Bojo


sudjojono_cvr

Lukisan ‘Tjap Go Meh’ (Sindu Sudjojono – 1940)

“Ji…Ji…”

Wiji clingukan. Wong wedok sing lagek umbah-umbah iku moro-moro ndredeg. Wong wedok iku meh ae mbengok, nyeluk bojone ning didhisiki.

“Bojomu wis budhal kerjo, aku mau wis ketemu.”

“Sampeyan ojo koyok ngunu, Mas, gak apik.”

“Aku mung pingin ngobrol.”

“Ngobrol kok ndelik-ndelik koyok maling. Lagian aku repot, pengaweanku sik akeh.”

“Gak, aku gak ngganggu. Koen umbah-umbah ae, aku mung pingin nyawang.”

Ora penak. Wedi lek ono sing ndelok, Wiji akhire ngadeg. Umbah-umbahane dijarno. Wong wedok iku milih mlebu omah. Lawange dikunci.

“Wong edan.”

Sakjoke Trimo ngomong lek seneng, uripe Wiji rasane ora tenang. Wong wedok iku bingung, wedi. Trimo saiki kerep ndelik-ndelik moro nang omahe. Biasane isuk, pas bojone budhal kerjo. Pingin ngomong nang bojone ning Wiji wedi. Trimo koncone Diman. Durung mesti bojone iku percoyo. Ngko misale bojone percoyo trus nesu Wiji yo bingung maneh, lek sampek wong loro iku gelutan. Akhire Wiji mumet dhewe. Wong wedok iku saiki selot males metu. Lek wis mari ngresiki omah, kabeh lawang dikancingi. Anake dijak dolanan nang njero omah.

“Mak, tumbas jajan.”

Tomin sing bosen nang njero omah ngejak tuku jajan.

“Jajan opo? Wis maem ngunu kok.”

“Es.”

“Es opo?”

“Es klim.”

“Gak nduwe duwit.”

“Nyuwun Pak’e.”

Wiji ambekan dowo. Sakjane ngunu mesakno anake lek terus-terusan nang njero omah. Ning mbayangno Trimo nang njobo, wong wedok iku males.

“Tumbas es, Mak.”

“Es lilin ae.”

“Ho oh.”

“Tumbas dhewe wani?”

“Emoh, karo Mak’e.”

Ora gelem budhal dhewe, Wiji akhire ngeterno anake tuku es nang tanggane. Mari tuku es, Tomin ora gelem mulih. Arek lanang iku njaluk dolan. Males nang ndi-ndi, Wiji akhire ngajak Tomin marani bapake.

“Kangen ta?”

Tomin nyedeki bapake, njaluk dipangku. Diman langsung nyandak anake lanang sing kenaken mangan es lilin iku.

“Wangine. Wis maem ta kok mimik es?”

Tomin manthuk. Arek lanang iku meneng ae diambungi bapake.

“Mak’e kangen sisan?”

Wiji sing kaet mau mung meneng ae, lungguh ora adoh soko anak bojone, nyebek. Sakjane dheweke ora seneng ngganggu bojone kerjo, ning mergo atine lagi ora enak wong wedok iku milih ngajak dolan anake nggone bojone kerjo.

“Yo kene lek pingin diambungi sisan, ojo mbegogok koyok ngunu.”

Wiji sik meneng, ora nyauri.

“Wis mangan ta? Semaput lho ngko. Ketok kuru ngunu awakmu.”

Durung Wiji nyauri bojone. Arif koncone kerjo Diman teko. Wong lanang iku mari tuku rokok.

“Tumben, Mbak. Kangen Mas Diman ta? Hehehe…”

Wiji mung mesem. Anake sing ngenakno karo bapake, ora gelem dijak mulih.

“Lha iyo, ditinggal rong jam ae wis kangen. Sik yahmene,” Diman melu nggudani.

Wiji ngadeg. Isin dingge guyonan wong wedok iku kate mulih.

