Lasri 2 (p.1)


“Pokoke kawin!”

“Kawin ki gampang, tapi yo dipikir sik duwite.”

Joko mecucu. Marni sing sik mangkel ora ngomong maneh. Sampek saiki Marni durung percoyo lek ponakane sing plonga-plongo iku iso ngetengi pacare.

hqdefault

“Lik…”

“Iyo…iyo, sing sabar ta lah. Diomongno dhisik, ojo nambahi mumet ndasku.”

Sakjoke diomongi pacare lek lagi meteng, Joko nyusu-nyusu bulik karo paklike kon ngrabekno. Marni dhewe bukane ora gelem, ning sik mumet. Siji dheweke ora percoyo, isin, yo wedi arek umur sakmunu kok wis kudu rabi.

“Iku wis dijak nang dokter gurung? Wis dites?”

Joko gedheg.

“Lha kok ngerti lek meteng. Sopo ngerti mung masuk angin.”

“Wetenge gedhi.”

“Wetengku yo gedhi, tapi yo gak meteng.”

Joko nglirik wetenge bulike. Ora sengojo arek lanang iku manthuk.

“Sik, tak omongno maneh karo paklikmu, sabar.”

“Tapi temenan lho, Lik?”

“Iyo. Duh, wis kono lho, nyapu-nyapu opo opo kono. Ngelu iki ndasku.”

Joko ngalih. Marni sing lagek lungguh nang ngarep tipi mijeti bathuke. Wis pirang-pirang dino sakjoke Joko ngomong lek pacare meteng, ndase ngelu. Bojone, Eko, durung iso dijak omong-omongan.

Eko dhewe sih nyaurine gampang, dirabekno. Wong lanang, ora mikir urusan liyane. Meteng yo rabi, titik. Pikirane Marni dowo, akeh. Wong wedok iku durung iso percoyo lek pacare Joko temenan meteng, ditengi ponakane. Masio Joko wis gedhe, ning nang pikirane sik arek.

“Kapan yoan gawene?”

Ben dino ora tau ilang. Mari ngeterno adike sekolah, mulih, ewang-ewang mberesi omah, ndelok tipi, dolanan karo adik-adike, turu. Pikiran-pikiran koyok ngunu iku sing nggarai Marni angel percoyo.

Lek wis rabi trus yok opo terusane. Manggon nang ndi, nyok opo ngurus anak bojo wong ngurus awake dhewe yo durung iso. Mubeng-mubeng pikiran karo pitakonan koyok ngunu iku nang uteke Marni.

“Gusti, brodol iki ngko rambutku, entek,” sambate dhewe.

“Mah, nyuwun duwit.”

Durung mari ngelune mikir Joko, Andro, anake, moro-moro wis nang sandinge.

“Ngge opo?”

“Beli kelereng.”

“Lha wingi lak wis tuku.”

“Habis.”

“Mbok ngge main yo. Gak oleh, duso.”

“Gak, hilang.”

“Wouu…pinter mbujuki saiki. Kate dadi…”

Marni ora nerusno omongane. Ndase ngelu, nggarai wong wedok iku emosi. Marni ambekan rodok dowo, nyabar-nyabarno awake dhewe. Andro, anak lanang, ojo sampek koyok mase. Siji wis jebol, sing siji kudu dijogo temenan. Dieling-eling omongane bojone. Masio kadang mangkel, bojone dhewe seneng wedokan, ning omongane bojone dieling-eling terus. Cukup bapake, saiki mas ponakane, ojo Andro, opo Mita.

“Piro?”

“Seribu.”

Marni ngrogoh sak dastere. Nemu duwit rong ewuan.

“Dua ribu aja, Mah.”

Marni nyebek. Males ngomel, dilungno rong ewuan nang anake.

“Makasih, Mah,” omonge Andro karo ngambung pipine Marni.

Lek wis ngunu sopo sing iso nesu. Masio kerep digawe gemes karo polahe, Marni paling ora iso lek wis kenek polah lucu anak lanange. Ngelune rodok ilang. Disawang Andro sing mlayu metu, marani konco-koncone.

Kadang kepikiran nang uteke Marni, pingin urip nang ndeso ae. Marni wedi pergaulan arek-arek saiki. Durung maneh lek ngeling-eling perilaku bojone. Tapi kerjoane bojone nang kene, anak-anake yo wis biasa nang kutho, sekolah nang kutho, opo iso dijak urip nang ndeso.

Mikir ngunu iku, ndase Marni ngelu maneh. Dipijet-pijet maneh bathuke.

“Jok, njupukno balsem ndok kamar!”

Kroso selot nyut-nyutan, Marni mbengoki ponakane.

“Gusti, paringi sabar.”

 

*****

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s