiun. Diman dhewe ora kaget, wong lanang iku ngerti lek bakal ketemu Trimo polahe meh ben dino Trimo nang stasiun.

“Sik ya.”

“Yo.”

Diman pamit ngalih, marani anak bojone. Trimo nyawang soko adohan. Wong lanang iku ndelok Wiji sing lagek nunggoni Tomin playon. Mari krungu adzan Magrib, Diman ngajak anak bojone mulih. Ora mung Diman, wong-wong sing mau rame nang stasiun yo podho mulih.

“Mulih ta?”

“Ho oh. Gak mulih sisan?”

“Iku gurung gelem.”

“Yo wis, dhisikan.”

“Sik sore, lapo kesusu?”

“Iku emake njaluk kelon,” saure Diman karo mesem.

Wiji sing mlaku nang sanding Diman karo nggendong anake meneng ae. Wong wedok iku ora nyawang Trimo blas. Sewalike, Trimo ora mandeg lek nyawang Wiji masio ndelik-ndelik pas ngomong karo Diman.

“Ayo.”

“Ayo opo?”

“Jare njaluk kelon.”

“Sopo sing njaluk.”

“Halah, atek isin-isin barang hehehe.”

Bengi, Diman sik ae nggudani bojone. Anake wis kaet mau merem. Arek cilik iku kesenengen mari ndelok sepur, mulih langsung njaluk mangan trus turu.

“Mak…”

“Lapo sih. Sumuk.”

Wiji sing mangkel digudani bojone nampek-nampek tangane bojone sing lagek gletakan nang kasur iku. Wong wedok iku sik umek noto klambine anake.

“Kene. Umek ae karo gombal gak bosen ta?”

“Gak.”

“Awakmu saiki kok menengan. Onok masalah ta?”

Wiji kaget ditakoni bojone koyok ngunu. Wong wedok iku langsung ngadeg, neleh klambi nang lemari.

“Malah ngalih. Kene kok.”

“Masalah opo. Gak onok.”

“Lha trus kok saiki malih anteng? Biasane ben dino karaoke.”

“Pingin meneng gak oleh ta? Jare sakno ben dino diomeli ae.”

Saiki ganti Diman sing meneng. Bojone iku masio pengaweane ngomel ning lek ono masalah ora tau gelem omong.

“Menurutmu aku ganteng gak?”

Biasane koyok ngunu iku sing takok wong wedok, ning bengi iki Diman moro-moro ae nakoni bojone.

“Biasa.”

“Kok awakmu gelem karo aku lek aku biasa?”

“Terpaksa.”

Saiki ganti Wiji sing nggudani bojone. Wong wedok iku males ngladeni omongane bojone.

“Tapi enak kan?”

“Omong opo sih.” Wiji akhire mangkel karo bojone.

Diman sewalike malah mesem ngerti bojone nesu.

“Gurung pingin ganti kan?”

“Klambi be’e ganti-ganti.”

“Hehehe. Yo sukur. Be’e awakmu bosen hehehe.”

“Turu kono. Rame ae ngko Tomin tangi.”

“Keloni.”

Mangkel sik digudani ae, Wiji narik lengene bojone trus dicakot. Diman sing kelaran mung kaing-kaing ning karo ngguyu.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s