Konco


Hendra+Gunawan,+mencari+kutu+rambut,+oil+on+canvas,+84cm+X+65cm,+Th+1953-koleksi+bung+karno
Lukisan Hendra Gunawan, Mencari Kutu Rambut

“Bojomu onok, Ji?”

“Gak, lagek kerjo. Opo’o?”

“Gak popo.”

“Kono diparani ae, nang omahe Pak Roni.”

“Gak. Nunut leren kene oleh tho?”

“Yo gak popo, tapi aku gak iso ngancani. Iki mau lagek masak, ngko gosong.”

Trimo manthuk. Wong lanang kancane Diman iku lungguh nang teras karo ngipasi awake sing kringetan atek tangane. Masio ora ngancani, Wiji nyuguhi Trimo kopi karo telo goring. Trimo dhewe dudu wong anyar, wis biasa dolan nang omahe Wiji. Trimo wis nduwe anak loro, sing gedhe wis mlebu SD. Bojone, Tutik, kanca sename Wiji. Pas Wiji nginguk nang ngarep maneh, ora suwi mari masak, Trimo wis ora ono. Wong lanang iku lunga ora pamit.

“Pak, endong.”

“Sik, Pak’e gurung adus.”

“Endong.”

“Karo Mak’e kono lho, Pak’e tak adus sik, diluk ae. Ngko sampeyan melu kecut lho.”

Sore bapake mulih kerjo, Tomin sing biasane dolanan dhewe ngalem nang bapake. Arek lanang sing wis wangi mari adus iku glendotan ae nyekeli bapake.

“Kene melu Mak’e tuku gula ae.”

“Endong.”

“Yo kene.”

Nggendong anake, Wiji mlaku metu nang warunge tanggane. Wong wedok sing wis mari adus iku ketok seger. Masio mung dasteran, rambute diore, ning rupane ketok resik. Tomin ngambungi gulune emake. Arek lanang iku ngambu wangi sabun sing nemplek nang awake emake.

“Lapo iku gendong-gendongan, wes joko ngunu?”

Wiji sing lagek mlaku noleh krungu ono sing nyemantani. Trimo mecungul saka gang. Wong lanang iku langsung njejeri Wiji karo tangane nggudani Tomin sing lagek nang gendongan.

“Kate tumbas opo?”

Tomin ora nyauri.

“Tuku gula, dingge kopine bapake,” Wiji sing nyauri.

“Ouh. Wis mulih ta bojomu?”

“Iko lagek ae.”

“Wangine.”

Wiji noleh. Trimo sik nggudani Tomin. Wong lanang iku kate ngambungi Tomin ning arek cilik iku ora gelem.

“Gelem adik gak, Min?”

Mari nakok, Trimo ndhisiki Wiji. Wiji sing kate nang warung menggok.

“Anduke.”

Nang omah Wiji mbengoki bojone. Wis kebiasaane Diman lek mari adus lali mbalekno anduk. Anduk sing teles mari digawe mung disampirno nang nduwur kasur. Diman cengengesan. Wiji sing gemes akhire njupuk anduk iku, dibalekno nang mburi, dipepe.

“Nyet-nyeten awakku, Mak. Kemeng kabeh rasane.”

“Diidek-idek ae.”

“Yo mrotol awakku, awakmu gedhe ngunu.”

“Yo iku anakmu kon ngidek-idek, guduk aku. Aku kesel.”

“Min, Pak’e diidek-idek kene.”

“Emoh.”

“Halah, diluk ae. Jaran-jaranan.”

Krungu jaran-jaranan, Tomin sing mau lagek dolanan langsung ngadeg. Bapake sing wis murep ditumpaki.

“Karo ngadeg, ojo lungguh.”

“Emoh.”

“Wou, arek iki. Mak…”

Wiji sing mau lagek nglempiti klambi, ngangkat anake sing nglungguhi bapake. Tomin diingirno, dilungguhno sanding bapake. Mari ngunu dheweke munggah kasur, lungguh trus mijeti bojone.

“Enake. Rodok pinggir, Mak. Yo…yo kunu iku.”