“Kok kesusu, Mbak. Wis nang kene ae, aku yo seneng kok ditunggoni sampeyan. Lumayan onok pemandangan.”

Krungu omongane Arif, Wiji kaget. Wong wedok iku malih eling Trimo. Diman sing yo krungu meneng ae, dheweke sik ae ngambungi anake. Ngerti lek omongane rodok ora enak dirungokno, Arif langsung ngomong maneh.

“Loh lha iyo tho, ben dino aku mung nyawangi Mas Diman ae lak sepet pemandangane hehehe. Lagian mbujuk lek nyawang sampeyan gak enak, wong segere ngunu hehehe…”

Ora pingin diterusno, Wiji nyandak anake sing dipangku bapake. Wong wedok iku trus pamit mulih. Diman mbalik kerjo maneh. Arif sing ngroso ora penak atine langsung nyaluk sepuro.

“Sepurane lho, Mas. Guyon thok.”

“Opo?”

“Yo iku mau. Gak nggudo bojomu.”

“Oh. Iyo.”

“Tapi temenan sih. Aku lek nyawang wong wedok sehat koyok bojomu iku seneng hehehe.”

“Lemu ta maksude?”

“Hahaha gak sih. Bojomu iku gak lemu yo, pas, semok hehehe. Duh, salah maneh.”

Arif ngukuri gundule. Rokoke disumet trus disedot.

“Kerjo…kerjo,” omonge nang awake dhewe.

Wiji kaet ae kate mlebu omah. Wong wedok sing mari marani bojone iku mau ora langsung mulih ning mampir nang omahe moro tuwane. Pas lagek mlebu pekarangan, wong wedok iku kaget lawange mbuka. Bojone ora mungkin mulih yahmunu. Biasa mulihe jam rolas, pas mangan awan.

Kate mlebu wedi lek onok uwong nang njero, maling. Ora mlebu Wiji selak pingin ngerti. Masio ora dikancing, ning Wiji yakin lawange mau wis ditutup brukut. Saiki lawang omahe mbuka sithik. Ora mlebu soko ngarep, Wiji milih nginguk lawang samping.

“Tutupan,” bisike alon.

Anake sik nang gendongane. Arek lanang iku liyer-liyer, ngantuk. Wiji mbalik nang ngarep maneh. Lawange dibuka alon, ombo. Lek misale ono uwong, paling ora lawange mbuka dadi dheweke iso ndang mlayu.

“Ko ndi?”

Meh ae Wiji njumbul.

“Soko omahe Emak.”

“Merem iku?”

Wiji nyawang anake nang gendongan trus manthuk.

“Luwe.”

“Sik, tak jupukno.”

Tibake Diman mulih. Wong lanang iku mau nggoleki bojo karo anake. Mari mangan, Diman ora mbalik kerjo. Wong lanang iku malah adus.

“Gak.”

“Wis mari?”

“Gurung, pingin istirahat. Pingin turu.”

Ora nakok maneh. Wiji nang mburi ngorahi piring karo gelas sing mari digawe bojone. Anake wis nglipus nang kasur. Diman njejeri anake.

“Kene turu sisan, cek sehat,” omonge Diman nang bojone.

Wiji ora ngerti lek mau nang nggone bojone kerjo, Arif crito nang Diman perkoro Trimo. Arif sing yo koncone Trimo iku crito lek kerep dicurhati Trimo. Mari dicritani Arif, Diman ora enak kerjo. Wong lanang iku mikir-mikir opo ono hubungane karo Wiji sing rodok berubah, rodok meneng.

Wiji yo ora ngerti lek ben bengi dheweke kerep nglindur. Wong wedok iku saking wedine kerep ngipi elek trus nglindur. Diman sing ben dino turu nang sandinge ora ngomong, mung ngematno karo mikir opo sing nggarai bojone sing tukang turu iku nganti ora jenak lek turu.

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s