Keenaken dipijeti, Diman akhire keturon. Mari bojone turu, Wiji nerusno lek lempit-lempit klambi. Anake durung merem. Arek cilik iku sik ngenakno dolanan.

“Sut…sut…”

Wiji sing lagek mepeni klambi tolah-toleh. Wong wedok iku krungu suwara wong nyeluk ning ora nemu rupane wong nyeluk.

“Sut…sut…”

Maneh. Suwara iku krungu maneh. Wiji neleh klambi sing kate dipepe nang ember. Wong wedok iku clingukan.

“Hei…”

Meh coplok jantunge Wiji rasane. Nang ngarepe wis ngadeg wong lanang.

“Ngaget-ngageti ae.”

“Hehehehehe.”

“Wis budhal. Lek nggoleki ojo yahmene, wis kerjo. Koyok gak ngerti ae biasane yok opo.”

Ora ditakoki, durung ditakoki, Wiji wis njelasno.

“Aku gak nggoleki bojomu kok hehehehe…”

Wiji meneng.

“Aku pingin ngomong, Ji.”

“Omong opo?” Wiji nerusno lek mepe klambi.

Trimo sing mau nang ngarepe, pindah nyanding, nglewati pemehan.

“Kapan-kapan dolen yuk.”

Lek mau Wiji kaget mergo moro-moro Trimo njebus nang ngarepe, saiki Wiji kaget krungu omongane Trimo.

“Aku wis suwi ngematno awakmu. Biyen tak pikir yo biasa, ning suwi-suwi kok onok sing seje rasane.”

“Anakku wayahe mangan,” omonge Wiji.

“Sediluk ae.”

Wiji sing meh ngalih, langsung mandeg. Atine kroso ora enak.

“Aku seneng awakmu, Ji.”

Masio meh mulai ngerti, Wiji pancet kaget. Ning wong wedok iku meneng ae. Atine ditoto. Pikirane ditoto.

“Ngko anakku nangis lek telat mangan.”

“Sumpah Ji, gak mbujuk aku. Aku ngerti koen bojone Diman, ning aku gak iso mbujuki atiku dhewe. Lek gak eruh awakku sedino ae rasane onok sing kurang. Gak iso turu aku ben bengi, Ji, mikir awakmu.”

Wiji ambekan dowo. Wong wedok iku ora ngerti kudu ngomong opo, ning atine ngomong dheweke kudu ndang ngalih soko kono.

“Aku kate ndu…”

“Sumpahi Ji, iso edan aku lek koyok ngene.”

“Aku bojone koncomu. Sampeyan yo wis nduwe anak bojo, eling.”

“Iyo, aku ngerti. Aku cuma pingin jujur, Ji. Aku gak iso lek mendem terus. Aku ngerti ngene iki gak apik…”

“Lek wis ngerti yo ojo diterusno.”

“Iki ati, Ji, gak segampang iku aku iso mandeg. Lek awakmu gelem…”

“Gak, gak gelem aku. Wis, Mas, aku kudu ndulang anakku. Sampeyan ndang mulih, gak apik lek onok sing eruh.”

Mari ngomong Wiji langsung mlaku ngalih. Wong wedok iku ndang-ndang mlebu omah terus ditutup lawange. Trimo sing ditinggal mari clingukan sediluk terus mlaku ngalih.

“Kaet mau meneng ae lapo? Luwe ta?”

“Gak.”

“Kutange entek?”

Wiji gedheg.

“Mrengut ae. Iku lambemu tontoken nang koco, koyok pithik kate nelek.”

Eling kedadean mau isuk, Wiji ora iso langsung turu.

“Usrek ae, amblek iki ngko ambene.”

Wiji ora nyauri.

“Njaluk kelon ta?”

“Gak.”

Mari nyauri bojone, Wiji pindah posisi, miring. Bojone disingkuri.

“Iki geger opo lapangan, cek ombone rek.”

Karo ngomong, Diman ndemoki gegere bojone. Wong lanang iku sik ae nggudoni bojone. Wiji ambekan dowo terus merem.

***

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s